ARAK-ARAKAN GEGURITAN:
SRENGENGE EMAS
Undang-undang Republik Indonesia Nomor 19 Tahun 2002 tentang Hak Cipta Lingkup Hak Cipta Pasal 2 : 1. Hak Cipta merupakan hak eksklusif bagi Pencipta atau Pemegang Hak Cipta untuk mengumumkan atau memperbanyak ciptaannya, yang timbul secara otomatis setelah suatu ciptaan dilahirkan tanpa mengurangi pembatasan menurut peraturan perundang-undangan yang berlaku. Ketentuan Pidana Pasal 72 : 1. Barangsiapa dengan sengaja atau tanpa hak melakukan perbuatan sebagaimana dimaksud dalam Pasal 2 ayat (1) atau Pasal 49 ayat (1) dan ayat (2) dipidana dengan pidana penjara masing-masing paling singkat 1 (satu) bulan dan/atau denda paling sedikit Rp 1.000.0000,00 (satu juta rupiah), atau pidana penjara paling lama 7 (tujuh) tahun dan/atau denda paling banyak Rp 500.000.000.000,00 (lima milyar rupiah). 2. Barangsiapa dengan sengaja menyiarkan, memamerkan, mengedarkan, atau menjual kepada umum suatu Ciptaan atau barang hasil pelanggaran Hak Cipta atau Hak Terkait sebagaimana dimaksud pada ayat (1) dipidana dengan pidana penjara paling lama 5 tahun dan/atau denda paling banyak Rp 500.000.000,00 (lima ratus juta rupiah).
ARAK-ARAKAN GEGURITAN:
SRENGENGE EMAS
AKHIR LUSO NO, S.Sn.
Djanur Publishing
Arak-arakan Geguritan Srengenge Emas
Diterbitkan pertama kali oleh Djanur Publishing Yogyakarta
Penulis: Akhir Luso No, S.Sn
Tata Letak: Deeje Desain Sampul: Cak Kandar_Djanur Pra-Cetak: Cak Kandar_Djanur
Arak-arakan Geguritan Srengenge Emas Yogyakarta: Djanur Publishing, Juni 2009 viii + 166 hlm.: 14 x 21 cm
PAMBUKA Drs. Sardi
vi
Akhir Luso No
cecala Drs. Dhanu Priyo Prabowo, M.Hum
viii
Akhir Luso No
Srengenge Emas
PIT Prasaja malah kepara kesrakat kaya barang slangkrah tanpa kapetung aji yen ditemu Paijo si tukang rongsok kamangka kowe bakoh sliramu miguna bisa mijeti raga bisa nggawa wong kampiyun mrana-mrana
10
Akhir Luso No
UWIT GARING ati mosik kumleyang Nyumurupi pralambang jati alum Pindha reroncening godhong kang mrebel mrotoli pang gogrg tinemu garing gering akinging merbawani rasa angrerintih perih ginujeng oyot sing cemeblok ing dasaring jangka panjangkah sastra Jawa Ing alam mangsa ketiga pijer jerit kangelan banyu panguripan anjola, nglunjak, niba lan klumah njekengkang kepejer tan rinewes kahanan dinulu memper gendewa menyat kepara midak ngidak sangkaning karep mulya mbabar swasana regeng ginalubet kebak kaendahan moncering cikal bakaling ukara Jawa Senajan kawicaksanan tansaya adph tebane
Srengenge Emas
TENGU Ibu jembar klasa sing kababar wernaning rupa alus jurang klambi tan bisa kaselehake pindha raja kaya matumpa pincuk wadah sega sing beda sing komanan gedhe gumuyu latah sigra mamah njarah rayah tengu mung bisa ngunjal napas tanpa merdika tumungkul nyungsep tan kwagang njejegake kahanan sing bukane reja Ibu
11
12
Akhir Luso No
KAPANG Ratri Ngujiwat nelungake rasa binuntel Ngudar panemuning ati Menthelengi jlantra Nggoleki jatining urip Sing miyur kasempyok angin Tansaya kadohan ancas Ninggal bener penering krenteg Ati kiyi kapang Kepingin ngaras pipi Kepincut sedya lelumban ing Wirama lan solah bawa edi Mangaribawani tandha Luhuring pakerti Rasa garing rinajang surak-e jaman Kang kongang nguntal swara ati kapang Kumelaping thatit Pating sliwer nggelar dalan rojah-rajih rupa Sing sejatine tanpa dosa Kapan kapang anemu japa Manraning pangucap sing bias nggawa Beninging banyu suci perwitasari Den kanggo jampi Ati kiyi pengin bali
Srengenge Emas
NGIMPI Nalika tumiyung angina silir ndlidir Krasa edum lelumban piker nrabas ijo royoning sesawangan Binarung swara njiwit gendhing Jawa Kongang nguntal talining rasa Sumusup sasela-selaning jiwa Memper deresing banyu tumuju sangkan parane Edhum anyes pindha ketetesan banyu embun ing wayah esuk Tentrem mahanani kahanan jenak Urip pindha salawase suwe Tanpa ana akhire Nyidam mecaki donya kaya serep nyawa Nanging kasunyatane Panjangka among mandeg tekan jangka Kabeh kinodrat dening kodrat Sing wis cinatet tanpa bias swala Kahanan endah jebul ora ana Langgenging panguripan among ngimpi
13
14
Akhir Luso No
SUWUNG Raga bagus regane muni Unine gumantung ing isi Isi mentes pancen kang kaudi Kothonging isi ateges suwung Pindha layangan kumleyang Ilang talining raga Suwung yen pikir tan bisa kauyak Kamangka mesthine Raga-raganing manungsa Siyaga nampa matumpa wiji Wijining Gusti arupa pakaryan Kang lumaku riling kautaman Kanggo mecaki lakuning donya
Srengenge Emas
KAWURI Tangan cilik Nyekel icik-icik Tembange tak-lela-lela-lela-ledhung Eluh mrebel nelesi Kang Darmin Marang prastawa kawuri Nalika cilik Tansah nglela-lela ledhung icik-icik Sing digawe dhewe Tutup gendul coca-cola Grend sand lan sprite den kumpulake Banjur paku lan kayu kaupiya Supaya jemedul wujude Icik-icik arane Mak jegagik, bocah cilik melu kembah-kembih Amarga durung diulungi Klakson kang muni saka kiwa tengan lan buri Njugarake impen jaman cilikake Kang Darmin nuli ngrogoh dompet Sepuluh ewunon kaulungake Mobil nuli mak brabat manut ubenging rodha Nabras dalan gedhe Mecaki panguripan sing tembene bakal ana pungkase
15
16
Akhir Luso No
PENYIAR RADIO Dumelinging gendhing binarung Swasana kang nengsemake Lamat, mathis kanggo nyurung mata Lelumban ing jagading sunyoruri Tansah kumlebet ing njroning pamikir Endahing prastawa rikala semana Dumadakan badhar Natkala swara endah mencungul tanpa rupa Si Bagus Priya sing nate nyuntak rasa Lair lan bathin Ing telulas taun kawuri Nalika semana Alusing tangan penyiar radio nate tak rasakake Polatan sing edhum tau tak sesep Ora umuk lan ora arep ngumbar wadi Nglegena tan sinampiran apa-apa Uga nate sapeturon Penyiar radio bagus jenengmu Kuwi biyen Nanging saiki Rikala aku mijet salah sijining frekuensi Kapangku marang penyiar radio tansaya ndadi Bagus sliramu ana ngendi Aku pengin nggoleki
Srengenge Emas
DALANG Tata rakiting ukara Ndlidir pindha laku Tan kandheg dening apa-apa Sarwa sarwi nengsemake Merbawani bungah tinampa sak-sapa-a Nglempengake jangka nalisir Panjangkah ireng kalindhes dening mimising aji Kontal Klumah Ketaman budi kautaman Sing dumeling saka pitutur jati Sejatining piweling sang pangudal piwulang Emane eman-eman Donya kang edan Njedhulake araning dalang gendheng Dhalang koklok lan kocluk Dhalang sing kudune ngudal piwulang kautaman Kocap kacarita Cinipta dening jaman Manjing araning durangkara Deksiya mring sapadha-padha Ndadi araning provokator Dhalangi kuruptor Mblithuk bocah cubluk Sing kongang mamah njarahrayah Bandha aji Kagunganing Gusti Sing aran bumi pertiwi
17
18
Akhir Luso No
SWARA NJERIT GURIT NJIWIT
Kepejer araning jebeng ing pangkoning biyung Pancen tembung tangeh lamun Njempling ing satengahing tumpukan pari Nanging kasunyatane Tan bisa tinutup mata Kabeh wis nuduhake Apa kang kaya kaya Gering dudu ginawe dening Ibune Kekitrang ginalubet tangis njerit ora amarga simboke Oalah Gusti paringana ngapura Kena apa ana trekah ala Polah sing njelehi Kepara slangkrah lan njijiki Kang kaya manungsa Adigang Adigung lan adiguna Mbekos sora tansah ngalahake Piandel utama Gusti Ingkeng Hakarya Jagad Anggara Manis, 31 Agustus 2008
Srengenge Emas
SEMPRUL Kana semprul kene semprul Etan semprul kulon semprul Kidul semprul Lor ya semprul Dhuwur semprul Ngisor semprul Semprul Ajur Mumur Memet Dennya diremet-remet
19
20
Akhir Luso No
BANDHA AJI “Mam what is there” Nalika Max cah Amerika iku nonton televisi “Where?” “There!” “What is that?” Mamine malah takon anake “I want that…I Want that Mam!” “Oh No….There ist’n here!” Krungu jawaban kaya ngono Max memper gangsingan Mbengengeng nangis Bocah mau kepincut bandha aji Sing digoleki mau ana ing Indonesia Senajan dadi rongsok ing njeron Omah kang nglairake
Srengenge Emas
UWET-UWET Ruwet Bolah ruwet Bundhet Pucuk ruwet Bongkot ruwet Ruwet Njiret Nggubet Mumet
21
22
Akhir Luso No
KATROK Mejeng Mobil mewah Pitzaa Burger Mc Donald Korupsi Kentucy Provokator Katrok Ndesa
Srengenge Emas
KANCIL Prigel njatil Mobat mabit Njungkel Njempalik Sret ana barang mak bet Ana luweng sing nampani Mak blesss Oh enake Mak blesss Oh nikmate Mak tlesep Oh yes Mak tlesep Oh ora no Yes yes yes Omah mobil bojo papat emas barlean liontin Kancil Mak blesss
23
24
Akhir Luso No
MINI Angel Seka ngendi Mokal Bisa Ning meksa Suwek Ora jujul Mlebu Ning ora penak Mini
Srengenge Emas
VIKA Angler lakumu Lembeyan ora nubras-nubras Alus Alon Lantip pamikirmu Mangerteni Karepe wong liya Becik bebudenmu esemu pas pawakanmu ora uayu blas ora elek ora dhuwur ning blas ora cendheg irung ora mancung ning ya ora dhepes mata ora blalak-blalak ning ya ora sipit pupu ora gehde ning ya ora cilik kempol ora gedhe ning ya ora cilik sip deh
25
26
Akhir Luso No
URIP Aja mati Ora ngglindhing amarga macet kodrat wis miradat urip mlaku kuwi kudhu pinggiring karep nuli thimik-thimik seka ngisor mlaku mandhuwur mlaku mecaki dlancanging urip sing kudhu mlaku
Srengenge Emas
ENDI WARISANKU Jethungan Gobag sodor Cublak-cublak suweng Gundul-gundhul pacul Benthik Dakon Engklek Jamuran Ancak-ancak alis Delikan Untrakol/ Boy-boyna Nekeran Menyang endi? Musna Ilang Aku kelangan Ora nyawang
27
28
Akhir Luso No
TIRTA KENCANA Gurit Piweling
Dumeling araning pepeling Jlantraning pejuang kang wis manjing Ing alaming kelanggengan Ora ateges ora ana Ananging sejaiting ana Darbe lelabuhan toh nyawa Mbelani nusa lan bangsa Ana kang ora ana Ora ana ing papan sing ngegla Kamangka sejatining jati Ana ananing ana Ana pejuang Kang tansah makantar Ngupiya uruping rasa Urip mbelani nusa lan bangsa Nganti tekan kandeg ing endi? Ngulati pola putra wayah buyut lan canggah uga udhegudheg siwur Sing pating penthalit kelangan rasa Nangis sejatine Njerit kuwi mesthine Pandonga tansah kasurung “Dhuh Gusti Allah paringana pangapura anak, wayah, buyut lan canggah ingkang taksih mecaki gesang ing alam donya menika. Paringana eling eling ingkang tansah ngugemi pepeling. Luhuring budi lan mangertosi dununging barang ingkang aji” Aji ajining aji Yen tansah nyawiji dhedeku mring Gusti
Srengenge Emas Lan tansah ngemuti Ngrangkul lan ngeloni prapejuang Dimen kinalungan kabegjan bagya mulya Ing alam liya dudu ing donya Aja tansah disiya Ruktinen kanthi premana Aji-ajining jati dhiri kuwi malati Prapejuang Yen kasingkur ana buri Awit ilining lebda prapejuang tansah ndlidir Mula eling mring gurit piweling Tirta kencana ya pahlawan nusa bangsa Tansah dadi inspirasi Kanggo lestarining NKRI MERDEKA!
29
30
Akhir Luso No
ORA KUDU Aku Kowe Dheweke Sliramu Lan slirane Kabeh wae Dimen ora iren Dluwang kang ora jejeg Isa kasengkakake Ngadeg Bungah Mecaki dalan ing ngarep Terus ngrembuyung Jinangkung Hyang maha wikan
Srengenge Emas
TULKIYEM Jem paijem sliramu kok wis ora ana Parno bejo kemis rebo lan kliwon Saya suda Tulkiyem Kowe menyang ngendi Tak goleki ora ketemu Menyang senthong Wong wis dha ra mengerteni Menyeng latar mburi Ora ana sing meruhi Tulkiyem kowe lan sak kancamu Pada ngedohi Nanging saikine Si Gorge Robert Zilzilan Prince uga dhimas Widdy lan ukhty sing nyedaki Tulkiyem apa kudu sliramu mati kamangka Ing jaman semana sliramu tansah nggendera Ing sadengah papan Ing warung Pasar lan papan planyahan Uga papan pengajian Lan papan pamujan sliramu ana Saeba endahe yen si Tulkiyem diubleg Dicampur Dadi gadon jeneng Francis Windhy Tulkiyem
31
32
Akhir Luso No
JAMAN EDAN ,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,, ,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,, ?????????????????? !!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!! Geleng-geleng Gumun setaun nJembleng sak rendheng njenggirat kudu ngadeg mlayu mak brabat
Srengenge Emas
ADU KUAT Yen aku pengin ngene kowe aja pengen ngono Yen aku pengin ngono kowe aja pengin ngene “Bapak aja ngono” “Bocah cilik diomongi ngeyel” “Kowe sing aja neka-neka” “Iki lelagon jaman biyen Sing kudu diipuk-ipuk lestarine Akeh pitutur luhur sing isa kanggo tulada” “Ahh mbel wong tuwa ora tata Ana wong internetan kok ngedumel Karepe dikon macapatan utawa nulis geguritan Internet luwih kampiyun Nonton apa wae isa Takon apa wae mesti dijawape Nek macapat? Yen geguritan? Apa paedahe? Paling mung ngudarasa rana-rene Nyremimih Mesakake Njaluk kawelasan” “Huss dhapure yen rembugan sak geleme Clekopan ora ngango uteg Malati kowe ngundamana warisan leluhur jaman biyen Macapat, gurit lan seni tradisi liyane kuwi isa kanggo piwulang Akeh isen-isen sing bisa kango tepa palupi
33
34
Akhir Luso No Maju-ya maju ning aja mbejujag” Wayah ratri kadya film “naga bonar jadi dua” Wiwit si bocah nglimbang guneme Paijan wong tuwane Ing kamar liya ana wesi aji sing nyurung pikir ngagas internet Goleki dununging bener Macapat lan gurit Internet lelagon jaman saiki Nuruti biyen apa lakuning jaman sing kudu dipecaki Adu kuwat endi sing bakal lestari Internet midak macapan Apa geguritan nekak internetan Ana pitakonan sing mencungul Yen ginawe ora menang-menangan Apa bisa ora kudu adu kekuatan Tembayatan Paijan ajar internet Wiwit ajar macapat lan gurit Siji isa telu Telu isa diayahi wing siji
Srengenge Emas
PEPILING Eling-eling kang eling Ana sing kudu dieling Pinda seser wis mubeng ora pener Ancering ancas bengkong Bundering rodha tan cetha Memper endog Lonjong ora pokro Ngegol Ngulet mrana-mrana Tundhane polah tanpa jantra Edan Gujegan kuwi kudune Apa meneh tali sing cinencang kenceng Wis kasediyakake Aji jaya Jaya kang digujeng Lenggeng sing nggujeng Mula yen mlaku ing dalan Lonjonging panjangka Mesthi ngedohi Sing ana bunder kempleng Nyawiji Nyembah suci Maring Hyang Widhi Maha Wikan
35
36
Akhir Luso No
KLAMBI Yen wani urip wani-a nganggo klambi Aja bligung Mundag jijiki Ketok abeh blegere Mosok sikil, tangan, dhada lan iga-iga terwaca Mula klamben Minangka cara sing becik Supaya isen isening awak ora ngegla Kaya ana paugeran sing cinipta Yen isih gelem menganggo klambi Ing uripe Klambi
Srengenge Emas
KUWI NGGONMU IKI NGGONKU Yen nyawang endahe sesawangan Ing panggonan sing ngingu sarwa-sarwi Kang isa menehi pengayoman Dadi payung sakabehing iki nggonku kuwi nggonmu Saeba arsine Endah mesthi ngresepake Krasa gumbira Manjangake yuswa Kuciwane yen anane mung iki nggonku kuwi nggonku Anane mung dredah Pating penthalit njarah rayah Pindha rai dipreceli Anane mung ngugemi Aku bener kowe salah Kowe edan aku waras Salah okeh kuwi nggonmu Bener kabeh kuwi nggonku Kuwi nggonmu iki nggonku Nggonku, nggonku, nggonmu, nggonku Edan Kenthir Ora waras Rusak-rusak Kapan isa kanggo gawe? Sok ben apa suk esuk Wehlha mumet-mumet Memet-memet Hem….hem….
37
38
Akhir Luso No
YAYI Yayi sliramu tansah tak tumpaki Yayi sliramu tansah tak tunggangi Pancen sliramu edan Mendat mentul solahmu gawe masgul Hem edan tenan sliramu Tandangmu nggegirisi Nadyan krenggosan kringeten wae ora Nadyan aku sing dleweran Adus wae njaluk didusi Saben esuk aku kudu ngelusi Kenapa njaluk wae ora mau bengi Yen esuk mesthi aku wis akeh gaweyane Mau bengi rak rada anter Ana wektu omber kango ngaras pipi lan pupumu Sesering katesmu uga sinawang lan cemekel Mesthine aku isa nyemir sliramu Nganggo kuwasku Mesthine andhuk cilik isa ngulapi kebeh Sing ana ing awakku Nanging kenapa esuk Yayi awakmu pancen gedhe paedahe marang aku Tanpa kowe mokal aku lelungan Makarya Golek upa kanggo nyambung nyawa Makani bojo lan anak-anakku Yayi matur nuwun Kenceng kowe labuh labet Ora nyusahake aku Bengkel adoh seka sliramu Yayi yayi DAIHATZU ZEBRA
Srengenge Emas
KUNCI Mbukak lawang ora kudu nganggo kunci Ndadakake kunci ora kudu nggwa lawang Elor apa kudu ana kidul SBY apa kudu JK Kunci Ora kudu Mlaku dhewe kuwi perlu
39
40
Akhir Luso No
WATU Cahya sang surya ora pati padhang saiki Among panase sumelet Endah pecah Mata nyut-nyutan Tinunjem muring-e Sang bagaskara Nyumurupi watu Ing kedhung sing sinulap asat Kang ndadekake bocah cilik ora Trengginas lelangen Watu-watu gunung ngegla Mringis Untune cetha sajak surak murka Kandha marang bagaskara “Omongna marang Hyang Akarya Jagat Muring aku mangkel tenan Ora ana bocah cilik sing gelem ngambah awakku Sing tetaunan kepungkur tansah tak ajak gegojegan Tulung sang surya omongna pangresahku Balekna kedhung-kedhung isi banyu Apa pesenen Gusti Allah supaya gawe horegke donya Ben sing siya-siya nigas gulune wit-witan krasa”
Srengenge Emas
SLENDHANG SHOLAWAT Tangan iki asring tumindak becik Sikil iki asring mlaku ing bebener Mata iki tansah nonton sing apik-apik Sirah iki semana uga pindha banyu bening Tan kesingsal tansah temungkul mring Hyang Maha Wikan Slendhang sholawat tansah ngumandhang ing lambe Kabeh ora ana sing mbangkang Tansah melu kareping sedya Nanging Gusti Kenapa ati kiyi Tansah njola Ngalor ngidul Tangan wis njalur Ati malah misuh Sikil wis mlaku bener Ati ngajak menyang SARKEM Mata wis genah Ati ngajak bubrah Nonton film porno lan nginjen Tukinem adus Ati iki dasar Wedus Angel ditata Tansah mbalela
41
42
Akhir Luso No
DALAN BEDA Kuning kuwi wernamu Abang kuwi wernamu Biru wernaning simbah Buyutku malah milih coklat Pakdheku kepincut sing klawu Whe lha kok beda Dalane ora padha Piye tekane Kamangka tujuane siji Piye mengkone Apa isa dadi siji Mukti ing tembe Sapa sing isa mbathang Kowe Aku Dheknen Malaikat Seten Iblis Jim Lan liyane Dudu kabeh kagungane HYANGMAHAWIKAN Badhare Pasrah wae
Srengenge Emas
MACA ARAB namaj ngikilaw kalow acam habur tirug ana awignem negnet akas acawid bara nasilut arac ayak habur aro apa namaj halao atamet nal atat idad ajer asi napak mertnet meya asar inayadn hisa nal salew piru gnignacnald aynod aynod mala gni
43
44
Akhir Luso No
CILIK kecer ora ketara bengok ora mingsra nangis ngguyu padha ora dipaelu mlarat sakkarepmu sugih ora mungkin cilik ora gedhe tetep dadi barang kang tanpa guna disiya digusah lan dipala cilik nasip sing dicangking kawit Gusti Allah nggarisake
Srengenge Emas
ANAK WENGIS IBU NANGIS Manungsa punika asalipun saking Pangeran Bali marang Pangeran Aja Dumeh! Aja Dumeh! Aja Dumeh! Lelagon Wong Donya Kocapa, kocape Kabeh sarwa rata ing pamikir Sinipatan satriya nrajang dalan haqul yakin Nggendring pindha cloroting Bauroq Ing kanyatan among papan ngegla cinipta Cinepak tanpa kandha tandha Kang siap nampa winih apa Apa winihe sapa Sapa winihe sapa Winih apa seka sapa Sapa sing duwe winih Winih abang Winih biru Winih ijo Winih kuning Ungu Lan klawu Uga Sawernaning winih Busyetttttt…. Kabiji pada wae tumraping tlasar Tlasar sing tan duwe cubriya Kumalungkung deksiya sangkara murka Apameneh adigang adigung lan adiguna
45
46
Akhir Luso No Tlasar kuwi barang manutan Nanging ora ngoloran Tlasar barang larang senajan ora umuk Tlasar pindha dewa pethak tanpa pamrih Tlasar sing kang duwe cugetan aten Adoh seka tumindak anarki, otoriter, dictator, koruptor, ngolor, mopyor, provokator lan terror Yakuwi tlasar Tlatah Papan Lemah Kang isen-isening Arupa gunung Wit-witan lan kewan atoho Uga: Tlasar sing arupa sawah pategalan sing siap nampa ingoningone Gusti Kang Hakarya jagad Aran manungsa: ya menus sing ngangsa Menus sing ora isa rumangsa Lan menus sin seneng ngrudaparipeksa Sadengah pranatan kang linambaran kautaman Tlasar mau Sinebut tlasar bumi pertiwi: Indonesia Lagu Gadhanipun Gombloh Enjing manglung tumiyung Tumelung ngrambati balung edum Ijo royo tinata rapi asri edi Peni piniji Anelungake rasa riyung Adem ngujiwat sumundhul ing punjeraning kalbu Kongang nglawehi padha lelendhetan kebak
Srengenge Emas Ron sih-kinasihan Mad-sinamadan Angleh ngaso landhung napas lega Sumusul maruta mlayu salang tunjang Mengalor mangidul wetan kulon nduwur lan ngisor Ora ategs padu Ananging wis ginaris lakune Nambahi reseping swasana tansaya nggodha Pamikir nglumpruk tan kwawa nampa Pangelusing wayah ing Esuk iki: Aku Ibumu anakku Anakku aku ibumu Anakku ibumu aku Ibumu aku iki anakku Iki aku ibumu Aku ibumu iki aku ibumu Mrene-a Mrana-a Mandheg-a Mlaku-a Oh iyo ora usah Ora usah Mandheg Maju Eh….hem…sory…sory…(sajak semu isin) Aku ora usah mulang Aku ora usah muruk-i Sliramu rak dudu murid Awakmu dudu santri Kowe dudu cantrik Njenengan ndika sanes wong liya
47
48
Akhir Luso No You dudu mahasiswa Apa meneh Batur Jongos Budhak Pembantu utawa pekathik Aku dudu penguwasa Ratu Presiden Gubernur Bupati Walikota Camat Lurah RT lan RW Aku kang tan duweni daya Apa meneh Otot kanggo ngrudapeksa Meksakake karep sageleme dhewe Nggeret mrana Narik mrene Nyeneng ngiwa Nyeret nengen Sliramu sing sok njudhegake Nggumunake Mangkelake Nggawe sedhih lan seneng Ngguyu lan mrengut Lan adat saben angel tinebak jlanramu Dina iki menyang hotel bintang lima Gelut mbelejet karo wadon Andom katresnan nista
Srengenge Emas Malah kepara Kamera cinangking-cangking Dina liyane mara menyang pesantren Kanggo ngangsu kawruh kautaman Builsyet…builsyet Edan Dalan alus kang pinager lir samuning tata Malah ajeg mbok preceli tatu arang kranjang Mobol mawut pindha jurang mangap Pating cloreng Memper temanten ora pacakan Rusak sipating rupa Angger-angger angel sliramu kasinungan rasa welas lan asih Marang sok-sapa-a wae Klebu aku: IBUMU!!! Kowe lemu Ginuk-ginuk kebak gajih Semok-semlohe-weweg-sintal lan kental Pancen awakmu nggembol mapirang-pirang rasa sing nggawa Kanikmatan Klambimu mopyor Dandananmu sinengkuyung emas picis raca brana Pating krelap Cloroting cahya kuning emas raja kaya sumelet krasa Ganda arum mangambar nambahi Badan krasa mumbul ngawiyat Ilining banyu bening tan kendhat mbanyu mili Ilir pindha kinjeng luru kembang Madu sariraning kaendahan
49
50
Akhir Luso No Kanikmatan Mangambar Mblabar sumebar warata ing saindhening nuswantara Ora ana tanda mban cindhe mban siladan Saka pucuk tumekan ing ngepok Seka ngepok tumekan ing pucuk Seka wetan tekan kulon Saka wetan tekan ing kulon Seka kulon tekan ing wetan Kabeh mbok wratani Raja kaya sing mbok kandhut Dinudut dimen kanggo sawur Pyur-pyuraning padha timbangane Etan sakgram Kulon setalen telung wang Bandhamu duwekmu Sing duwe kuwasa Ananging dikuwasani ngecakake Mantha-mantha iki sepira kae sepira Iki semene kae semana Bandha semene jembare Raja kaya semene akehe Munjung sinawang memper gunung Umpuk-an barang kememawan Pating tlecek saparan-paran Kowe pancen ndrebala Pindha sumur tan kendhat tinimba angok ora mlebu petungmu Cinidhuk pisan tikel telu Metu wulu wetumu Kabeh sarwa mili Samukalir bias sinebut suket godhong dadi rewang
Srengenge Emas Njungkel njempalik polahmu tetp ora ngilangi sebutan Minangka underaning sugih sejatining Kang tan bias wola-wali yen tanpa tumindak duraka Ananging kuciwane anakmu
51
52
Akhir Luso No
SENAJAN NDADI pindha suket godhong dadi rewang sembarang tinandur urip sembarang kinocap nyata yen sinawang padha ilining bandhang banter tan isa kauyak mbradat bablas tan pinenggak raja kaya emas picis raja brana ngampiri kaya urip kinalungan beja diuja dening sing Kawasa nanging paugeraning tan kena kekancan umuk apadene dak siya mring sapadha senajan ndadi urip mampir ngombe pijer-a njerit ora ana tuwase yen amung ngumbar hawa nepsune senajan ndadi tumungkul eluh sing pating dlewer nelesi pipi-pipi krepo amarga kahanan ulapana nganggo gombal putih aja nggunakake gombal guprat lendhut mesakna wit-wit garing sing tansah njempling-njempling senajan ndadi eling-a mring titah nelangsa
Srengenge Emas
TUWA empring sing dilewati uwis tuwa lara watuk engkrak-engkrik mesakake mula alon anggonmu liwat aja bejujag playon apa meneh montoran sakayange empring sing dilewati uwis tuwa asring menehi tandha nggubengake bokong apa dhada mula sing waspadha pepiling empring tuwa yen kebacut jebol ora isa endha mula borehane awakmu nganggo semen kabecikan enamen wesi kautaman awit empring sing dilewati uwis tuwa yen ambol empring kuwi ana celengan bagong sing nggawa bandha bandhaning para umat sing mlebu swarga
53
54
Akhir Luso No
PIWELING TENGAH WENGI yen nyenyet wis ngujiwat wayah ratri wis manjing amung keprungu siletaning walang atoho krak...krik...krak....krik.... nyuwara ing tengah omah sing gedene kaya ngene akeh blithuk malih warna sepining kahanan enamen ginawe papan pamujan eleng eling eneng lan ening hooooom....hemmmmmm ayom ayem tentrem sedeku dhedeku manjing ajur ajer mring suraking piweling ing tengah wengi kunjaranen badhan wadhag sing tansah kumbi marang kanyatan arupa kadosan sing ginawe rungokna pepeling ing tengah wengi gapenen guneme ati sing ngidungake kebeneran
Srengenge Emas
URIP ING NEGARA KUWATIR kuwatir araning meksa titah sing ngenggoni kanyatan tansah paweh rasa was-was lan cubriya was sumelang lawehanira pesta ananing pahargyan agung kuwatir tansaya marahi ketar-ketir ora pesta kaya ubyung yen pesta rupane kaya ngapa pestane para kawulane negara kuwatir sing bisa sinipatan kaya setan ora isa mikir ning edan
55
56
Akhir Luso No
SUPRIH KALUNG ABANG PUTIH Sadawane lurung Katresnan jati sinurung dlancanging mimis den tutake kanggo ngurupake makantaring rasa mbelani tlasar luntaking ludira sepisan dimen adoh saka panjarahing si Bethara Kala abang putih dadi getih gubet siset ing jiwa-jiwa ampuh suprih tan ginggang sakrambut tansah hamemacak abang putih
Srengenge Emas
WEKTU Nalikane dalan dipecaki Lembaran kertas dadi aji Digawe cagak urip Sinambi mersudi Playune ngelmu sing tansaya ngedohi Cancut kudu bacut Nguyak isening pikir kanggo sangu Dimen ora panggah
57
58
Akhir Luso No
KAPANG Lakune thatit nggendring tan isa kapenggak Prastawa kang wis lumaku Njranthal jebles maklap Kanyatan wis lumaku adoh Etungan ngentekake driji ing tangan loro Suwe muncit Njlarit Ngigit-igit Pingget Ngecap ing kalbu dadi biru Suk kapan kapang bakal dilunasi Pindha ngenteni tetesing embun ing wayah esuk Kareben isa anelesi godhong garing Ing pangangkah bisa njenggelek Ngadeg Ilang sipating njarem ing ati Kapang Kapan racikan kuwi bakal nekani Mandi Mari
Srengenge Emas
BALI Yen ora gelam Dudu tali sing mbok gegem Puguh ora ana ing bukuning pedoman Swala genah ora isa Kabeh wus dadi paugeran Yen ora bali Tangeh lamun isa Kodrat wis nemtokake Samukalir bali menyang kandhange Tan milih mlarat apa sugih Kewan apa manungsa Wit-witan kudu manglung manungkul Ingkersaning Gusti Kang Hyang Maha Suci
59
60
Akhir Luso No
KRIKIL Dudu ing sikil Anane dalan rumpil Lingir lancip Mesthine ndrawasi Krikil ora kudu ketok ing tlapukan Sinamudana Ginalubet araning gombal Apus krama sing paling cetha Ora nyata ning ana Ora kudu kepidak araning krikil Dlancanging karep kudu madep Ing pangangkah dalan ora rumpil Adoh seka krikil Awit lakune sedya Isa menculat Bablas munggah ing gunung kekarepan
Srengenge Emas
MILIH Wernaning godhong ing wit sing urip Gumantung seka jenenge Godhong gedhang ijo rupane Godhong garing kuning mesthine Godhong Anane werna-werna Kepyoh kuwi mesthine Kamangka jatine Ati dhuwe mata
61
62
Akhir Luso No
SENTHIR Dimar murub kaya umub Banyu aji sing marahi Makantar madhangi laladan gumelar Samukalir kang ginelar Rupa-rupa sing ana Raupan cahya sing ana Cloroting nurcahya tan mban cinde mban siladan Sing ketaman Ora kudu mapan Dimar murub kaya lemut Kasadan banyu aji Kang ginelar Pindha kodhok ketutupan bathok Ora sinipatan Senthir Banyu aji nyurung kekarepan Gusti Allah paweh panguripan
Srengenge Emas
BREWU NGUNTAL TENGU Brewu ngadeg gagah pideksa Tengu njengking garing aking Brewu ngeler simbar jaja Tengu oglak-aglik Negara klawu negarane Brewu kedanan bandha sing ginelar birahi gagah njarah rayah ngebaki pikir nyesegke dhada kasurung aji mumpung dadi Brewu ora sepira suwe mula wong sing ngedan banjur lali purwa lan duksina sat set sat set, brat bret brat bret, mal mel mal mel akeh sing lali piwulang luhur Ranggawarsita wis ngendika Ana serat jangka jayabaya Jamane-jaman edan Ora ngedan ora keduman Nanging beja-bejane wong sing edan Luwih beja wong sing eling lan waspada Semana-a brewu tetep nguntal Tengu
63
64
Akhir Luso No
KATRESNAN Binarung ing beninging swasana Cagak mata ngendhelong ora pakra Nglumpruk kelangen gapiting sangga Mencungul pitakonan Sajroning pikir katresnan apa ana pira sepira gedhene apa isa padha lan apa kudu padha bandul sing katimbang rupa apa mesthi padha yen kaucapake kaya tangkupan tangan kiwa lan tengen apa iya kudu padha kepiye yen kadhisikake bojo apa Gusti Allah trima apa dudu kadosan sing tinampa bojo apa kudu entuk rasa nomer lima? Tresna Antaraning Gusti lan bojo Gusti nomer siji kudu ora nomer loro Apa malah darbe papan kang mirunggan Tan bisa katandingake karo tresna marang apa wae
Srengenge Emas
NGEGLA ING TLAPUKAN MATA Prastawa kawuri Ansah nggoda Akeh paedah lan lelakon sing tumemplek Angel kakipatake Nalika mecaki lemah sing tinata rata Lelumban ing antarane sak sela-selaning sela Nulis lan nglakoni dalaning urip kanthi prasaja Tan ana tembung umuk lan ngungalake dhada Solah bowa tansah ditata Adoh saka araning tumindak culika Nalikane mecaki tata urutaning penguripan sing kagelar Dening Gusti Allah Minangka garising pepesthen Sing kudu dilakoni Isih ngegla ing tlapukan mata Senajan tetaunan Wus katinggalake
65
66
Akhir Luso No
ROBOT Bal kang muser seser tan bias kaendheg Tansah nggendring Babar pisan tan noleh Mbradhat playune Denya thathit ing mangsa rendheng Nggeblas Bal sing kasinungan rasa Nangis Rumangsa lara Atine keranta-ranta Pengurbanan sing wis matumpa tan karewes Jejel riyel pawongan angkara Midak sora Diiklasne Senajan neng awak krasa lara Mati rasa Akeh manungsa lali purwa lan duksina Raga tanpa rasa Mati
Srengenge Emas
MABUR ING MEGA SEMU Ilang sipating manungsa Salin srengat Gebyaring banyu gendheng Uga glepung Isa ngumbulake piker sundhul ngawiyat Njola dhuwur lan sora Elor kiduling kiblat Tan ana ing gunem lan tandhang Kabeh sing dumadi Mung grayang-grayang Kebak samar
67
68
Akhir Luso No
PRENJAK WIS ORA ANA Jamane teknologi dadi panglima Nangekake wong turu nganggo alarm Nggodhog wedhang nganggo warm water cooker Ngliwet nggunakake rice cooker Lungan numpak mobil super Rega atus yutan tekan milyaran Numpak mobil Apa numpak paku Nunggang angler Apa angel turu Mobil capsule Avansa Jaguar BMW Mercedez apa iya isa tuku saktenane Ananging kok ya ana Sapa sing sugih Sapa sing mlarat Pejabat mlarat Rakyat sing sugih Apa sewalike Rakyat sing mlarat pejabat sing dhuwe penguasa Dadi isa tuku apa-apa Jatining bener ing ngendi? Sugih mlarat dhuweke sapa Akeh wong keblinger ora rumangsa Rumangsa mlarat Utawa rumangsa sugih Rumangsa nindhes blas ora paja-paja Anane mung rumangsa
Srengenge Emas Ora bisa rumangsa Prenjak wis ora ana Kamangka isa ngabarake Warta saka Gusti Kang Maha Kuwasa
69
70
Akhir Luso No
GONG Jalma tan kena kinira Anteng Tan kegut mring swara Gong
Srengenge Emas
PEPILING Nalika rosa mapan Eling ringkih wis kudune Yen suket godhong dadi rewang Aja pacoban mau di deleng blereng Awit ing saselening nggendera Ana wektune temungkul Prastawa minangka kaca Dadi guru sejatining Sing tansah isa paring pepadhang Pepiling Ing alam kalepyan
71
72
Akhir Luso No
NGIMPI Yen dlancanging mimis wis kenceng Apa bakal tangan iki nyandhet playune Ukara kang rinakit wis luwih Santer angin mlayu Mubeng Kincir n tanpa unjal ambegan Ngedohi kanyatan Dene lemah pardikan Diidak Cures Mlompong Kothong Para winasis kapusan Bandhane liyan Kamangka adoh seka jenenge treping Pranatan ing tlatah budi luhur
Srengenge Emas
PITAKONAN Wolulikur taun kawuri Akeh wiji sinebar ing bumi Cilik nanging mentes Sesawangan kang mathis Sinengkuyung gemruguting makarya Sahiyeg saekakapti Holobis kontul baris Ora katon araning tumbak cucukan Perang sirna tan sinawang Kapang Ati iki meruhi Raga lan pikir tansah sesandhingan Alusing tata Rinakit tanpa dipeksa Sarwa ndalan Nurut paugeran sing ginelar Eba saikine kahanan sing saiki larang Lair maningka bayi anyar Sing isa nelesi garinging telaga bebuden
73
74
Akhir Luso No
DOLANAN JARIK Lelagon caping gunung pancen angler Tangising kang ngukir jiwa raga Utah udan ing mangsa rendheng Kelingan kedadeyan si konang Nyungsep ing saselaning dadha Kanthi bele-an padha Binuntel jarik Dijogetake dening pengelusing Alus Tak lela-lela-lela ledhung Cup menenga anak ku si Anung Tembang sinuntak Nggeterake kalbu Njenggiratake wulu Jarik sing tansah nari ngelus si ponang sikil tangan lan pipi angler lumaku mecaki jantraning lelagon panguripan
Srengenge Emas
MANGAN WATU Mecaki dalan rumpil Jurang growang mangap Padhasing watu Horeg godham Njerit Ati nggarit Pingget Eluh kang mrebel Minangka winihing kaendahan Awit watu njelma Minangka beras Weteng kebak Kerasa kepenak Watu Bregaske awak
75
76
Akhir Luso No
MABUR Klenyem nyimpen anggung Ireng menculat Nggubet kenceng Njotos sakayange Cagak-e wis ora jejeg Nglembreh Mlethas barang kanga arep ginrayang Menculat ngawiyat Mumbul kombul Tan ngrewes Titahing Gusti sing ndhekem Nyekukruk kemulan peteng Tansah mencolot tansaya arep dicokot Bablas nggeblas tanpa noleh ngiwa lan negen Ninggalake si Klenyem Banjur kapan ukara seneng Bakal mencungul seka darno Kandha menawa SPP-ne wis beres Suk kapan araning reregan mudhun tumapak ing bumine Klenyem sak kancane
Srengenge Emas
AJI JAYA ENDHA Ajur mumur aran kojur Elek telek Ora ana pengerep-arep Cagak ora jejeg Dalan menggok Pereng jurang Jalma tanguna Ana kenceng Milih mlengkung Tudang-tuding Ora pakra makarya Aji jaya endha
77
78
Akhir Luso No
TRAGEDI MINAH Mlayu Karno diutus wong tuwa Minangka anak kudu kukuh ngugemi Wewarah Wong tuwa kuwi pusaka Mula mbangkang tan kabayangake Nggeblas Ora noleh mangiwa lan manengen Nggendring kayadene nurut dalan alus Mudhun Bablas Wadhah banyu aji digawa Dicangking ana kiwa Ancase nggone Parjimin Sing dadi jujugan Dubilah setan jejel araning titah Saur manuk memper grayak Sigra mamah Cilik gedhe tan ana petunge Dadi jladren Diublek Banyu asin pating dlewer Megung segara Njerit Njempling dadi sesawangan Karno ing punjeraning prekara Kangelan golek dalan Ngoncati tumpesing nyawa
Srengenge Emas
PAKUALAMAN ING WAYAH RATRI Nyawamu serep Sinengkuyung kanca-kancamu Bawera Padhang Endahing angin kang baris Mijeti raga sing kepenyak pakaryan Sora paweh pakurmatan Mring Gusti Kang Hyang Maha Wikan Awit paring pucukaning uwit padha nyindhen Tetembangan edi Kang gawe suwasana tambah peni Koor araning wong dodolan Asung sawernaning tamba Ngelih bakal sirna Gumanti ilir jenenge katiyasan Sing siyaga disuntak Macaki bumi Kareben ana maneka warna Reriptan menjila Ing tembe ginayuh Wahyu Teja Kusuma Kang nyebar ganda arum Mangambar blabar Saindening bawana
79
80
Akhir Luso No
MALIOBORO Ora kaya crita Sing pijer njenggit kuping Ati tansah ereng Kuping abang njrepiping Krungu crita kawuri Sing kebak manising nostalgia Mas Suwarno Paragolopati Apa dene Cak Nun Manjing ing sanggar Samadhi Manteg aji pengin dadi wong kondhang Kanyata samukalir dadi kanca Ing jaman uni Saiki Dhuh nelangsane Kenapa dadi kaya ngene Gumrenggenging tawon ing wayah iki Padha golek madu Sing cacate padha padu Cokot cinokot dadi gaweyan padinan Sing njelehi Kenapa crita edhum mung ana ing jaman Linus Suryadi AG Umar Kayam apa dene Suminto A Sayuti Kenapa jamane mubeng ing werna ireng angendanu Ngedohi wiji sing bakal thukul dadi Malioboro Aja di blenjani Dimen dadi papan edhum Kanggone Eko Nuryono, Siti Aminah uga Rini Widayati Ngenam crita kangko isi kalawari Djaka Lodhang lan Mekarsari
Srengenge Emas Jayabaya - panyebar semangat Kang ing wektu iki durung diajeni
81
82
Akhir Luso No
WANITA SEJATI Yen wis manjing dadi siji Dudu loro dadine Tunggal nyawiji Ora misah Ora dipisah Isa dipeksa dipisah Yen luruh Ngalah kanggo menang Ora main obong-obongan Swara uga dudu bethet Nanging swara alus Sing is angelus-elus Ora kudu menang Ngalah kuwi menang Ora kudu kalah Kalah kuwi ora menang Mengerteni kahanan Minangka dalan Tumuju underaning tentrem Kanggo nyengget Wiji sing temunjem
Srengenge Emas
TEMPE Dalan alus kali dak lewati Nunggang wesi sinangga loro atunggal Nyurung bokong nggawa gawan Siji – siji diwenehi Dalaning urip Pancen sewu dadine Gedhe seka Cilik Cilik ora mesti pancet Rodha pindha cakra Biyen ana ngisor Sesuk isa ana pinggiring jurang Liya wektu duwe siyung Minangka titah sing wenang mrentah Tempe ora mesthi dadi pitza Pitza ora kudu dadi tempe Tempe kuwi wiwite
83
84
Akhir Luso No
SEMUT GENI Dinulu tan pakra Adoh seka paelu Mlaku rindhik Njerit ora sora Dedeg piadeg apa pideksa? Ananging kadya mimi lan mintuna Polahmu jinereng mbukak mata Gawe seriking kang padha mandeng Pakaryan gage den rampungke Kanthi menteg aji Gotong royong sing dadi semboyane Yen njiwit minggetake Krasa nylekit tur krasa Siyung panjiwitmu pancen rosa Njarem Gawe emu biru erem sing kajiwit mesthi njenggirat dennya dikampleng bithi nggegem semut geni pacakanmu ora mingsra soroting panuntumu ora sepira-a nanging panjiwitmu gawe niba-nangi
Srengenge Emas
MANCING Ngelmu mili Saka pucukaning wilahan dawa Mlaku meper rasa Kang kinudang Ngurungi karep sing manghalad-halad Ngobong jangkah sing kudu ana Ilining ngelmu iku Lumaku bareng wirama Suwening suwe Kinanthenan upiya kang kaudi Rasa Binarung langgam kudu Sareh wis mesthine Lan ing pusering gati Mincing itu mengku werdi Gedhe pikolehe Mring sadhengah titah Sing kendel gawe horeg donya Kanthi aji jaya kasantikan ala ora sranta
85
86
Akhir Luso No
KUMBANG LURU KEMBANG Angler nggleser Maruta sing tumiyung Ngrambati pang Wit sing tinanem ijo godhonge Nambah resep kahanan ing pandulu Gendhing asmarandana Ngrangin Ngelus ati tansah nggujengi Prasetyaning ati Yayi sekar setaman wis kapethik Aruming gandha beka siji wis ka-kapyukake ing bandanira yayi Sekare pindha taji Ndak seselake ing karma sisih tengen lan kiwa Ayu tenan cah ayu Ndak luru sliramu Mesem lan ngguyu Ngolet menculatake mantra napsu Sing nyurung jiwa lanangku Ambrug ing pangelusing Tanganmu Ndak luru kembang Tak pethik sliramu Kanggo memanis Pinanjang ing sajronong jaja Bakal ndak kidungake tetambangan Lara branta Yen dank luru mandegka Aja pijer mlayu Nggawa mengkelmu marang
Srengenge Emas Kumbang sing mlayu anyaketi Bakal ngesokake tandha bukti Katresnan sejati Sing sumimpen ing jroning ati
87
88
Akhir Luso No
LALI Lere-lere ana kere munggah bale Kawiwitan seka laku kaliren Kesrakat ing lir samuning sandhang Ora mung upa Pengganggon sing rinonce Dudu emas Nanging wesi tuwa sing dienam Tangis dadi kanca Kinalungan lara mlarat Nggubet rapet Angel dioncati Pindha Rama lan Shinta Kudu wani perang karo Rahwana Raja Sing kaudi amung tresna sejati Kene-kene ana warta nggawa wisa Gumyake ana tindak kadurjanan Pawongan sing kasinungan lara Larane tumindak duraka budi candala Winih krepo Sing lena ing bebaya Lali lanjaran Karana kajugrugan manisie woh-wohaning donya Jejogedan ing laladan lendhut kacilakan Seneng tumindak murang tata Ilang sipating jalma Sing kudune nengenake crita sejati Ing kene gumuyu ngakak dadi padinan Ngendelake siyung dadi panganan Ototing kekuwatan dadi gadha
Srengenge Emas Sing siyaga nguncalake nyawa Lere-lere ana kere munggah bale
89
90
Akhir Luso No
TUGU Ngadeg Bakuh kukuh Sinawang agung Wibawaning raga Kapacak nggawa nyawa Manther Dinulu saka pok tumaka ing pucuk Jebles laku sing kudu dilakoni Manembah Kanti alur alusing dlancang Setithik mlaku menyang okeh Bolong-bolong mlangkah maju Tumuju dalan lempeng Sing ing tembe bias ginawe sangu Sinangga anut prentahe kodrat Wiradating Gusti Allah sing maha kawasa Kawasa ndudut lan nguntapake sak-sapa-a Tugu meningka ajur ajaraning kautaman Sing kenceng ngondheli Tumindak becik
Srengenge Emas
KACA Ora umuk Yen aku kandha Pancen jujur Sapa isa nandhingi kaseblakake pecah Dipidak ora bangga Manutan dadi watak dasar Apik tenan Kaca Elek kandha elek Ora plinthutan ngunthet alem Becik sinuntak resik Burem kabur ireng lan putihing nyawa sing ngaca Padha Ora slenco Jamane ora padha kaca Sing asring salin werna sejatining Slinthutan dadi ageman Malah ginawe macak Borehan uga raupan Ananging kaca Isa dadi benggala Sing seneng prasaja ora dhuwe napas ula kaca uga adoh seka sifating Durna sing seneng dadi bensin
91
92
Akhir Luso No
HP Swara mrambat Menculat Akeh sing nyenengi Akeh uga sing ndadekake bojo Dikeloni diopeni Swara ngguleti pirang-pirang rupa Si putih lan si ala Asring kasenggkakake ngaluhur Minangka barang sing isa nyuda nyawa Asring kanggo srana guneman wong kampiyun HP akeh pigunane Uga akeh mudharate
Srengenge Emas
SEPI ING PAMRIH Alam kang ngregem donya Uwalana daya panyirepmu Sing wus nembus jantung ati lan paru-paru Sumusup jlantraning abanging banyu Dadi sandhangan mencorong Angel binuwang Malah nyrimpet Nggubet Siset Nggawe tangis wong sing isih kasinungan welas asih Dadi awewatak mimis sing gawe miris Tan krasa midak jebeng tanpa dosa Kang gumebyar sinengkuyung bayar Dadi kekaremaning mangsa Manungsa jaman iki Endi dununge pitutur luhur Budi pekerti jati Sing isa nyurung ati Mantep ngugemi Sepi ing pamrih Nglenggana nyambut gawe dudu kanggo tumengkaning buntasing donya
93
94
Akhir Luso No
UTANG Geneya kowe enggal lunga Kamangka utang durung tak bayar Kenapa papan pejagongan wis mbok ungkurake Kamangka awake dhewe lagi wae adu ide Banjur ing bank ngendi aku kudu nyaur Apa klakon aku nyungsep ing kuburan Kanggo nyaur utang Apa iya aku nangekake kowe kanggo diskusi Banjur yen ora kapan utang iki tak bayar Banjur kahanan boborok iki oleh tamba Kamangka kowe kanugrahan dening Gusti Minangka jalma menjila Duwe gagasan lan wawasan amba Sing isa ngudari reruwetaning Negara Yan ing tengahing samodra alam iki Ana rembug Banjur kowe uwis lunga manjing ing papan liya Piye anggone nyaur utang Kabeh mlongo Tan ana sing isa njawab benere sejati Pungkasane Gusti sing dhuwe Sejatining gunem
Srengenge Emas
GERING Wit-witan sing ngrambati Kena apa garing Tirta tamansari apa wis ngedohi Nggegem singset Kumandange edhum sing biyen asring tumiyung Sing jalari wit-wit tansah mesem Tansah lemu
95
96
Akhir Luso No
NGIMPI Yen ta kapang iki isa tak pateni Ora sah mbok kandhani Mesthi tak pithes Tak idak-idak Tak juwing –juwing Dimen entek Ajur mumur Emane kabeh mau kaya udan ing mangsa ketiga Tansah mencungul pindha suket teki Dibabat metu Dibuwang bali Angel nyebratake Nguncalake Reroncening slendang kawung kang wis sinawung Rinajut bareng Ngepasi manuk prenjak nembang asmara Ngukir lelananing branta Ngesok rasa sih kinasihan Kebak asah asih asuh Edhum Ngimpi
Srengenge Emas
SINENDHAL TININGGAL Kenapa eluh iki ora isa mili Kamangka dhek wingi Kaya tuk mrubul mancur Dleweran mili Kelingan prastawa kawuri Sinendhal nalika klebating paraga sig wis taneg tak weruhi Pawongan sing melu ngukir Nglukis lan ndandani Ing wulan iki nalika aku kelingan Sedhela meneh bakal lumebu ing sasi sing Agung “Allahhu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Wallilahilqam” Mrinding Angger-angger tembung kuwi ngumandhang Sinendhal ati kiyi Tininggal simbah kang wis mataun-taun dhedepe Ing Ngayunaning Sang Hyang Akarya Jagad
97
98
Akhir Luso No
GETIH IRENG Mlaku araning rah Sumebar mecaki dalan-ne Otot bayu sing tumempel raga Krepo tan duwe kekuatan apa-apa Getih ireng Kenapa angkuh ngajak lumebu ing jurang grawah Sing rojah-rajih Bopeng boleng Apa pancen wis kinodrat Lakuning jangka jangkah kudu kalah Tan kwawa meper hawa durjana Kang sinurung araning getih ireng Sing wis kadhung angrem Ngregem Nylekethem Singset
Srengenge Emas
PUJANGGA Tali di enam Minangka pepiling Titah sakwantah Sembur tutur karajut minangka tetesing emas Ginawe rambatan supaya alon Ati-ati liwat ing dalan rumpil Kebak eri Tebuning urip Tumanceping cagak awak muga tansah jejeg Dimen isa ngadeg minangka pangarsa Sedulur sing manjing raga Tan ana kamusing lewa-lewa Ing tembe isa ketemu para pujangga Ngenam endahing kahanan swarga Sing kajanjekake Ing kitab suci Al Quran
99
100
Akhir Luso No
GEMATI Tansah tak elus Tak gelar selendang gumelar Resik memper sajadah dimen khusu’ Manembah ing GUSTI Pangelusku tan ana sarwa-sarwi sing winadi Kabeh ngegla Sinurung donga Linambaran pamuji mugi rahayu Lelaweyan gegem tangan sabaya mati Kinalungan rasa tresna Tinaretes manik-manik mutiara Kang gawe jenjeme ati Krasa eyup Edhum Tetembangan kumitir Salwiring upa Kumidhit pindha lambe ngetoake japa Ngidungake donga panjangka Mugya tinemu ing gumbiraning kolbu Dong-dinging ati kiyi Sing tansah gemati.
Srengenge Emas
KASETYAN Jegogke nggegirisi Pindha meriem ngesok kasantikan Jumegler bantas tumeka ing buntas Kang siyaga ngrojah-rajih Nyuwek jangka sing wis rinancang Durangkara Ing pangangkah gawe solah Dimen kaendahaning tembang tentrem Jinarah-rayah Asile kahanan bubrah Kamangka Ati-atening Kasetyan tansah sumandhing Jujur hanjampangi Sakabehing tlageyan sing wis dadi gawan Minangka klambi sing angel diuculi Awit kawit sekawit ngelmu kang jinejelake Arupa japa mantra kasetyan Jujur kudu tansah tinandur Disokake Kanggo sembur sing dadi lulur Kanggo mathis lan macaki Sapengadeg raga-raganing si ASU Kang tinulis ing Kitab Suci minangka Titahing Gusti sing ginandulan Sifating rasa setya lan manjinging kejujuran Sing tanpa pepindhan Aji-aji sing dadi siji
101
102
Akhir Luso No
Munggwing ASU Kudu tansah mituhu Mring kang paring kadonyan Sing nguripi Sasuwene nglakoni dlancanging donya Nganti tekan buntasing nyawa
Srengenge Emas
MANGSA KETIGA Jeriting precil tansaya njiwit ngujiwat Nelungake rasa emu Njerem biru erem Nyendhal jaja Njejag raga Angrerintih perih Anelungake tlutuh bening Anelesi pipi sing ora isa kumbi Dilewati sepur mili Kembang tembang sing mdhun seka ngawiyat Mencungulake rasa nglangut Dalan rumpil dilewati kanthi angel nyengkakake napas megap-megap akinging raga hanambahi leleting mecaki lelakoning urip abot sinawang anggone ngglawat nyeret sikil ngobahake tangan sasat sardula seta kang wus kentekan tenaga awit ananing kewan kanggo panganan ora ana dina iki wis ketiga ngerak tumetesing tirta panguripan amung ing wanci esuk nalika bagaskara durung mencungul ing donya kamangka ananing ora mingsra apa isa kapantha-pantha dipyurake kanthi wilangan sing padha? Dimen guyu iku warata Dadi kembang rinonce Sing ngrenggani mangsane dudu mangsa rendheng sing akeh banyu kanggo sambung laku
103
104
Akhir Luso No
ing kana lan kene tansah aking kang njalari gering sing gampang ngumubake kahanan mangaribawani tumekaning betarakala melu cancut taliwanda ngobahake raga padha ora trima tundhane padudon rebut ducung salang trunjang dadi congkrah lan peperangan ing antaraning titah sawantah precil-precil pada golek benere dhewe ing wayah ketig
Srengenge Emas
MACAKI GURIT BABAD TANAH JAWI : kang tinulis dening sugiarto sriwibawa
Nate tak waca pustaka sing sinerat dening sugiarto sriwibawa Paweh pawarta nalika ana crita Bumi mataram ana ing purwakaning ukara Sing cinetha limang perkara Minangka kaca benggala Kanggo tulada Nuladani isen-isening kandha Kandhaning seratan sing menjing ing sejatining aji isi Kang duwe surasa: Ing satengahing alas Mataram Ki Pemanahan sakadange padha babad-babad Wit-witan padha ditegori Gegrumbulan dibukak Gumuk-gumuk diratakake Lemah-lemah kang mluwa diurugi Rawa-rawa kang mambeg diilekake Pranyata laladan ing kono iya subur Wiji lan tetanduran kang ditanem enggal thukule Bareng alas Mataram wis katon padhang Banjur akeh wong saka liyan papan kang ngalih mrono Wewengkon Mataram dadi reja Ki Pemanahan nuli kasebut Ki Ageng Pemanahan Utawa Ki Ageng Mataram Senajan uripe wis mukti Nanging Ki Ageng isih dhemen mertapa Ngengurangi mangan lan turu Satemene Ki Ageng uga wis krungu riwayate Sunan Giri Yen Mataram bessuk bakal ana kang madeg ratu
105
106
Akhir Luso No
Ki Ageng duwe pengarep-arep Muga-muga turune dhewe sing duwe wahyu keprabon Cerita sing nembangake andhap asoring bebuden Sakeng sinudarsana sing pantes tinulat tinuladha Pinangka kiblat Sing hanglawehi Para kadhang ngudi kabecikan urip iki
Srengenge Emas
PASA Wedaring kandha Seka plethek tumeka angslupe surya Tutug kinancing Tanpa kelebon toya sega Diampet rasa ngelak ngelih Nguber pepinginan mulyaning papan ing tembe burine jinugrugan suwarga eyup manjing ing papan kang sinedya pasa ngancing guwaning pangan kuwi cetha nanging sing tinulis ing paugeran jeroning unen-unen linangkung gamblang rangketen sikil lumebu ing papan ireng bandhanen tangan nulis buku tanpa nganggo trapsila mata sinengkakake aja seneng nyawang cawete wadon liya grana pinangka pawehing Gusti uga aja kerep disilihake
ngambus haraming kaendahan ing alam merdika
samukalir sing tememplek cinandet kinrangkeng kinurung paugeran seta mung senenge dlancanging lelaku siyam tansah rinonce tetembangan nerak wewaler nantang pranatan kamangka wis katulis minangka kitab kang kudu pinercaya sumadiya neraka kanggone wong sing dek siya
107
108
Akhir Luso No
mring paugeraning leleku brata dimen pikoleh emas picis raja brana kang wis cumawis kanggo para titahing Jawata kang isa meper sakabehing hawa nepsu kanepson ala Pasa Tekamu ora dirasa Lungamu gawe krasa
Srengenge Emas
KADUNG Gumelaring jagad sumeblak Cinipta pinangka papan gladen Luru roncening kembang kumambang Rinakit dadya punjering ganda arum Omah kang nyawisake manis Tlatah kang tan kumbi sediya madu Darbek-ing pratitah sakwantah Kang nuhoni pepinginaning Maha kawasa Dene yen glupruting lendhut Sing ngandhut ganda mawut Pinilih dadi kanca Tansah kinanthi ngandi-andi Kepara dadi prewangan ing rina ratri Tangan liyan isih kongang kumlawe Paweh slenthik Kanggo pepiling Njiwit pinangka pemut Saumpama dadi tamba Mundur Nulya nggegegi lempenging dalan putih alus Tangis ora bakal tumiba Nanging yen ta playuning banyu peceren luwih deres Nggrojog tanpa isa direm Keduwung Mesthi dadi rerenggan sakbanjuri Mula tangis Klawan pangrintihing ati Banjur ora nedasake kitab pambiji sing wis tinutup Kadung ora isa dadi kunci
109
110
Akhir Luso No
NAWALA MRING PANGUASA Lumakuning jangka nggendring Rikat tanpa isa kandheg Tumuju panggonan ing langit nduweni krenteg ngesok rerendet penlikung rosa angel den sebratake awit gujengan sakayange kelet ukara rinakit mijil rasa baris kang ngandhut salwiring kahanan sing pijer temempel minangka grendhel nawala pinilih karep dadya sulih sarira ngudar sakabehing ruwet andharna terwaca pinangka jatining karep tumuli rinajang dadi jladren ing papan sing ginelar minangka sajadah kanggo sujud
Srengenge Emas
TEMBANG PAMILIH Laras playuning karep Ngenteni ora kanggo gawe Pindha deresing udan Nyandhet pepinginan Sigra mateni uruping geni Saupama pamilih wis tinemu Nulya hamemacak sigrak Nuhoni jejibahan Sing pada karo ateping ati Yen pingin milih iki Klasa kanggo dalan mesthine wis ginelar Nyoba mecaki dalan liya Genah sinipatan kleru Pindha nggugah macan turu Siung pamamah kang di asah Mesthi ngolet Amising ambu diuber tumekaning buntasing nyawa
111
112
Akhir Luso No
TAPIH DZIKIR Hamemajang wewangunan Kembang-kembang ginawe reroncen Kuning abanging minangka kaendahan merneni Nelungake rasa tentrem Ayem tumelung ing sasela-selaning kolbu Ora nambahi goreh Nanging nambahi resep lan swasana sing ening Binarung maruta kang mijil seka telenging kasuwargan jati Sing nyimpen tenaga Pangucap ngucap Dhuh Gusti Nyuwun peparing eling Piweling ingkang dumeling Dadosa ludira ingkeng tumanjem ing badan sarira Dhuh Kang Maha Wikan Teken tekaning papan Kasendhekaken dumeteng Panjenengan Luberna sih wilasa Saengga ruruh ririh tumindak ing jiwa-jiwa ringkih Lan ing kapan Pikir tumiyung lan mapan Dhuh Gusti Ingkeng Maha Welas lan Asih Asah asih mugi tansaha ginendhong Pinangka congkok Tinebihna saking doyong Saget jejeg ngadeg Dhuh Gusti Allahu Akbar Allahu Rachman Allahu Rochim Dadosna dzikir pinangka tapih
Srengenge Emas Bebet ingkeng saget nyumet murubing agni kautamen Wadag wadahing ruh mugi brukut kinemulan Wohing Tanda tandaning swara dzikir, tahlil lan tahmit Kasubya dadi manggalayuda Amrih lathi ora groyok Krasa sinogok Ananging lathi landhep nguncalake ukara La’ilaha’ilallah Allahuak’bar Sub’hanallah Astag’firullah Upami awrat nyebat Riwayat dzikir ora nyarira Apa meneh rumasuk ing angga Mesthi abot sing rinasa Dhuh Gusti Ingkeng Murbeng Dumadi Punapa godham badhe tumiba Dumateng jalma duraka Nrajang wewaler lan tata karma Dhuh Pangeran Ingkeng Pantes Sinembah Punapa latu badhe bakar Raga ingkeng tansah ngedohi kabecikan Dhuh Gusti Allah Paringana kawelasan Mugi dzikir dados tapih Kangge angreripih Ngerih-erih tumetesing tirta suci Ingkeng saget hanambani Ati dosa Saget nyawiji Sumuyut dumateng panjenengan Dhuh Gusti
113
114
Akhir Luso No
GURIT BOCAH NJERIT GENDHING PAMBUKA DALANG Jamane-jamane jaman edan Yen ra ngedan ora geduman Ananging sakbeja bejane wong ngedan Luwih beja wong eling klawan waspada
KOOR MANGAP BEBARENGAN Yen arep ngalor ya ngalor Yen pengin ngidul ya mangkata ngidul Yen bebarengan ngalor karo ngidul kuwi jenenge bingung Mbingungake lan mbebingung Madep manteb menther mancer lan munjer Ing punjer kuwi kudu diniyati Pringas pringis yen di kandhani Keplok ora isa nganggo tangan siji Isa yen sijine nganggo clemekan blabak Nyambut gawe mula saiyeg saekakapti Aja pating srantil dhewe-dhewe Holobis kuntul baris Holobis kuntul baris Wis kudune diindit lan digendhong Dadi getih kang mblabar Nelesi badan sarira lan jiwa
Srengenge Emas
GENDHING PENYELA DALANG Kocap kacarita ing negara Peteng. Memper karo jenenge negara, mega katon ireng thunteng angendanu. Pating krelap wandaning thatit. Pating jegler araning bledhek. Udan panas salah mangsa asring tumeka tanpa sraba-sraba. Jeriting jalma sawantah ngrerujit, njiwit agawe biru erem. Krasa lara njarem temunjem. Ing satengahing sanggan abot, isih dumeling tetembangan gumbira. Ana bocah padha gegojegen. Golek seneng, ngupadi gantineng werna ireng.
GENDING PANYELA GUMYAK Seneng-seneng ing negara peteng Oleh ora oleh kudune mesthi oleh Yen ora oleh jenenge sableng Apa bandha sing digul-gulke Tentrem adoh tebane Emas picis tan isa dipuluk dewe Lha kepiye? Tutug sing menga mung klebonan abab Awit upa lan empal padha lunga Nglungani para bincil sing pating jlerit Megap-megap Mbuh judheg
GENDHING KANGGO NJOGET Ho ho ho ho He he he he Hu hu hu hu Hi hi hi hi Ho he hu hi
115
116
Akhir Luso No
Ho he hu hi Ho he hu hi He he he he Leng geleng-geleng-geleng Nalika ana pitakonan ngenani samukalir ing Negara peteng Leng geleng-geleng-geleng Apa Negara iki reja Leng geleng-geleng-geleng Apa bumi pardikan iki mara-i nyamleng Leng-geleng-geleng-geleng Apa peteng iki padhang Ngguk-angguk-angguk-angguk Eh ora sida Leng-geleng-geleng-geleng Apa negera iki wis tumata rapi Ah prek ah ora ah prek ah durung Ah prek ah ah ah Apa negara peteng ora ana korupsi Ya ana ya ora ya ana ya ora Ya ana ya okeh ya ana ya okeh Dan edan edan edan Uedan Ing endi dununging pangarsa Yen wayah udan kangelan banyu Manggon ing ngendi jenenging manggalayuda Yen ana prajurit kepenyek-penyak lara ngaru-ara Dan edan uedan Kenapa lali kok lali purwa duksina Kang mahanani akehing panganan Malah marahi kalirenne liyan
Srengenge Emas Apa tetungguling Negara petang Duwe netra ning wuta watak wantune Ati tan kegut nyumurupi panjeriting kawula
GENDHING GUMYAK Ret eret eret ayo digeret Ret eret eret ayo digeret Seret mrana Seret mrene Seret seret seret seret Duilah Gusti Allah apa kudu sambat sebut Kawujudake nganggo nyuntak tenaga Nyeret ngeret-eret pengesuhing Nagri Dhuh Gusti ing sela selaning sela menapa seselaning rasa welas asih Kawula sing ngelak lan ngelih Apa kudu ngruda peksa Jamane pancen jaman edan Nanging trapsila kudu jinaga Aja nganti Lali purwa lan duksina Kawula wis kebajut kelindhes Para precil wis kebacut mecicil Ora usah rebut biada Nyeret para petinggen Sabar marang sing lali Istigfar marang kang wuta Donga pangarep-arep minangka banyu mujarab Kudu tansah kaunjukake Murih ati kang wis kebacut kegerus tumindak adigang-
117
118
Akhir Luso No
adigung sumingkir
KOOR SYAHDU MENDAYU Dhuh Gusti Kawula ora kuwat nampi Pacoban ingkeng awrat niki Dhuh Gusti pengeran mugi kersa paring Pitulungan Kawelasan lan pengeyoman Dhuh gusti Allah yekti Tan nendra tan lali Mring panyuwunan jati Kang wus ora kuwat niki Gusti Allah kula Mugi binuka-a ati pra pangarsa Mugi kerasa enggal ndada Kaluputan nipun Mugi enggal sirna Mboten ngidak malih Kawula ingkeng cubluk Dhuh Gusti pengeran Menawi para punggawa kagungen netra Menapa tumangkep netranipun Menawi kagungan tangan Menapa sedhakep sliranipun Menawi kagungan pamikir Menepa binuntel utegipun Menawi kagungan suku Menapa boten saget kangge mlaku-mlaku Menawi kagungan ati
Srengenge Emas Menapa kadamel saking watu Menawi kagungan badan Menapa ginawe saking watu beton Dene boten wonten rasa Welas asih ingkeng kasampiraken Ing angganipun para kampiun ingkeng kasebat pangarsaning negari INSTRUMEN/ GENDHING INTERJEKSI/ SMASH DALANG Daya-daya donga panggresahing jalma Kang tumiyung kagubet maruta mlintir muntir Ngubengake rasa-rasa rasaning rasa Banter buanter mencer menther njlarit muncit Maujud dadi gandewa kang siap nguncalake Cakra mimis mingis-mingis Hanelungake Dewaning jagad Nganglang kanggo nggarang pangarsa sing tan aguna Kauncalake ing neraka jahanam Sing siyaga mamah-mamah INSTRUMEN GENDHING BOCAH CILIKOKEH PADHA SURAK Hayo…hayo…hayo…hore…hore….hayo…. Prêt..pret…prêt…delengen ana kewan dibrongot geni Husssss…kae dudu kewan Kae wedhus ya Husss Wedhus kuwi ya kewan,takkandhani kae sing diobong kae dudu wedus Kae celeng
119
120
Akhir Luso No
Huussss Kae dudu wedhus dudu celeng ning kae kuwi he…he…he… Lho..lho….kok malah ngguyu ta? Munyuk Wong edan!!!!
NYANYI GETHUK Mrene…mrene tak kandhani Iya kae dudu memedi Nanging kae titahing Gusti Sing lali maring peparinging Hyang Widi Kae kae dudu Munyuk Lha sing kae ya dudu wedhus Sing kae dudu celeng Nanging kae menungsa ora urus Mula-mula njur di edus Nganggo geni sing panas banget Mula mula yo di tonton Kanggo ngelmu lan tuntunan Menungsa Pancen menus sing ngangsa Dowe bojo siji Isih kepingin limo Menungsa pancen menus sing ngangsa Duwe mobil siji Isih kepingin nambahi Menungsa pancen menus sing ngangsa Dadi presiden partai Pengin dadi presiden Negara
Srengenge Emas Ora urus e ora urus Pancen menungsa kuwi ora urus
DALANG Dumelinging lelagon minangka sengget ati kang njomplang Gage tumungkul Tumunjem ing ngarsaning Gusti Dhedeku mring Hyang Maha Wikan Semeleh-a-semendhe-a Ngaku-a pinangka Kodrating jiwa-jiwa kang krepo Tan duwe daya apa-apa Ing tembe isa uluk gunem:JAYA JAYA WIJAYANTI LEBUR DENING PANGA
121
122
Akhir Luso No
ATI JINIWIT Natkala tanda alok ngumandang Cenger araning swara dumeling Ing sadengah papan Nyeret alaming kothong ngambra-ambra Piker sing rinakit njlarit Tembung kang tinali singset Kongang udhar marani jlantraning Kekarepaning ati Sumedya dhedepe ing ngarsani Gusti Tumuli sumungkem Marang kekarone atunggal Kang wus mencungulake jebeng Nyumurupi kahanan ing madyaning bebrayan ageng Alam donya kang wus sinengker Minangka sadengah papan Ngesok kasantikan minangka jalma kang pinunjul Ing sakabehing jati Nalika ati jiniwit Kepingin nyuntak rasa pangrasa Lebur luber lan lebar Sampurnaning gati Sawise kakendhaleni
Srengenge Emas
LORO SING BEDA Ada sedulur cacah loro Siji dhuwur Dene siji nglambrah ing bumi Dhuwur ora amarga adigang adigung adiguna Klambrah bumi ora amarga tumungkul Ananging dhuwur amarga kasinungan sarwa-sarwi diluwihi Dudu kaluwihan kang ala Pindhane suket godhong dadi rewang Sing klambrah bumi Kenapa sarwa sarwi dadi mungsuh Tansah dadi rubeda Rereget tansah kasandhang Pindhane seka pucukaning endhas tumekan Bongkoting sikil Gusti beda pancen boten padha Ananing kenging menapa ing alam donya kedah sinampiran walikan Dhuh anglere sing kasinungan eyup Dena saeba panas lan getire sing binuntel kasangsaran Dongane mesthine ora beda Mantram awujud dzikir, istigfar,sholawat lan sak panunggalane Apa beda lambe Mesthi salin teges Saengga mahanani ananing loro sing beda
123
124
Akhir Luso No
SIMBAH Aku wis nate ketemu Selawe taun kepungkur Cagak awak sing mbok gawa Ginawe seka ati jarak Sliramu tansah tumungkul Apa kuwi wujud kurmatmu mring Gusti Kang Peparing? Pitakonan tansah lumintu Njejaki pikirku Saiki pitung puluh pitu taun umurku Ati jarak kanggo teken mu wis tak lintir Aku tansah tumungkul Ora amarga aku dzikir Apamaneh ngumandangake sholawat badhar Ananging ngenam pangentha-entha Saeba enake yen ana prawan mara nDaheba kemplinge yen ana wong mara nggawa bandha lan ndungklukku amarga balung sing maune kukuh saiki padha mlengkung dipangan dening mrambating unen-unen tembang ajek kang mesthi lumaku simbah kenapa aku kudu takon marang sliramu nalika aku mara menyang papanmu turu pasarean Gondang sing ayom ayem ora luwih aku pingin mangerteni ndungklukmu saeba aku isih pengin nyecep sesorah lan wewarahmu nalika ndungklukmu beda karo aku
Srengenge Emas
SAEBA ENDAHE Nalika ilir araning manungsa Ndlir memper semut ireng luru pangan Kabeh pada ing sedya Tumuju ing papan rata Dudu ara-ara masyar Ananging alun-alun lor kutha ngayogyakarta Ewon titahing gusti Ngrasuk busana sing edi peni Lungguh jejer Anuwuhake werna sing nggodha Putih memplek Kang mijil seka klambi koko Lan rukuh kang sarwa seta Tumuli dumeling swara Allahuakbar 3 x Laaillahailallah Hu allah Hu Akbar Allahu Akbar Wallilahilham Makaping kaping Nuli sawise jam ngepas tabuh pitu esuk Imam takbiratul ikrom Allahuakbar Edan jian kabeh isa dipimpin Melu takbiratulikrom Semana uga nalika ruku sujud lan sakpanunggalane Rasa sing kajiwa kasarira Jebles pada Ora ana tembung dhisik-dhisikan Ora ana ukara sing beda Alfatekhah kabeh alfatekhah Nanging pitakonan sing tansah ngede ledel urip Geneya ing tanah perdikan iki isih akeh memala
125
126
Akhir Luso No
Nalika macul laladan gemah ripah loh jinawi Pindha pitik eker-ekeran sakayange Kenapa ora pada nalika sholad ied Isa bareng saiyeg saekakapti Munjer ing sedya Tumuju ing Sang Hyang Wenang Pitakonan sing tansah mili ndlidir pindha banyu mili ing satengahe samudra amba kang embuh arep mapan ing endi
Srengenge Emas
APA IYA Apa iya ngabotohan kuwi migunani Menang kuwi sejatine ora kalah Apa dudu menang kuwi sejatine kalah Rasa seneng minangka rasa ora sedih Isa sejatine rasa sedih Maju apa sakbenere maju Sapa ngerti kuwi malah mundur Sugihing ngabotohan Sejatining mlarat-mlarating mlarat Ngabotohan pancen enak semu Yen diemut manis Yen diulu mbilaheni Apa meneh yen nelesi Bebayuning badan Dadi durjana Sing ngosak-asik Tatanan becik ing angga
127
128
Akhir Luso No
PITIK Sumunaring cahya Ngrenggani Rinasa teblat ing pangudi Karya karyaning jalma Kang ngeker-eker pawuhan Nggoleki sisaning jalma Yen wis antuk nuli cluluk Mencungul sipating embok Sing kajibahan ngupadi upa Kanggo winih-winih sing diajab dadi penerusing laku lakoning lakon minangka pengesuh pitik tansah gupuh nyangga jejibahan kanthi puguh den rewangi ngilangake rasa adem panas nyetitis lan keborehan sumeleting sang surya tan rinasa kang kaudi rasa wareg tumraping kuthuk piker tumuju alaming manungsa pitakonan ngujiwat ing tlapukan mata menungsa minangka titah kanthi sethitik kekurangan apa isa niru babon ngrungkebi ngeloni kanthi tohing pati marang anak-anake?
Srengenge Emas
LAWANG Dalan kuwi dudu lawang lawang kuwi dalan lowongan kanggo liwat dudu papan sing kudu disingkiri apameneh disiriki didohi uga dienggati kamangka yen dalan sing diliwati ora ana liya sing didalani mesthine garis sing ginaris dadi margining tumuju tlonjonging pangangkah senajan akeh pirang-pirang bolongan dudu dalan ora bakal diliwati amarga malati lan ndrawasi
129
130
Akhir Luso No
ENING ENUNG ENENG MENENG Ening enung eneng meneng mingkem rapet lambe tan kumecap dennya dilem abap tan kumlebet ambegan munggah mudhun hawa mili gonta-genti kadya nyawa sing tumanjeming angga manjing ajur ajer kajiwa kasalira ayom ayem puja puji pamujan manekung manjing ing papan horeging kayun sing adreng nyurung hanyipta enung enenging meneng mantra mantram mantha manther tumuji ing buntasing donga donga tulak sarik
Srengenge Emas
NALIKA ATI KAJIWIT KATREANAN IRENG Setan ora doyan Dhemit ora ndulit Celeng goteng manggut-manggut Ora nginang ora udut Yen nginang kejengkang-jengkang Yen udut kepentut pentut Dom ana silite Gandhen ana ndase Pupu ana sikile Katresnan ana irenge Ireng sing ngejejer dudu sabaene ireng Ananging cemanining bleger uga ati Kang wus binasuh dening adat saben Tinambahan cengering jabang bayi wus anyebar werna ireng Ora mokal yen ireng semampir ing ngendi papan Ana slintru Ana lawang Ana lemeri pakean Ana senthong ana pawon Ireng-irenging ati thunteng Sing nguncal-ake katresnan Tinampanan dening ati kang putih Tresna ireng putih Uleng Lelangen ing samodraning hawa napsu birahi Kang anjola Nglunjak tanpa katedhengan dening apa-apa
131
132
Akhir Luso No
Sasap nguja nepsu Tan tau nemahi kesingsal ing andom katresnan ireng Dalan kang pinecakan Arupa dfalamrumpilsing nggembol krikil-krikillancip Sing rinasakake mesthi nggawa memala Ndilalah kersaning Gusti Allah Badharing dlancang katresnan ireng Kudhu kawiyak kanthi emu erem Kongang hanyengkakake Tuwa-tuwaning jalma Sing sinebut tiyang asepuh Sinegeg tri warsa Katresnan ireng gumuyu sora Rumangsa menang Njajah pawongan jalu klawan pawestri Njogeting kidung-kidung katresnan ireng
Srengenge Emas
GURIT Nyuntak kasunyatan pancel angel Plinteng sing sineret Sinawatake mimise mlesat mesthi bantere Yen ngenani manuk mesti mecicil Ananging apa kudu ngono? Pancen ndrawasi Ngegla Kenapa tan binuntel nganggo gurit Ukara kang ginawe mubeng Linambaran kasantikan manteg aji Nglena Binesut ukara cetha Dadi alus pindha Mrica kang tinutu Dimen sumpulur kanggo nambani Lelera kang wis ngidak-idak Jiwa-jiwa sing lara Gurit paedah mu bawera Sapa kandha kowe ora isa dadi bom? Pra nimpuna kawit duk ing uni Gawe papan mirunggan kanthi sinungging ukir ukara dadi sanggar pamujanmu
133
134
Akhir Luso No
ENDAHING MEMITRAN Alusing pangucap Tinampa ati kanthi anyes Anelesi kalbu sing goreh Ngupadi mitra sejati Natkala ana netra nguncalake sunar edhum Rirising ati kiyi pengin hanampani Lubering sih katresnan Saka mitra Kang murwakani memitran Kanthi endahing ukara
Srengenge Emas
PASAR BERINGHARJO Babut sing tak lingguhi Ora krasa nyunduli bokong Kang kongang njenggiratake lelamunan Sing ngenam prastawa Bocah cilik diuber Wong sa ho hah Playune sasap dhemit Nylempit ing sangisoring rok pawongan lemu Cingak wong sing playon nyaketi Buron ilang Wong sa ho hah bubar Ing papan iki Lungguh babut Ngedep tivi layer datar ukuran big screen Ana nyamikan Dikancani wanodya ayu Anak cacah telu Ing garasi baleno lan Toyota avansa Gumuyu wong seketan taun kelingan Nalika wong lemu mung pringisan kesundhul endas bokonge Nanging rumangsa kudu nulungi Bocah sing meh mati digebuki wong sa pasar Beringharjo Ing wektu riyaya iki Sukidi pengin banget ketemu wong lemu Ing ngendi sliramu saiki
135
136
Akhir Luso No
DOSA Apa ing riyaya iki Bakal lebur dadi glepung Alus kang ora ilang Ilang tan ana tilase
Srengenge Emas
GUNUNG KIDUL Ing gunung sewu Mata keduten Ati kumlesar Ing wektu ratri Jam rolas ing tengah bengi Gusti nguncalake banyu mili Deres anelesi bumi Apa tangis ku iki isa anambani Minangka jebeng sing wis lali Mring papan wutah getihing jati Suwe lakuning sedya ngliwati dalam rumpil Mula apa telat yen ing wayah iki Lagi kelingan papan Kang dadi seksi Nalikaning cenger jabang bayi Nyuntak swara ngebaki bumi
137
138
Akhir Luso No
WONG MBARANG Siter nyuwara nggelese Yen ing tawang ana lintang tembangane Sumusul guyu kang lunyu Mencungul saka Sa sela selaning untu gingsule Renyah ngresepake ati Sekar kang ngunandhang ora ngatonake Yen ing mburi Anake panas njaluk diborehi Kanthi resep dokter Sing regane ngawiyat Tan kaduga Nanging tembang yen ing tawang terus lir gumanti Tetembangan liya Terus-terus-terus Mecaki playuning bengi Ing pangkoning latar amba Pakualaman
Srengenge Emas
APA KUDU NGONO Urip pindha ning roda Sedhela neng ngisor Sedhela ing dhuwur Apa iya Usrok tansah nyengkelit ukulele Kanggo nembang ing bis antar kota Kapan rodaning uripe si Usrok Bakal ngglundung Ing dhuwur Apa malah Usrok saiki lagi urip ing dhuwur O alah Saeba tangise dadi pengamen kuwi wis ana ing rodha nduwur mungguhing Usrok Banjur yen rodha urip lumaku?
139
140
Akhir Luso No
RADIASI HP Halo sayang ku tunggu kamu di terminal Jombor ya? Ok! See You! Thit…thi..thit… Aq hmpir smpe, tggu ya! Ok! Muachhh! Rambut ireng ning sejatine putih Uteg waras ning sejatine kenthir Mata weruh kenapa ana Kobutri di tabrak Isih duwe unggah ungguh Kenapa karo Pak Kepala ora aruh-aruh Isih isa ngucap Ning kok sms nalika undang-undang kenduren Duwe kuping Senajan kupinge budheg Awut nalika diundang ora mingset Isih tetep iwut mijeti tuts hand phone Radiasi bab sing nggegirisi Dudu mung kangker otak Lan rambut brondoli Jantung seseg lan paru-paru mengi Ananging radiasi HP ing wektu iki Ngilangke sopan santun Budi luhur lan tutur ora nglantur Urip mingkur Ing sangareping Gusti HP tekamu nggawa memala Yen tan isa nyandet sakehing panjaluk nalisir
Srengenge Emas
SEDULUR SINOROH WADI Kuninging cahya rembulan sing katutupan tembok Minangka cahya sing tan tinatap netra Buntelan sing linebokake ing kotak wesi Uga tan isa kaseksenan dening mata Kabeh mau minangka ukara sing tan awujud Ora ana sing isa mbatang apa isine Yen ing pucuking dalan Ana sing nyaketi Ngajak mbangunomah aran memitran Panlesih pancen kudu Mitra memitran Darbe undha-usuke Ana werdi ing saben papane Mitra kinasih Kanca kekancan Utawa mitra kang nduweni talening rembug sing mageri Ana sedulur sinaroh wadi Ati kang mapane ing njeron badan isa kengerten warnane Mitra sinoroh wadisemana gedhe maknane
141
142
Akhir Luso No
LEMBAR KAPISAN Bali dudu papan sing wis diorek-orek Kanthi mangsi ijo ireng klawu ungu lan abang Nanging bali kuwi kahanan Resiking ati Sawise rinangket setan sasuwene sasasi Lembar sepisan Nuli kawiwitan Sasuwene setaun buku catetan kawiwitan Yen kandele satus apa arep tekan sangang puluh sanga Apa buntas tekan ing sedya Satus wilangan genep Kanggo mungkasi ukara Yen tekan sangang puluh lima Apa isa disaur ing wektu liya
Srengenge Emas
APA KUDU MALES? Nalika suwunge wengi kapecah dening crita Banyu bening hanelesi pipi kiyi Mili sakeheng dongeng Kang nyendhal ati Awit crita sing rinakit nggawa waspa Kasunyatan sekeng lan lelakon kesiya-siya Saka akeh-akehing pawongan kang duweni watak golek dosa Prastawa kawuri Nunjem ing ati Njiwit njuwinglan ngremet tanpa tidha-tidha Kasunyatan iki Apa kudu mencungulake Tandang sing nyata? Males wong sing seneng milara ati lan badan kiyi Dhuh Gusti wonten pundi ta dununging pethak Yen kadurjanan kedah aben ajeng
143
144
Akhir Luso No
SIMBOK Ing antaraning urip lan matimu aku jumedul ing padhanging donya Aneng jarikmu aku ngglongso ing pangregeming tanganmu kowe uwat lan ing penjejag-e sikilmu uwat aboting rasa lara nanging tansah kairing donga pengarep-arep jabang bayi kang lair bias-a rumangsa dadi bocah sholeh migunani tumraping nusa lan bangsa kudu ora lali mring agami simbok mula yen sikilmu resik amarga tak ulapi jeneng wis lumrah ing pangrangkuling welas asihmu aku isa gedhe mula yen kowe cedhak benget tumraping aku wis lumrah saupamane luwih tak suyuti tinimbang mbokne dhenok uwis sak mesthine simbok siji sing tansah tak bundheli kowe aji-aji
Srengenge Emas
TIVI Bandha aji Apa barang bubrah Yen aji kenapa menehi kawruh slangkrah Yen bubrah kok akeh ulama kandha Yen migunani kenapa ana anak wani murang tata Ananging yen tan miguna Kenapa akeh koruptor pemerkosa lan perampok keplantrang ing kamar wesi tivi
145
146
Akhir Luso No
RADIO Jaman internet Apa isih duwe wisa Anggungmu apa isih ngedap-edapi Pambengokmu apa isa njewer Panggetakmu apa isa ngantem mata Rikala semana pancen aku percaya Kowe bisa nekuk wesi waja
Srengenge Emas
147
ALUN-ALUN LOR WAYAH BENGI Cumlorot cahyaning lampu Madhangi alun-alun lor ring wayah bengi Lemah pasir sing kepidak paweh warta : Jaman wis ora padha Rikala semana isih ana slimut suket sing ngancani Saiki lemah sambat Kademen Kepanasen Biyen suket isa dijak crita saiki dipeksa pisahan dening pokal manungsa Bocah-bocah mbejujag tansaya ngambra-ambra Pacaran ora ngerti rasa Ngundha hawa Gawe nangising ati Andom katresnan Tanpa rasa isin hanglawehi : Alun-alun lor wayah bengi Kapan isa bali kadya ing uni
148
Akhir Luso No
NALIKA ADZAN DUMELING Ing wanci kiyi Tangis adrengku pengin ketemu Marang sejati sing tak udi Kapangku wus muncit Kepingin gegojegan Ing mangsane aku kudu tumandang Mubeng minger tak goleki Kenapa saya ngedohi Ing ngendi dununging rasa kumlesar nalika Adzan dumeling Sinambut dening mega kang playon ing ngegana Nuli cancut tali wanda Njrantal mring kraton Sing rinonce tembang kembang dzikrullah Ati iki pengin tak suwek-suwek Tak rajang dimen kapok Dupeh alaming demokrasi Kumawani ngedohi gandhulaning urip sejati Aja lena ati Yen wus tekan mangsa tapa brataku kodal meper hawa nepsu Tak tlikung sliramu Dimen dhedeku sangarepe Sang Hyang Wenang
Srengenge Emas
ALUN-ALUN KIDUL Baweraning papan Pindhaning sajadah kang ginelar Rapi nyeret karep antep ing ati Njangkah Lungguh gumregah Ngudar gagasan ngesok panemu Kanggo ngubengake Antreaning karep Nyurung ngrembakane sastra Jawi Gurit lan cerkak gladen sandiwara Jawa Rita Nuryanti Tansah sarujuk nalika semana Angina tansah ilir Ngaras pipi Nyampluk rambut kang kumlebet ing pipi Swasana ngrenggani tan mungsuhi Ing uni Nalika saiki Wolak-waliking jaman Malik grembyang Akeh bendi Lan tlonjong ing ekonomi Papan bawera Dadi pitakonan ing ngendi dunungnge?
149
150
Akhir Luso No
NGAYOGYAKARTA I Punjer Puser Jejeg Rajeg Paku Ing Bumi
Srengenge Emas
NGAYOGYAKARTA II Apa kudu diwuruki Para pinunjuling negari Awit kang di arah dadi keblat Ora isa tamat Nyinau buku kang isine pangiket Kabudayan sandhangane Pendidikan dadi kondange Kota pahlawan sayektine Daerah mligi kuwi kudune Keblating keblinger dene Merdikaning pamikir wening muga tansah kasandhing pra kawula cilik kang duweni melik aja dipeksa mujure ngalor kenapa dikon marep ngidul bali mula bukane dadi unen-unen minangka sejatining sedya
151
152
Akhir Luso No
SINGLON Sanepa sanepan Byak mbukak durung binukak Kang dinulu dudu sejatine Kanyatan cetha dudu tenane Apa anane isih binuntel rapet Dadi adat istiadat sing turun temurun Mula sing nyipati asring gumun Crita paneges katon wanodya Jebul sejatine priya Pangripta Kenapa kayungyun marang singlon wadi kenapa disenengi ora mbuka ananing asma sejati
Srengenge Emas
GUNEM keris bisa dadi mimis Landhep pindhane lading Mincris mbilaeni yan tumunjem Dudu tali sing kongang gawe mati Nanging Yen menculating ukara merak ati Bisa gawe ayem Adem Alon Alun Angleh resep Kajiwa ing balung sumsum Sumusup merbawani ati katut Nyuwarak-akete tembangan gendhing gumyak Sigrak kebak puja pamuji landheping sedya Nuhoni karya Kanggo ngranggeh pangimpen Dadi kanyatan Gunem minangka welat Kang piguna lan a-miguna Guna gunem guna migunani amiguna tan migunani
153
154
Akhir Luso No
DRIJI pancen ana paedahe yen ana siji kurang kadigdayane yen ana loro tambah sithik kasantikanne loro ditambah siji cetha telu wilangane nambah greget yen nyambut gawe apa meneh papat lan sakteruse patoan dadi bijine yen mlaku aja dhewe-dhewe bebarengan mesthine luwih entheng nggawa sanggan tanpa memitran pindhane semut siji nyurung bathang cecak yen mingset ora ana sakpecak holobis kunthulbaris saiyeg saekakapti kudu dadi talineng driji nyambut gawe ora pating srentil driji siji ora gawe sentosa malah pitenah sing ditampa sinawang memper prajurit jothakan lan jotosan barang cilik isa disaut sing gedhe isa diangkut
Srengenge Emas
RAMBUT Semrawut Rai alum lungset Ngrusak umur Rejeki adoh Bojo gela-gelo pelo Rapi Dirawat asri Ndedawa nyawa Pasuryan sumringah wulu wetu gemlethek uwan tuwuh minangka tabuh ngelingake lakuning donya wis tuwa playuning raga tansaya krepo wernaning getih wis malih eling wanci wis kinunci kodrat natkala tinulis ing gantrane catetan nyata ing kitab kacetha mokal uwal
155
156
Akhir Luso No
PIWULANGE SIMBAH Nderek langkung nalika liwat ing sangareping liyan Kula nuwun nalika mara tetamu Matur nuwun nalika nampa bebungah Wala-wala kuwata nalika nampa pacoban Ngalah dhuwur wekasane Menangan ajur pungkase ana wong dhuwur ora perlu ngluwihi ana wong endheg prayoga dikancani adigang adigung adiguna dudu watak satriya miliya andhap asor dadi kanca diantem tokna dipidak jarna Gusti ora sare : NGGIH MBAH
Srengenge Emas
WONG EDAN Huwe huwe huweh Ha ha ha ha Hus wong edan ha ha ha Nang ning nung ning nang ning nung Ning ning nong nong gong gong Blangkedak tung tung He he he he he Dadi polisi kok ora oleh yo ben ta Siap grak maju jalan Tegag grak Kadar kadar kadarwatiuayu tenan sliramu Ayune tumpuk undhung Rena tak ambung We we we wuk wuk wuk wuk Uihhh kesel Hgrokkk hgrokkk hgrokk Wah jian donyane wis rusak Amarga akeh wong edan Mosok wong sakmene akehe sing waras mung aku dhewe Kabeh dha edan Hua hua hua hua hua hua hua hhha ha ha ha Ngk ngk ngk ngk ngk ngk Oalah Guasti arepdadi polisi kok ora oleh Siaap grak Tegak grak Bubar jalan Tuk wak ga pat Tuk wak ga pat Tuk wak ga pat Tuk wak ga pat
157
158
Akhir Luso No
BUMI Seser muser Milyartan taun lumaku kanthi ajeg Ning saikine Apa baut mu isih bakuh As banmu isih kukuh Rasane kok saiki wis sender Apa amarga tansah disiya dening manungsa Sing ora kasinungan ngrumat Mung ngendelake watag angkara Ngguwang sampah ngambra-ambra Yen sinawang ban mu wis wiwit grepes Alus amarga tindak durjana Negori uwit tanpa tepa-tepa Ruji-rujimu uga uwis lokro Udan asring salah mangsa Gujenganmu uga kendho Diogrek-ogrek tumindak candhala
Srengenge Emas
PIWELING DUMELING Lembaran kabiyak Mbukak catetan cetha Tinulis ing saselaning larikan Ukara piweling Kang wis kluwus Tininggal dening para nimpuna kang Cancut tali wanda njrantal nyaketi kursi mbilaeni pra pinunjul pengin nggayuh pepinginan sekeng ing akherat madu semuning donya piweling piwelingmu ora rinungu mbudheg senajan durung budheg wuta senajan kagungan mata dumeling galik-alik tan ngegutake sengguh luput ora mingkuh tansaya banter playune mapag perang gedhe rebut biada ngranggeh kursi mumub sing sinengkakake dadi rayahan sak-katogke
159
160
Akhir Luso No
AMPLOP Barang siji kang saiki aji Yen arep ngalor kudu nggawa amplop Apa meneh yen kansen karo wong arep ngidul Amplop mati ning urip Isa mbengok yen diiseni sithik Isah gumuyu yen akeh Amplop isa nggolekake gaweyan Amplop isa nyulap Amplop aji timen awakmu
Srengenge Emas
NEGARA APA-APA Ngadeg Lungguh Nyambut gawe Nganggur Mangan Ora mangan Demokrasi Undemokrasi Agamis Sekuler Priya Wanita Wandu Golput Duwe pilihan Isa Ora isa Iki Negara apa-apa Ampuh ta?
161
162
Akhir Luso No
ARIWARTI LAN KALAWARTI Sliramu priya lan wanita ya? Ariwarti genah wanodya Kalawarti apa tuggal karo kala srenggi lan kalacakra Welha dalah ganda arum mbok babar Mblabar Mangambar Arum pindaning lenga kasturi sing sinuntak Pra pandhemen sastra Jawi mesem Eseming ngujiwat ngebaki lambe Mrentul banyu bening anelesi Kanggo ngesok pangrasa mongkog Deni wiji kang rinacik dening tangan emas-e Ana tebane Papan nandur winih sing kaajab bisa-a tuwuh ngrembaka Anut alluraning ajeg-ajeg Kanggo nangkarake tulisan kebak ngelmu Sing nerangake thek kliwer Samukalir sing ana donya
Srengenge Emas
MANTRA PANLESIH Watu muni Kayu kaku Mbukak wadi sing sinandi Mengkeret Wedi Bungkem Mingkem Meneng Mantra mantraming panlesih mujarab alus ning teges tegel katon angler tan krasa minangka kunci mbukak cangkem mingkem tembus ing kalbu muntir panggujeng kenceng malih jatining blaka tan kwagang nampani japa awujud mantra pamikatsih alus anglering panlesih
163
164
Akhir Luso No
MIJIL Apa sliramu duwe paraning sangkan Yen lor sangkan paranmu Kenapa sliramu mencungul saking brang wetan menawa siji-sijining dalan guwa garbaning simbok Kenapa Sukarno lan Hatta dadi plokamator Apa iya mung major lebel sing bisa nguncalake Nidji lan Letto Ing plataran bawera jagading tembang bocah enom Mijil Yen winawas cupet mbebingung dongko-kayangmu Saupama pamikir tansah diundha tibamu bisa saka pucuk lan ngepok Mula mijil mono bebas miwiti Tan winates Buntase aneng lambe
Srengenge Emas
SASTRA JAWI Sampah menawa ana sing ngarani Apa isa dadi emas Gumantung ing centhelaning karep Diselehne ana ing ngendi tan mokal pinajang minangka barlean Sing edi Sarwa-sarwi bali marang sing ngarani Slintru apa isih karep awakmu kanggo turu Awakmu dadi pencokan Sing rinengga manis Ukara mathis Kang siyaga masang swiwi Dimen menyat saka araning panelangsan Wong sing adoh saka sipating satriya
165
166
Akhir Luso No
HOREG 27 MEI Hu Hu Hu dadi Hais Prek Ha ha ha Thatit ora kumelap Bledhek semana-a Horeg hoyaging bumi sing pinidak jalma Gedung lan gunung Krasa Ndrodhog kontal mental Menculat Mencelat sakabehing tatanan Lemah bengkah Gedong bubrah Dalan binelah Gunung umum Banyu kadya jladren Brug araning meja lan bata Simbah ora ana Pating jlerit mlayu salang trunjang Tuit tuit tuit Ambulance mengidul Banjur lumayu mengalor ilir memper semut geni Soraking umating Gusti umyek memper gabah den interi Playon golek slamete dhewe-dhewe Kepara ana sing ndeprok Lembene ndremimil: Dhuh Gusti paringana slamet Dhuh Gusti kula badhe tobat Dhuh Gusti Dhuh Gusti Dhuh Gusti Hu hu hu huh u hu
Srengenge Emas
167
: th l 2007 : th II 2008 2008 wayah bengi Ing kawasan sarkem Guandrik Atusan lambe abang pupu sepasang regane diobral Ewon jago belang nyucuki tempa garing goring lan baceman 2008 wayah bengi Ing alun alun lor Dhubilas setan akeh bocah enomandom katresnan Rodha loro dingo encot-encotan 2008 tengah wengi Ing pinggiring dalan cedhak terminal Giwangan Mata mlolo Endas gedhek-gedhek Donga ndremimil jebul wis dadi Hais prek hua ha ha ha ha
168
Akhir Luso No
SEDYA Muserrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr Serrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr Endog amun-amun Punjer Lappppppppppppppppppp Peteng Ora krasa Mati Petttttttttttttttttttttttttttttttttttttttttttt Kothong Suwung Gothang Bali Angel Bali Angelll Baliiiiiiiii Angelllllllllll Baliiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii!!!! Ora sida mati Sedyaning Gusti Isih kepareng nyumurupi Padhanging donya iki
Srengenge Emas
SALAMAN Yen jiwa durung isa tumungkul Yen nyawa durung isa ngalahake napsu angkara Menawa durjana isih mili ing ototing angga Yen kamurkan isih kasarira Aja mung tangan ketemu Salaman tan guna Awit sejatine Salaman ati luwih krasa tinampa Tinimbang salaman tata lair
169
170
Akhir Luso No
SWIWI Mega kang duwe swiwi Apa bisa wadal iki mbok gawa Onclangen Kareben musna Abot sanggan ing pundhak iki Ajaken mabur Ngumbara ing alaming swiwi
Srengenge Emas
GURIT MUNAJAT Dhuh Gusti tumungkul kawula mring paduka Boten wonten kekiyatan Ing badan sarira kawula Ringkih Cilik Krepo Boten kiyat menapa-menapa ing sangandap paduka Menawi panjenengan kagungan kersa Boten bandha boten nyawa Tembok raseksa boten kwagang mbadal dhawuh paduka Mila dhuh Gusti Pangeran sesembahan kawula Menawi luh menika netes ngaras nelesi pipi Boten wonten tandhinganipun kalian joget kawula ingkeng murang tata Dhuh Gusti kawula nyuwun pangampunan nira Ing papan menika Kawula nyadhong sih lumunturing katresnan paduka Mugi ing dinten riyaya menika Sedaya lepat Luput ingkeng gluprut Borehi badan sariranipun kawula Sageta binasuh Saengga lepat kawula sae dumateng paduka Sumrambahipun dumateng para pimpinan Lan para kanca Sageta kalebur ing ari kalenggahan menika Dhuh gusti kula dhedhepe dumateng panjenengan Kawula sampun jag-jagan ing kraton paduka Gusti kawula nyuwun welas lan asih Supados ing wekdal ngajeng
171
172
Akhir Luso No
Saget lumampah Mawi margi ingkeng lempeng Margi nggronjal siningkirna Tumindak culika tinebihna amin
Srengenge Emas
Bigrafi Pangripta
173
Akhir Luso No, S.Sn lair wonten ing Gondang, Ngawis, Karangmojo, Gunung Kidul 25 Oktober 1970. Alumni ISI Yogyakarta Jurusan Teater Tahun 1998. Sakderengipun wonten ISI nate ngangsu kawruh wonten sekolah Perhotelan, Nyantrik wonten Akademi Teater Film lan STIE GAMA nanging mboten rampung. Sakmenika nembe ngangsu kawruh wonten ing Program Pascasarjana UST Yogyakarta . Nate makarya wonten Slomoth Restaurant, Prambanan Restaurant, job training wonten Batik Palace Hotel lan nate dados penyiar lan reporter wonten Radio Arma Sebelas saking tahun 1992 dumugi tahun 2004. Nate kiprah dados pengurus sawernaning organisasi kadosta: anggota divisi humas lan media massa Lembaga Advokasi Pers Indonesia, Anggota PWI, bendahara Forum Silaturahim Wartawan Muslim Yogyakarta, Sekretaris Pelaksana Harian Yayasan Ronggowarsito Yogyakarta, Ketua Sanggar Sastra Jawa Bantul. Sakderengipun dados PNS wonten PPPG Kesenian Yogyakarta nate kiprah wonten partai politik minangka sekretaris umum DPC Partai Bulan Bintang Kota Yogyakarta nate dados Caleg DPRD Kota Yogyakarta. Buku kempalan antologi kaimpun wonten ing buku Filantropi, Panjurung, Reportase Code lan Kumpulan Cerkak Pemilu. Asring dados ketua panitia kegiatan jumpa monitor rikala taksih wonten Radio Arma Sebelas. Asring nyerat wonten ing mass media kadosta, Majalah Djaka Lodhang, Mekar Sari, Eksponen, Minggu Pagi, Kedaulatan Rakyat, Bernas, Republika, Pagagan. Nate kakirim minangka utusanipun PPPG Kesenian Yogyakarta dateng Universitas Kesenian Jerman (UDK) sesarengan sedherek Eko ‘ompong’ Santoso. Sadangunipun ambyur wonten ing kasussatran Jawi nate sasap wonten ing Kajuwaran maos Geguritan
174
Akhir Luso No
tahun 1996, 1997, minangka juara 1, nate sasap rikala ndherek Lomba tulis geguritan tingkat DIY – Jateng ingkang dipun adani dening Radio Lusiana Number One Semarang, sasap wonten Lomba maos novel berbahasa Jawa wonten kepatihan minangka Juwara III. Sasap wonten Lomba Tulis Cerkak Minangka Juara harapan I tingkat DIY, nate ugi minangka juaran harapan I lomba orasi politik ingkeng dipun adani dening DPD Partai Golkar DIY, dll. Sakmenika mapan wonten ing Cebongan, Ngestiharja, Kasihan, Bantul Rt 11 Telp. (0274) 618 381 Hp. 0856 4321 1309. Pinaringan putri tiga, 1. Salsabiliia Amiyard Siwi 2.. Salsabilla Amiyard Siwi 3. Denting Azzahra Pinasthinastiti. Lan gadhah ‘pengendali’ ingkeng sabar lan ngemong inggih sisihanipun ingkeng asma Marfuanna.