Geguritan Wajib (Pilih salah satu geguritan yang disediakan) GODHA Kaanggit dening: Prof. Dr. Imam Suyitno, M.Pd ora mung kang tumata nanging akeh kang sumurub alus kadya sutra godhaning donya bisa dadi prahara kang bisa nggredha tentreming jalma nanging gumantung sedyaning rasa manjer karep ngedohne brahala naming ati rumapet rempet tan kena tinrobos alus kalaning maruta tinambat rasa nggantung sukma mbengkah bantala mbuntet marga margining guna kang sinebar dening jalma lepat linipat kliwat tinitah titah tinatahe jalma sinipatan ala cetha anggodha lantiping ati lan landheping driya akeh godha kang sinebar lumantar ukara kang binalut kadya sabda was wising lembut nyarupani tembang surga linantunaken kanthi melas merganing nyedhot welas kang tanpa batas ngudhal semuning sabda kanthi ukara rinacah lembut rinacik larik sinandhing gendhing kadya kalam kang purna lumuntur lentur lebur nyawiji neng jroning ati sing ora gampang diengeti mula para jalma sipatana jalmaning urip lan uripana sifat endahing jalma sumingkirna bebaya godha kanthi waspadha ring soroting netra, curiga ning wisike ukara wigatekna obahing lathi, mungkurna ulat samudana semuning gati.
Datan Kegut Kepincut Kaanggit dening: R. Bambang Nursinggih Senajan uwis ngancik jaman global Minangka taruna turasing bangsa Indonesia Datan kegut kepincut kondhange basa manca luwih-luwih minangka gegebengan banjur nyingkur basa Ibu warisan kaki moyang Ya jalaran ajune jaman tan bisa diselaki, gelem ora gelem kudu mersudi basa manca senajang among ulas-ulas, murih tan kepancal jaman ing alam bebrayan basa manca nyata ngawu-awu lon-lonan ngendhih basa Ibu murih sirna tan kacrita Minangka taruna sulihing kusuma bangsa datan lirwa, lan sudi mersudi basa Ibu, murih drajade bangsa kaangkat Minangka taruna tamenge negara, datan kegut kepincut king pangiming-iming, murih basa Ibu ora lena saka caturan Kanthi golong gliging tekad, ora niyat oncat njlumat basa Ibu murih ora kainan kang gumati ngluhurake basa Ibu Ati mongkog nyandhi basa Ibu minangka srana manunggaling tekad Aja getun, lamun basa Ibu sinendhal mlayu Aja gela, lamun basa Ibu alum ora duwe bayu Aja susah, lamun basa Ibu disawiyah lan digeguyu Mumpung isih dunung, senajan simbah-simbah wis sepuh aja lumuh, aja mung nganggur ngethekur, ayo gupuh-gupuh bebarengan nlusur lan njunjung basa Ibu kang lagi angluh murih Luhur Ayo saiyeg saeka praya njaga basa Ibu murih kuncara ing jagad raya Manomartani, 22 Pebruari 2010
Geguritan Pilihan (Pilih salah satu geguritan yang disediakan atau boleh memakai geguritan sendiri yang sesuai tema) RASA Kaanggit dening: Prof. Dr. Imam Suyitno, M.Pd Daya dayaning jati tansah murub sak jroning ati nunggal nyawiji dadi siji mandeng rasa karsa kang wujud karya lirwaning lampah kena cinandra cidra mring sumpah sumpah kang tan rinasa tuwuh karsa dadi culika kahanan iki sing gawe dedalane lampah dadi bubrah mripat kang wis winahyu dadi pepadhange laku tansah elu bisa makripat yen sinipat malaikat uga bisa bengis yen ketaman sipat iblis sipat sinipat ora manggon ana mripat nanging manggon sak jroning jagad sing ngrumat sejatine jasad kiblat papat lima pancer kang manjer lumakune jasad manjer njejer pener bisa bener yen linambari kanthi tirakat akeh piwulang agung sing wis dinengung tanpa suwung nanging mung tinampa kadya kidung sing tinutup krudhung krungu nanging ora dirungu, uga krasa nanging ora dirasa rasa lan karsane munggah gunung nanging makaryane nyemplung kedhung apa ora keduwung? murube daya merga tata rasa lan karsa sing nyumurub mring lakuning karya jejegna tata rasa lan karsa kanggo ngupadaya urip mulya.
IKRARING BANGSA Kaanggit dening: Prof. Dr. Imam Suyitno, M.Pd Sayuk saeka praya guyub rukune bangsa para mudha sedya ikrar angucap sabda ora amung janji nanging sumadya nyatriya maju ing palaga nggayuh kamardikaning bangsa tlatah Nuswantara kang cinacah dening Landa nyawiji rasa jiwa karsa dumadi utuhing praja Cetha wela kala kamardikan wus kaasta akeh punggawa praja kladuk rasa ilang rumangsa pengin angakah bandha andarbeni ambane praja wasesa kang sinabda dening leluhuring praja musna tinilar amung cinandra dadi carita Sipat ambeg paramarta tinilar tanpa rasa wasesa ikrar manunggaling bangsa cinidra dening angkara luhunging basa kang kinukuh kanthi sedya cinacah rancah malah dadi pirantining sawala Kahanan lara kedah cinegah kanthi waspada para mudha samya kersa anggula wentah jiwa sedya ngematke jatining ukara tataning wasesa dhemen kridha murih antuk gumilaring praja.
Tulung Balekna Kaanggit dening: R. Bambang Nursinggih Pak Presidhen, tulung balekna ara-ara warisanku Aja mung gawe mall lan super market, aku butuh papan dolanan kang kepenak Pak Presidhen, ngengehana papan ora ketang among sakilan dumen kabeh saka dang bisa dolanan, benthik, jamuran, dhelikan, bal-balan, gangsingan, lan ngundha layangan Pak Presidhen, Balekna alas warisan kaki moyang murih sato kewan bisa tumangkar ora ilang lan cures, kedhung, rawa, tlaga lendhah aja pada di urugi, dimen iwak-iwak tuwuh nak-kumanak, aku bisa lelangen lan ciblon, alas-alas aja ditebangi, Gunung-gunung aja digundhuli murih ora banjir bandhang, yen ketiga sawah-sawah ora nela, desaku bisa bali loh jinawi kaya ing crita jaman kuna makuna Pak Presidhen, jare Indonesia wis merdika, sekolah gratis, koksedulurku akeh kang mlarat ora bisa sekolah, lan yen lara kokora bisa mertamba? Pak Presidhen, aja matah Guru-guru, njuju aku basa manca nanging wurukana uga sastra lan basane ibu, murih basa lan sastra dhaerah saya kuncara, unggah-ungguh tan keplayu king kalbu Pak Presidhen, mataha Dwija-dwija pethingan murih wulangan Panca Sila, Sujarah, Agama, Basa lan Sastra Jawa ugi Budi Pakerti ditambah dimen waris-warismu sembada njaga negara
ora mung ngumbar kamurkan seneng nggege mangsa lan dhemen udreg gawe gendra kepara ngajeni marang pahlawan kang bebadra Negara Pak Presidhen, mataha Dwija-dwija murih mulang Dongeng, Gurit lan Tembang dimen tepa-sliraku ora kendhang kaonclang ajune jaman Pak Presidhen, lan para Mentri, Joged, bathik, tempe, kang wis keplayu enggal ditebus murih warisan kaki moyang wutuh, anak putu, Bisa wanuh kabudayan kang agung adiluhung Manomartani, 23 Juli 2011
Ngleluri Kaanggit dening: Kawisutarga Ngleluri budaya kang sayekti Ngaggowa wewaton Ngolah rasa ngudi bebasane Nggulang sastra sejatining ngelmi Ngelmu luhur yekti Ngrembakaning kayun Nglilir, nglilir, nglilira Aja mung turu wae Melek, ndang tangiya Aja mung males-malesan Mikirake jagad Jawa Nora amung jroning cipta Barengana kanthi tandhang karya Sayuk rukun rowang mitra Jaler wadon anom tuwa Wajibe ngleluri budaya Jawa Ombyak lelakoning donya Mobah mosiking jaman dumadi Mangsa kala dadya tanda yekti Edining budaya basa sastra Jawi Wuwuh ngrembaka ginulang sami Sangganing karya kang abot sayekti Ngopeni Ngonceki Ngleluri