ATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH
ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016
Assalamu'alaikum Wr. Wb; Kantentreman lan kawilujengan mugi tumandhuk dhumateng kita sedaya; Ugi kula aturaken sugeng énjang. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngonjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula, saperlu nindakaken titi laksana “Pengeten Ari Basa Ibu Internasional Provinsi Jawi Tengah”, kanthi irah-irahan ”Ayo Ngulinakake Basa Jawa Kanggo Nyuksesake Jateng Gayeng, mboten Korupsi-mboten Ngapusi”.
2
Pengeten punika adamel bombong ing manah, kanthi pangajab Basa Ibu ing Jawi Tengah kanthi sedaya dialegipun, mugi-mugi saged dados basa ingkang langkung rumiyin dipun mangertosi lare-lare saderengipun sinau basa sanesipun. Sahengga para putra, wayah, ugi kula lan panjenengan, mboten ajrih lan mboten rumaos angel punawi pikantuk jejibahan kedah ngginaaken Basa Jawi. Kula aturaken kados mekaten, amargi kasunyatan mbukteaken, punawi wonten wulangan Basa Jawi, lare-lare tansah nggresula, rumaos kangelan. Semanten ugi tiyang sepah kadhangkala inggih kawratan anggenipun njawab, mbales saur, utawi paring wewarah. Sejatosipun, punika namung mboten kulina, mboten biasa. Ngengingi upaya nggladhi fasih basa, R.A. Kartini ing salebetipun serat dhumateng Idenburg, ngendikaaken: ”alat paling sae kagem nggladhi basa inggih punika sak kathahkathahipun asring mikir saha pangandikan ngagem basa punika, ananging sampun ngantos ndadosaken basa piyambak dipun lirwaaken.
3
Basa piyambak kedah dipun sinau kanthi temen”. “Alat terbaik untuk belajar bahasa
adalah sebanyak-banyaknya berpikir dan berbicara dalam bahasa itu. Tetapi hendaknya janganlah hal itu menyebabkan bahasa sendiri diabaikan; bahasa itu sendiri harus dipelajari sebaik-baiknya...” (Sulastin 1979:372-3 dalam Dri Arbaningsih, 2005).
Karaos kanthi premati saha landheping panggrahita, Basa Jawi punika gadhah peran sarta kangge damel indhaking bobot ajining Basa Indonesia. Basa Jawi mboten sakdremo kagem alat sesambetan kaliyan sesamanipun, ananging gadhah samukawis ing babagan subasita, nggladhi watak, tindak-tanduk, unggah-ungguh, saha tata krama. Langkung makaten, Basa Jawi ugi anggadhahi pangaribawa, gadhah bobot linangkung, kacetha wontenipun paramasastra (tata bahasa), unggah-ungguhing basa (tingkatan bahasa), ngoko, Krama, Krama Inggil, lan sanessanesipun, menggah empan lan papanipun. Punika mujudaken kasunyatan dhateng gancar gawar solah bawaning priyantun Jawi ing
4
gesang srawung. Punawi mboten pitados, sumangga dipun cobi, duka ngagem Basa Jawi krama, mesthi mboten estu duka, kepepetipun duka inggih tetep alus. Pramila supados Basa Jawi saged sumrambah wonten ing bebrayan ageng, saged dados kabetahan gesangipun priyantun Jawi sumangga panjenengan lan kula sesarengan, sapunika, dipun wiwiti saking diri pribadi sekedhik mbaka sekedhik ngginakaken Basa Jawi ing saben dintenipun. Paling mboten, wonten dalem rumiyin kagem sarana wawan ginem lan pirembagan. Namung kemawon, ngengeti ewah gingsiring jaman, mbok bilih rikala kawiwitan karaos angel, mboten sisah dipun penggalih. Sedayanipun panci mbetahaken wekdal sawetawis. Sekedhik-sekedhik, mboten punapa, mbenjang sansaya dangu, Insya Allah saged sae lan mumpuni. Ibaratipun sela, punawi saben dinten ketetesan toya, tetep saged gripis. Semanten ugi Basa Jawi, punawi saben dinten dipun agem, temtu saged lumebet ing pikiran, karaos ing manah. Ancasipun saged ngewahi watak wantuning tiyang Jawi.
5
Kawiwitanipun mboten sisah ndakik-ndakik, nanging angel dipun mangretosi utawi malah mboten dipun mangretosi. Langkung prayogi, basa ingkang gampil kangge lung tinampen pangretosan, ingkang trep panganggenipun. Supados trep, kedah ngengeti, sinten ingkang ngendikan, sinten ingkang tumanggap wawan ngendikan, sinten utawi punapa ingkang dipun ngendikani, kados pundi swasananipun (wekdal, papan, utawi kawontenan). Punawi kangge sarana amrih trep pamilihipun tembung, cetha dhapukipun ukara, runtut pangiketing basa, ugi dados unggah-ungguhing basa. Langkung sae malih punawi kersa nggladhi nyerat aksara Jawi, amargi Basa lan Aksara Jawa punika sambet rapet, mong kinemong, namur namar more anartani kaliyan kagunanipun. Pramila prayogi ugi remen nyinau, nggladhi ing reh kagunanipun, jumbuh angukuh wonten ing kabudayanipun. Dokter Arman Yurisaldi Saleh, Spesial Saraf ugi sutresna Budaya Jawi, wonten salebetinpun Buku “Hanacaraka-Untuk Senam Otak, Kreativitas dan Rehabilitasi Saraf”, nyerat punawi Aksara Jawi anggadhahi kekhasan
6
ingkang mboten wonten ing aksara sanes. Sarana sinau nyerat Aksara Jawi, saged ndamel aktifipun otak kiwa lan tengen kanthi imbang. Salajengipun sadaya kala wau saged dipun raosaken ing kulawarga panjenengan lan kula piyambak-piyambak, sumrambah ing pawiyatan, ing bebrayan, utaminipun dening para putra putri generasi mudha, kanthi sarana : 1) Ngulinaaken basa Jawi kangge basa saben dinten, paling mboten seminggu sedinten ngginaaken basa Jawi; 2) Remen mirengaken rembag babagan sastra, basa, kagunan saha kabudayan Jawi, lantaran ceramah, diskusi, sarasehan, pepanggihan, giyaran radio, televisi, tuwin sanesipun; 3) Remen maos waosan babagan sastra Jawi tuwin kabudayan Jawi, serat-serat, kapustakaan, ariwarti, kalawarti; 3) Remen nyerat aksara Jawi; 4) Remen medar babagan basa lan aksara Jawi kangge karaharjaning sesami; 4) Ngajak bakul kalebet Pedagang Kaki Lima (PKL) wonten margi lan warungan, purun ngginaaken Basa lan Aksara Jawi kangge kaperluan irah-irahan, kadosto ”Warung Mampira”, ”Toko Tri Atmojo”, lan sak panunggalanipun.
7
Kedah dipun mangertosi, nggladhi Basa Jawi mboten ateges ngunggulaken ego daerah, namung supados panjenengan lan kula, ugi para lare imbang anggenipun tepang basa Jawi lan Basa Indonesia, ingkang sejatosipun rinaket ing budaya. Punika sarujuk kaliyan ewah-ewahan kaping sekawan UUD 1945 (Bab XIIIPendidikan dan Kebudayaan, pasal 32 ayat (2): ”Negara menghormati dan memelihara bahasa
daerah sebagai kekayaan budaya nasional”.
Wonten panjelasan UUD 1945 Pasal 36, kasebat ing daerah ingkang kagungan basa piyambak, ingkang dipun uri-uri kaliyan rakyat kanthi sae, basa punika diurmati lan diuri-uri kaliyan nagari. Basa punika minangka perangan kabudayaan Indonesia. Pramila sumangga Peraturan Gubernur Jawi Tengah Nomer 55 Tahun 2014 minangka éwah-éwahan perubahan Peraturan Gubernur Jawi Tengah Nomer 57 Tahun 2013 bab Petunjuk Palaksanan Peraturan Daérah Provinsi Jawi Tengah Nomer 57 tahun 2013 bab Petunjuk Palaksanan Peraturan Daérah Provinsi Jawi Tengah Nomer 9 Tahun 2012 ngéngingi
8
Bahasa, Sastra dan Aksara Jawa, mboten namung dipun waos, ananging ugi dipun laksanaaken. Mekaten sawatawis bab ingkang saged kula aturaken ing kalodhangan punika. ”Sugeng Mengeti Ari Basa Ibu Internasional” Mugi Gusti Ingkang Akarya Jagad tansah ngayomi, anjangkung lan ngijabahi panggayuh luhur kita sami. Nuwun-nuwun, matur nuwun Wabillahitaufik wal hidayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb.