DAFTAR IRAH-IRAHANE GEGURITAN No 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28 29
Irah-irahan Geguritan JALMANING TEMBUNG GANDA ARUMING TEMBUNG SINANTHET TETEMBUNGAN LELAKON TABUH WANCI RATRI WIGATI MIJIL JALMA LIPAT NGUPADI LELAKU JEJERING ATI LANTIPING BATIN KANGEN IMPEN TITAHING RASA GODHA JATI JALMA PINASTHINING JALMA PAMBUKA JATINING JALMA SUWUNG SESRAWUNG LUMAKU LUMRAH KEBACUT WUNI PITUTUR 1 PITUTUR 2 JARE WONG TUWA AJA LIRWA PANGELING-ELING NENG NING NUNG RASA PAMULANGAN WISIK ATI 1
30 31 32 33 34 35 36 37 38 39 40 41 42 43 44 45 46 47 48 49 50 51 52 53 54 55 56 57 58 59 60 61
URIPE MANUNGSA NGLANGUT NEMU TINEMU KACIREN UNEN-UNEN BANYUWANGI NGANGENI BANYUWANGI SING MBOSENI NGLAKONI URIP ILIRING MANUNGSA KEKANCAN SEJATI KEGEDHEN RASA PANGAYOMAN AWOH AWEH PRITHILING RASA TANPA DZIKIR JALMA LUHUR NGGAYUH RASA TUTUH PANGAWIKAN CAHYA DEWANGKARA BUNGAHING ATI BEJA NGATI-ATI SABDA NYATA URIP KEPENAK GOLEK WERUH PAKEWUH AJA PENGKUH AJA GAWE MALA KEDHERING ATI KEKANTHEN 2
62 63 64 65 66 67 68 69 70 71 72 73 74 75 76 77 78 79 80 81 82 83 84 85 86 87 88 89 90 91 92 93
MANUNGSA UWOTING RAWIT MEMAYU HAYU NGUPADYA URIP SEJATI NGUDI KAWRUH TIRAKAT RAMPUNG MANUNGSA TALI RASA SIPAT ALA KETULA KETALI AJA KAKEHAN AJA AJI MUMPUNG LAMUN PENGGALIH KEBLINGER AJA PIJER PEPAK ATUR TARAK ATI KANG NGATI-ATI JALMA MULYA RINA WENGI URUB URIP BIYUNG ING RATRI SATATA SATITI UNINGA MRING DARMA PAKARTI TREPSILA AJA SOK NDUWENI ORA SUWUNG WENGI IKI 3
94 95 96 97 98 99 100 101 102 103 104 105 106 107 108 109 110 111 112 113 114 115 116 117 118 119 120 121 122 123 124 125
KANG TINAMPA SUWING KEBAK ARSA PANYUWUNE WONG TUWA JANJI SETYA LUBERING RASA MAKARYA SEMBADA MALI AJA NGLANTUR URIP LEGAWA TIPAK TEPAK TAN ANA TUNA TINULIS SAWANG SINAWANG WEDI NGIWI-IWI SULUH TANPA WULUH AJA KEBLINGER MEGURU TRAWANGAN CETHA NGAKONI LUPUT JALMA ING NDONYA ATI MANUNGSA LUMRAH SULUK SEJATINE APA ULATE PADHANG LOLA LAN SUDRA MUNGGWING PRIBADI MOKAL AJANG SAMBUNG RASA 4
126 127 128 129 130 131 132 133 134 135 136 137 138 139 140 141 142 143 144 145 146 147 148 149 150 151 152 153 154 155 156 157
PRATELANING TUTUR CARA WICAKSANA TEGUH TINEGUHNA DIMEN RAHAYU AJA GAWE CUWA LALI RUPANE DUMUNUNG UGEMANA ATI BUREK PARANE MANUNGSA AMIWITI SAWANGEN NUWUN SEWU AJA DILALI MELAR SINEDYA TRESNA AJA NEKA-NEKA MEKAR JEMBARING ATI NYEDHAKANA MUNG SEMONO WIS DADI KODRATE ILANG AGEMAN MESEM PITUTUR AGAMA AJA MUNG KUDU ATI-ATI MIGUNA PANGIRA-IRA PATI RASA TANPA SLAH MOBAT-MABIT GEBYAR SAUNTARA 5
158 159 160 161 162 163 164 165 166 167 168 169 170 171 172 173 174 175
CUNTHES CINABUTING IMAN SUNTRUT BUNDHEL TITAH PINATAH SERATING NALA NGGUGAH RASA WUS WANCI TAN KENA TINULADHA DUH, GUSTI SEPINING WERTI LUHUR IKRARING BANGSA NILAR PAUGERAN AKEH ATUR BUBRAH KECEMPLUNG LELAKUNING JALMA
6
ANGLELURI BUDAYA Sekabehing geguritan kang wus karacik lan kababar ing ngarep minangka wujud luapaning rasa, karsa, lan batin. Apa kang rinasa dening pagripta kawedhar lewat basa sing wasesane bisa kapundhut dening sapa sing kersa lan sedya ngupadi makna kanthi sengaja. Wangun basa kang sinerat ing geguritan ngandhut pesen kang sinuguhake marang para pamaca utawa pamiarsa. Tembung kang rinacik ing larike geguritan tansah pinilih kanthi sedya murih bisa ngungkap sekabehe wasesa tanpa luput ing makna. Mula, geguritan uga bisa diarani puisi Jawa. Amerga klebu puisi Jawa, geguritan uga bisa diarani wacana budaya. Budaya iku tansah gandheng renteng dening uripe manungsa. Budaya lair saka srawunge manungsa lan lingkungane. Budaya tansah nyukupi kanggo kabutuhan masyarakat dhewe. Amarga iku, Sumardjo (2005) nerangake lamun budaya iku kasipat unik kanggo saben masyarakat. Mula saka iku, bisa diarani lamun geguritan. Seratan endah, lan sak panunggalane sing berkembang ana ing masyarakat minangka produk budaya masyarakat iku. Geguritan lair saka sesrawungane wong kang ngripta karo alam lingkungan murih kanggo nyukupi kabutuhan urip lan tuntutan lingkungan masyarakate. Sesambungane karo babagan ing ndhuwur, bisa katerangake yèn sapa wong kang sinau tutur geguritan bisa klebu ing sinau budaya. Ing kasus iki, bisa diarani lamun tutur basa kang rinakit sakjroning larik geguritan minangka sumber budaya, sapa wong kang ngripta geguritan bisa klebu nindakake laku budaya. Bab iki gayut marang katerangane Duranti (1997) kang nyariosake bilih sinau basa minangka sumber budaya lan nggunakake basa minangka tindak budaya. Iki nudhuhaké yèn tutur tembung ing geguritan iku sejatine wedharing basa sing ngandhut pesen budaya sing nggambarake budaya masyarakat sing nuturake. 7
Minangka paparan basa lan kagunane basa, geguritan nggambarake lan ngungkapake pikiran, rasa, lan pengalaman budaya masyarakat penuture. Iki negesake lamun mijiling geguritan minangka ungkapan batine pangripta kang kasurung dening rasa lan karsa pengin nyukupi kabutuhan karana ananing pamundhut saka lingkungan sosial lan budayane. Mulane, tembung tetembungane kang rinacik sakjroning larik geguritan tansah gayut dening kahanan sing diungkapake. Dilthey (ing Kleden-Probonegoro, 2004) ngandharaken bilih ungkapan kang kawedhar minangka budaya nduweni ciri (1) tansah ngandhut makna tartamtu, (2) ana hubungan unik karo sing ditulis, (3) nuduhake isi batin lan pikirane penutur; (4) nyata ing kahanan utawa bagéan saka wujud sosial budaya, (5) nduwèni tata utawa aturan tartamtu, lan (6) nduweni rong sipat sing kosok balen, yaiku mijiling kanthi sengaja (bisa katon ing wangun teks, swara lan gerakan disengaja) utawa mijil karana ketepakan (katon tanpa sengaja, nanging isih ngandhut makna).
8
GEGURITAN Jejere Geguritan Geguritan iku bisa diarani “puisi bebas” sing ditulis nganggo basa Jawa. Amerga awujud puisi bebas, geguritan ora kaiket dening aturan sing baku kadya aturan sing ngiket larik lan padane syair tembang. Babagan iki ora ateges yen geguritan iku tanpa aturan. Tetep nganggo aturan, nanging ora kaya maceme aturan sing kudu dianut dening wujude tembang. Geguritan bisa diwaca nganggo cara sing lamba, uga bisa dilagokake kadya tembang. Sedyawati, (2002: 350-379) nerangake yen tembang sing ora duwe aturan baku bisa diarani geguritan.. Tembang ing basa Jawa, ana rong macem, yaiku tembang tradisional (tembang sing duweni aturan baku) lan tembang modern (tembang sing ora duweni aturan baku). Tembang tradisional cacahe bisa kapilah dadi telung jinis, yaiku tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik. Tembang gedhe iku tembang sing wis nganggo guru wilangan, sing aturane nganggo aturan saka basa Sangskreta. Sing klebu tembang gedhe ing antarane, yaiku kakawin lan kidung. Tembang tengahan uga klebu tembang sing nganggo guru lagu lan guru wilangan. Tembang tengahan iki ngarujuk marang serat kuna. Sing klebu tembang tengahan iki ing antarane juru-demung, duduk-wuluh, megatruh, gambuh, girisa, lan balabak. Tembang cilik, yaiku tembang sing diarani tembang macapat. Tembang cilik iki duwe aturan baku babagan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan iku klebu salah sijine puisi Jawa, yaiku puisi Jawa modern (gagrag anyar), kang ora kaiket dening aturan baku. Miturut sejarahe, geguritan iku kaanggit bebarengan karo tekane pengaruh sastra mancanegara ing Indonesia. Mula saka iku, geguritan bisa diarani puisi Jawa sing bebas saka syarat-syarat wangun lan isi/makna. Danar (2008: 1) nerangake yen asale tembung 'geguritan' iku saka tembung 'gurita. Tembung 'gurita' 9
owah-owahan saka tembung 'gerita'. Tembung 'gerita' asalé saka tembung 'gita' kang tegese 'karangan/tulisan’. Mula saka iku, bisa diartekne yen geguritan iku pada kaya dene karangan. Geguritan iku sastra Jawa sing ngemot wasesa sing amba lan jero kanthi rakitan basa sing endah (Purwadi, 2007: 431). Sarujuk marang katerangan iku, Nursinggih (2005:viii) ana ing buku kumpulan geguritan kanthi irah-irahan "Aja Kok Ijoli Warisanku" uga nerangkae yen geguritan iku wujud ekspresi kang paling cekak, amarga ora asipat ngandharake kanthi mlaha, kaya dene sawijining gancaran. Kanthi mangkono pamilihing tetembunganing geguritan perlu katinting kanthi premati, ora mung murih ringkes nanging uga diudi murih ngandhut pangerten kang jero. Saka katerangan iku, bisa ditafsiraké yen geguritan iku wangun basa wedhare kaedahan sing paling ringkes, amarga wasesane isi paparan ora kajlentrehake kanthi cetha nganggo sak akeh-akehing ukara. Mula saka iku, pilihan tembunge geguritan kudu benar-benar waton lan maton, ora waton cendhak, nanging uga kudu ngemot makna jero. Pawijang sing dadi pambuka awal nulis geguritan, yaiku Soebagio Ilham Notodidjojo (SIN) lan R. Intojo. Karya geguritan sing kaanggit dening SIN saemba dening puisi-puisi Amir Hamzah ing sastra Indonesia. Geguritan sing kaanggit dening SIN lan R. Intojo nduweni ciri sing padha karo puisi tradisional Eropah sing arane sonnet. Karya geguritan SIN umume ngemu wasesa paring piwulang babagan moral Islami, nanging uga tetep nggatekake bab aspèk estetika (Widati, 2001: 298). Maceme Geguritan Miturut katerangan kang wis kababar ana ing bab sak durunge, geguritan iku bisa diarani puisi Jawa, sing kawedhar nganggo basa Jawa. Mula saka iku, kanggo nerangake babagan macem-maceme geguritan bisa uga kaperang miturut macemmaceme puisi. Ngundhuh katerangan kang didhawuhake 10
Aminuddin (2004: 134-136), yen kalacak saka syarat-syarat wangun lan isi, puisi bisa dipérang dadi sepuluh jinis. Mula saka iku, geguritan uga bisa kaperang dadi sepuluh maceme, yaiku (a) kakawin, (b) geguritan narasi, (c) geguritan lirik, (d) geguritan dramatik, (e) geguritan didaktik, (f) gguritan satirik, (g) geguritan roman, (h) elegi, (i) ode, lan (j) pamuji. (1) Kakawin, yaiku geguritan sing ngemot crita kepahlawanan, yaiku kepahlawanan sing ana gegayutane karo legenda, kapercayan, utawa sajarah. (2) Geguritan narasi, yaiku geguritan kang ngandhut crita sing ana gayute karo pelaku, watak, latar, lan urutan tartamtu sing mbangun utuhe crita. (3) Geguritan lirik, yaiku geguritan sing ngandhut surasa saka linuwihe batin kanthi sekabehe pengalaman, sikap, lan swasana atine pangriptane. (4) Geguritan dramatic, yaiku salah siji jinise geguritan sing sanyata nggambaraké prilaku wong, kang kababar liwat laku, tutur tinutur, utawa ngudarasa, sahingga ngandhut gambaran crita tartamtu. (5) Geguritan didaktik, yaiku geguritan sing isine ngandhut nilainilai pendidikan sing umum trampil nyata. (6) Geguritan satirik, yaiku geguritan sing isine ngandhut kritik marang kaluputan utawa kurang benere kahanan uripe klompok masyarakat. (7) Geguritan roman, yaiku geguritan sing isine ngandhut wasesa isine katresnan marang wong kang ditresnani. (8) Gegurutan elegi, yaiku geguritan sing isine ngandhut wasesa rasa cuwa. (9) Ode, yaiku geguritan sing isine ngandhut pujian kanggo wong sing wis patut kaprawirane. (10) Hymne, yaiku geguritan sing isine ngandhut pujian marang Gusti Kang Mahakuwasa, lan ungkapan saka katresnan kanggo bangsa lan tanah kelairan. 11
Pamacane Geguritan Sakjroning maca lan mangerteni isine geguritan, sak oraorane pamaca kudu nglakoni tumindak apresiasi, yaiku mbayangke, narima, lan ngungkapake maneh babagan isi sing wis kawaca, nganti mikirake maneh apa-apa sing wis dimangerteni saka geguritan iku. Kanthi tumindak apresiasi, pamaca kudu bisa mbayangake apa sing dikandhut dening geguritan. Contone, sakjroning ngadhepi geguritan sing nggambarake endahe segara, pamaca geguritan kudu mbayangake endahe segara sing bisa dirasake utawa dinikmati. Gambaran kaendahan iki kudu tumungkul minangka piranti ngungkapake isi geguritan sing diwaca. Ing sakjroning maca geguritan, pamaca kudu nggatekake makna tembung sing dipilih lan digunakake ana teks geguritan. Tembung sing wis pinilih dening pangripta minangka piranti sing nggiring pamaca marang arti geguritan sak utuhe. Saben tembung, utawa cacah racike tembung kudu kagatekake kanthi waspada. Ing Sakjroning geguritan asring tinemokake seratan tembung nganggo tetandha sing padha, contone: /kanthi ajer/sing maknane ‘ora kaku/beku’ utawa bisa uga diartekake ‘madhep mantep’. Seratan tembung/netes/bisa diartekake ‘pecahe ndhog dumadi kuthuk/piyek’, bisa uga ateges ‘tibane banyu kanthi sithik’. Kahanan ini nggambarake yen pilihan tembung ing basa Jawa kudu dimangerteni lan diwaca kanthi bener merga babagan iki ana pengaruhe marang utuhe wasesa isi geguritan. Maca geguritan bisa katrapake kanggo awake dhewe, bisa uga kanggo wong liya. Maca geguritan kanggo awake dhewe biasane mung diwaca ana ing jroning batin. Nanging, yen maca maca geguritan kanggo wong liya, wong kang macakake geguritan kudu nggatekake babagan pangucapan, jeda, intonasi, ekspresi, lan solah bawa. Pradopo (1987: 46) nyebataken pangucapan minangka diksi, yaiku carane ngucapake sajak kudu sakbenerbenere supaya wong sing nyemak ora kliru nafsirake makna isine 12
geguritan. Jeda uga duwe pengaruh gedhe ing penafsiran maknane isi geguritan. Mandhege maca geguritan ditemtokake dening alihe tembung, ukara, utawa pada. Situmorang (1983: 54) nerangake yen jeda kaperlokake kanggo narik utawa ngunjal ambegan. Intonasi iku iramaning ukara utawa munggah lan mudhune, utawa dhuwur lan cendheke pangucapane tembung ing ukara. Intonasi raket gandhenge karo swasana sing digambarake ing sakjrone geguritan. Ekspresi pasuryan penting kanggone wong sing macakake geguritan amerga kanthi pasuryan sing bener-bener ngrasakake isi geguritan bisa gawe gampange wong sing nyemak ngerteni isine geguritan. Kinesik bisa ateges gerak-gerik utawa solah bawa. Sakjroning maca geguritan, kinesik sing trep bisa kanggo luwih nguripi sajak.
13
URUBING RASA - URIPING BASA Wacana kang awujud geguritan ing mburi iki kaserat kanthi adhedhasar weninge cipta lan rasa. Cipta kang nduweni karep medhar nyata kang tinampa dening netra. Mobah mosiking nala rinasa tansah nyundhul dhadha gawe gerahing rasa kang kepengin ngungkap arsa lumantar basa. Mula saka iku, geguritan kang kaserat ing mburi iki sejatine amung wedharing rasa kang karakit nganggo basa. JALMANING TEMBUNG Lamat-lamat keprungu ulate tembung Sabar sinabar kaumbar dadi melar Ora kelar yen kabeh kawedhar merga lataring dhadha durung winelar Jalma wetah durung bisa pasrah ngarepi tembung resah rinasah sing durung diasah Wujud urip dadi brasah merganing jalmaning tembung sing tinampa tanpa wadhah. GANDA ARUMING TEMBUNG Sinebat tanpa sinurat ana ing lelamat tembung arum gandane kawedhar kang rinanggep lumrah sinebar bareng kareping nafsu sing srakah mrepet peteng mbungkem sesolah tanpa winarah Sugih ucap pinucap ora ngelingi bakale ana adzab dumadi bener ora ana kasunyatan sing pener Luput sembur sesumbar gampang lelali bareng ilange ganda aruming ganda sirna nyisake prahara Merga aruming tembung wes kelangan gandane.
14
SINANTHET TETEMBUNGAN Ora krasa nanging ya ora bisa jejering laku sineret tembung dening jalma sing tan rumangsa arep owal nanging ora kuwasa krasa binujuk nanging tan kinucaping basa Jiwa raga lungkrah sinanthet tembunging jalma ganda wangine sekar kecubung endahing warni nanging mendemi Nyemplung kedhung lewang lewung tan ana gandholane ati mlaku sapolah tan ana wigati sempoyangan merga ora ana sing diantebi sinantet tembung iku mbebayani Mula kudu wigati lan ati-ati, bareng ngugemi tembung waton kang suci. LELAKON Ana lan sirna wis pinasti yaiku lelakone jalma urip nang donya Aja wedi ngupadi, aja kepencut gebyaring mawarni aja gampang kepulut lan kepilu Ajir ajer ajur kudu den lakoni merga dadi dhawuhi Gusti tinumpang tumpang mung perlune bisa nampang nanging repot tan kena sinawang Njur piye ngadhepi lelakon iki? lekakone urip, jalma sing nglakoni nanging aja lali kudu ngudi kanggo nguripi laku.
15
TABUH Tabuh tinabuh labuh subuh wis wancine padha labuh, aja lumuh lan lungguh ngumbara kagiring ladrang, ngupadi suh ben bisa gawe nyusuh Susuh batin nyawiji mijiling tembang macapat maskumambang wus kaliwat sinom kinanti dhandhang gula aja terus dadi kiblat wus wancine pangkur sinebat sebat kendel wani ngungkurake walate jagad, ewoh dene ben ora kuwalat merga kabeh wus pasthi sinurat sarat kasurat mula elingana kiblate makripat Mikir dzikir saka ati tumusing lair sirna musna lelabet ala kudu sumingkir iki wis wanci tabuh, ninggalake sipating lumuh. WANCI RATRI wus purna lelabeting rina nggo nggegayuh marem kanthi lelabuh nuruti karem durung wungkul wetahe raga nadyan tan sambat nanging sinebat ana jroning batin sinambi ngenggar sarira manjer ajiring ati kelawan ndedonga ngrapal tutur suci minangkani dhawuhe Gusti eling lan tuwuh pangrasa kaleksan kanugrahan kang wus lumimpah dening kang Mahasuci jenggirat laksa tan cinegat, mijil krenteging ati mbabar jembar ngelar jiwa mungkurake perkara ndonya sebat sinebat nyambat mring akarya jagad, murih lamat sing kena kawaca nganti tamat iki wayah ratri, wanci ginawe kridha batin ngasah landhep lantiping ati. 16
WIGATI MIJIL sinumpah sumpah jatine sukma kang tiniup tata lairing manungsa ngaku sujud nyembah mring kang kuwasa nata gesange jalma tan serat nanging sinurat, thukul tumungkul tinulis kalis arupi sabda jalma wasis wicaksana ngrukup batin mrekes raga kanggo njaga prabawane sabda sukma sinumpah aja nganti mblarah angabrah abrah dadi bubrah elingana wigatining mijil dudu kanggo sujud marang winujud jalma lumrah nanging ngapa akeh wong ngaku saleh ora pener anggone seleh seleh jiwa raga tumumpang bondho marang sapadha titip raga ninggalake sukma betheke mung golek mulya jalma sinembah tan eling wayah jalma pinuja tan etung rina kareme mung golek mulya sak wetara kang bakale sirna mula elinga lan mungkura saka gebyaring donya kang rineka dening durangkara melik wigati kanggo mijiling ati kang suci. JALMA LIPAT sinerating jalma lipat ora lepat, nanging durung mesthi suraosing wasesa nora beda dening kang wus kasebat nadyan katon lamat nanging yen tamat bakal nemu alamat aja nyisa aja ngrasa bebatin asri kang wus sinebat wasesa serat bisa mblarat, yen winaosing rasa kasebat kliwat jejerna kanthi makripat mungguhing rasa bisa miguna traping jalma nuwuh kalipat lipat
17
NGUPADI LELAKU bebrayan agung mijiling ati lembah linembah nyarupani guriting ati tan tinedha daharan tansah njaga wewadi ngungkurke sinebat sambat ancuring batin tinutup geguyan lelakon kang sinambi sedya wani ngadhepi leladining sepi mungguh abot ya ora rinasa lahir nanging mambrah nyundhes tetesing ratri betah wetah tinatah wantah ngempet mrepet ngupadi laku nggugah rasa tan kena tinuku nadyan angel lelabet sing kawengku maekaning rasa cinandra ngerasa mbedhal sabda tanpa ngudhal perkara/lelaku jati miwujud lathi ngupadaya bathin gawe tentreming ati. JEJERING ATI ngejer panjer dadi jejer milah wilah ukara rancah sing gawe bubrah metek ati nyuluh batin rinengga puji dhuh Gusti, ingkang peparing pitedah suci, kula sujud sembah nyuwun pepadhange margi ngupakara batin linenggah kahanan jati tan ginosreh dening arupa swara kang edi nanging mbebayani siningkiraken guna balak sing nyrimpeti dhuh Gusti, ingkang peparing piwulang gati, kula simpuh nyadhong dhawuh sinungguh sekar suci ingkang maujud kalam Illahi ngoncek wasesa kang binalut ukara ngedohke prahara kang dhemen gawe bebaya ringkes mrekes ngowali pangekes rupa dayaning jalma lan guna karengkuh sabda tumusing sukma mencirat sirat nglambari jejering ati. 18
LANTIPING BATIN kasebat ananing kalam Illahi kanthi ukara sing nyata lan cetha wela-wela dudu mung warta nanging sabda kang winata tumraping jalma ati kejer lathi geter raga kedher mangucap ukara sing kaserat kebak rasa wong kang lantip, batine mesti nyurasa rasa pangrasa iklas ngungkurake perkara donya kang kebak nistha tansah ngupadaya kasampurnan piwulang mulang jatine sukma nginggati cidra lirwo mring sapadha treping urip gumantung rasa tanana serik merik kang sinedya merganing bisa nuwuhake sangka panyangka mbubrah kahanan kang wis tinata mblabar sinebar ngabar-ngabar dadi prahara luput sumruput tan kena tiniru mungguhing batin bisa lantip tan bisa sinaru. PAMULANGAN piwulang agung mbabar wejang kahanane gesang gesang kang bisa minangkani lenggah karsane sedaya kadang para winejang kawejang nganti gambling gamblang sing paring pepadhang kanggo sakabehing para kadang ing sak jroning tlatah pamulangan, siswa kajibah tapa ngupadaya wasesa kang ginelar dening para wijang mrekes sukma ngunggah sarira busanani raga sadhar kadhadhar mulat jembare nalar ora kena nolak kridha sinabda ora kena ngelak kinedahing karsa waspada ing pangrasa, ngrumangsa yen dadi siswa paugeran akramaning basa kudu tinata murih lubering rasa 19
KANGEN IMPEN layung nglayung amerga wuyung wuyung ngening ring samubarang agung kang dadi tetandha nyata dzat kang Mahaagung rinubung sabda rinancah ukara tinarik rasa rasa kangene para jalma mring kang Mahakuwasa kepilu melu kepencut katut dadi atut runtut tur bisa dianut ora salah nadyan ta seleh, ora bubrah nandyan lungkrah nanging isih betah lan sagah tanpa pepolah dhedhep madhep matebing ati anut manut dhawuh lan timbalaning Gusti lewat para Nabi tan bisa tinolak krenteging ati pengin nemoni watu agung lan suci kang sinurat dadi saksi surgawi mertadhani lelabuh jati para Nabi, jalma purna kang pinilih dening Gusti Kang Mahasuci tan kena sinulih uga tan kena sinilih jejeg ajeg manjer rasa, surasa, guna, wasesa kangen impen murih golek pepadhange ati. NGLANGUT Mikir nanging tan ana kang pinikir ora nglamun nanging kadya wong kang nggegumun meneng njinggleng nyawang jagad kaya peteng mlaku ora krasa njangkah/lungguh ngerasa resah nyawang ngalor katon kidul, mandeng ngetan tumungkul kulon ngomong wis ora maton/waton omong dadi lelucon mripate mblawur munine ngawur lakune tewur pasuryane suntrut, lambene mbesengut yen diajak mesem rasane kecut dikandhani ora nurut merga ora bisa nampa sing dimaksud wis kadhung kebacut olehe nglangut 20
TITAHING RASA tan sinebat sak jroning lumampahing jalma tan sinurat lawasing raga ning wening hening kang bening bisa ngerasa rasa kang sinebat kahananing sukma bisa sambat tan bisa sinerat kang dadi kodrat kinaleksan dening ulat pasuryan kang mulat klebating rasa tinampa dening solah polahing sarira welasing rasa kineblat mijil nuwuhke tresna kang nuwuhke jilmaning asmara lakuning bebrayat manjing kiblat tan bisa cinacat mulyaning welas nuwuhke rasa asih tan bisa culas rasa tan bisa sinalahaken nadyan direksa godha pineksa siksa rasa wantah manunggal betah dumadi wetahing manah kang tinatah rekadaya maekaning cipta jinurung kanthi rasa rekasa mulya titahing manungsa wus ginaris kanthi wasis tan bisa winaris nadyan ta waris tan bisa pinasthi merganing rasa kinalis jati jatining rasa manjing ngreksa jiwa nganti oncating sukma. PRITHILING RASA Cathasing nabda kudu uningani parikrama cinethus alus rinasa ananing tata tansah njaga kacithesing rasa liya nora cunthes tata budhayaning praja Pragasing tata tanarsa basa tanpa laras bisa pruges trahing awirya luhuring tyas prigis kalis kadya redi kelangan alas jalma cidra tanpa rumangsa tinilar welas Prithiling rasa bisa mijil wernining cidra pruthuling jiwa ilang rumangsa tuwuh kumawasa protholing karsa gesang daksiya tanpa wasana pratelaning palaga kridha kang kebak sawala 21
GODHA ora mung kang tumata nanging akeh kang sumurub alus kadya sutra godhaning donya bisa dadi prahara kang bisa nggredha tentreming jalma nanging gumantung sedyaning rasa manjer karep ngedohne brahala naming ati rumapet rempet tan kena trinobos alus kalaning maruta tinambat rasa nggantung sukma mbengkah bantala mbuntet marga margining guna kang sinebar dening jalma lepat linipat kliwat tinitah titah tinatahe jalma sinipatan ala cetha anggodha lantiping ati lan landheping driya akeh godha kang sinebar lumantar ukara kang binalut kadya sabda was wising lembut nyarupani tembang surga linantunaken kanthi melas merganing nyedhot welas kang tanpa batas ngudhal semuning sabda kanthi ukara rinacah lembut rinacik larik sinandhing gendhing kadya kalam kang purna lumuntur lentur lebur nyawiji neng jroning ati sing ora gampang diengeti mula para jalma sipatana jalmaning urip lan uripana sifat endahing jalma sumingkirna bebaya godha kanthi waspadha ring soroting netra, curiga ning wisike ukara wigatekna obahing lathi, mungkurna ulat samudana semuning gati.
22
JATI JALMA PINASTHINING JALMA trutusane raga jalma ngumbara njangkahi donya tan angen wayah solah polah isuk awan bengen tan rasa salah ngumbar nafsu angah-angah kepongah tan ngeguhake jatine winarah kang sumrambah ing manah kanthi wisik tan minelah katatah tanpa wadhah rebut mbrubut tan rumangsa cukup nadyan wus membrah tan kena rinaup tan luput nanging uga kebacut surub merga bara birune donya ora murub peteng dhedhet tanpa suluh ora bisa gawe pepadhange ruh lor kidul wetan kulon wis sinaban tanpa keluh nanging uga ora nilaske suh sing bisa dadi pituduh banjur apa sing digoleki lan terus apa kang disandhangi? wus tinuduh cetha dening ukara sabda kang ngandhut rasa kebak wasesa tinulis ananing kitab suci kang purna purnaning jati, yen kabeh jalma bakal sirna samubarang nyata tan ana sing ginawa kajaba mung telung perkara kang para jalma tuhu wus kabeh waskitha tan kena tinolak yen wus titi mangsa sinigra sigrak lumaksana ngudi dedaya mutih punutih ngudhuh waluyaning sedya.
23
PANGAWIKAN Gagas bergas sigra langkahing jana kang sinebut siswa tetandha nyata ana perangan kersa nggayuh tlatah pangawikan ngrebut mulya kanthi luhuring cipta karsa tansah nggegana binalut was-wasing rasa nadyan sarira linenggah anteng, mustaka katon puyeng ngening cipta ngawuni weda pra kartikaning ndonya sedya budya mulat widyaning mulya NENG NING NUNG Solah bawa pangruwate jalma wes ora kena cinandra munyer seser golek panguripan kang bisa nguripi urupe ati laku tapa ngingkurke ndonya ngenepke rasa neng tansah meneng, sila seba anteng, ngadoh saka gremeng meneng ragane, meneng rasa lan pikire, meneng batine netra jiwane anteng mandeng jati anane sukma nutup rapet angsa karep babakan hawa sanga tansah ngupadaya padhange ati kanthi ngrupakara dayane ning ning kang manggen sakjroning batin, rasa, pikir, lan jiwa weninge ati kang bisa tembus cahyane nur Illahi weninge pikir gawe rasa jiwa manjer karep jejege dzikir mothahing batin kang wening nggegayut rasa nunggal karep murih bisa anggayuh nung dumunung ana sakjroning jiwa, rasa, karsa, lan cipta bisa ngrasa dumununge jalma urip nang alam ndonya bisa rumangsa dumununge sukma, jiwa, raga kang katitah dening kang Mahakuwasa dunung dumunung kang bisa antuk kanugrahan saka kang Maha Agung.
24
PAMBUKA JATINING JALMA kanthi nyebat kang binungkus niat dumateng dzat ingkang akarya jagad, ingkang peparing nikmat tan pegat asih saha rahmat malipat lipat wus sinerat kasebat dening surat tan ana sing lepat tuwuh pupuh pupusing serat kajaga para malaikat, kang sinumpah sabda tan tinumpah wetah wantah betah tanpa pepolah seja numpah rasa lan wasesa marang para jalma sinedya sak wiaring segara kang sinuguh mungguh kekareping jalma jalma lumrah pinanggenan lepat, nadyan wus sumumpah sumpah isih mblarah tan kena dilarah sugih ucap acap kapocap ninggalaken adhap murih ngilange rasa ananing adzab tan ngelingi kang pinucap sak jroning limang wayah tansah nyadhong jujuring lampah murih margi margining jati murih kapilah dados khoirun umah nanging winangsul malih apa kang senebat jalma lumrah ingkang sinungan tumindhak bubrah sirna pangucap, ngoncat manah loncat ageming pinucap, nglali wayah kalaning sesumpah jalma lumrah, eling den elingna, ngugemi wasesaning jati kang wus sinumpahing sukma njaga jiwa dalah raga murih bisa mulya.
25
SUWUNG SESRAWUNG Tanpa wujud nanging ngemu maksud pengine kabeh kang sinebut kudu manut sapa kang mbalela bakal cinabut debut merga dianggep ora nurut wes pancen ora cetha zamane iki, kok bisa sujud nganti kebacut ya wes piye maneh, apa pancen ndonyane wes kelangan rasa? rasa welas wes ora diwawas, rasa asih wes kabeh sinisih sapa sing tumindhak welas durung mesthi iklas, merga golek tilas murih bisa entuk balas sapa sing nrima asih durung mesthi yen jalma kinasih nanging ben nyisih lan ora gawe wewara sing nuwuhke risih ya wes piye maneh, apa ya pancen zamane? lek bener mengkono, tan luput maneh yen diarani jagad kiblate wes malik akeh wong ngumpul bareng nanging kabeh meneng akeh swara gembrengeng nanging tan ana rupa kang dipandeng akeh wong sesandhingan tan ana sesrawung, malah padha tetandhingan adol tembung suwung lhah, apa iki kang aran zaman sawung gruwung kang linambari dening suwung sesrawung akeh jalma wasis bingung merga jalma kang sinawung suwung tanpa sesrawung.
26
LUMAKU LUMRAH ana geguyaone kahanan zaman iki: rame ing pamrih sepi ing gawe sanepa rekane ukara rinacike tembung iki bisa dadi tuladha lakune jalma tetep cacahe tembung nanging beda larike tembung nadyan ta mung beda lungguhing tembung, wasesaning larik kang becik dadi kewalik kasampurnan lumrah dadi bubrah mijil pangrasa dadi congkrah mula tuladha iki bisa dadi kaca paugeraning lampah jalma lumrah pancen wus sinung kanggonan salah, nanging ora kena gawe bantah tibane sesolah lumampah lumrah kudu jinurung kanthi becike manah sedya mungkur saking pepolah kang tanpa winarah, ben ora mblarah nadyan ta sithik bedaning lampah, kahanan lumrah bisa brubah pituturing para sepuh, aja ngowahi adat nadyan ta wes bisa njangkah lan ndepani jagad kahanan iki isih lamat, durung tamat marganing jalma wes pinasthi dening kodrat tan kena kawaca tan bisa sinebat mlumpuk dhapuk ngruyuk werdining hakikat.
27
KEBACUT Aku wes manut, nanging kok ora ana sing kena diturut kang dadi panutan padha ewut tan kena tinurut ndudut sebut tanpa kedhut, aluse jumput gawe atut wes akeh kadadehan kang padha nuntut nanging ya malah keplurut gak manut kapecut, meneng tanpa ucap kapesut, rame melok rembug kesangkut wes kudune kepriye kok malah dadi kebacut bubut cucut dudut ewut wus tanpa wujud rasa kerasa tan rinasa dadi mawut omong sak omong wes dianggep ora gayut yen paring pitutur nglangut ora kena dilarah kanthi maksud akeh wong mbodhoni sing penting pokok katut akeh wong sing ninggalke rasa, ngilangke jiwa, sing cacahe tan bisa sinebut endi sing diarani kurut lan endi sing luput wes ora bisa diusut merga rasa pangrasa wes padha larut siji-sijine wong wes carut marut merga kepulut omongan mblarah jare patut, omongan bener malah disikut pancen wes kadhung kebacut.
28
WUNI Aku wes ngaku wedi nanging kok malah terus diwedeni lhah, ..., kan malah padha dening mateni aku banjur nekad wani, lho kok malah diomeli terus kepriye iki, njur benere nang endi? aku nyaba gak muni ben diarani tuli eee ...., malah dikileni karo muni-muni ya ngene iki repote zaman kang wes adoh wuni akeh wong rumangsa duwe idu geni tanpa ngelingi panguwasa jati wuiiih ...., kahanan mengkana iki tansah nggegirisi tur uga mbebayani akeh wong tumindak salah ora gelem sumeleh wong tumindhak bener kanthi paugeran sing pener malah diarani nyleneh tumindhak wing salah malah ditutupi, nanging tumindhak wong saleh malah diwirangi njur apa sing dikarepne dening kahanan iki? kahanan zaman wes adoh lakune, nanging keri paugerane mlayu keplayu tanpa ana sing dituju, apa sing dikarep mung golek geguyu gawe pasemu ben dipada golek tetemu wuni tan wuni den wuningana, yen laku lumaku kanthi laku bakal bisa tinemu laku bener bakal ketemu ilmu sing pener aja nganti semu ing pasemon merga malah dadi guyan tan bisa maton.
29
PITUTUR 1 Le, awakmu bocah mbarep dadia pengarep kang trep awakmu duwe karep, kudu madhep manteb aja nganti kesirep lelangen ala tinggalna, tumindhak cidra lan culika sirnakna aja wedi kangelan, ngudia kawruh maja nganti pedhot ring dalan Le, akeh bebana godha kang bisa dadi bebaya regeting greget bisa lumebet dadi walet kang nyrimpet ugemen ageman kang trep kanggo naleni karep sing manggon ana ing idep sawangen mendhuwur kanthi netra batin sorot cahyaning lintang nadyan katon alit nanging gawe peoadhang endahe langit nanging aja banjur nglangut mangut mung mikir impen kang durung kabukten delengen mengisar kanthi andhap asor bakal katon cetha sarane dalan jangkahana kanthi langkah sing tata dhepanana linembar krama sing mapan aja dumeh ben ora kaweleh aja waleh, nadyan kabeh bakale sineleh. GOLEK WERUH Mbeber klasa kanggo seba sedya ngudi urip mulya ora mung mikiri ndonya ngundhuh bagya nganti purna Urip sak jeroning rasa dudu raga dudu bandha sing tansah kudu direksa nanging jiwa tali sukma Lungguh simpuh kanthi sedya nadhah pituduh piwulang nyata ora keguh godhaning netra pengin weruh jatine waluya 30
PITUTUR 2 Le, anakku lanang, aja mung sangga wang age-age gelisa tumandang, aja mung nyawang donyane wes katon padhang, aja mung ngadhang nang ngarep lawang lumakua bregas nanging aja nggragas ben ana tilas aja gumampang nyrampang ring bebarang sing sinawang aja seneng mbangkang mring pitutur kang bisa gawe pepadhang Le, kowe anakku lanang, aja seneng ngumbar wara aja gampang nolak sabda lan aja dhemen sumedya ala lumakua jejeg kanthi pengadeg kang ajeg aja mandheg nadyan ati lan pikir ngrasa sumpek Le, anakku dadia satriya kang kebak rasa tinggalna rumangsa bisa ben bisa ngrumangsani kahanane diri aja kladuk wani tanpa ngelingi urupe geni cagerna wani kathi mili mateni urupe geni kang mbakar jroning ati Le, kowe wes gedhe lan dewasa, ndang mlakua tak sangoni cindhe sutra kang cumandhok ring sukma, aja nganti diilangna budya ngupadiya sarana tumraping urip ring donya kanggo sangune mbesok ring alam baka Le, pitutur luhur aja dilalekna, ugemen lan agemen dadi gegaman murih bisa aman.
31
WISIK ATI manungsa kabeh duwe ati ati kang kinodrat suci, resik saka serik lan sirik resiking ati aja nganti diregeti regeting ati bisa thukul sipat nistha kang tumindak mbebayani ati bisa tuwuh kalair edi peni sarana siniram banyu suci ati bisa nungkul pasuryan kang bening sarana rinabuk dening hening weninge ati bisa njebul tumusing lathi, mawara tembung kang nyurasa gati ati kajibah dadi pager lan paugeran urip sejati sedya sekabehing karep tansah den elingne dening ati karep seja ala, ati wis waspada ngusik batin kanthi wisik suci nyegah rasa cidra, culika, cuwa, lan ngedohna sipat drengki ati wis kinodrat suci nisthaning laku manungsa dudu merga alaning ati nanging wisike ati ora kuwasa nembus kandele ala kang binungkus napsu kewani sak ala-alane tumindak, batin manungsa isih ngrasa yen tumindake murang tata mung rasa batin kang sinebut wisiking ati ora kuwasa nyegati wisik ati bisa nyerambahi urip jati kanthi laku suci laku suci kang tansah nyaket dhawuhe Gusti mbukak amba talingane rasa, mbabar jembar waskithaning pikir, nipiske ngangsa kandeling karsa rumasuking wisik bakal nuwuhke urip sing becik.
32
JARE WONG TUWA Wes sun ngerasa paran hang aran muliya sing mung welas nong hang aran bandha, parandene hang aran tahta mung ati hang bisa ngerasa ati hang duweni ati, ati hang bisa ndhemeni, ati hang bisa sun ngerteni kadhung sing ana hang bisa ngimbangi mandanea nelangsane ati cager senenge urip bareng bisa urip nguripi wes lawas isun lan rika kabeh welas nolet bungah urip bareng ring ndonya mula sun lan rika, aya nolet muliya bareng seneng lan rekasa myene bisa dirasa gedigu ujare wong tuwa/kelendi maning kadhung sing bisa nampa gok susahe rika paca bakal sing nana muliya mula hang gati nong paran jare ujare wong tuwa. URIPE MANUNGSA urip iki peparinge Gusti manungsa sak derma nglakoni, kudu bisa ngati-ati aja nganti kena bilahi cidra, culika, lan prasangka, sipat ala sumingkirna laku gawe cuwaning liya ngupadaya tentreming ati, rekadaya kudu setiti waspada lan ngati-ati, adoh mala kang mbebayani aja sembrana tatane kekancan, ugemana krama nang liyan elingana urip mung sepisan, aja nganti dadi batihe setan setan iblis sambat gerah, yen ngadhepi limang wayah ora bisa gawe congkrah, jalma nyandhang pasrah manah urip iki peparinge Gusti Gusti kang akarya jagad jagad rina, jagad wengi kang cumandhok sak jroning ati ati kang ngedhep darma lan bakti. 33
AJA LIRWA Pengin mulya kudu wani rekasa iku pituture wong tuwa nanging kasunyatane akeh dilirwane akeh wong pengin mulya, wegah rekasa kosok baline, akeh wong rekasa, nanging malah kalunta-lunta sengsara akeh wong pengin sugih donya brana nanging ora gelem kerja malah nglamun golek cara laku culika, akhire tuwuh perkara kang mbabrah nang babagan pidana ana maneh wong crita pengin urip tentrem nanging ora gelem meneng, seneng golek meleng, tansah nggugah turune gurem jare karep ing tembe pengin golek swarga nanging dedalane laku malah diklimprakne krungu adzan malah dolan, ana komat malah minggat, diajak sholat jare ora sempat ya iki sing jenenge wong nekad, kumat, sekarat, mblarat. SING MBOSENI Banyuwangi, masyarakate wong tani sing nana hang mboseni arep paran bain ana hang nyukupi maceme panganan sing mung siji/rujak soto, sega tempong, pecel rawon hang ngangeni sale pisang, bagiak, klemben hang aran roti rujak lethok, rujak singgul, rujak cemplung, rujak wuni uga akeh panggenan asri kanggo rekreasi Muncar, Lampon, Grajagan, Plengkung, uga Blimbingsari Taman Suruh, Mbedhul, Rawa Bayu panggen hang asri alas Purwa, Pulo Merah, Watu Dodol, Kawah Ijen dirumati kabeh asri sing nana hang mboseni. 34
PANGELING-ELING Wes kondhang kaloka yen watu bacan ki regane mayuta-yuta njur kanggo apa? akeh wong kang sinubya merga duwe watu bacan sing gedhene sak mesa terus njur kanggo sapa? ana wong crita sing wes tau ngumbara sak antero ndonya saiki njur arep ngapa? akeh wong sing wes sundhul jutul tlatahe pamulangan para sujana banjur saiki entuke apa lan ngapa? akeh wong edan ngupadaya pangan direwangi bacokan yen ngana kuwi salahe sapa? akeh jalma olah jiwa tan ngetung rekasa njur nggolek apa? akeh para mudha ngolah raga golek digdaya terus ben apa? kabeh padha ngelingana, yen wayahe raga sukma wes cedhak sulaya sekabehing seja sing wes diupadaya yen tan rinasa ora bakal miguna mung jatine niat kang bakal kepikat nganti tamat, sing kena kanggo lamat mbesuk yen wes titi wancine mlebu dina kiyamat.
35
RASA Daya dayaning jati tansah murub sak jroning ati nunggal nyawiji dadi siji mandeng rasa karsa kang wujud karya lirwaning lampah kena cinandra cidra mring sumpah sumpah kang tan rinasa tuwuh karsa dadi culika kahanan iki sing gawe dedalane lampah dadi bubrah mripat kang wis winahyu dadi pepadhange laku tansah elu bisa makripat yen sinipat malaikat uga bisa bengis yen ketaman sipat iblis sipat sinipat ora manggon ana mripat nanging manggon sak jroning jagad sing ngrumat sejatine jasad kiblat papat lima pancer kang manjer lumakune jasad manjer njejer pener bisa bener yen linambari kanthi tirakat akeh piwulang agung sing wis dinengung tanpa suwung nanging mung tinampa kadya kidung sing tinutup krudhung krungu nanging ora dirungu, uga krasa nanging ora dirasa rasa lan karsane munggah gunung nanging makaryane nyemplung kedhung apa ora keduwung? murube daya merga tata rasa lan karsa sing nyumurub mring lakuning karya jejegna tata rasa lan karsa kanggo ngupadaya urip mulya.
36
NEMU TINEMU Urip ora mung saderma nglakoni mulat ngupadi sejatining wadi nemu daya kang durung muni murih mulya kang nyantosani Nanging eling den elingna akeh lelali ilang waspada lelaku karsa dadi sembrana sirnaning mulya urip rekasa ndedawa laku kelara-lara Sejatining akeh tinemuning liya kang becik bisa dadi tuladha durung kadhahar kanthi rinasa wis cinandra alaning rupa Yen keduwung ati serik pitutur apik dianggep sirik kasingkang mungkur tanpa dilirik durung rinasa wis tinampik Sedya pengin urip mulya setuhu mingkur karsa angkara nemu gayut tinemuning liya ngedoh karsa kang dadi mala sagah mulat ngupadi rahayuning praja. PANGAYOMAN Jalma limrah naming sak derma titah nanging asring kadunung cidra ing lampah ngupadya adoh anggak asoring manah nyegah dhawah dukaning Sang Mahafitrah Jalma tinata gesang ing madyapadha ngupadi pangoyamaning Hyang Mahakuwasa murih rahayuning ratri mrekes lakuning durjana mugya tan cinaket dening samubarang ala Awandaning ratri tan bisa kaeksi 37
kadya sekathahing jalma kang nggembol srei tansah ndhedhepi lenaning ati kirtya ngudhal rasa pralayaning jati Jalma sudra tansah gawe mala asoring jiwa mijil mulating guna mantra luputing jalma nggegana jumantara nyebul uluning jalma lumaksa bebaya Mula tansah uninga mring akarya jagad tinggalna laku ala kanthi bundering niat rumeksa jiwa metek rasa margining tobat urip sak madya dadya mulyaning umat KACIREN wis wanci dadi kaciri ora bisa dilali nadyan kipa wegah, tan kena diinggati tetep nemplok dadi siji dudu wadi dudu nyali kasunyatan tumindaking pribadi dibenci ndadi, digething mithing, dislenthik mletik melik-melik dadi melok-melok laire ndelik, batine ndelok merga akeh wong padha alok nadyan wis sinimpen rapet, tetep ora kebuntet merem dhipet, mripate sepet atine nggeget, pikire dadi cupet malah gawe laku kesrimpet lakune urip kudu nduweni tata sapa sing tata bisa nggayuh purna wong kang titi gawe senenge ati sapa sing tatas bisa mentas nggayuh mulya, aja gawe cuwaning liya mentasing bebana, aja nganti nuwuhke bebaya merga gawe sengsara kabeh sing ngawula mula aja kladuk gawe rekasaning liya. 38
UNEN-UNEN Unen-unen unenane prawijang bisa dadi tetalang lakune wejang sanepa, wangsalan, uga paribasan nanging ora kecandhak wasesa kang kawejang akeh kawula kang padha nyimpang wedi kangelan, golek gampang mula akeh tumindak sing mblayang unen-unen wis kapilang maknane tembung sinambung mung kari mligi ukarane tutur tinutur tan ana paribasane wis blak kutang apa anane lagi bisa tinampa apa karepe sebut sinebut wis sak kepenake sambat sinambat ora bakal dirungokake tudhuh tinudhuh malah dadi pakaryane tabok tinabok nyilih tangane tanggane apa kahanan kuwi bakal selawase? kudu dilerem, ben bisa tentrem ngresiki mala sing dadi gurem ben ora nyisik merga keroken megawe sing temen, ben uripe bisa ayem.
39
BANYUWANGI Banyuwangi, katon asri jenggirat tangi sing nana turune masia bengi lare-lare Using hang mandhegani mbangun daerahe sing nana iri bareng kabeh masyarakate rukun nyawiji sing nana pegate nguri-uri seni budhaya luhuring budhi Banyuwangi sugih seni janger, gandrung, seblang, angklung mbali-mbali rengganis, kuntulan, kendhang kempul sing nana hang mati nyanyi uga tari Banyuwangi wis nduweni cirri edi peni gawe bungahe ati kondhang sak jagad Nusantara nganti luar negeri lare-lare Banyuwangi, aja dilali mbangun tanah kelahiran sejati sing nana mati, nganti tumekaning pati. NGANGENI BANYUWANGI Kadhung kelendi isun sing bisa lali ngangeni Banyuwangi dadi tuladhane negeri kuthane asri, sing nana hang korupsi masyarakate rukun nyambut gawene utun para pejabate gelem mudhun ndeleng sarane wong dhusun aja mung nglamun, dadi omongan kelantun-lantun sing bisa mbangun paran jare getun Banyuwangi, paran hang rika antepi? Banyuwangi, osing tah bener jenggirat tangi? pendidikan hang maju aja nganti dilalekne nggebyar ilmu kanggo ningkatke sumberdayane mumpung rakyat isih gedhe semangate pemerintah aja mung mikir ekonomine mbangun budhaya pendidikan dadi makmure pejabate adil, rakyate ayem uripe Banyuwangi, ayo njenggirat tangi, sing nana tembung jare. 40
NGLAKONI URIP Ana unen-unen Jawi urip mung saderma nglakoni unen-unen iki kadya kurang gati merga dadi sekareping ati tan ana daya kanggo nguripi kanton mung pasrah, lan bisa uga dadi mblarah merga bisa ngemu wasesa kepenak samubarang jadya wus cumepak nadyan tanpa nuwuhke kandeling tlapak nanging sejatine ora ngono sejatining uni mugi bisa dadi wuni uripe manungsa wis pinasthi dening kang Mahasuci nanging kabeh pinasthining urip, manungsa ora bisa ngerteni mung ngerti pesti, yen kabeh urip bakale mati manungsa bisane mung nglakoni urip kang nastiti ngupadaya panguripan sing bisa nguripi nguripi jiwa, raga, rasa, pikir, lan ati manungsa ora kawenang gawe kapesthen sumakawis kang wis linaku, asile gumantung kersaning Gusti wis sinebataken nang kalam Illahi manungsa aja nganti ngucap pasti apa-apa kang durung dilakoni merga apa kang dipesthi durung mesthi kadadi mula urip kudu sing ngati-ati.
41
ILIRING MANUNGSA ilir-ilir alire piker golek pepadhang lumantar dzikir ngedohke cipta sing rasa fakir yen nganti luput bisa kafir Ilang nikmat tanpa sinakir Ulur-ulur alure atur kanthi basa tanana cinatur nyambung rasa akeh batur luputing tutur tansah kalebur lara lapa tansah kalipur Ular-ular ulire nalar akeh sabda sing kawedhar gawe mulate dhadha lumembar nuwuhke rerasa sing sabar sega sak upa dadi babar Olor-olor elare rasa nyambung tresna tansah sinedya tansah rinaket talining sukma laku sak madya tanana cidra kanca rumaket tanpa brahala Alar-alar ulare kridha akeh tumindak kang tanpa rasa bisa gawe bubrahing tata alaning laku padha singkirana nglembari karsa kanthi eling lan waspadha.
42
KEKANCAN SEJATI Margining waluya jati nyawijining raga sukma kerana Illahi jembar rasa luhuring budhi kersa asok kaluputan kapocaping lathi nyadhong deduka kanthi andhap asoring ati sugih pangapura kang kawanti-wanti manjer rasa tan pedhot sesambungane ati nadyan adoh tan sinapa tetep den engeti tan ana pegating donga ing wanci ratri tansah tinata lariking kersa ingkang ngangeni tanpa cidra kang nggugah rasa dengki nginggati lelaku ala kang nggedhuk cuwaning ati mendhem perkara kang bisa ngudhal rasa drengki lan iri bisa ngrasa rumangsa lan bisa ngrumangsani tan kena cinandra lubering bekti mulating sarira tansah ngayomi jejering laku kang bisa dadi kekancan sejati mula aja nganti dilali mlaku wigati lan ngati-ati merga manungsa ketaman sipat melik nggendhong lali. AWOH AWEH Awohing rasa mijil tinata dadya tresna owahing karsa bisa tuwuh sudraning jiwa ewuhing kridha tansah antuk margining mulya awehing darma tanarsa pegat talining wangsa Olah pikir kedah sinandhing raketing dzikir oleh sedya kang karengga tataning lair eluh kaeluhing guna tebih sarwa sumingkir eloh batin mantebing karya tanpa kuwatir. Mingkur rasaning liya bisa tuwuh tumindak ala mungkur tataning jalma bisa ngrusak tentreming rasa mungkir ananing nyata bisa cidra dadi sawala mangkir mulating sarira tan bisa ngerasa jatining mulya 43
KEGEDHEN RASA Tan ana liya titahing donya kang paripurna kajaba manungsa nduweni rasa, jiwa, uga budhaya nanging uga kasipat cidra lan durangkara Akeh manungsa kegedhen rasa cidra tan ana rumangsa tan eling mijiling mula tansah anggak ambek paramarta Manungsa kang kanggonan rasa manembah mring Hyang Mahakuwasa ora kepencut gebyaring ndonya tan bisa katut lirwaning rasa Sapa cidra cikaling rekasa sapa temen tinemu mulya sapa culika katiwas baya sapa waspada ketaman bagya TUTUH Tutuh tatah, kang tinutuh bakal tumatah bisa tuwuh kahanan bubrah jalaran tata wis kepolah pindha yaksa ketaman panah Luruh larah, kang kaluruh dadi lumarah luruh kang tuwuh kaweruh nglarah rasa tansah rumangsa bisa linarah jatining karsa Suruh sareh, ngangsu kawruh kanthi sareh kawruh kang tansah sumareh lewat pituduh kang sarwa tinoleh minangkani pupuh tanpa kaweleh Pupuhing tutur dadi papahing atur Luluhing catur dadi lelehing batur Ruruhing rasa dadi rarahing karsa Suluhing nala dadi selehing atmaka 44
TANPA DZIKIR Tansah sinebut kanthi sekathahing warah jalma tinitah kajibah mangejawantah ngolah kridhaning pikir kang sumarah mikir kelire donya dadya listyaning manah Gesang mring donya tansah sinubya dening rasa rasa kang tan arsa cinandra ngarsa yuwana nanging kayungyun godha asring tuwuh bebaya kang dadi mala Jalma limput kaliwat saking mikir luput tan kena dipenging tumindak cancut ngungkur kaweling dadi kebacut tan ana kang dieling Akeh jalma wis misuwur ing piker nanging nora sithik kang kepluntir kedanan godha kekaryan kang mlintir jalaran makarya tan ana dzikir JALMA LUHUR Sinerating kintaka jumantara jalma sinabda dadya trahing awirya misuwur luhur ciniptaning asma kirtya wicitraning sasana tumrap gesanging sedya tansah ngupadaya rahayuning praja tan arsa lumaksita kang nganiaya wani rekasa mring karsa tanpa tinilar rasa lamun janma bisa ngupakara jatining sukma rasa jatining mulya bakal tinampa tan ayun kayungyun kahananing lamun naming uga tan kena sinelaking ayun merga janma nyandhang limput saha walang-kayun nanging tansah uningana Kang Mahakuwasa tansah paring panyuwun kekayun. 45
NGGAYUH RASA Karep mulya kudu wani rekasa nihiling serik tan ana laku nistha tetilik becik samya mitra lan tangga tinebih karsa saking mala brahala Rinaketing rasa mring sapadha tuwuh bekti dadya sentana nadyan dudu kadang wangsa umyang kridha tan ana daksiya Sinambung rasa lumantar sabda tanpa tinilar subasitaning basa njaga tata laire budaya tansah ngupadi tentreming praja Jalma waskitha tumindak sak madya mingkur saking cidra sinawala tansah njaga sinambunge rasa lamun kinarsa bisa atur luhuring wursita CAHYA DEWANGKARA Sorot cahya suminaring surya tumiba rata ring dhadhaning arga kadya mubaling dahana nggugah sepine wana nadyan sang bagaskara durung katon ring netra Prabata sinabda gagah prakosa kajuwara nggegana nggadhuk mega sinawang kadya anggayuh dirgantara redi sinurat nyata tindhihing bantala Dewangkara lumampah sigra lumaksana mbikak rasa garbane bawana Jenar sumirating surya nungkul cahyaning badra sirna daluning rasa dumadya mekaring karsa Padhanging donya mugya dadi sumilaking rasa rasa mulya kang kinarsa dening dwalaning driya tanana cidra tumindaking jalma ngupadya raharja waluyaning karsa 46
BUNGAHING ATI Mijiling cahya sumilaking surya gawe ngrembakaning titahing donya katon padhang sesawangane rina nuwuhke suka ngilangke cuwaning rasa Cahyaning surya miguna kalaning rina lelangene mega tan kena kinira asmaraning bantala nyedhot lingsire surya ilange cahya tetandha purnaning rina Katresnaning jalma tan kena cinegah ulating wulan ndhadhari nambahi bebungah nggugah reksaning wengi rinasa sumarah nggelar wunguning rasa tansah sumringah Tan kena cinandra bungahing ati tan pegat raosing syukur ingkang wigati tansah nenuwun dumateng ingkang murbeng dumadi Mugi sekathahing donga dipun ijabah dening Gusti URIP KEPENAK Mangan enak lawuhe luwe urip kepenak kudu patheng megawe gelem sumanak murih akeh kancane lamun wegah disanak uripa dhewe Males iku susuhe setan seneng nyiku bisa kedrawasan gak bisa mlaku tanpa panutan bisane ngaku pakaryane liyan Aja dumeh urip nang donya praene sumeh ngerti nang kanca perkara remeh samya disepura bisa sumeleh tan ana sawala Seneng mungkur ananing catur tansah akur marang sedulur ora nyingkur wacana luhur tan kena diukur lantiping tutur 47
BEJA Saiki lagi usum beja akeh wong padha beja pokok gelem manut beja manut karep isa beja sapa gelem melu beja yen gak nurut ora beja Beja ora mesti bisa beja ora kudu wignya beja ora merga uninga beja ora nganti juwara beja ora perlu rekasa Akeh beja ora bisa apa-apa bisane mung mbejani liya akire dadi tukang beja merga bisane naming beja rame beja sepi kridha Becike beja kudu sembada wong sing beja nyata widura prigel ing karya tanpa cela bisa ngerasa luhuring liya ora mung beja tan ana nyata NGATI-ATI Ora kaprah merga kahanan ora lumrah samubarang kabeh rinubah nanging durung ana tambah naming waton ana solah/ngocak rasa nambah resah Bisa rumangsa kanggone urip tatane jalma aja nganti kladuk ing karsa netepi karep gandhenging rasa ora sekarep molahing tata Rumangsa bisa mbebayani yen diterusna merga salah ora rinasa bisa bubrah tanpa miguna pungkase karya malah daksiya
48
Aja nggragas mlaku sak mlaku kudu digagas ngedohana tumindak kang culas ngati-ati aja nganti tuwas merga bisa dadi ketiwas
SABDA NYATA Hyang Mahakuwasa tansah ngrumat ngluberi nikmat tumraping umat tanana sawiji kang kelewat nadyan titah kang tanpa keblat Nyata sabda kang wus sinurat kasebat woh-wohan kang dadi obat riwayating arga pakuning jagad kutha kang aman sinipat keramat kanggo njaga keslametaning umat Jalma kacipta luhuring titah kajibah mikul gedhene amanah uga kadhapuk dadi kalifah mula kudu bisa sumarah njaga tatanan tan kena mblarah Luhuring jalma bisa lumengser lamun rasa karsane ndelawer kasoran rega kewan sing dikeler merga tumindak wus nglali angger Lali-lali den elingna akeh wong lali kang tanpa guna merga nyipati enake ndonya tan uningani ananing sabda kabeh bebudhi kudu disampurnakna
49
PAKEWUH Akeh wong padha gupuh nyepake sega uga lawuh sedya dhahar kanggo suguh mumpung durung wektu subuh Cepak sak madya tan ana ewuh yen kakehan dadi pekewuh penting padha samya weruh aja nganti dadi musuh Bisa waton paring pituduh sayuk rukun tanpa eluh mbeber rasa bareng lungguh ngupadi mulya jatining ruh Aja padha samya wengkuh ana pakaryan bareng direngkuh aja mung senenge ngundhuh jejibahan tan ana saguh Aja ewuh ing pakewuh legakna rasa kanthi teguh merga kabeh uga butuh ben ora muspra dadi uwuh KEKANTHEN Sanak lamun gelem sumanak tanpa anggak bisa disanak lungguh bareng kerasa jenak urip sak madya dadi kepenak Kadang tansah dikudang-kudang bisa dadi jalma wijang nglaras rasa kanthi wejang tanpa pilara tuwuh pepadhang Ingwang bisa dadi rewang aja pijer bisa disawang marang pakaryan tanpa gowang ora mung nganyer nang lawang
50
Kawula samya sigra lumaksana aja mung tansah ngersula ana cidra lompatana ati ayem tanpa cuwa Kanthi tansah dadi embating ati minangkani urip sejati mulating karsa tansah setiti antuk mulya bareng nyawiji
AJA PENGKUH Tuladhane wong dodolan mlija blanjan gawan ditawak-tawakna tanpa ngelingi butuhe apa sing penting muter, mbuh sing butuh sapa Wernane blanjan diwenehi rega regane larang gak ana sing nawa barange apik jare sing mlija nadyan ta apik kanggone sapa Mulane mlija aja sukur nggawa ngelingana apa sing dibutuhke liya dodolane laris ben ora muspra yen ora payu ketula-tula Aja pengkuh dadi tukang mlija mergane kawula ora mesthi padha dodolan blanjan umume werna aja neka-neka ben gak rekasa MEMAYU HAYU Alam iki sejatining wahyu kang winahyu dening Hyang Memayu sinorot nyata sakjroning kalbu bisa tinuladha dadya guru Jalma sigra lumaksana ing laku tansah natas, nitis, netesing wahyu ajer mijil saking Hyang peparing hayu 51
samya ajir manjing ajuring lelaku Urip aja lumuh ing pambudi mulat memayu hayuning pribadi aja nganti leren olehe ngupadi murih bisa antuk mukti Naming aja nganti lena tansah memayu hayuning kulawarga eling memayu hayuning sapadha gawe memayu hayuning praja AJA GAWE MALA Aja seneng gawe mala ngalang-alangi lakune surya nuwuhke peteng gelare donya jagade nggliyeng lakune sulaya Aja serik sorote wulan katon padhang merga kasunyatan tanpa tinutup dawane dalan bisa murup mijiling sukan Kelipe lintang ana ring ndhuwuran katon endah dadi lelangenan sepine ratri saka rasan rinasan tan ana wewadi kang dadi jalaran Langite resik tan ana awan mbeber angkasa sak warnine kahanan kabeh tinata tan ana suk-sukan rasa rumangsa jatine memitran Tatane ndonya wis dadi tuladha lakune sedya tan ana kang cidra lamun sawiji ana kang sulaya bakal tuwuh gara-gara
52
KEDHERING ATI Wengi tan krasa ratri rina tan krasa rahina aluse rasa bisa rinasa jembare dhadha tansah kajaga nyepak donga ngundhuh wasesa mantebe karsa madhangi ndonya jiwa lan raga nyawiji jatining sukma pikir kelawan dzikiring kawula manunggal ngupadi ridaning Hyang Mahakuwasa melenge netra mandeng karsa karsane kang akarya jalma kedhering ati nyundhul dhadha ndhodhok jantung ngobong ludira mayuda hawa nepsu kang ala ampang tan nggumampang cidra mrekes karsane panca driya mulating ati ngundhuh jatining mulya UWOTING RAWIT Uwating karep tan kena dicegah Awit gedhene rasa kang sumarah Uwoting lelaku kanggo ngupadi janah Ewut nyebut agunging Hyang Maha Pemurah Awuting raga merga kasundhul solahing manah Ruwating karsa aja nganti daksiya rawiting karya kudu tansah waspada rawating nata tansah mangayu bagya riwuting rasa tansah uninga ing tata ruweting praja aja ginawe cuwa Mbabar jiwa raga mwat tekad Kridha culika kedah rinawat anggering karya tan kena kelawat Rasa asihing tyas kudu tansah rinumat ngupadaya mulya isining jagad 53
MANUNGSA Manungsa sejatine wis bisa njangka apa sing dirasa uga apa sing dikarsa mula kudu bisa nata adrenging abilasa Manungsa malah akeh kang nglelena ilang rumangsa yen tumindake nistha tansah nglirwa tan nguningani subasita nggayuh purna ananging malah tuna Manungsa kanggonan sipating bayu tansah njurung karsa rahayu nanging mungkur paugeran kang winahyu tanpa eling yen bakal dadi lelayu Manungsa uga kasipat dahana ngobong rasa dadi mulake ludira kadya brahala kang pengin nguntal arga limput yektining karsa tumindak ngayawara Manungsa nduweni sipat tirta bisa gawe adheming ati kang nandhang lara tansah luber ilining rasa kang rinasa kersa mbabar mulyaning kawula
54
NGUPADYA URIP SEJATI Aja pijer mangan lan nendra ajeg mesu budi lan raga merga kawula mung saderma mobah-mosik kersaning Hyang sukma Jalma luhur kedah ambeg utama nanging lelaku andhap asor tansah dijaga tan kena gawe lara mring sapadha ngupadya urip lair batin kang sampurna Ala lan becik tansah gegandhengan kabeh saka kersaning Pengeran Gusti kang caket tanpa senggolan nadyan adoh uga tanpa wangenan Manungsa mung ngunduh wohing pakarti tan kena selak apa wus dilakoni trima ing pandum lamun wis wanci rela legawa lair trusing ati Aja adigang, adigung, lan adiguna ngupadya urip kang sarwa utama upakara jati murih mati sempurna tan kena mangarubeda marang sapadha Lelakune urip kudu tansah nastiti mohon, mangesthi, lan mangastuti mugya nuwuhke mareming ati mijiling yuwana rinasa mukti
55
NGUDI KAWERUH Lamun ngudi kaweruh aja padha lumuh tuwuh samya saguh enggal sedyaning gupuh Aja amung pakewuh lungguh tanpa suguh malah dadi susuh mijil sarwa tutuh Sedya linaku subuh tanpa nunggu tabuh enggal padha murih jatining pupuh Wejang kang pituduh gati samya undhuh sirna ing pakewuh mulat padhanging suluh Ajir tan kena keguh guna kang tineluh aja padha luluh kudu tansah kukuh PAKARTI Labuh ing pakarti bakal nemu kawruh sejati Kaweruh migunani tumraping kawula sesami saguh nguripi krenteg asrining ati sedya mrantasi labuh kang wigati tanpa aba mligi solah ing pambudi wani rekasa ngupadi jatining diri Puket ulet ngugemi paugerane Gusti tan lewa ing angenan kang suci tan cidra ing lampahan kang mukti tan lena ing waspadha wigati Murih ngupadi tetes rembesing mulya sarana bekti minangkani serat suci kang winahyu dening Gusti 56
TIRAKAT Ora kena kakean sambat kudu tekad lurusing niat aja katut godha maksiat lamun lena gak bisa tamat Jasad lan jiwa kudu rinumat lair batin suci rinuwat angen padhang tansaya murwat entheng lelaku ngupadi nikmat Cahyaning ati madhangi jagad mulating suca katingal rahmat ngupadi rungu antuking berkat silaning rasa nenampi wasiat Lamun bisa tanpa pegat sedya mrekes nepsu jahat guna culika samya minggat ginanjar mulya olehing tirakat RAMPUNG Lamun pengin enggal rampung sedya karya aja ditampung merga lamat bisa wurung tuna murwat pikir bingung Kadhung nyemplung palagan agung njejegne niat manjer uwung nggayuh berkat tanpa suwung ngupadi drajat dadya junjung Akeh rubeda sadawane lurung waspada aja nganti kesandhung merga mala tansah nggelantung tumiba ala bisa keduwung Aja tansah gawe jruning kedhung ngupadya rasa ginawe lumbung sakmadyaning karsa tansah jinangkung samya rineksa wekasan agung 57
MANUNGSA Ujare simbok aran menusa ateges menus-menus kakean dosa merga tumindake mung ngelingi donya lali bakale kapundhut Hyang Mhakuwasa Ujare simbok ana benere saben dina mung nguber uripe numpuk donya rumangsa urip selawase ora mikir nggolek sangu akhirate Sajroning ndonya mung sarwa menawa durung mesthi apa kang bakal ditampa kang wus pesthi ana alam baka nanging ngugemi kang durung nyata Urusan ndonya tansah dilembur urusan akhirat malah dha kabur tumindak becik padha disingkur lelaku cidra malah dadi pupur Menungsa linuwih duwe pambudi luhur ngupadi urip jatine Hyang Paring Tutur tumindak jujur nyingkur bebentur tansah paring uni nadyan ta cinatur PENGGALIH Penggalih kedah leres dados galih galihing rasa panguating karsa sampun ngantos midhana jiwa sageta tuwuh ngrembaka ngelambari kridhaning raga Penggalih sampun ngantos molah-malih saget milih kanthi raos asih sageta kacandra dados jalma linuwih rasa rinasa tansah ngerasa sugih 58
saget cinandra wijiling andana warih Penggalih minangka dados sesulih nyulih jatining sukma ingkang cumandhok ing rasa sejatining kawula mboten wonten rubeda namung kandeling raos dumateng kang Nata jalma Penggalih ngarsa sugih tanpa arih sugih kasekten ingkang tedhak saking brana tata tatag tutug mangupadaya tan pegat karsa marih alaning sedya murih sak madyaning gesang ingkang mulya TALI RASA Welas asih dadya taline rasa rasa kekanthen kadya siniram tirta tirta arga kang tansah mijil seking bantala mulaning tyas yekti tuwuh ngrembaka Sumingkir uwuh kang jalari ranu keruh ati kang suci lembar tanpa tutuh tumindak yekti tan ribet rasa pakewuh sayuk sayekti ngupadi jatining weruh Sembul umbul njebuling warih tan pedhot mili samya pinanggih njagi mukti raosing batih samya dadi andana warih Banyu mili ora ana mandheke ngedhemke ati samya ayem uripe tanana gunem kang nyandra alane sarwa tentrem sak tingkah polahe Sekeng redi we mangisor lakune ngupadi papan kang andhap panggene jalma luhur andhap asor tumindake tansah gati kawula cilik andhahane 59
SIPAT ALA Aja sok laku gumampang merga akeh wong padha nyawang luput sithik bisa nunjang palang tuna ing becik kesungsang-sungsang Nadyan mung sithik gawea pepadhang aja sok melik marang samubarang bisa kecelik yen tumindak curang bakal ketilik masia wus ngilang Ngrumangsa becik iku sipat ala wegah ngelirik rekasaning liya tilik tetilik wis ora ana mripate malik nang raja brana Aja pek pinek barange liya agemen tata tumindak kang mulya ngupadaya jejering laksa tan ana cidra kang gawe mala Barang kang sinedya nang alam donya titipane kang Mahakuwasa jalma manungsa tan ana darba rumatana aja nganti sirna
60
KETULA KETALI Aja medhit marang sapadha bisa medhot silaning rasa dadi medhut kahanan ndonya merga madhet kuciwaning liya Ngupadya ragat aja nganti reget tumindak rikat aja ilang raket padhanging mripat aja sami mrepet sinedya ngrumat aja dhemen ngremet Aja gampang kumat laku culika bisa dadi komet batin rinasa sudanen sipat ala marang liya nora gampang nyipet urubing karsa Wira-wiri wara-wara kadhung ciri kelara-lara bola-bali bala-bala kadhung ketali ketula-tula AJA KAKEHAN Aja kakehan mangan brutu lali kadang kesaru laku nunjang palang ketalu-talu tanpa pitulung kena bebendu Aja kakehan mangan ati welas asih dadi benci keladuk wani bisa malati tanpa miguna kaciri wanci Aja kakehan dadi lathi laku sak madya akeh dilali pitutur luhur dianggep craki nyepak bebentur lingseming ati Aja kakehan nyimpen wadi tan ana bathang sing ora basi aja dumeh rumangsa aji ngira wong liya padha ra ngerti 61
AJA AJI MUMPUNG Aja nganggo aji mumpung nadyan aji aja keduwung durung weruh jerune kedhung lena sepi bisa kecemplung Rame ing lurung akeh sesandhung lamun sembrana bisa kejlurung godhane setan wangi semebrung nepsu brahala tansah kasurung Jagade peteng gung lewang lewung langite ireng ketutup mendhung akeh thuyul kemulan sarung mergane puyeng mendem gadhung Akeh kawula sing padha nimbrung pengin nyurasa olehe srawung ngarep blakasuta ujare tembung isine crita tan ana kang suwung LAMUN Lamun ora tekan kudu bisa takon merga takon ora nganggo tukon mula aja ngendelake tukon kanggo golek teken bebayane angger teken bisa lara tekane Lamun ana tutur luhur taturen merga tatur bisa mijil dadi tatar aja keladuk tatar kang dadi teter merga kakehan teter bisa nyuda wasising tutur Lamun nandhang sengkan aja sok sungkan karsa rinasa sungkan gampang ngudhal sangkan merga sangkan ora cetha mula sangkane tan meruhi sangka bisa sengka lelakune Lamun keladuk suru tumindake dadi saru saruning lelaku wekasane kelangan sari kridha sarine laku tan ana kang dadi suri pegating suri rumeksane kridha dadi sara 62
KEBLINGER Durung digagas wis padha lekas nduweni karep tanpa dilaras malah kedelep gak bisa mentas apa diarep tan ana tilas Ngumbar rasa kelewat batas atosing karsa ngluwihi padhas wis dielingne tetep bablas omonge nglarik lakune culas Pitutur apik padha katiwas marang wong cilik tan ana welas malah ditampik tanpa digagas tiniba serik atine was was Akeh wong ngerti mung bisa ngimpi akeh wong wasis ora digubris akeh wong pinter padha keblinger akeh satriya dadi brahala AJA PIJER Aja pijer thengak-thenguk mangan turu malah remuk mripat mblereng kudu amuk karep nyata ora pethuk Aja pijer bisa nyawang enggal cancut dha tumandang ngelingana isi dandang murih karep bisa adang Aja pijer nyambut gawe rasa pikir kudu duwe amrih ora dadi lambe merga sak karepe dhewe Aja pijer mangan enak bisa dadi lali sanak golek upa aja mblunak murih bisa urip penak 63
PEPAK ATUR Tepak tipak tumibane lapak gak ana tapak merga wis pepak akeh tumpak sing wis cumepak entuke gupak tumekaning pupak Lamun bisa enggala sumibak jembar ing dhadha kang sarwa lebak cuwa lan lirwa enggal dibubak rasa rumangsa mugya kebak Luhure jalma tan ana selak mugya bisa dadi tetulak ngupadi wera padhang sumilak slamete ndonya tan ana balak Lembar ing atur catur linebur juriting jiwa subur tinandur jujuring laku tansah tinabur mulyane urip tansah lumuntur AKEH ATUR Akeh atur kang luhur misuwur tinabur marang batur sinulihing cinatur nanging pitutur mung kadya pupur tansah kasingkur tanpa laku lumuntur Wasesaning atur mung kadya susur kekanthen kinangan kang akemah ajur kebake dubang dimen ora nyulur sinumpeting lathi dimen ora nglantur Lumrah solahing batur kudu tansah mulur sedya miguna lebur tumraping dulur tinambating atur gawe ngrembakaning akur sedya ngaleksani sipat ajir, ajer, lan ajur 64
ATI KANG NGATI-ATI Padhang tanpa sinawang jembar tanpa ginelar japa tanpa suwara rungon tanpa keprungu Yaiki sejatine ati kang tansah ati-ati wigatine rasa kang bisa nyurasa luhuring budi kang legawa ing pambudi munjunge sipat kang tansah ngugemi hakikat Mobah mosiking ati sinedya peparing gati mbabaring rasa sedya lumuntur ing karsa mulating budi nyumurubi sekabehing leladi sipat hakiki kang luber saking kuwasaning Gusti Polah tingkahing pikir tansah kairing dzikir suwasana jiwa linumuri sabda umeke rasa katuntun sucine japa udharing karsa tinata paugeran kang mulya Lamun bisa jalma lumaksana kahanan ndonya bakal katon wera tan ana suk-ngesuk tumraping sapadha tan ana lirwa nadyan tan jinaga dening liya
SULUH TANPA WULUH Wejang kang winejang dening Hyang kang paring gesang sampun purna sinabda dening jalma suci kang sampurna sekathahing winarah tansah sumrambah tan ana salah sinedya weweh ngupadaya sareh kanthi sumeleh Warta paripurna kang tumiba saking arsa tahta jumantara ngandhut wasesa ingkang sedya nata lelampahing jalma kasabda dadya nyata tumraping jiwa, rasa, karsa, lan cipta mugya dados lentera ingkang nyuluh nggayuh padhanging ndonya
65
Suluh kang sinuguh tan ana wuluh minangka susuhing pituduh kanggo kaweruh tansah wutuh murakabi sekathahing labuh saget ngudhari ruwet rentenging sedaya pakewuh Jalma pinaringan daya pambudi ingkang kukuh saguh njangka angenan aja nganti lumuh minangkani sumpah kang wus kaujar dening ruh dadya tetalang nyata jatining Hyang ingkang megat ruh
JALMA MULYA Eseme bisa gawe mesem kang sinapa ulem kalem sesolahing sarira tan ana pedhut kang nutup cahyaning driya endahing pasuryan ora mung samudana ngenggar rasa nglonggar ing karsa sinabda tutur kang kebak wasesa paring pitutur tan ana pamrihing karsa iklas legawa kawedhar luhuring donga tulus alus tan ginerus arsa alembana mung tansah ngudi panjangka rahayuning praja lamun bisa kaleksa Hyang Mahakuwasa bakal paring mulya Mulya batine uga mulya laire mulya ndonyane uga mulya akirate Mula samya ngupadaya mulya jatine urip sesama
66
URUB URIP Apa iki sing diarani urip sejati urip sing bisa ngrasakake mosiking ati urip kang bisa ndeleng padhanging wengi urip kang bisa nyawang jembare bumi Agung asmaning Gusti kadhegung sakdawane wengi tan pedhot ucaping lathi saut sinaut sami amemuji Agung kuwasaning Gusti gemebyar sak ambane bumi tan ana conggah renteping puji rapet dhipet ngudhal isining ati Wengi kang suci mugi sumurub sakjroning ati ndamel pepafhang petenging ati sak lami mboten waleh murub urubing gati sedya anguripi lampah kang pinuji RINA WENGI Gage ndang cancut amiwiti aja mung tansah ngenteni delengen langite sumepi aja nganti mung ngiwi-iwi Mumpung katon srengengene aja ketungkul rembulane ben enggal ana tipake merga minangka saksine Rina wayah nyambut gawe yen wengi kari lerene aja malah sak walike merga wis cetha dhawuhe Ana rina ana wengi ana urip ana mati aja lena aja lali 67
panggonan urip sejati Rina gawe golek bunci wengi ndonga medhar ati mugya antuk urip kang mukti mbesuk tilar munggah suwargi BIYUNG ING RATRI Wengi iki tan ana sepi ing ratri sekathahing jalma sami amemuji ngagungaken asmaning Gusti Gusti ingkang Mahasuci Gusti ingkang kersa leladi Gusti ingkang tansah nguripi Ananging ati iki ora bisa ngapusi ramene puji malah dadi sepine ati ati kang ngelingi mula bukaning urip iki biyung kang sampun tinimbali kadya nyawiji mbeda telenging netra ngembung tirta tumetes ing pipi Biyung, dalem tansah kayungyun emut leladi paduka nalika taksih swargi tansah paring donga kagem putra lan putrid mboten nate pedhot panyuwun dumateng Gusti murih becik lantip lampahing jati Biyung, dalem namung saget anjurung donga kelawan puji mugya amal paduka sedaya tinampi dipun panggenaken wonten suwargining Gusti tinebihaken saking siksa ingkang ngawerati pikantuk panggenan jembar saha padhanging margi
68
SATATA SATITI Rina satata wengi satiti raga ngareksa ati ndarbeni mugya akarya mligi nyantosani tanpa rubeda tali nyrimpeti Rasa tinata karsa wigati ngundhuh wasesa kalam Illahi luhuring jiwa samya ngupadi iklasing rasa sabar dumadi Lamun manungsa bisa nduweni rasa legawa sakjroning ati ora rekasa ngarsa pambudi antuk raharja urip sejati Jejegna karsa mantebing ati agemen busana kridha ngabekti ugemen tata dhawuhing Gusti pungkase karya karengga mukti UNINGA MRING DARMA Gusti ingkang Mahakuwasa mboten nate nendra sedya paring boga marang jalma kang kersa ngupadaya pirsa kanthi cetha rasa, karsa, kridhaning jalma tan ana kang luput cinathet ing kitab cathetan priyangga Hyang Mahawredu tansah melu sak polahe laku mula aja sok gampang anggak ing rasa yen entuk pinemu merga manungsa bisane mung ngundhuh wohing laku ora kena nggelar wacana sinurating tamtu Gusti Pengeran tanpa ngumbara jatining zat tuna sepi nang ngendi ana manggon bareng sakjroning rasa, jiwa, lan sukma paring bebungah marang titah kang uripe tansah rekasa Mula para jalma tansah uninga mring darma seneng aweh ngupadi awoh bungahing rasa caket rumaket sedya nyedhaki Hyang paring boga murih ijabahing donga anggayuh urip mulya 69
TREPSILA Tansah ngupadaya cumawis ing rasa netepi janji nilarake cuwa ngugemi cita neteske kawruhing basa kanthi legawa minangkani trepsilaning karsa Sedya pegat sumawanging soca lelewa nindhih karepe nepsu kang lirwa murih jatine urip sak madya tanpa ana guna kang ngudhal angen ngayawara Kladuk kinarsa bisa thukul laku daksiya daksiyaning rasa, jiwa, lan raga lamun tinampa bisa tuna ing wasesa Eling pepeling aja nganti dilalekna kareben slamet tanpa rubeda sengkala antuk mulya pinayungi welas asihing Hyang Mahakuwasa NDUWENI Manungsa, titah kang nduweni rasa bisa ngerasa uga bisa kerasa bisa rumangsa aja rumangsa bisa unggah undhune rasa tinampa legawa Manungsa, titah kang nduweni pikir kan budhi bisa mikir lan kudu sedya mikiri mikir uripe uga sedya nguripi aja mung angen bisaa dadi wong kang ngangeni Manungsa, titah kang nduweni karep karep netepi dadi pengarep sejati bisa dadi tuladhane titah berbudi tanpa ngrubeda tumindak laku ing wuri Manungsa, titah kang nduweni jiwa gelem ngupadi mulya urubing ndonya tan ana tumindak luput kang sinedya tansah ngakoni limput tumindak kang ala 70
AJA SOK Aja sok ngowahi adat tetepna jujure niat budhaya samya rinumat ngudi mulya tanpa cacat Aja sok nyalahke kanca yen durung cetha ing karya ben ora dadi sawala mergane serik ing rasa Aja sok dhemen mblejani yen ora pengin kaciri merga ketemune mesthi marakne panase ati Aja sok kakehan janji yen ora bisa nglakoni mergane malah mbutu rejeki mujudke karepe ati Aja sok kladuk ing wani yen gak bisa nyembadani merga blahi ora ngerti mumpung durung aja nganti AJA NGLANTUR Dulur, tinimbang padha crita nglantur ayo bareng sarwa mitutur ben bisa dadi apike sedulur ora ana rasa solah kang cinatur Dulur, iki sasi becik kanggo nglebur luputing laku kang wus kebanjur dadya pawongan berbudi luhur tansah nguripi srawunging sedulur Dulur, aja gampang gawe cuwaning batur kudu tansah ngelingi wasesaning atur aja ninggalke subasitaning tutur samya mungkur lamun ana remene catur 71
ORA SUWUNG Raung dudu gunung kang suwung nanging titah kang pengin srawung sapa sinapane tanpa tembung sarana leba nutup mega ing awung-awung Nadyan sepi ing sapa nanging kebak ing luhung awu saking cerunging arga sinebar semabrung ngambah dirgantara putih kadya mendhung lumantar daya maruta nglambar tanpa kabendung Nglempung tan bisa cinegah nganti rampung ngelingke menungsa supaya dumunung aja keduwung asoring aji mumpung gelem pasrah marang Gusti Maha Agung Manungsa nduweni sipate kedhung jerune rasa kang dadi daya tamping gemrojoking sabda katampa tanpa kaetung sumiliring rasa ngedhem dhadha lan jantung WENGI IKI Wengi iki larunge ati ngintir sak aliring margi ndepani dawane wengi ngundhuh iklas sejati tan ana rasa lan karsa kang sumepi tlapaking rodha njumangkah mbaleni mijiling dumadi nglurung sinurung panggenan lahir rikala wuni Panggon adoh tanpa wangening ati manggon cedhak dadya langenan sejati merga wis kadhung katengen ing gati mugi dadya sarana tetalining rasa sesami Adohing laku ing wengi mung kadya ngimpi ngupadi tilas esem kang tinilas ing ati nadyan mung ngiras marem kanthi nguras ati ora kena getun merga wis pinasthining Gusti Trenyuhing ati tansaya ngiwi-iwi kasurung ngesing rasa pitutur kang aji njalari mobah mosik angene ati karep dilali nanging malah mbedani ati 72
KANG TINAMPA Wanci ratri ing wulan suci lurung kinurung swarane wong ngaji montor lan udhuk katon sepi kang lewat rame ganti turanggane ati Ora kaya sasi ing wingi uni pating sliwer polahe wong golek rejeki ngetan ngulon ngalor ngidul mulating ati ora mandhek yen durung entuk kang winanti Sasi kang ngukir alusing ati wis meh lingsir nanging pedhut kemedhuting ati durung nyingkir tilas tinelasing dikir durung ngarupa ing piker rasa karsa kang cumandhok ing jiwa durung linukir Banjur apa kang tinampa sak jroning tapa apa mung ngelih lan ngelak kang rinasa iki ateges ora ana miguna malah mung rekasa mula enggal apikna aja, mung tansah ngudarasa SUWING Carang caring cinaring dadine kering karang kurung kinurung cumemplung kedhung kadhang kadhung kaduwung malah sak lumbung lambang lembung kalembung mergane suwung Sawang suwing sinawung marake sewing siwar siwer sumawur mijiling awur awar awer kauwor gak bisa awor mawar mawur sinawur dumadi ajur Ujar ajer kaujur ilange ajar pijer pojar kemejer kepengin panjer panjir penjor kajejer saka ing punjer ngujar ngejer kinejar mala kang pijar
73
KEBAK ARSA Dalu kang kalulu janji setuhu sila sembah mituhu dhawuhe suhu ngupadi raos asihing Hyang Wredu ngundhuh lumebering gesang rahayu Cuwa cuwil jinawil gopil ngilangaken raos was-wising muskil nglalekake jejibahan donya kang kemrinthil musna sirna tuna rasa kang bakil Sepa sepi sinapa ing ratri namung ati kang tansah nduweni ngundhuh wohing pakerti kanthi wigati kladuk wani ngugemi pituturing Gusti Lirik lurik linarik tan ana kang serik parik puruk puraking ati tan ana kang purik sedaya samya ngadoh lakuning sirik mugya rahayu antuk ginanjar becik PANYUWUNE WONG TUWA Donga kang tinutur dening wong tuwa marang anak kang budi lelaku setya umur, iman, rejeki kang tansah ginontho luber rasa madhep manteb mring Hyang Mahakuwasa Panyuwun kaping pisan ngarepi umur dawa kaucap ukara mulya murih seger kuwarasane suta nora tega nyawang anak uripe kelunta-lunta bisa antuk jampi lamun lagi nandhang lara Panyuwun kaping pindho mugya anak tetepa ing iman tansah ngugemi ageman kang nuwuhke tumindak aman ora gampang kepincut mobah mosike jaman anguningani luhuring tataning Hyang kang Mahaloman Panyuwun kaping telu mugya sunu pinaringan rejeki kathah lantaran solah polah ing kridha kang barokah tan ana rasa lan kepenginan kang angah-angah laku sakmadya makarya ngupadi antuking bebungah 74
JANJI SETYA Janji setya kaujar nyata dening panguwasa lumantar tata upacara munggahing tahta sinekseni dening para punggawa uga satriya kelawan nyebut agung asmaning kang Mahakuwasa Ana ing tlatah nuswantara iki wus dadi budhaya merga biasa lan lumrah sumpah sinumpah kadya tan rinasa apa kang kaujar ora ngresep nang jroning dhadha mula akeh wong lali bareng wis manggon ring dhuwuring tahta Ukara janji kang sinabda kadya ucap mung samudana mula tanpa ngerasa luput bareng wus dadi panguwasa akeh tumindak lirwa kang ninggalke jujuring tata pungkasane dadi bebana lan bebaya kang tinampa LUBERING RASA Lanturing rasa aja nganti pedhot ing karsa lantaran rasa bisa tumiba becik utawa ala lintir mlintiring rasa bisa tumindak nglewa luntur lumunturing rasa bisa kabentur bendu cilaka Rasa tuwuh saka ati kang dumadi sejatining pambudi resik lan becike ati bisa nggayuh purna dumadi nitising ati tansah mahanani karsa kang mukti tumetesing ati bisa nyiram luhur sekaring pribadi Mobah solahing ati tansah mijil ing lathi ajining diri pribadi gumantung ujaring lathi lumantar lathi bisa mbebayani uga nyantosani mergane lathi dadi caraka candraning diri Mugya jalma samya kersa njagi lubering tyas kang luhur tata titi tatas titis tetesing pitutur mugya tansah tinabur uluk elik marang olok elek mugya dumadi atur sarak serik siriking ati mugya saget kalebur 75
MAKARYA Makarya ateges kridha kridhaning raga kang tansah adhedhasar luhuring jiwa Makarya iku sejatine rasa rasa rumangsa gelem ngupadi mulyaning praja Makarya sinambetan kelawan donga donga kang tansah kawedhar ngudi kabecikan kanggone sesame Makarya bisa ateges karsa karsane jalma mulat ngabekti murih rahayuning kawula Makarya iku ngono tuna tuna lamun ora gelem rekasa ngayahi pakaryan kang mulya Makarya iku padha karo rekasa rekasa lamun daksiya lan tansah lelaku cidra Makarya kudu tansah waspada ben ora dadi mala WEDI NGIWI-IWI Manungsa sejatine wedi wedi yen kapundhut dening Gusti nanging malah ngiwi-iwi ngarep-arep tekane wanci Kasunyatan kang bisa dititeni saben wayah isine mung ngenteni ora tandang ngasah kantiping ati selaning wektu malah dipateni Lingsire wayah aja dianti-anti apa kang ana samya dilakoni wayah sinedya tansah diuri-uri merga wayah ora bisa dibaleni Samya padha peparing uni aja mung gelem waton muni merga godha tansah dadi geni ngobong rasa gawe cuwaning ati 76
SEMBADA Gelem aba kudu sembada ora mung ngabani tanpa nyata abab thok tanpa guna ora dadi abahan kanggone liya Aja mung kumureb ing abahane liya abang-abang lambé isih luwih mulya nadyan manising tembung mung samudana nanging aja nganti ngabangaké kupinge kanca Zaman iki akeh wong ngabang bironi bingung anggoné golék butuh kanggo nguripi rainé abang dluwang tansah kaeksi pasuryane pucet katon ngemu wadi Aja abar kang tansah ngglambyar adon-adon marake bubar merga abilasa dadi melar hawa nepsu kamurkan padha nyasar Abimanane ujar aja kawelar kumingsun umuk tan kena dikejar abimantrana kudu ginelar donga pangéstu murih mijiling nalar
77
MALI Aja seneng grusah grusuh merga bisa grosok-grosok kadhung kentekan gresek-gresek yen gak nemu grasak grusuk Aja padha klonthang-klanthung mlaku nganggo klinthing klonthong entek wektu klunthung-lunthung ra bisa turu klanthang-lanthang Aja dhemen cukir-cukir merga akeh cakar-cakar padha tandang coker-coker kadhang tega cakur-cakur Aja gampang melu-melu sampek katut mili-mili merga kebak molo-molo kadhung konangan mali-mali URIP LEGAWA Anglakoni urip kanthi legawa supaya uripe dadya dawa aja nganti padha sulaya sapa kang cidra bakal sengsara Urip sak madya aja ngersula merga mundhak gampang katon tuwa tlaten angarsa kang durung teka tansah eling pitutur miguna Wong kang sabar rejekine jembar kang tinampa bisa dadi babar kamulyane jiwa bisa mijil sekar cumandhoking sukma bisa tambah mekar Wong ngalah wekasane luhur barokahing Gusti tansah tinabur sipat mulya aja nganti luntur sapa kang jujur uripe makmur 78
TIPAK TEPAK Tata titi tinetesing embun tansah kerasa ning ubun-ubun panasing rasa kang wus katimbun kasiram toya dadya rimbun Tutur tatar tinetering ati medhar sabda kang tansah wigati mulating kridha minangkani bakti ngupadi mulya urip sejati Lukir lukar linikuring yuswa samya tansah tumindak waspada mungkur saka jejibahan kang nistha jujuk jejeg jajaking rasa Tapak tipak tinepaking karsa ngunjal manah lumpahing karya tanpa minelah wetahing sesame dumugi kapernah tataning jalma TAN ANA TUNA Tuna satak bathi sanak luwih mulya tur kepenak merganing karep bisa tepak butuhing rina bakal cumepak Rukun bisa gawe santosa akeh sithik samya rinasa ora nyulik bagean liya tanpa melik kabagi rata Cerah bisa agawe bubrah ewuh pakewuh dadi congkrah gawe rusuh resiking manah rinasa urip tansaya resah Lali-lali den elingna urip gati marang sapadha aja craki agawe mala mulat ngupadi rahayuning waluya 79
TINULIS Alang aling samya ilang talang taling tansah tetulung Arung arang dadya aring carang curang musna cinaring Nular nalar aja tinilar jalar jalur kudu jinalur Mikir mekar tan ana maker sekar sinekar dadya sukur Tulus talis tansah tinulis telas tilas tan kena teles Alas alis tetepa alus moles meles dadi mulus SAWANG SINAWANG Urip kepenak iku mung sawang-sinawang kang gawe angen ora bakal bisa dangang jalaran rasa karep kang tansah kebimbang weruh kanca kang nduweni samubarang Delengen mangisor katon ramene dalan isih akeh wong kang labuh ngudi pakaryan rina wengi golek urip tanpa sambatan nadyan sithik tinampa kanggo gondhelan Sawangen mendhuwur katon tataning lintang nyorot ing wengi tan pedhot gawe pepadhang ngawuningani jatine titah kang sinandhang jenjeming bakti tan keguh godha kang ngadhang Singkir sumingkir singkur sinengkering sekar dadya uwoh awoh aweh ewuh tan owah tanana risih merga rusuh kang gawe resah tatah titih tan ana tutuh kang tinatah
80
AJA KEBLINGER Bocah mambu kencur rambute dikuncir sekolahe mlincur malah padha plesir nganggo sandhal duwur dolan nang pesisir sangu wedhak pupur ora lali sisir Remajane nganggur wegah abot mikir sinau kabur malah padha mangkir ana dhawuh nyingkur ditakoni mungkir senengane tawur mabuk kakehan bir Sing dhewasa nglantur padha seneng mlintir lamun ana atur malah padha nyingkir lirwa kang tinutur tan ana kuatir bareng wis keblegur kasep gelem mikir Wong wis cedhak kubur tetep durung kober netrane wis lamur apa sing dauber dayane wis luntur karepe jik muter wis kentekan umur katon lenger-lenger Elinga nang umur aja eling komer dadya jalma luhur ben ora keblinger gak ana takabur merga bisa ajer ati tuwuh subur mulya samya number
81
MEGURU Meguru nganggo sarana lelaku mijil saka jroning kalbu ora mung waton lumaku merga malah kesaru maru Meguru kudu ati-ati lan nastiti aja mung ndeleng obahing lathi oncekana tutur wigati supadya antuk kawruh sejati Meguru mituhu dhawuhe guru aja malah mung ela-elu aja mblarah kepencut nepsu tumindak genah ben ora kleru Meguru ngupadi ilmu kang tuhu kang winahyu ing serat kawengku maton tumrap munggwing lelaku tansah njagi rahayuning laku NUWUN SEWU Nuwun sewu badhe nyuwun tambahing sangu tulus iklasing donga pangestu pamit ngupadi kawruh setuhu tumraping gesang murubing kalbu Sejatining ilmu weruh mring pinemu pinemu wigati kang bisa memayu aja waton nemu kang bisa tinemu aja angger mlaku mung gampange laku Sarana mituhu dhawuhe guru ngenggoni sipat sejatine sunu madheping keblat aja nganti kliru perangan papat kang tansah kawengku Lamun ana lamat wisiking kalbu sigra mangkat gancange lelaku aja nganti larat mijiling nepsu bisa kesrakat kebacuting laku 82
TRAWANGAN Hyang Mahakuwasa sejatine wus paring purna purna tumraping kawula kang tinitah ing ndonya manungsa kajibah ngupadaya kang durung temata kanthi pikir, rasa, karsaning driya mijil lewat mobahing panca indra mulat ngupadi rahayuning waluya Jalma wasis tansah sedya netepi mulyaning rasa lan driya mobah mosiking kahanan batin bisa njangka meruhi kahanan kang durung nyata tumrap lumrahe jalma wela-wela kawaca dening landhep latiping batin kang rinasa Kawruh kacarita kadhangkala dadi ewuhe rasa jalma kang krasa kosik ngarani kladuk rumungsa nanging ora kena cinandra merga cekak asoring rasa durung tumiba ing purna isih kepencut gandrung kayungyun donya Ora luput yen ana candra babagan donya apa kang bakal ana bisa dumadi nyata ala apik kang tinandur bakal thukul mala utawa mulya iki wis dadi kodrat kinodrating jalma ing ndonya
83
CETHA Cetha iku nyata nyata tanpa ana kang tinutup cekaking rasa merga cetha dudu mung tumraping netra nanging kudu bisa rinasa Jalma bisa cetha ngundhuh wasesa lamun ngudhar sekabehing rasa mula cethaning tata kudu kawaca kanthi rasa kawaca dening panca driya tumus karasa dening nala Tutur tinutur aja mung nglantur tanpa rasa jalaran bisa ngemu wasesa kang nuwuhke mala mula tansah ngelingana jati sejatine rasa rasa prana kang bisa medhar wasesa Nala, prana, utawi driya dadi paugeran tata lakune jalma lamun becik bisa katitik tumindak sing apik nanging yen ala bakal mijil lelaku kang nuwuhke mala mula tansah elinga gelem njaga mulyane driya NGAKONI LUPUT Ora ana alane nyuwun sepura asok glondhong pengareng-areng mring sapadha ngakoni lupute ucap lan tumindak ing kridha ngupadaya mulya urip bareng tanpa curiga Jalma tata gelem paring pangapura ngurangi dosa merga saka cokrahe rasa ngedoh angkara kang bisa nuwuhke mala ngelingi rekasa lamun tinebihaken saking sasama Jalma luhur tansah luber ing atur atur pangapura marang lupute tutur tansah paring sepura marang tumindak kang nglantur nadyan tanpa tinutur panyuwunan batur Luhuring rasa tansah lumuntur ing karya karya kang tansah gawe mulyane ndonya tan ana siya tinilar lampahing yuswa sarwa miguna sekabehing karya kang sampun kaleksana 84
JALMA ING NDONYA Sapa sinapane jalma nguripi sabda subasitane jalma mangeja wantah tatane agama guyub rukune jalma gawe asrine ndonya lurus lumakune jalma ngalusake mutere jagad raya Jalma kinodrat saking mayapadha jalma katitah njaga uripe ndonya jalma amanah tansah sedya ngupadaya jalma sumarah nuwuhke ngrembakaning mulya Ndonya bisa gawe luhur drajate jalma ndonya tansah minangkani pemundhute jalma ndonya sumadya peparing kinarsane jalma ndonya bisa dadi bebaya tumraping jalma Apa kang cinipta ing ndonya tan ana kang daksiya apa kang wis tinata miguna tumraping jalma jalaran saka welas asihing Gusti ingkang Mahakuwasa mula tansah mikira kanggo njaga becik ciptaning Hyang Nata ULATE PADHANG Duwe rewang aja nganti growang ora mung nyawang dadi pupuk bawang ngupadi kamulyan murih bisa disawang njaga rasa tanpa ana sewang Gelem srawung tan ana kang gruwung patheng makarya ora bakal suwung mikire genah ora nganti nglewung wegah cinandra pepindha keluwung Ngupadaya urip dadi wong sing genah pawongan endi sing ora pasrah merga wus kawong lamun sugih warah ora ana lowong medhar wewarah Baktine apik tansah gawe padhang ulate resik endah katon sinawang petenge jagad sirna samya ilang ngupadi mukti mugya sarwa gampang 85
ATI Kabeh manungsa duwe ati mula tansah sing ngati-ati aja malah gawe ati apa maneh mangan ati bisa nggarahi serik ati Ati minangka punjere diri ati dumadi sipat pribadi ati kaudhar tutur ing lathi ati madhangi petenge ratri ati ngedhem panase bumi Gati nastiti merga saka ati nduweni wigati jalaran ati gelem ngopeni karana ati taberi nguripi mosiking ati asih melasi kodrating ati Aja siya marang obahing ati gelem mirengna wisiking ati tansah miguna tuturing ati tan ana lirwa karepe ati sarwa mulya atur pituturing ati MANUNGSA LUMRAH Manungsa lumrah kanggonan salah mula aja malah congkrah supaya ora saya bubrah ben ora kelarah-larah bisa nduweni ati kang sumarah yen ana luput enggal ngakoni salah ora sampek kebacut nganti ngambrah-ambrah sing ana anut ben ana arah gelem miturut sejatine warah ben ora katut laku sing mblarah 86
SULUK Jam telu esuk krungu suwarane jago kluruk nggugah turune ati kang nedheng suluk adoh rinasa saka angenan ndonya kang muluk caket rinaket ngupadi urip jatine antuk Bedhuk subuh tinabuh kairing luhuring dhawuh sedya ngelingake lakune jalma kang padha lumuh enggal tumandang ewuh saguh ngupadi kawruh labuh suguh tanpa pakewuh minangkani karsaning ruh Dhawuh tinutur lumuntur sajroning ati ati kang gati ora ana kang bisa amiwiti kajaba mung rasa karep kang tansah nyawiji gelem ngabekti sedya ngundhuh wohing pakerti SEJATINE APA Urip samya ngupadi sejatine apa dudu ngrekadaya sejatine sapa Bocah cilik kang durung kakehan dosa kena gawe tuladha tansah pengin weruh samubarang kang nyata kanthi pitakonan nganggo tembung apa Bareng pitakone tembung sapa merga piwulange wong tuwa bocah ngupadi warah marang sapa-sapa tuwuh saka manah pengin sapa sinapa Lamun tetep kapernah bisa dumadi sedulur nyata nanging yen kladuk mblarah bisa nuwuhke mala merga pitenah bakal sumebar lumantar sesapa Mijil rasa tanpa rumangsa keladuk candra mijiling rasa sapa sira Mula samya uninga mring tata gelem ndeleng sejatine apa aja ngugemi kamurkan sejatine sapa 87
LOLA LAN SUDRA Lola aja nganti kasiya samya padha uningana ben ora ana daksiya laku tumindak miguna Weruh rekasane liya kabeh tan ana linirwa aja rubeda ing kaya mulya sudra duwe Hyang Nata Merga drajate manungsa dudu bandha dudu donya nanging kagunan kang nyata kang aran kinaran takwa Mula tansah ngelingana aja nganti tuna rasa merga bisa tumiba lena cidra culika tanpa rumangsa Merga wis kelangan tata lakune dadi sembrana nerak mala ora kerasa lamun nyata wus kacandra uripe bakal rekasa Siksa ndonya ora sepira siksa akerat luwih sara mula samya siningkirna kladuk wani kurang geduga
88
MUNGGWING PRIBADI Karep ati ana wigati madhangi dalan kang sepi dimen nyingkir mala blahi murih genah antuk mukti Nora gampang amiwiti lamun isih ana drengki kudu ana sing ngalahi luwih luhur asma pribadi Nora ana wong sing wani ngusik sumarahing ati merga trima kang tinampi tanpa ngabar cuwa ing lathi Nora gampang aniteni laku tumindak kang gati laire tansah edi peni katone anteng nggembol wadi Nora susah ngupadi ciri bakal mijil lamun wis wanci wigati nata munggwing pribadi dimen mulya rahayuning margi
89
MOKAL Ngodhal-ngadhil ngodhol-odhol ngodhel-ngodhel ngedhel-edhel ngadhul-ngadhul ngudhal-udhal mbedhal mbabal ngimbal tumbal Mbondhal-mbandhil mbendhol-mbendhol mindhal-mindhul mondhol-mondhol sundhal-sundhul sondhol-sondhol ngombal-ngambul mbobol gembol Simpal-simpul sampil sempal sompal-sampul sumpal tapal tempal-tempel gopil-gopal tampil tumpal tumpul tinimpal Ucal-ucul ical-ical muncal-muncul mancal-mancal mbical-mbucal ucul ical nguncal akal bakal mokal AJANG SAMBUNG RASA Kanca lawas aja nganti kasingkur lamun katiwas bisa ilange sedulur nadyan tawas mugya eling pratitising galur lamun wis tuwas samya mawas mijiling atur Kanca lawas raket cumaket medhar tutur tanpa cinatur rasa rinasa dumadi lebur cuwaning rasa musna merga antuk panglipur tutur luhur sedyaning karsa tansah lumuntur Pasamuan luhur dadya ajang sinambunging sedulur ngrembakaning rasa bisa minangkani lineburing bebentur dadya talining rasa kang migunani tumrap aluring ulur mugya nyembadani karsa citraning cita kang misuwur Para sedulur samya ngerasa kadya pupur tansah nyawiji dadi siji ajur linebur tan ana punjul wigati utawa sudraning batur mijil karsa ambaling rasa kadya isih mambu kencur 90
PRATELANING TUTUR Ana pitutur katutur bisa dadya atur lamun basa kang tinutur nduweni sifat lumuntur dadi pratela kahanan praja kang makmur utawi ancur Becike basa tinutur merga ngugemi subasitaning atur njunjung dhuwur drajat wibawaning kang mitutur sedya nyuguh kurmat kawibawaning mitra tutur sesambunge rasa ati dadi lumuntur Beda dening basa kang katutur kanthi nglantur murang tata kasuguhing atur tanpa rumangsa mijiling tutur kang cinatur atosing rasa ora bisa ajur/musna rumangsa bisa mubaling catur Mula bener unine pitutur luhur lamun tutur dadi piranti tetali atur kang mulur nduweni daya luhur kang tan kena diukur sumadya nyandhing dadi rumaketing sedulur Nanging uga bisa tuwuh bebentur pedhoting sedulur jalaran luput limputing atur tan ana sapa sinapa merga adoh tutur tinutur cuwane ati karana keladuking tutur CARA WICAKSANA Umeke manungsa kadya ombak banyu segara ngumpul dadi siji tumplek blek ring graham minangkani karsa ngupadi jatining mulya prenah genah panggenan nggulawentah kawruh sinedya Akeh para mudha kang sinandhing wong tuwa katon layu pasuryane merga lagi teka saka ndesa antri dawa nunggu giliran antuk wawansabda sedina muput tan rinasa lungkrahing raga 91
Kancandra saka uleming surya senadyan katon rekasa, kabeh tansah sedya ngawula kanthi legawa seba ing bantala lembar jembar sabar rinengganing rasa Mugya kahanan iki ora kaambal saben warsa nadyan bisa kaleksa nanging uga isih tuna kudu ana upaya gawe cara kang luwih wicaksana dimen ilang daksiya uga nduweni welas mring sasama Wungkuling tatacara kang wicaksana kudu kagodhok wiwit mula sinerat cetha ing layang praja mbabar sabda bebaning para siswa kawara-wara marang sapa kang sumadya Lamun kaleksa bisa ngilangi rekasa tan ana jalma kang antri nengga wawansabda tawa-tinawa kareksa tumraping sudra wibawaning praja bisa mijil ing tata
TEGUH TINEGUHNA Medhar rasa muwus kacarita karipta winujud wacana kanthi irama purwakanthi basa amung pengin ngangen rikala dadi siswa Babagan ewuh bebudhen kang kinayuh ngupadi nggayuh sejatining kawruh saguh suluh-sinuluh kanthi labuh tan ana keluh nadyan raga sarira binasuh iluh Betah lungguh seba sila tansah tineguh tan ana keguh gebyaring donya mungguh sinuguh sanadyan kesandhing ora bakal rinengkuh nyisihi mala kang bisa tuwuh pakewuh
92
Tansah gupuh ing labuh lamun ana pituduh tan ana lumuh nyadhong lumunturing dhawuh ora ngerasa ina paribasan kinaran uwuh aming netepi rasa kang ngupadi munggwing kawruh Suluhing ati dadi pepadhanging ratri wengi tan ana ngerasa sepi merga karepe ati tansah nguripi urip sejati caket mring Gusti kang Murbeng Dumadi DIMEN RAHAYU Bakal ana kedadean apa sejatine manungsa wis bisa ngira-ira merga Hyang Nata wis paring sarana rasa rasa kang bisa jangkahi kleraping samudana rasa kang bisa nata langkahing karsa nanging ana apa akeh wong kang luwih percaya mring netra merga rasa atine wis wuta kena ulap gebyaring donya merem dhipet wegah ndeleng polahe raga mula ora luput yen akeh wong sembrana jalaran pandelenge rasa wis ora tinata ora bisa nuduhake endi laba endi tuna mblarak mblasak endi sing kena nadyan ana netra ora bisa ndeleng cetha merga netra mung dadi coloking ndonya ora bisa alok apa maneh ngerasa mula laku sak mlaku mugya tansah rinasa dimen bisa lantip atining panjangka dimen bisa antuk rahayuning sedya
93
AJA GAWE CUWA Tangga ndesa sambang nang kutha tilik anake kang ngudi olah rasa merga suwe ora endang wong tuwa kepireng warta wis amangun wisma Wong tuwa gak kanti nunggu suwe-suwe sak kala budhal nggoleki anake bareng ketemu bener kasunyatane anak sing digadhang wis nyandhing bojone Wong tuwa kaget katon cuwa atine merga anake gak padha karo angene kemetenggengen mung nyawang polahe gak bisa ngomong mung ngelus dhadhane Sarehne wis lerem wong tuwane takon babagan sinaune apa wis kelakon nanging wangsulane katon ora maton mung waton mangsuli merga ana pitakon Wong tuwane ndhedhes nganggo tembung alus pengin weruh asile tandha yen wis lulus merga durung kelar klendrang gak diurus culikaning matur jare durung ditebus
94
LALI RUPANE Akeh wong lali nang rupane dhewe pengin weruh piye praupane ndeleng rupa poto nganggo hape Werna-werni cara lan gayane mencap-mencep melecur lambene ngedumel dhewe ndeleng potone merga jare kok ala rupane Banjur disetip saka hapene kurang trima njur ngongkon kancane Ngguya-ngguyu mesem dhewe rumangsa marem ndeleng potone jare ayu lan seksi awake banjur diunggah poto nang hapene Poto diunggah nang kanca-kancane dialem ayu mongkok atine Terus piye lan apa arane mula diarani lali nang sejatine dhewe DUMUNUNG Mobah mosiking rasa tan bisa kinira dhuwur panggayuhe jalma cindhek arga jembar pangarsane rasa ciut segara mobal nepsuning karsa kadya agnya kobonging wana Lamun manungsa wus kosong ing jiwa kelangan rasa mring endahing tata kagunggung nglembung, kacandra murka peteng ndhedhet kadya mendhung tinerpa maruta Nyata anggak tan kena pinenggak kanthi larahe tembung merga sesolahe wis kebacut kalimputing srawung tumindak adigung tan uninga ing sesandhung merga rasa lan karsane jiwa wis kadhung gandrung Manungsa kinaran titah ndonya kang linuhung luput mula lamun ora meruhi jerune kedhung ngaripta mala lamun kayungyun ngakahi dhuwure gunung mula tansah elinga dimen rasa lan tumindak bisa dumunung 95
UGEMANA Ana tutur padha nyingkur ana dhawuh ora weruh ana duka pada lunga ana atur malah ngluyur Ora ngelingi watese umur dhemenane mung golek panglipur sinuguh warah malah nylimur tumindak mblarah uripe ancur Dikandhani nglarake ati didukani malah maneni yen mung dielus ora tembus lamun dikeras ya ora tedhas Urip ora gelem nggagas atine atos kaya padhas pikire onya ora waras wis genah mala malah ditrabas Banjur piye ngadhepi mengkene merga bisa nulari kancane nyasak mblasak sak kepenake bisa rusak kahanan ndonyane Samya waspada sak polahe rasa ugemana ageman agama tata tumata tinataning tepa mugya rahayu nir ing sambikala ATI BUREK Yen krungu bab mati manungsa akeh wedi wedi gak isa bali merga alamate lali Akeh wong padha lali biyen saka ngendi 96
merga lawas amung mikiri donyane saiki Pikirane judheg ati dadi burek panjangkane cendhek penting weteng warek Akeh lali tangga sing ngrewangi nyangga cidra marang kanca mbuntu dalan swarga Mula rumatana dalane ben nyata gampang tumuju mrana gak nyasar panggon liya Aja ngrumat angkara gawe petenge ndonya nutup cahyaning marga mblayang oncate sukma AMIWITI Sapa bisa amiwiti bakal dadi nomor siji nanging aja waton dadi ngudya karya kang sejati Nora gampang amiwiti becik tumandang aja wedi rekasa dhisik kepenak keri tembe mburi antuk mukti Lamun ana kang miwiti mesthi akeh wong kang meri nanging aja dadi ati dheweke tetep manggon mburi Lamun dadi wong kawitan 97
sira bakal nemu papan urip mulya ora sengkan cumawis karya kang ndedalan Lamun wis dadi kawitan aja njur gak duwe sungkan ilinga urip mung sepisan sumadya nandur kebecikan PARANE MANUNGSA Urip jroning pati kudu den elingi aja nganti lali kabeh wong duweni Gambare wis cetha parane manungsa kabeh bakal mrana tan ana kang nyisa Ceritane nang kana ana papan rong warna suwarga lan neraka endi sing dikarepna Mula ngelingana dhawuhe wong tuwa uripe manungsa ora mung nang ndonya Sejatine mati kuwi ngono bali eling apa lali alamate ngendi Yen nang ndonya eling bakal ora pangling yen nang ndonya lali bakal nyemplung geni Kudu ngeling-eling anane pepeling dimen ora pangling merga tansah nyandhing 98
SAWANGEN Wis padha sawangen wae yen ora bisa cawe-cawe aja tansah ngomong ae gawe ruwet kahanane Kadhung angel kandhanane mula bakal ngerti dhewe nyata wela katon lupute mungkir nyingkir tumindake Dhemene ndakwa kancane sing ora ngerti jawane gawe ndedawa lakune tambah gedhe perkarane Mijil mumet pikirane nyampar mrana nyandhung mrene angger kena sak entuke sing penting ora mung dhewe Rikala mulya akeh kancane tiba susah ilang rewange kabeh golek menang dhewe sing wenang golek slamete Merga wegah dadi tumbale mbukak wadi sak nyatane perkara melar sak ambane nyakar nyakur ketok tatune Lamun gak ana putuse bisa ciri selawase keprungu gedhe sesambate katon nelangsa lagehane Nalika mulya sak kepenake tangga kanca dilalekne tiba ketlarak rasakna dhewe sawangen wae kepriye polahe 99
AJA DILALI Nalika urip susah ora ana sega torah sak wadhah didum wong sak brayah sega lawuhe dadi siji nang tampah maem bareng mbeber klasa nang lemah Arep adang, genuke ngglonthang berase entek dandange ngglempang durung nempur bingung golek utang nyilih sesilih gak ana sing luwang uripe rekasa kasingkang-singkang Bareng kepenak banjur padha lali mangane enak nang kancane craki lamun disanak jarene nyrimpeti pikire cekak angel dikandhani bareng ketlarak gak bisa nglereni Nalika sengsara sapa sing ngancani kanca perjuangan kang aran sejati gelem susah uga gampang disambati mulane aja nganti dilali Akeh wong ngaku dulur rikala urip mukti rikala misuwur akeh sing nyedhaki jalaran pamrih mung murih rejeki ora peduli tuna isin dilakoni ILANG AGEMAN Mosik tanpa elik mobah tanpa larah labuh tan kena linuruh munggwing kahanan wus ilang ageman Tatanan mung dadi tontonan linuwih ing crita tuna ing leksa tanpa tilas pungkase gagas angger kridha wenanging kuwasa Andhah polah lumaku kadya luku 100
sineret maesa tan ana kang ngreksa amung luwung tan ana jatine luhung tata atur cinandra sawala mring batur Akeh nunutan kapatah dadi panutan waton nunut manut dimen kinaran panut solah bawa tan ana mobahing karsa ngenteni mudhune caraka kanggo olahing kridha Lamun kahanan suwung panutan papan jembar tan bisa ginelar amung ngagemi ugeman kang ngugemi tan ana nalar kang kawedhar lumantar ujar MELAR SINEDYA Gemebyar ndonya kang mubal saka njero dhadha ngudhar rasa kang kawedhar dening nala mijil suwara kang kawelar sak dawane marga melar sinedya ngupadi werdine karsa Jalma kang uga aran manungsa wis kaserat wonten layang paripurna nduweni karep kang sarwa maneka warna angel linerep lamun nepsune wis njilma kabeh diadhep tan ngerasa puwa-puwa arep kekarep sumadya njebol gedhene arga He … manungsa tansah ngelingana ana winates tuna kuwasaning daya kang sinedya durung mesthi bisa kaleksa tanpa idi pangestuning Hyang Mahakuwasa Mula ngedohana sipat angkara aja dhemen seja ala cidra ing karsa aja pek pinek seneng nyidra kayane Negara yen wis kebanjur aja lirwa ngluputke liya Gelem sembada kadya mula wiwiting karsa aja nunggu murka Sang Akarya ndonya
101
TRESNA Tresna kang cumandhok jroning dhadha sejatining bahera nanging ora sepira sing bisa njilma nuwuhke setya Tresna kang miguna tumraping srawung sesame nduweni wasesa sing rinasa kanthi legawa tan ana karsa kang sinedya gawe cuwa Kira-kira ora ana seperlima petang perangan liyane tansah gawe alembana ambeging rasa tan kena sinenggol liya Mula angkuh dadi piandeling rasa ora keguh nadyan wong liya ketula-tula ora gupuh nadyan tangga rekasa malah pakewuh lamun ana sambat sinapa nadyan weruh nanging atine wuta Mula aja nganti gela lamun ora ana wigatine sapadha merga wong liya uga ora ana kang rumangsa Embuh wis dadi seja utawa lirwa dayane tresna kasiya tanpa rinasa ora luput yen akeh mala merga manungsa wis akeh sing kelangan tresna Aja eman ngumbar setya kang miguna murih dadi tentreming rasa lan jiwa
102
AJA NEKA-NEKA Aja neka-neka yen durung kuwasa kuwasa nata ati, rasa, jiwa, lan karsa merga urip bebrayan dudu mung sesuka kudu sumadya taberi ngupadaya jatining mulya Tansah uninga, lamun mijil karsa ambangun karma gelem nata andum rata kanthi adil adoh cela Ngugem eling kang wis dadi uni lamun manungsa kanggonan sipat lali kurang ati-ati bisa ilang rasa wigati kahanan iki sing nuwuhke seriking ati kladuk rasa bisa njalari tumiba iri, drengki, lan sreki Ngupadya yekti dadi jalma kang nastiti merga rata ing pandum mung enthenging uni dumdum adil rinasa angel dilakoni nepsu angkara tansah ngiwi-iwi tan kena kinekang kadhung wis dumadi lamun rineksa gawe mbubrah sinedyaning urip sejati MESEM Mesem tansah agawe marem Wegah polah kakehan gunem Pasuryan mulat suminar ulem Sarira mobah solahing kalem Sedya mangun kahanan tentrem Urip angelar kanthi ugem Ati mosik rinasa ayem Jroning dhadha ngerasa adhem Medhar sabda bisa pakem Lumunturing sabda gawe kesengsem Tuwuh rasa karana marem Sumadya karep dumadi karem Mijil candra wasis ing alem 103
MEKAR JEMBARING ATI Jembar atine aja mung wiar papane melar pikire ora mung ngelar wektune longgar dhadhane bisa mekar surasane nggelar karepe tansah gumilar kasunyatane Urip sejati sageta tansah nguripi ora mung ngupadi tumraping ragawi kang utama ati wetahing pribadi dadya wantah lair batin kang nyawiji Gilar gumelaring ati sapa kang nduweni dumadi mulya mijil lelampahing diri tan ana sandhungan kang bisa nyrimpeti jalaran wedi nyedhak ati kang suci Lamun kosok bali bisa tansah nggegirisi mlaku setindak wiraos seklimah sarwa cirri ora ana becik kang mijil saka jroning ati amargi wetahing diri kabungkus drengki lan craki Mula mangga samya nguningani tansah njagi luhur wantahing pribadi sedya ngopeni laku tumindake diri ngilangi rasa lan kersa kang bisa nyilakani NYEDHAKANA Ora ana celane omong sak omong dirungokne mlaku sak mlaku digatekne lungguh linenggahe dipapakne merga wis katon benere Pancen ya ana apike gawe tuladha kancane ben bisa ngarah lakune ora nglambyar pikirane bisa ngadhemke atine Mula padha nyedhakana 104
aja ngedohi sinapa ben isa tinampa rasa ben ora pedhot ing tresna gak ngayawara ing karsa Lamun wis bisa ngerasa gak ana cuwane rasa gak gelem tumindak cidra nyingkiri laku culika dumadi jalma minulya MUNG SEMONO Ngono Ya ora ngono Yen pancen ngono Ya kudune ngono Nanging ora kena mengkono yen luput bisa dikono-kono merga ora tekan semono jalaran apik mung kanggo kono Ngono aja angger ngono bisa nglambar mrono-mrono entuke kono aja semono merga iki dudu kasino Ngono aja njur mengkono akeh wong sing nyawang kono sing liyane mung semono bener yen dikono-kono Mengkono Yen semono Merga ngono Apa jare kono
105
WIS DADI KODRATE Karep ben akeh rewange ana kanca tandang gawe ngumpul bareng rame-rame omah gedhe kebak isine Nanging beda kasunyatane mbalik kadya asal mulane anak dewasa lunga megawe ura ngumbara ngudi uripe Lamun wis teka jodhone mbangun krama rumah tanggane anak pengin omah dhewe urip bareng anak bojone Omah gedhe sepi srawunge luwih sepi timbang mulane kari wong loro padha tuwane ngrumat omah semono gedhene Krasa ayem sinaba putune mareme rasa angel bandhingane ora kesel nadyan bar megawe tansah nuruti apa penjaluke Iku kabeh pancen wis kodrate lakune urip wis ana jatahe ora kena tinolak lamun wis wancine kudu sukur purna tanggung jawabe
106
PITUTUR AGAMA Cetha sinebat ing sabda pitakon kang bakal tinampa tumrap jalma puput yuswa mbesuke nang ngalam baka Petang perkara ing ndonya kang bakal kapundhut pirsa yuswa, bandha, weda, angga miguna apa daksiya Wangsulan tan bisa cidra dudu lathi kang carita nanging angga kang rineksa bakal mbabar kanthi lamba Mumpung urip ana donya samya tata lan waspada aja ngajak mblarak raga tataning sabda lumuntura Angga ora ngumbar ala lamun jiwa ngarsa wasesa eling weling kang sinabda dadya pepeling lumampahing ndonya AJA MUNG Gelem urun aja mung purun seneng utun tan ana getun ngudi tuntun dimen runtun tansah wutun ngundhuh panyuwun Dhemen kridha aja mung ngrina bisa nggrahita wegah nyandra cedhak darma ora cekak donya tedhak awirya tan ana tuna Tansah loman aja mung eman dadya gegaman minangka ageman ngupadaya papan kanggo pertapan tumindak sopan dimen mapan 107
KUDU ATI-ATI Aja kepencut iming-iming rejeki saiki akeh warta sing ngapusi guna culika kang tansah mblaheni golek mangsa pawongan sing lali Ketoke mbeneh nanging ngrugeni macake mlipis kalungane dasi cangkingane tas kaya direksi isine dluwang sing ora mbejaji Omonge akeh kaya wong sing ngerti tutuke crita nglirik ngendi-endi lagake sopan kanggo njupuk ati mergane ana apa sing dikarepi Ala utawa becik dudu saka klambi luput utawa bener ora mung nang lathi kena cinandra saka solahe pambudi aja gampang katut marang janji-janji MIGUNA Mung dhemen maca githoke liya githoke dhewe meh kebak tuma malah kukur-kukur nyakuri kanca ora krasa merga tuna rumangsa Netrane peteng ketutupan bandha amal sethithik wartane sak ndonya tansah nampik tetulung wong liya malah seneng nglirik apa kang digontho Donya sak ambrek mung kanggo sapa tanpa miguna yen ginanjar lara merga kanggo ragat ngupadi tamba lamun wus pegat malah dadi tuna Mumpung sehat padha uningana wong akeh ngamal ora bakal sudra malah gawe sehat jiwa lan raga tan kena walat kang nyrimpeti nyawa 108
PANGIRA-IRA Iki ngono mung pangira-ira nanging gathuk kadya nyata embuh ketepakan utawa merga sanepa babagan kahanan tata solahe jalma Nalika rame adu kukila kridha lan ocehing kukila kadya tinata malah manungsa kelangan tata wacana saur manuk kladuk ing subasita Nalika usum kembang kang aran gelombang cinta ombaking tresna akeh kang nuwuhke brahala tatane bebrayan rinusak tumindak asusila akeh wong pegatan merga ketaman asmara ngeliya Saiki usum wong ndhemeni sela sela anteng cinandra maneka warna akeh wong meneng wegah neka-neka sepi ing gunem tan ana aruh miguna WUS WANCI Wus wancinipun among rasa sampun kawedhar tembung wigati kanthi subasita wejang kang winejang dening jalma awirya mubal ukara kang tansah ngemu wasesa mobah mosiking nala ambuka mareming karsa paring angger ing tata tumrap prawijanging praja ananging sedaya muspra kadya daksiya gebyar ngglambyar ngambrah dumadi carita kadya amung ngudarasa tan sinambut dening panguwasa cetha kawaca nanging kadya tan rinasa sarwa anglelewa kang nuwuhake rengkaning bantala aking sumurupe netra tinerpa maruta pinayung japa menggwing rasa karsa tinata ngupadya ayoman sekeng sembur panasing bagaskara nggagas citra tansah nyadhong siniram toya kanthi seba ndedonga sakjroning nala mugya tansah legawa nadyan tanpa lumunturing sabda 109
PATI RASA Kuwi mati sak jroning waluya disenggol ora krasa digunem ora rumangsa disawang ora ana daya merga rasa wis ngoncati raga Ana kaya ngawe-awe ana karya dijarke wae merga karsa mung sak kepenake jatine jalma wus ilang walere Aji walet ilure kelet nadyan lengket ndedaya pellet bisane mepet murihe awet dadi keset butuhe ngeret Jare lugu uculing nepsu melu alure ilining banyu ayem atine bisa gemuyu butuhe teles mung ora kewetu Wayahe subuh isih ngorok wis tekan magrib isih nggedopok kadya kodhok nang jerone bathok nilas sak lepek jare sak tedhok CUNTHES Iki jaman wis tanpa wates angger-angger akeh sing pruges tuladha becik padha cunthes pranataning urip dadi ludhes Tumindak luput jare leres macak ngawur rumangsa pantes omonge judhes jare teges megawene males jare luwes Ditakoni sapadha rumangsa diteges ana miguna malah diprekes pakaryan amba amung dikekes becike apa golek piwales 110
Cinelup toya ora teles jinupuk rasa ora mandhes cinandra dakwa dadi lemes isih semanta jare apes Mula samya tansah omes aja tansah agawe cules dimen gagas bisa netes sedya amangun praja kang mentes TANPA SLAH Jumawah adoh saka luhuring fitrah nora mempan lamun cinegah tan kena cinatur kanthi lumrah pegat niat jatining warah Nggladrah tekate larat luputing tingkah tansah ngadhang gawe sesolah rumangsa gagah tumindak salah jalaran manah wis ora genah Pikpuk tunggu thuthuk kanton ngglathuk ambal antuk nadyan mlenguk kakehan methuk klewat kladuk ora nyusuk nyisa mbuthuk Tanpa uluk ujar umuk jare mathuk nyucuk mbubuk rumangsa gathuk merga bathuk ora gaduk nadyan sak gumuk jare sak bluluk Ngeslong plolang-plolong asring nylonong domblang-domblong pikire kothong omplang-omplong mikiri genthong ngolang-ngalong tanpa diomong 111
OBAT-MABIT Polahe manungsa tan kena cinandra mobat-mabit lir ombak segara mubeng munyer pindha jinantra muter mider ngubengi jagad raya amung mikiri uripe nang ndonya nguyak karya ngupadaya mulya tan ngaweruhi tataning praja sapa sinapa mung kala-kala medhoting srawung wedharing sabda landheping rasa ilang muspra lantiping jiwa tan ana wasesa pungkase karya tanpa miguna mergane tuna lambaran kang tata Tuna sanak sudraning satak tan ana kang sumanak tansaya ketlarak cuwaning kebak laraning mrantak ulat kang anggak sirnaning ndadak ketiban balak tan bisa ngelak jalaran kladuk tumindak tamak amung nguber urip kepenak dawane pikir dumadi cekak nepsu lauamah tan kena pinenggak ora ana wedi malah wani nyasak angger-angger maton rusak tinerak asile makarya gawe sengsarane awak
112
GEBYAR SAUNTARA Lamun teka walating sabda solah bawa dadi murang tata kadya damar kentekan lenga jalma tinilar luhuring jiwa Prabawaning awirya kadya sirna ilang purna tan kena tinuladha kakehan semaya ora bisa nyembada ngareksa kaya ora mikiri karya Sejatine Hyang Nata wus paring purna sukma sinabda lumebeting raga sinumpah arsa tansah gelem seba nanging cidra malah manembah angkara Kadya jiwa wus tinilar rasa rasa percaya ngoncat saka jiwa ninggal sukma amung ngemong raga kladuk wani ngreka daya sabda Apa yaiki kewaliking ndonya solah tingkah tuna ing wasesa sabda kepalang lumintanging karsa amung ngupadi gebyar sauntara
113
CINABUTING IMAN Iki jaman wis dadi kasunyatan sipat manungsa wis kladuk kedonyan solah polah tansaya gak karuhan merga nguyak bandha sampek lali paugeran Manungsa kadya wus kelangan iman mungkur ing sabda nyingkur tatanan saumpama tembang tan ana palaran tanpa nyurasa luputing kagunan Akeh wong linuwih koncatan pikiran dhemen culika dadi turanggane setan tumindak cidra merga ngarep pesugihan kelangan rumangsa gawe cuwaning liyan Atur dhawuhe Pengeran yaiki kelaksan penggalihe manungsa sudra tanpa cantholan lirwa, cidra, culika sinandhanging pakaryan wani tuna sungkan tan kena dadi panutan SUNTRUT Lungse pasuryane katon medhut sorot mripate suntrut murut tan ana padhange kadya ilang guyu lan eseme Cuwa kinandhut tan ana enteke kadhung kebacut tumindak lakune cinandra katut bingung atine nyisa rekasa nyiksa rasane Tansah sujanan ala pungkase angon lena culika tumindake lirwa ketara kewaca lupute bisa lingsel ora anteng uripe Kadya lentera entek lengane ora madhangi mulek gandane ambu pangambu nyesek dhadhane lamun keladuk nyiksa sarirane 114
BUNDHEL Wani kendel kladuk kemendel rumangsa bandel duwe piandel dumeh kandel ana pengandel nadyan bundhel watone ngandel Tanpa mungel aming ngedumel pikire dhedhel bisane mendel senenge nugel sapa sing prigel wani nganggel tetalang tanggel Tuna supel musnaning kempel tanpa timbel pedhoting ungel gertak sambel sulihing sumpel amung ngrempel katon nggedibel Temboke kandel lepane meprel sakane gapuk akeh sing tugel sinambunge blandar tanpa nagel suwunane nekuk gak tumumpang gewel TITAH PINATAH Titah wus kajibah piñata tan bisa owah tanpa kasolah lamun pasrah ora bakal antuk jatah kladuk jumawah bisa agawe tatanan bubrah Titah kedah tansah gelem sesolah sak madya kang wantah dimen bisa wetah betah ngupadaya warah tan kena cinegah kadya wilah landhep lantip kang bisa minelah Titah kanggenan manah aja nganti minelah mugya dadi tetalang agung munggwing pitrah mugya sinandhang dening rasa kang rinasa lewah lembaring rasa bisa ngelar jembar lumampah Titah nduweni rasa bungah lan susah gegayutaning rasa sakjroning manah lamun kabejan mring bebungah aja kladuk lengah lamun ginanjar susah aja nganti pegat mring sumarah 115
SERATING NALA (Kagem Bapa kang sampun tinilar sukma) Kadya nyupena ing tengahing rina tuladha kawulaning praja wus pinegat sukma bapa wicaksana kang tansah tanggap ing sasmita jalma wijang purna kawruh anggering tata kanthi gamblang kersa mejang kawula sesama medhar sabda kanthi wacana tan ana kang daksiya melar mulur ngemong batur kang sapa-sinapa sinambut rasa njangkani karsa pangarsaning nala sedya bekti urun rembag dados tetalanging arsa tan pegating marga tansah sumadya nggayuh mulyaning praja lubering wasesa mijil wantah runtuting ukara mbabar jembar udharing tembung tanpa sanepa ilining gagas tansah ngagem subasitaning basa ananging cuwa tan ana tutur kang tinengga NGGUGAH RASA Rinaciking basa nggugah sarene rasa rasa rumangsa ingkang tansah paring tresna kersa budya anggayuh mulyaning praja sumadya angon rasa mring andhahan kang setya kanthi legawa anampi wigatosing ukara kersa prenah kanthi lumunturing sabda mboten anamung kawaca kanthi sekedheping netra ananging kedah saget angramesi sekathahing wasesa kanthi legawa paring atur arsa panjangka mugya sesambeting nala tansah luber amangun citra lumantar warta sinedya ndamel wiaring dhadha
116
TAN KENA TINULADHA Sanepaning manuk alap-alap tanpa mikir rekasane kang linalap kadya titah kang lagi kalap karsane nggayuh turangga nggilap sinawang netra gawe ulap Paribasane manuk badhol apa kang dimangsa diodhol-odhol nganti telihe wus mendhol-mendhol wegah leren yen durung mbendhol tanpa ngelingi lamun kahanan brodhol Kinaran uga manuk wulung nyucuki mangsa amung nyisa belung tanpa rinasa sesambat melung-melung kahanan sepa wus manggon nang pelung kladuk kapilara bisa tanpa pitulung DUH, GUSTI Sepining ratri saweg medhar kawruh wigati nggugah ati sumadya seba mring ngarsaning Gusti laku semedi sedya ngupadi purnaning jati sumadyaning gati anggayuh werdi karsaning ati Kadya agni munggwing diri sedya hanguripi tansah nguningani kanthi mawas leresing margi ngugemi janji tanpa cidra pangucaping lathi tinebih guna murih antuk gesang kang mukti Lingsire wengi mijil lintang kang edipeni panjer esuk pindha tetenger lumaksa ing wanci purnaning bakti sinulih wedal surya kinanti wekasaning asri medhar gagas luhuring budhi 117
SEPINING WERTI Langite sepi tansah mikir dawane ratri sorot lintang katon suntrut ilanging asri tanpa solah tinilar daya tan murakabi sedya mijil netepi jejibahan kang pinasthi Tuna wani mobah mosik laku sejati kadya lungse lingsem sunare candra dewi mrambat kalem ngemot abot sanepaning werti medhar raos paring kawruh pepalanging margi Keblat papat minangka waton watesing bumi kelima pancer cinandra solah bawaning pambudi kridhaning raga tanpa owal sineksenan ardi tindhihing bantala tanpa nendra rina lan ratri Mula jalma kudu waspada aja kumawani uninga sapadha subasitaning urip sejati kladuk arsa tinilar rasa bisa mbebayani bisa cilaka lamun kaleksa tanpa mawas diri BUBRAH Lamun kaprah cinandra lumrah pegating larah tanpa warah polah solah tanana salah lembah manah jare gak betah Tanpa lampah dhemen bantah kinaran jare ngupadi warah ora mujud malah mentah nganti kebacut gawe pitenah Iki aran kewaliking ndonya lumaku becik ketiban mala lirwa serik padha pinuja bisane nglirik tanpa kuwawa Aja dumeh lan tansah uninga aji mumpung padha sumingkira mumpung durung gelema waspada lamun kebanjur sedya sembada
118
LUHUR Jalma luhur tansah bisa ngemong batur dudu amung dhemen nutur sedya aweh tanpa tutur medhar rasa gelem lumuntur Andana warih tansah marneni saakehing batih tanpa ngrubeda sapa pinilih sirnaning tuna sugih sinulih mijiling rasa karsa linuwih Jalma awirya wani rekasa ambeging karsa ngupadi mulya pegating lirwa cuwaning rasa sirna rinasa sedya ngareksa ngrembakaning nala Jalma wijang sagah gagah dadi tetalang sarwa gamblang peparing wejang medhar sabda maeka pepadhang wegah ngrubeda dadi pepalang
119
IKRARING BANGSA Sayuk saeka praya guyub rukune bangsa para mudha sedya ikrar angucap sabda ora amung janji nanging sumadya nyatriya maju ing palaga nggayuh kamardikaning bangsa tlatah Nuswantara kang cinacah dening Landa nyawiji rasa jiwa karsa dumadi utuhing praja Cetha wela kala kamardikan wus kaasta akeh punggawa praja kladuk rasa ilang rumangsa pengin angakah bandha andarbeni ambane praja wasesa kang sinabda dening leluhuring praja musna tinilar amung cinandra dadi carita Sipat ambeg paramarta tinilar tanpa rasa wasesa ikrar manunggaling bangsa cinidra dening angkara luhunging basa kang kinukuh kanthi sedya cinacah rancah malah dadi pirantining sawala Kahanan lara kedah cinegah kanthi waspada para mudha samya kersa anggula wentah jiwa sedya ngematke jatining ukara tataning wasesa dhemen kridha murih antuk gumilaring praja.
120
NILAR PAUGERAN Angening jalma kang sinipat sudra kladuk karsa tinilar awiryaning rasa kumawani ninggal paugeran Hyang nata polahe kridha kadunung tunaning tata Nyingkur subasita medhot wasesaning sabda mingkurake jati mobah mosiking nala murubing netra kadya sinipet culikaning arsa tanpa uninga cinandra sorote Hyang Surya Ratri ilang dumadi, rina lena sinedya lirwa cidra dadi agemaning angkara tansah repet dhipet ambeking sukma cetha ala lumaksa kanthi bangga Ala kaleksa tinandur thukul dadi mala mbengkah dhadha metek jiwa tan minulya luhuring sabda amung kadya panglipur lara munggwing arsa merga klewat gedhe rumangsa Pegating rasa mbedhal nyata nepsune yaksa ngakah bantala jembar wiyar ngrungkepi arga ngambah jumantara tanana lintanging samodra mbabal tata limput kridha pungkase daksiya
121
KECEMPLUNG Linggih lenggah lungguhing bantala ajur katerak ombak samodra lengser lungsur lingsire surya peteng ndhedhet kalingan arga Limbang lumbung limbunging jalma cumplung cumpleng cinemplung kaleksa kasat kusut kinesuting jiwa sembung suwung sirnaning awirya Larah lirih luruhing maruta ngluwar mbabar angusik mega lewang lewung ngluwengi angkasa mrantas tuntas mruntusing angkara Tawas tiwas tinuwasing raga lancip landhep tumusing rasa lepat limput kaciri cinandra suluk selak tanpa miguna TARAK Urip iki ana tarak, ben ora ketlarak gelem nyandhak ing gawe, nanging aja cluthak dudu barange bisa netes pituture nanging aja nganti mlenthes tumindake bisa nilas lakune, nanging aja nelas sing dudu darbene tansah atus pakaryane, nanging aja nlutus ngemek liyane oleh nitis patheng kerjane, nanging aja nlithis ngrusuhi kancane gelem ukil nyambut gawe, nanging aja bakil nang donyane bisa awoh pekertine, nanging aja nganti owah lelakune
122
LELAKUNING JALMA Samya ajeg mesu budi lan raga lumantar cegah dhahar kelawan nendra wus sumadya kapatah dumadi kawula saderma nampi mobah-mosik kersaning Hyang sukma Andhap asor sedya ambeg utama nora cidra kang gawe larane sapadha sedya ngupadya urip lahir batin kang sampurna murih antuk kusumpurnaning gesang mring alam baka Culika lirwa mugya kersa nyumingkiri gegandhengan becik tansah sedya hangugemi jalma bakal ngunduh wohing pakarti amung bisa nrimo ing panduming Gusti Aja pegat laku kang miguna nora adigang, adigung, lan adiguna sedya nggayuh urip kang utama munggwing bekti gesang kang sempurna Mohon, mangesthi, mangastuti mring Pengeran mugya tansah memayu mulyaning kahanan Hyang akarya jagad cedhak tanpa senggolan lamuna adoh uga tanpa wangenan
123
PUNGKASE KARYA Geguritan bisa kalebu karya susastra kang kababar lewat basa kanggo ngungkapake gagas lan rasa. Geguritan bisa kacandra ngemu wasesa kang nggambarake gagas lan sikape pangripta kang uripe manggon ing tlatah budaya Jawa. Mula saka iku, geguritan bisa diarani produk budaya. Minangka pungkase karya ing seratan iki, perlu katerangake bab sistem budaya kang ana masyarakat. Sistim nilai budaya awujud nilai aji kanggone manungsa sing urip bareng nang masyarakat. Nilai-nilai iku dijunjung dhuwur, dikormati, dipatuhi, lan ditrapake ing tingkah laku bermasyarakat. Sistem nilai iki arupa aturan kang ngarahke tingkah lakune kabeh wong ing masyarakat sak jroning nglakoni makarya kang ana kaitane dening pakarya sosial budaya. Koentjaraningrat (2003) nyebutake yen sistim nilai budaya manfaate kanggo pedoman luhur kanggo tumindake manungsa. Nilai-nilai iku wus nyawiji ana batine masyarakat sahingga angel sinulih utawa ora gampang rinubah amerga gandheng-renteng dening masalah utama ing panguripane manungsa (Sukidin, Basrowi, dan Wiyaka, 2003:10—11). Saliyane nilai-nilai budaya, ing kalangan masyarakat, uga ana kang diarani norma-norma budaya. Nilai dan norma iki hakikate arupa tatanan kemasyarakatan kang ngendalekne lan ngatur pakaryan sosial budaya masyarakat. Nilai lan norma budaya iki dadi paugerane uripe manungsa kang dijunjung dhuwur lan dipatuhi kabeh wong kang urip bareng nang masyarakat iku. Nilai-nilai budaya iku sifate abstrak kang isine gagasane manungsa kang dianggep apik, bener, lan dikarepake bareng dening kabeh anggota masyarakat. Amerga nilai budaya sifate abstrak lan umum, bisa uga mijilake perilaku sosial kang beda-beda ing antarane anggota masyarakat siji lan sijine. Anangin ora bakal ana masalah lamun perilaku kang beda iku isih gayut dening nilai-nilai kang dadi panutan. Sauntara, norma budaya arupa paugeran perilaku budaya kang luwih khusus. Ing 124
babagan iki, norma budaya ngatur lan ngarahake cara tumindak, cara nggagas, lan cara tutur-tinuture manungsa kang gayut dening situasi sesrawungane (Conklin, 1984). Nilai budaya lan norma budaya masyarakat bisa kacandra ing cara nggagas lan sikap budaya anggota masyarakat sakjroning nglakoni praktik budaya. Cara nggagas lan sikap budaya anggota masyarakat bisa kacandra saka 5 masalah pokok kanggone panguripane manungsa. Limang masalah pokok iku, yaiku (a) hakekat uripe manungsa, (b) hakekat karya kanggone manungsa, (c) hakekat wektu kanggone manungsa, (d) hakekat alam kanggone manungsa, dan (e) hakekat sesrawungan. Gegandhengan 5 masalah pokok iku, Thompson, dkk. (1990) nyebutake ana 5 cara nggagas lan sikap masyarakat marang wernane hubungan sosial budaya, yaiku hirarkhi, egalitarian, fatalistik, individualistik, dan otonomi. Gegayutan dening masalah pokok ing nduwur, Sukidin, Basrowi, lan Wiyaka (2003) nerangake sikap uripe manungsa marang hakekat urip lan hakekat karya. Miturut katerangane, ana 3 pandangan dasar kang ngungkapake maknane urip kanggone manungsa, yaiku (a) urip kanggo makarya, (b) urip kanggo ngamal lan ngabeti, lan (c) urip kanggo seneng-seneng. Sauntara, maknane karya kanggone manungsa, yaiku (a) kanggo golek nafkah, (b) kanggo mertahanke urip, (c) kanggo kormatan, (d) kanggo kepuasan lan kesenengan, lan (e) kanggo ngamal ibadah. Sikap marang hakekat urip lan hakekate karya iki bisa kawaca lewat isine karya kang mijil lewat basa.
125
PUSTAKA RUJUKAN Aminuddin. 2004. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algesundo. Conklin, John E. 1984. Sociology: An Introduction. New York: Macmillan Publishing Co., Inc. Danar. 2008. Geguritan, Archive for the “Kawruh Geguritan” category (Online), (http://danar.kakilangit.com), diakses 1 Januari 2012. Departemen Pendidikan Nasional. 2009. Penilaian. Jakarta: Departemen Pendidikan Nasional Koentjaraningrat. 2003. Pengantar Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta. Nursinggih, Bambang. 2005. Aja Kok Ijoli Warisanku. Yogyakarta: CV. Arindo Nusa Media. Pradopo, Rachmat Djoko. 1987. Pengkajian Puisi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Purwadi. 2007. Sejarah Sastra Jawa. Yogyakarta. Panji Pustaka. Sedyawati, Edi dkk. 2002. Sastra Jawa: Suatu Tinjauan Umum. Jakarta: Balai Pustaka. Situmorang. 1983. Puisi dan Metodologi Pengajarannya. Flores NTT: Nusa Indah. Sukidin, Basrowi, dan Agus Wiyaka. 2003. Pengantar Ilmu Budaya. Surabaya: Insan Cendekia. Thompson, M., Ellis, R., dan Wildavsky, A. 1990. Cultural Theory. Oxford: Westview Press. Widati, Sri dkk. 2001. Ikhtisar Perkembangan Sastra Jawa Modern Periode Kemerdekaan. Yogyakarta: Kalika Press.
126