Imam Aspuri Kumpulan Crita Basa Jawa:
Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang Penerbit:
Tenar Media *** Widuri ‘Pantai Cinta’ne Pemalang Oleh: Imam Aspuri Copyright © 2011 by Imam Aspuri Penerbit Tenar Media Email :
[email protected] Desain Sampul:
IMAS MEDIA Diterbitkan melalui: www.nulisbuku.com
Sekapur Sirih Ing saparan-paran tlatah padha nguwatirake, utamane ing njaba Pulo Jawa, anane ancaman basa dhaerahe kang arep ilang utawa punah. Mung 10% wae kang bisa bertahan, penyebabe basa kuwi sansaya arang digunakake. Kepala Pusat Penelitian Kemasyarakatan dan Kebudayaan (PMB) LIPI Drs. Abdul Rachman Patji M.A ing Jakarta, Jumat (16/11/2011) ngungkapake marang detik.com, faktor kang mempengaruhi kepunahan bahasa yaiku faktor urbanisasi lan perkawinan antar etnis. Nanging penyebab utama kepunahan basa uga merga para wong tua ora mulangake marang anak-anake lan uga ora secara aktif nggunakake ing omah utawa jroning maneka ranah kumunikasi. Kanthi mengkono, mbokmenawa Buku Kumpulan Crita Basa Jawa Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki minangka pepeling anane ancaman ngenani basa dhaerah kang sansaya punah, ora ketang mung sethitihik thok. Paling ora, uga bisa kanggo ndorong wacan ing sekolah apadene ing ngomah? Buku Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki mujudake buku sepisan saka telu buku. Buku liyane kanthi irah-irah Jambemas, Mulang, Muruk, & Nglipur! minangka buku kapindho, lan buku Kumpulan Cerita Bahasa Jawa kaphing telune yaiku Gigih Linuwih Niti Prestasi. Buku kang saperangan gedhe wis dipublikasikake utawa dimot ana ing media massa basa Jawa, mligine akeh dimot ing Majalah Basa Jawa PS, lan ora sethithik uga kang dimot ing Majalah JB iki mugi-mugi ana manfaate kanggo pamios. Najan mengkono, penulis uga pitados buku Kumpulan Cerita Basa Jawa Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki esih adoh saka sempurna. Mula kritik lan saran kang mbinangun tetep dadi pangarep saka pamios. Nuwun. Penulis
2
KANGGO sebagian wong papan-papan tinamtu dipitaya nduweni keluwihan. Kaya dene papan pesisir Widuri ing Kelurahan Widuri Kec. Pemalang Kab. Pemalang, Jateng, iki dipitaya sapa wae, pawongan kang mentas mantenan mara teka mrono jejodohane bakal langgeng. Kaya dene lagu “Widuri” karyane Adriadi komponis asal Semarang ing nduwur kuwi, sing jare kepencut kaendahane obyek wisata Pesisir Widuri iku, lagu iku nate kondhang seantero Nusantara nalika tahun 1970-an. Lan kabare lagu iku wis diterjemahake ing basa Inggris lan Mandarin. Iramane sing melankolis, pancen gampang nimbulake kenangan manis. Ora eram, menawa komponis Adri3
adi nggone nyipta irah-irah lagu iki diilhami dening obyek wisata Pesisir Widuri. Yen kita “mbedah” isine lagu kasebut, rada ana mempere karo asal aran/jeneng papan rekreasi sing siji iki. Widuri, jeneng sawijine wanita ayu lan isih enom dadi kawigatene nom-noman. Nanging Widuri tetep karo „pendirian‟e, mujudake
wong wadon sing wis nduwe lanang. Esem oleh kanggo sapa wae, nanging kesetiaane marang bojo kudu dijaga. Kaya dene njero lagu iku, “... lalu engkau tersenyum, tak tahu apakah arti senyum-mu....?” Ana dene “terkonspirasi” karo babagan lagu lan arti setiane sawijining bojo, katone tekan saiki diyakini bener, utamane dening pasangan nganten anyar. Akeh sing ngandel, kanthi teka ing Pesisir 4
Widuri karo ngumbah tangan lan sikil, kanggo pasangan manten sing isih nganggo sandangan „kebesaran‟e sawise nglaksanakake ijab-kobul, bakal awet enom sarta rukun nganti kaki-nini. Mula nalika wulan-wulan musin manten, ing Pesisir Widuri kerep ditemoni iring-iringan manten numpak dokar utawa andhong. Para manten anyar kuwi ora nadya bungah-bungah „berbulan madu‟, ananging kanggo netepi piandel sing esih kuwat diyakini dening masyarakat Pemalang lan sekitare. Piandel (kepercayaan) kasebut, ana gandheng cenenge karo legenda sing nduweni gegayutan bab kawasan iku. Miturut legenda yaiku hikmah kesetiaane Nyai Widuri, bojo sawijining Abdi Dalem Sultan Agung Hanyakrakusuma saka Kerajaan Mataram sing daleme ing Pesisir kono. Wektu kedaden „Geger Pemalang‟ yakuwi nalika dhaerah Pemalang diserang dening Selingsingan saka Cirebon, Sultan Agung ngirim Pangeran Purbaya kanggo mbiyantu abdi dalem ing kono ngusir para 5
perusuh iku. Najan ngalami tatu, nanging Pangeran Purbaya menang ing peperangane. Merga tatu-tatu Pangeran Purbaya diopeni (dirawat) dening Nyai Widuri, wadon ayu lan elok sing esih enom kuwi. Bab iku sing ndadekake butarepane sing lanang, sing luwih tuwa umure. Nanging Nyai Widuri bisa njaga „kesetiaan‟e dheweke, kanthi bukti natoni driji manise. Getih sing netes ing tanduran Widuri banjur „disabda‟ yen mengko warnane kembang Widuri putih, pancen dheweke ora putih kesuciane maneh, nanging yen mengko malih dadi ungu nom kebirubiruan wernane, tandha yen ngluwihi donya iki. Lan... jebule; kembang Widuri sing thukul kembange ungu nom kebiru-biruan. Mula, abdi dalem mau yakin karo kesetiaane lan kesuciane bojone. Sakloron urip rukun, ibarate ‘mimi lan mintuna’ nganti ‘kaki-nini’. Mula kuwi para manten sing plesiran ing Widuri saiki, uga ngarep-arep berkah supaya bisa tetep setia padha-padha katresnane anggone omah-omah nganti rajapati utawa langgeng anggone jejodhoan. Ana uga sing nerjemahake kanggo ndhedher katresnan, utamane kanggo kaum mudha. Merga kuwi, ing papan rekreasi kono kerep katon pemandhangan pasangan mudha-mudhi lagi sih-sihan atawa pacaran. Apa maneh dina Minggu, rame lan romantise. Mula ya ora muluk-muluk, yen Pesisir Widuri kuwi uga dijenengi “Pantai Cinta”ne Pemalang. *** Dimuat ing Panjebar Semangat, No. 28/2005. 6
Jembatan batu di sebelahku Diam Pancuran bambu kecil Memercikkan air Menghempas di atas batu hitam Merintih menikam sepi pagi... Tembange Ebiet G Ade sing mung satugel ing dhuwur iku ngelingake kita ngenani sawijining desa ing Kab. Pekalongan, Jawa Tengah,
7
yaiku Lolong. Tem-bang kasebut digawe dening “pencipta lagu” iya penyair, kanthi irah-irahan “Lolong”, jeneng sawijining desa klebu tlatah ing Kec. Karangayar Kab. Pekalongn. Tembang sing sabenere geguritan kuwi digawe taun 1976, kaya dene cathetan sing kapacak ing samak album Camellia III ing pungkasan geguritan Lolong mau: Pekalongan, 1976. Tembang-tembange Ebiet G Ade ing sakiter taun 1970-an kondhang banget. Penyair asal Wonodadi-Banjarnegara iku, saben ngetokake album tansah dadi populer. Temban g-tembang kaya dene irahirahan Lagu Untuk Sebuah Nama (Camellia I), malah tembang Berita Kepada Kawan (Camellia 2) banget populere. Ora beda karo album-album sadurunge, ing Camellia III iki saliyane tembang Elegi 8
Esok Pagi, ora kalah kondhange tembang Lo-long. Kejaba syaire melankolis, tur manis, keluwihan liyane tembang iki diswarakake dening Ebiet kanthi iringan gitar thok. Merga tembang iki, Desa Lolong dadi luwih kondhang minangka papan wisata. Mula ora aneh, banjur akeh wong sing nekani kanthi gemrudug padha plesiran, kepengin weruh papan sing kaya ditembangake dening Ebiet, utamane anane
kreteg watu sing keprungu aneh mau. Pancen kreteg iku ana kanthi alami, dudu gaweyane manungsa? Mbuh kanthi njarag apadene secara kebeneran, penyanyi sekaliber Ebiet G Ade iku teka ing papan sawjining desa ing Kab. Pekalongan mau. Penyair sing kondhang kulina „semedi‟ ing Ngayogyakarta kanggo golek ilhame sing sateruse ing kutha bathik iki uga kasil nyiptakake tembang Zapin (album 9
Camellia 4) kuwi pancen ora salah milih papan Lolong kango irah-irahan tembange. Prayata wangsit sing katampa sumunar, lan sumebar ana ing ngendiendi. Ora beda karo kanyatan kahanan ing sejatine ing desa Lolong sing nengsemake.
Desa sing ana ing ereng-erenge gumuk iku pancen seger lan asri. Kiwa tengene dalan dikebaki tanduran ijo royo-royo, kaya sing digambarake dening Ebiet, pucuk-pucuk cemara sing tansah obah, sajake kaya irama jogedan duwe kekuwatan gaib...................
Sugeng nerusake maos buku menika teng sanes kahanan..... ?!! 10