SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA
BAB VI TEMBANG DOLANAN LAN TEMBANG MACAPAT
OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum. KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017
BAB VI TEMBANG DOLANAN LAN TEMBANG MACAPAT KISI-KISI DAN BAHAN AJAR No.
Kompeten si Utama
A 1.
B Profesional
2.
Profesional
3.
Profesional
4.
Profesional
5.
Profesional
Standar Kompetensi Guru (SKG) Kompetensi Inti Kompetensi Guru Guru (KI) Mata Pelajaran (KD) C D Menguasai Memahami bahasa, materi, struktur, sastra, dan budaya konsep, dan serta pola pikir implementasinya keilmuan yang dalam mendukung pembelajaran mata pelajaran yang diampu. Menguasai Memahami teori materi, struktur, dan genre sastra konsep, dan Jawa pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Menguasai Memahami teori materi, struktur, dan genre sastra konsep, dan Jawa pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Menguasai Memahami teori materi, struktur, dan genre sastra konsep, dan Jawa pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Menguasai Memahami teori materi, struktur, dan genre sastra konsep, dan Jawa
Indikator Pencapaian Kompetensi (IPK)
Materi pokok
E Menganalisis nilai-nilai budi pekerti dalam lagu dolanan
F Lagu dolanan
Mengidentifikasi nama tembang macapat
Nama tembang macapat
Menganalisis aturan tembang macapat
Aturan tembang macapat
Menganalisis makna bagian tembang macapat yang memuat budi pekerti luhur
Tembangma capat
Menganalisis ajaran moral dalam
Tembangma capat
1
6.Profesional
pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.
tembangmacapat
Memahami teori dan genre sastra Jawa
Mengidentifikasi purwakanthi dalam suatu tembangmacapat
Tembangma capat
A. TEMBANG DOLANAN Tembang dolanan yaiku jinis reriptan tembang sing ora nganggo paugeran guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Dadi tembang dolanan ora padha karo karo tembang macapat, nanging uga ora padha karo tembang tengahan uga tembang gedhe. Tembang dolanan lumrahe biyen ditembangake dening bocahbocah cilik, utamane ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane lan bisa uga diiringi gamelan. Lumantar tembang dolanan, bocah-bocah ditepungake bab sato kewan, tanduran, bebrayan, lan alam. Mula saka iku, adhedhasar isi kang kasebut iku mau jinise tembang dolanan ana tembang dolanan bab sato kewan, tanduran, bebrayan, lan alam. Siji-sijine tembang dolanan nduweni tetenger arupa irah-irahan utawa judhul. Emane, awit pangrembakane tembang dolanan kanthi gethok tular, mula judhule kerep owah, malah uga ana sing nut lagune uga owah. Tembang dolanan wiwit sumrambah ing bebrayan Jawa ing awal abad kaping 20. Rikala iku ora bisa kasebut sapa sing ngripta tembang-tembang kang wiwit sumebar. Upamane tembang Gundhul Pacul Pelog Barang, Nyata Kowe Wasis Pelog Barang, Jaran Teji Pelog Lima (sing owah dadi Jaranan), Emplek-Emplek Ketepu Slendro Sanga, Sluku-Sluku Bathok Slendro Sanga, uga Kauman Slendro Manyura (sing owah judhule dadi Sarsur Kulonan, uga owah pathete dadi Slendro Sanga) ora kawruhan sapa pangriptane. Sabanjure bubar kamardikan pangripta tembang dolanan wiwit kacathet, kayadene R.C. Hardjasoebrata kang akeh ngripta tembang dolanan ing taun 1950-an. 2
Riptane R.C. Hardjasoebrata, kaya ta Kidang Talun (Ndolani Adhiku) Slendro Sanga, Nuthuk Kethuk Kleru Kenong (Semar, Gareng, Petruk) Slendro Sanga, Aku Duwe Pitik Slendro Sanga (sing owah judhule dadi Pitik Tukung), Wulung Slendro Sanga, Mengko Sore Nggonku (Ndelok Wayang) Slendro Sanga, Yo Dha Dadi Wayang Slendro Sanga, Paman Tukang Kayu Slendro Sanga, Jago Kate Pelog Barang, Kupu Kuwe Pelog Nem, Menthog Karo Jago Pelog Nem (sing owah judhule dadi Methog-Menthog), lan isih akeh nanging ora pati kesuwur. Ing Taun 1960-an tuwuh tembang dolanan, kayadene Gugur Gunung Pelog Barang karipta dening Darmasoewita, Lumbung Desa uga Lesung Jumengglung padha-padha Slendro Sanga riptane Ki Nartasabda. Reriptane Ki Nartasabda uga kayadene Swara Suling Pelog Lima (sing owah judhule dadi Gambang Suling), Ayo Praon Pelog Lima (sing owah judhule dadi Prau Layar), Ngundha Layangan Pelog Lima, lan isih akeh liyane. Ngancik taun 1970-an reriptan tembang saya ngrembaka, kabeh uga ora nganggo paugeran guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging ora kabeh pantes sinebut tembang dolanan. Tembang dolanan isih nduweni iketan arupa titilaras utawa nut uga lagu/”melodi” kang prasaja, larik kang cekak, uga isi kang murwat kanggo bocah. Wiwit taun kasebut uga reriptan tembang kang arupa langgam lan lagon wiwit mecungul. Sateruse reriptan lagon nganti saiki terus jemrudhul. Mula saka iku, paugeran wekasan mau kudu dicakake kanggo matesi tembang dolanan apa dudu. Upamane lagon-lagon riptane Ki Nartasabda, Mbok Ya Mesem Slendro Sanga, Aja Dileroki Pelog Lima, Sapu Tanganku Pelog Nem, Mari Kangen pelog Nem, Sarung Jagung Pelog Barang, lan sapanunggale, kabeh tanpa ngugemi paugeran guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging titilaras utawa nut uga lagu/”melodi” ora prasaja, larik ora cekak, uga isi ora murwat kanggo bocah, mula ora bisa kasebut tembang dolanan. Semono uga yen ing taun 2000-nan ngrembaka kayadene lagon Cucak Rawa Slendro Sanga, senajan titilaras utawa nut uga lagu/”melodi” prasaja, larike cekak, nanging isine ora murwat kanggo bocah. Mangkono uga sing wiwit taun 2016 bocahbocah cilik padha nembangake, yaitu lagon Banyuwangi Kanggo Rika Pelog Lima, uga kalebu titilaras utawa nut uga lagu/”melodi” prasaja, larike cekak, nanging isine ora murwat kanggo bocah. Saklompok nanging beda, yaiku kang ana ing taun-taun sadurunge sing sumrambah angger bocah cilik melu-melu nembangake yaiku Lagon 3
Oplosan uga Mester Mendem. Lagon-lagon kasebut sanajan isine apik, ngajak ing bebener, nanging panyuguhe lagu ing cakepan kang kebacut blak-blakan dadi ora murwat kanggo bocah. Mula saka iku kabeh, mula nitiki teges kang kinandhut ing tembang dolanan dadi utama. Teges kang kinandhut iku dadi landhesan kanggo milih tembang dolanan kang patut diwulangake ing pamulangan. Teges kang kinandhut sajrone tembang dolanan umume wejangan bebuden becik. Dene wujude peprincene bebuden becik iku maneka warna. Ana teges kang kinandhut ing tembang bab tresna marang negara utawa bisa kasebut patriotisme yaiku ing tembang dolanan Kuwi Apa Kuwi Pelog Barang, kang bisa kadulu ing ngisor iki. Kuwi apa kuwi, e kembang melathi, sing takpuja-puji aja dha korupsi, merga yen korupsi negarane rugi, piye-piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi. Kuwi apa kuwi, e kembange waru, sing takpuja-puji rakyate bersatu, merga yen bersatu negarane maju, piye-piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi. Kuwi apa kuwi, e kembange waru, sing takpuja-puji rakyate dha makmur, merga yen dha makmur negarane subur, piye-piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi. Tembang dolanan kasebut ing ndhuwur rinipta ing taun 1967 kacek telung taun karo tembang dolanan Gugur Gunung padha laras Pelog pathete Barang uga padha. Werdine uga saemper, bisa katitik ing cathetan iki. Ayo-ayo kanca ngayahi karyane praja, kene-kene kene-kene gugur gunung tandang gawe, sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane, lila lan legawa kanggo mulyane negara, siji loro telu papat maju papat-papat, diulang-ulungake mesthi enggal rampunge, olobis kontul baris olobis kontul baris, olobis kontul baris olobis kontul baris. Ana teges kang kinandhut ing tembang dolanan bab netepi unggah-unggah kanthi tumindak ngati-ati utawa ora grusa-grusu. Teges kasebut ana ing tembang 4
dolanan Gundhul Pacul uga Pelog Barang, kang wis ana sadurunge taun 1930-an lan ora kawruhan pangriptane. Cakepan asline kaya ing ngisor iki. Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan, nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan, wakul glempang segane dadi saratan, wakul glempang segane dadi saratan. Tembang kang nggambarake durwiweka kasebut kejaba owah titilarase saka asline, uga ngalami owah-owahan cakepane, kang dadine kaya ing ngisor iki. Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan, nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan, wakul glempang segane dadi salatar, wakul glempang segane dadi salatar. Reff: Ana bocah gundhul dhul lunga menyang sawah, nyunggi-nyunggi wakul kul karo gembelengan, mlaku neng tengah dalan ora wedi bebayan, mlaku neng tengah dalan ora wedi bebayan, wakule ngglempang dadi salatar. Aja nangis ndhul, mundhak tambah gundhul, aja nangis ndhul, mundhak tambah gundhul. Owah-owahan tembang dolanan Gundhul Pacul kasebut saya nyethakake teges kang kinandhut uga ndadekake greget wejangane kawistara. Ora beda karone karo tembang Methog-Methog Pelog Nem. Tembang iku uga owah saka pangriptane. Yen asline mangkene: Menthog-menthog takkandhani, sasolahmu angisin-isini, mbok ya aja ngetok, ana kandhang wae, enak-enak ngorok ora nyambut gawe, menthog-menthog mung lakumu, egag-gegog gawe guyu. Jago-jago takkandhani, sasolahmu angisin-isini, aja krubyag-krubyug apa wedi banyu, aja klubag-klubug ayo tutna aku, jago-jago gek mentasa, aja umuk dhemen mada. 5
Cakepan tembang ing ndhuwur mungkret kari dadi sapada uga ana owahe tembung-tembunge, kaya ing ngisor iki. Menthog-menthog takkandhani, mung solahmu angisin-isini, mbok ya aja ngetok, ana kandhang wae, enak-enak ngorok, ora nyambut gawe, methog-menthog mung lakumu, megal-megol gawe guyu. Sanajan owah titilarase, uga owah padane, lan owah saperangan tembunge, nanging teges kang kinandhut ing tembang kasebut tetep wae. Tembang kasebut uga ngandhut wejangan bebuden becik bab unggah-ungguh kanthi tumindak ora ngina liyan, uga ngerteni kodrate Gusti krana kang didarbeni liyan. Saemper karo isine tembang kasebut yaiku tembang dolanan Jago Kate Pelog Barang uga riptane R.C. Hardja Soebrata. Cakepane bisa kadulu ing ngisor iki. Jago kate te te te, kug kug klurug kok, amecece ce ce ce kug kug klurug, balang watu bocah kuncung, keyog kena telihe njranthal pelayune, mari umuk mari ngece si kate katon yen tukung. Werdi kang kinandhut ing tembang dolanan bisa katitik ora mung kanthi ngerteni cakepane. Ana kang luwih wigati kanggo merdeni tembang dolanan, yaiku bab titilaras lagune
utawa cengkoke. Upamane tembang Kauman, Sluku-Sluku
Bathok, uga Emplek-Emplek Ketepu, siji-sijine yen katiti saka cakepane angel bisa kadumuk werdine. Kauman Slendro Manyura Sar sur kulonan mak mak gemake re te te te, takoyake re te te te , takoyake yen kecandhak dadi gawe, babo mesthi mati, babo mesthi mati, takbedhile mimis wesi, thong thronthong-thronthong dher, thong thronthong-thronthong dher, takbedhile e e mimis wesi. 6
Sluku-Sluku Bathok Slendro Sanga Sluku-sluku bathok, bathoke ela-elo, si rama menyang Sala, leh-olehe payung muntha, pak jenthit lo lo bah, wong mati ora obah, yen obah medeni bocah, yen urip goleka dhuwit. Emplek-Emplek Ketepu Slendro Sanga Emplek-emplek ketepu wong lanang goleka kayu, ala la yah golek-golek pisan, ala layah golek-golek pisan, o eyo golek pisan, o e yo, golek pisan, lamun golek wong lanang aja lah menek, ala la yah menek-menek pisan, ala layah menek-menek pisan, o e yo menek pisan o e yo, menek pisan, lamun menek wong lanang aja lah mencit, ala la yah mencit-mencit pisan, ala layah mencit-mencit pisan, o e yo mencit pisan, o e yo, mencit pisan, lamun mencit wong lanang aja lah tiba, ala la yah tiba-tiba pisan, ala la yah tiba-tiba pisan, o e yo tiba pisan o e yo, tiba pisan lamun tiba wong lanang aja lah mati, ala la yah mati-mati pisan, ala layah mati-mati pisan, o e yo mati pisan, o e yo, mati pisan, lamun mati wong lanang ya takbelani. Saemper karo tembang-tembang ing ndhuwur, ana riptane R.C. Hardjasoebrata taun 1951 kang angel diwerdeni, yaiku Kidang Talun Slendro Sanga. Tembang kang uga diparingi irah-irahan Ndolani Adhiku iku sakawit mung sapada, salakune jaman dadi telung pada. Kejaba iku nute uga owah. Sapada kawitan kasebut yaiku: Kidang talun, mangan kacang talun, mil kethemil mil-kethemil, si kidang mangan lembayung. Pada kasebut isih tetep lumaku nganti saiki, nanging kasusul anane tambahan pada kapindho kaya ing ngisor iki. Gajah belang, saka tanah Plembang, nuk renggunuk-nuk renggunuk, si gajah nyemplung ing blumbang. Utawa: Gajah belang, saka tanah sebrang, nuk renggunuk-nuk renggunuk, gedhene meh padha gunung.
7
Kejaba pada kapindho iku uga kasusul pada katelu, kang uga ana bebedane kaya ing ngisor iki. Tikus buntung, nduwe anak buntung, cit cit ciyit-cit cit ciyit, si tikus saba ing wuwung. Pada katelu uga ana kang ngowahi dadi mangkene. Tikus pithi, nduwe anak siji, cit cit ciyit-cit cit ciyit, si tikus seneng ngrikiti. Utawa: Tikus pithi, nduwe anak siji, cit cit ciyit-cit cit ciyit, maju perang wani mati. Pangrembakane tembang dolanan kasebut ora mandheg, ing taun 2010-an tuwuh pada kang kaping papat, kaya mangkene: Macan tutul, nduwe anak tutul, thuthul-thuthul thuthul-thuthul, macan kok senenge thiwul. Werdine tembang dolanan uga ana bab unggah-ungguh marang alam donya saisine. Ana tembang riptane R.C. Hardjasoebrata taun 1951 kanthi judhul BocahBocah Dolan (Padhang Mbulan) Pelog Nem, cakepane mangkene: Padhang-padhang mbulan kaya rina, latare jembar, njjingglang padhange, kareben bingar akeh kancane, ayo padha keplok-plok surak hi yo, ayo padha keplok-plok surak hi yo. Riptane R.C. Hardjasoebrata kasebut yen katandhingake karo reriptan ing taun 2000-nan iki kanthi judhul padha Padhang Mbulan laras lan pathet uga padha, Laras Pelog Pathet Nem, kepriye ya? Yo prakanca dolanan ing njaba, padhang mbulan padhange kaya rina, rembulane kang ngawe-awe, ngelikake aja turu sore-sore. Kekarone padha-padha ngajak suka parisuka uga ngerteni owah gingsire alam donya kanthi nyawang swasana ing wayah padhang rembulan, kanthi werdi kanng sinandhi kabeh iku peparinge Gusti, mula kudu konjuk amemuji atur sukur.
8
Isih akeh tembang-tembang dolanan kang durung diterangake teges kang kinandhut utawa werdi kang didarbeni, sebab kejaba cacahe tembang dolanan kang akeh banget uga reriptan tembang dolanan isih terus ngrembaka.
B. TEMBANG MACAPAT Tembang ing bebrayan Jawa kaperang dadi 3 jinis, yaiku tembang gedhe/sekar ageng (kawi miring), tembang tengahan/sekar tengahan, lan tembang cilik/sekar alit utawa tembang macapat. Jinis-jinis iku jumbuh karo kang tinemu ing tlatah Bali. Ing Bali tembang-tembang kasebut karan sekar ageng, sekar tengahan (sekar madya), lan tembang macapat (sekar alit).
Andharan kasebut jumbuh karo katrangane
Poerbatjaraka (1957), kang surasane tembang macapat utawa kidung, wujude lan tuwuhe meh bareng yaiku ing jaman Majapahit, nalika agama Islam wis ngrembaka, utamane ing tlatah pesisir lor Pulau Jawa. Tembang macapat ora mung tinemu ing masyarakat Jawa, nanging uga ing Sunda, Bali, Lombok, lan Madura.
1. Titikane Tembang Macapat Tembang macapat yaiku jinis reriptan tembang sing nganggo paugeran arupa guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tembung guru ing bab iki ateges pathokan/panutan. Dhasar utama kang nemtokake tembang macapat yaiku guru watak, jalaran saka watak kang tinamtu iku bisa kasebut tembang macapat tartamtu. Saperangan tembang tengahan ana kang kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging tembang kasebut ora nduweni watak tinamtu. Kang kalebu tembang tengahan kasebut, yaiku tembang Balabak, Girisa, Wirangrong, lan Jurudemung. Yen mung sinebut anane paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, mula cacahe tembang macapat ana 15. Dene, amarga kang dadi dhasar utama tembang macapat iku guru watak, mula cacahe tembang macapat ana 11. Tembang macapat uga kaya tembang gedhe lan tembang tengahan yaiku nggunakake basa Jawa anyar. Perlu kawuninga, akeh anggepan yen tembang tengahan iku nggunakake basa Jawa Tengahan lan tembang gedhe nggunakake basa Jawa Kuna. Kejaba iku paugeran tembang macapat akeh-akehe mung disebutake telung prakara, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Kamangka kang utama utawa kang dadi lanjere ing tembang macapat iku watake, mula guru watak kudu 9
ndhisiki. Kanggo ngerteni bab basa kasebut bisa katandhingake telung tembang kang wis umum tinemu ing bebrayan Jawa ing ngisor iki. Sekar Ageng Kusumastuti: Dhuh kulup putraningsun, sireku wus wancine, pisah lan jeneng ing wong, ywa kulineng hardi, becik sira neng Praju, suwiteng narpati, wulu cumbu madukara paran, margane ketemu, ha mung ta wekas ing wong ywa pegat teteki. Sekar Tengahan Dhudha Gandrung: Peksi pita, sendhang lit kinurung, sun cecadhang wiwit timurnya, wehing mayang pandam ingkang ratri, ing tembe sun kawulani, perak rekta, mangke wus diwasa, suteng baya, warnanya punjul, gandhes luwes grapyak kaduk manis, wyeng engeta mring kawula. Sekar Macapat Pangkur: Mingkar-mingkur ing ukara, anakarana karenan mardisiwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining nglemu luhung, kang tumrap neng tanah Jawa, agama ageming aji. Kejaba salang surupe bab basa ing tembang, uga lirwane ing bab lanjere tembang macapat, yaiku bab guru watak. Guru watak yaiku pathokan bab wewatakane sabensaben tembang macapat. 11 jinis tembang macapat nduweni watak sinebut ing dhaftar ngisor iki. No.
Sekar/Tembang
Watak
1
Mijil
Gandrung, prihatos
2
Sinom
Wantah, grapyak
Penganggene Slaras kangge medhar piwulang, pangalembana, lan asmara ingkang kebak raos prihatos. Medhar wejangan, piwulang, utawa 10
3
Maskumabang
Nelangsa, prihatos sanget
4
Pangkur
Sereng
5
Durma
Nepsu, sereng sanget
6
Kinanthi
Asih asuh
7
Asmaradana
Gandrung, Prihatos, welas
8
Dhandhanggula
Luwes, manis
9
Gambuh
Radi sereng
10
Megatruh/ Dhudhuk Wuluh
Prihatos, getun
11
Pucung
Sasekecapanipun
bawa raos kanthi grapyak sumanak. Medharaken panalangsanipun manah kang nembe sedhih, sungkawa, lan nelangsa, kadya nalika pepisahan, wonten lelayu. Cocog kangge medhar cariyos ingkang tumemen lan blaka. Cocog kangge medhar cariyos ingkang kasar, kados tiyang nembe duka, prajurit nembe tantangtantangan, lsp. Cocog kangge medharaken piwulang, wejangan, utawi kangge medhar asmara, ugi cariyos bab asmara. Cocog kangge medhar cariyos ingkang ngemu asmara, gandrung wuyung, utawi lara branta. Kelebet gandrung dhumateng kahanan kang utami ugi Pangeran. Cocog kangge medhar wejangan, piwulang, katresnan, saged ugi kangge murwakani lan mungkasi cariyos. Cocog kanggo medhar wejangan, nanging kanthi grapyak sumanak. Slaras kangge medharaken raos kuciwa, getun, utawi nalangsa. . Medharaken piwulang ingkang asipat prasaja, gampil dipunngertosi. Kangge gegojegan arupi cangkriman.
Dhaftar ing ndhuwur kajangkepi karo penganggone tembang-tembang macapat. Perangan iku kaangkah kanggo negesake watake tembang-tembang kasebut. Kejaba guru watak, tembang macapat isih kaiket ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku gunggunge gatra utawa larik ing saben sapada (Indonesia: bait). Guru wilangan, yaiku gunggunge wanda ing saben sagatra/salarik (Indonesia: baris). Dene guru lagu utawa kasebut dhong-dhinge swara yaiku swara ing saben 11
pungkasaning
gatra/larik (Padmosoekotjo, 1958:15). Iketan tetelune tumrap 11
tembang macapat bisa karingkes ing dhaftar ngisor iki. No Sekar/Tembang 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11
Mijil Sinom Maskumambang Pangkur Durma Kinanthi Asmaradana Dhandhanggula Gambuh Megatruh/ Dhudhukwuluh Pucung
Guru Gatra
1
2
3
4
5
6
6
10i
6o
10e
10i
6i
6u
9
8a
8i
8a
8i
7i
4
12i
6a
8i
8a
7
8a
11i
8u
7a
7
12a
7i
6a
6
8u
8i
7
8i
10
Guru Wilangan saha Guru Lagu Larik Kaping 7
8
9
8u
7a
8i
12a
12u
8a
8i
7a
8i
5a
7i
8a
8i
8a
8i
8a
8e/o
8a
7a
8u
8a
10i
10a
8e
7u
9i
7a
6u
8a
12i
5
7u
10u
12i
8u
8o
5
12u
8i
8u
8i
8o
4
12u
6a
8i
12a
10
7a
Kejaba 11 tembang macapat kasebut ing ndhuwur, uga ana 4 jinis tembang tengahan kangkalebu tembang tengahan akhir, uga nggunakake paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Paugeran kasebut bisa kapirsani ing dhaftar ngisor iki. No Sekar/Tembang
Guru Wilangan saha Guru Lagu Larik Kaping
Guru Gatra
1
2
3
4
5
6
1
Wirangrong
6
8i
8o
10u
6i
7a
8a
2
Girisa
8
8a
8a
8a
8a
8a
8a
3
Balabak
6
12a
3e
12a
3e
12a
3e
4
Jurudemung
7
8a
8u
8u
8a
8u
8a
7
8
8a
8a
9
8u
2. Merdeni Isine Tembang Macapat Tembang macapat kejaba mawa paugeran arupa guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, uga nduweni isen lan pepasren arupa maneka werna bab, kayadene pitutur, wangsalan cangkriman, purwakanthi, uga tembung Kawi. Tembang macapat umumipun nduweni isi ngenani pitutur. Pitutur yaiku unen-unen kang kanggo mulangake lan nggegulang bebener lan kabecikan. Wujude 12
10
pitutur bisa wantah bisa uga samudana, kayadene ing Serta Tripama, pitutur kagambarake kanthi paraga utama ing carita, yaiku Kumbakarno, Adipati Karna, lan Patih Suwanda. Beda karo kang ana ing Serat Wulangreh, Wulang Sunu, Wulang putri, uga Serat Candra Rini, pitutur kang ana dicethakake. Tembang macapat uga kerep ngandhut pepasren arupa wangsalan. wangsalan yaiku tembung-tembung sajrone ukara kang disamunake, wujude cakriman kanthi batangan ing wandane tembung samburine. cangkriman kanthi batangan ing wanda tembung salebeting ukara
sawingkingipun. Kejaba cangkriman ing wangsalan,
tembang macapat uga ana kang ngemot cangkriman ing sawutuhe pada. Tembang macapat kang kerep ngemot cangkriman yaiku tembang pucung. Tembang macapat kejaba nduweni paugeran guru lagu, uga ana kang majibake anane purwakanthi guru swara. Tembang kasebut uga dumadi ing tembang pucung, yaiku ing larik pisanan kang dumadi kang ora mung kaiket ing guru wilangan lan guru lagu /12-u/, nanging wanda kapapat uga kawekasan /u/, jalaran netepi purwakanthi guru swara karo wanda wekasan larik. Tembang macapat ana uga kang ngrengkuh anane purwakanthi guru sastra, uga ana kang ngemot purwakanthi guru basa utawa purwakanthi lumaksita. Purwakanthi lelorone iku tumrape tembang macapat pancen ora kudu ana, kabeh iku sipate mung pasren, murih dadi saya apike. Katrangan bab purwakanthi iki bisa kapirsani ing tembang ngisor iki. Kembang abang titimbanging gambir, tebih tineba tambah tegalan, pala kirna keh warnane, kencingan kacang kancuh, kara uceng caket kecipir, lang-alang seselingan, glagahireng rayung, ngandhap dhukuh gagawangan, pala pendhem nedheng mangsane ngundhuhi tan kendhat tutundhunan. Pethikan tembang Dhandhanggula, saka Serat Giripura anggitane KGPAA Mangkunagara IV, kasebut ngemu purwakanthi guru swara lan purwakanthi guru sastra. Kang kalebu purwakanthi guru swara, yaiku ing gatra (1) kembang abang titimbangan gambir.....[runtute swara-ang], (2) tineba tambah tegalan, (3) pala 13
kirna [runtute swara menga /a/]. Kang kalebu purwakanthi guru sastra, yaiku wandawanda kang ngemu aksara sigeg, tuladhane: kembang abang titimbanging gambir [runtute swara sigeg /-b/, /ng/], tebih tineba tambah tegalan [runtute swara sigeg /t/], pala kirna keh warnane, kencingan kacang kancuh [runtute swara sigeg /-k/], kara uceng caket kecipir [runtute swara sigeg /-c/], lang-alang seselingan [runtute swara sigeg /-l/], glagah ireng rayung, ngandhap dhukuh gagawangan [runtute swara sigeg /-dh/], pala pendhem nedheng mangsane [runtute swara sigeg /-p/, /-dh/], ngundhuhi tan kendhat tutundhunan, [runtute swara sigeg /-t/]. Dene purwakanthi guru basa utawa purwakanti lumaksita, awujud tetembungan kang kasebut makaping-kaping, kaya ing sajroning tembang macapat. Tuladhane ing tembang Sinom iki. Angajia tata krama, ngajia basa kang becik, ngajia duga prayoga, ngajia weruh wewadi, semu lawan lelungid, ing esit-wangsit den weruh, aywa mbawur kewala, lawan den bisa nyurupi, mring wateke wong siji-siji punika. Sajrone pethikan tembang kasebut tinemu tembung ‘ngajia’ kang dibolanbaleni nganti ping papat. Tembung ‘ngajia’ iku kang mangun purwakanthi guru basa utawa purwakanthi lumaksita. Kejaba purwakanthi lumaksita uga tinemu purwakanthi guru swara kanthi runtute swara [-a] ing gatra ‘angajia tata krama’. Pasren kang wekasan tumrape tembang macapat yaiku anane tembungtembung Kawi. Tembung-tembung Kawi yaiku tembung-tembung sing endah saka para kawi utawi para pujangga, sing lumrahe saka basa Jawa Kuna utawa basa Sanskereta. Bab apike pengananggone tembung-tembung Kawi ing tembang macapat, ora kaetung saka akeh sethithike tembung kang digunakake, nanging saka pantes trepe. Pamacane tembung-tembung kasebut kudu kaslarasake karo basa Jawa anyar, dadi /a/ wanda menga ora kaunekake /a/ miring nanging jejeg kaya padatan ing basa Jawa saiki. Perlu kawuninga, tembang macapat cacah sewelas mau, kejaba nduweni iketan arupa guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, uga ana cathetan 14
sing yasa jinis tembang-tembang kasebut. Senajan ta cathetan iku uga tanpa bukti sing nyata, ewasemana wis akeh sumebar ing bebrayan Jawa. Dene cathetan iku nyebutake kaya ing ngisor iki. PANGRIPTA SEKAR/TEMBANG MACAPAT No.
Sekar/Tembang
Pangripta
1
Mijil
Kanjeng Sunan Geseng
2
Sinom
Kanjeng Sunan Giri Kedhaton
3
Maskumabang
Kanjeng Sunan Mayagung
4
Pangkur
Kanjeng Sunan Muryapada
5
Durma
Kanjeng Sunan Bonang
6
Kinanthi
Kanjeng Sultan Adi Erucakra
7
Asmaradana
Kanjeng Sunan Giri Kedhaton
8
Dhandhanggula
Kanjeng Sunan Kalijaga
9
Gambuh
Natapraja
10
Megatruh/DhudhukWuluh
Kanjeng Sunan Giri Parapen
11
Pucung
Kanjeng Sunan Gunungjati
A. BUDI PEKERTI ING TEMBANG MACAPAT Budi pekerti mujudake cipta, rasa, lan karsa kang kawedharake lumantar tetembungan lan tindak-tanduk solah bawane manungsa. Panggulawenthah babagan nilai budi pekerti katindakake ana ing kulawarga, sekolahan, lan uga ing bebrayan. Tuladhane, nilai pitutur lan piwulang kearifan lokal unen-unen “Ora ilok” utawa ‘ora elok”, tegese ora becik utawa ora apik minangka piwulang kanggo nglarang tumindak tartamtu. Tujuane supaya bocah-bocah tumindak apik lan sopan, kanthi ninggalake utawa ora nglakoni tumindak ala lan ora sopan. Tuladhane, unen-unen ora ilok ngglungguhi bantal, mengko wudhunen (Tidak baik menduduki bantal , nanti bisulan). Maksude kabeh wae ora oleh nglungguhi bantal, jalaran bantal iku lemeke sirah nalika turu, kang ora patut yen dilungguhi. Indhikator budi pekerti ing antaran, yaiku: (1) manembah (taat kepada Tuhan Yang Mahaesa), (2) kebak ing pamengku(toleransi), (3) anut pranatan (disiplin), (4) ora asor ( harga diri), (5) ora ngucereng kewuh (tanggung jawab), (6) kagunan (potensi diri), (7) tresna mring 15
sesama (cinta dan kasih sayang), (8) saiyek saeka kapti (kebersamaan dan gotong royong), (9) setya (kesetyakawanan), (10) ajen-ingajenan (saling menghormati), (11)tata krama lan sopan santun, lan (12) blaka utawa prasaja (kejujuran). Tembang macapat kalebu ewoning sastra piwulang. Piwulang bab tata krama, akeh kawedhar ing kasusastran Jawa, mligine tinemu sastra kraton kang awujud tembang. Kanggo merdeni isine tembang macapat, mula bab tembung Kawi, purwakanthi, cangkriman, wangsalan, lan pitutur kang kamot kudu dingerteni luwih dhisik. Tembang macapat kalebu ewoning sastra piwulang. Piwulang bab unggahungguh, tatakrama, utawa tatatrapsila akeh kawedhar kanthi wujud tembang macapat. Tuladha, tembang Dhandhanggula, pada 7, paring pitutur yen wanodya iku ora becik yen seneng nangga, sebab wong nangga iku lumrahe ngrasani. Sapa wae bisa dirasani. Tembange mangkene: Panuwunku mring Hyang Maha Suci, sira iku aja dhemen nangga, gawé camah mring awake, temahan dadi kumprung, pengung bingung wekasan maling, temah ginuywa tangga, lamun sira gugu, ujare wong liwat dalan, salugune kang darbe catur puniki, mung angarah bubraha. (PB IV, tt). Pethikan saka Serat Pitutur mring Estri, kasebut paring pitutur marang para wanodya, mligine sing wis winengku ing priya. Yen wanita iku aja dhemen nangga, maksude dolan menyang tangga, utawa basane saiki karan “ngrumpi”, sebab wong nangga iku lumrahe ngrasani. Temahan gawe camah, gawe wirang mring awake. Tangga iku ora kabeh apik, yen ora seneng malah nggeguyu. Apa maneh yen ngerti bale wismane bubrah malah seneng. Pitutur iku yen digugu pancen becik. Mbok menawa pancen wiwit biyen, wanodya iku sok seneng nangga, nanging nangga iku ora ana untunge malah gawe bubrah. Tuladha liyane kaya ing pada 9, kang surasane wong sing seneng sasanjan mring tangga. Pethikane kaya mangkene: Ing desa kene ana wong siji, aremen sasanjan mring tangga, ngluruh dalan saben dinane, lunga esuk mulih surup, 16
mung puniku karyane yayi, lah yayi tingalana, apa becik iku yen becik sira tiruwa, lamun ora becik aja anglakoni, satemah dadi ala. Pethikan kasebut paring tuladha tuna lupute wong sing seneng nangga lan seneng sanja mring tangga. Saben dina lunga, budhal esuk mulih surup. Pakaryan iku dilakoni saben dina. Para wanodya didhawuhi mbiji. Becik apa ora, nek apik mangga ditiru, dadi patuladhan, nanging yen ora becik aja dilakoni lan aja ditiru. Wong wadon kang seneng nglampra ora becik.
B.
NILAI MORAL SAJRONE TEMBANG MACAPAT Moral iku nilai kang ditrapake kang nuduhake apik alane tindak-tanduke
manungsa kang ora ngrugekake pawongan liya adhedhasar nurani dhiri. Manungsa kang ora nduweni moral diarani amoral, ateges ora nduweni nilai kang becik miturut pamawase manungsa liyane. Nilai moral dipangaribawani 3 bab, yaiku ajaran agama, adat istiadat, lan idheologi. a.
Nilai moral sumbere piwulang agama Kapatutan kang sumbere agama, saengga gumantung marang piwulang utawa ajaran agamae dhewe-dhewe, kaya ta: nyolong, ngapusi, blenjani janji, mitnah, tindakan asusila, lan sapanunggalane.
b.
Nilai moral kang sumbere adat istiadat Kapatutan kang sumbere adat istiadat, tuladhane ora lungguh ing panggonan ndhuwure wong tuwa, ora dolanan sirahe wong tuwa, lan sapanunggalane.
c.
Nilai moral kang sumbere idheologi Kapatutan kang sumbere idheologi utawa pahamesawenehe pawongan, tuladhane wong kang mantep ora ngrokok salawase uripe, wong kang ora mangan daging kewan apa wae, lan sapanunggalane. Sajrone tembang macapat
akeh kinandhut nilai moral kang bisa kanggo
tuntutan panguripane manungsa. Piwulang moral mau gegayutan antara manungsa karo Gusti-ne, manungsa karo sapepadhane, manungsa karo dhiri pribadhine, lan
17
manungsa karo alam lingkungane (Koentjaraningrat, 1985). Tuladhane kaya tembang ngisor iki:
.
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo wong aurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku, miwah ta ing tatakrama, den kaesthi siang ratri. Deduga lawan prayoga, myang watara riringa aywa lali iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra, duga-duga nora kari. (Darusuprapta, 1992:70). Tembang Pangkur 2 pada kasebut kapethik saka Serat Wulang Reh, pupuh 4.
Tembang kasebut asung pemut marang putra-wayahe. Dene isine, paring tuntunan menawa urip ing alam bebrayan, iku ana paugerane. Aja mung tumindak waton, nanging tumindaka kanthi wawaton. Wawaton iku awujud tatakrama kang kudu diugemi ing siang-ratri. Lire aja nganti lali lan aja ninggal tatakrama. Tatakrama minangka lelandhesan urip ing alam bebrayan.
Samubarang tumindak tansah
alelandhesan ing deduga lan prayoga, watara, lan reringa. Tegese: deduga: sadurunge tumindak dipenggalih dhisik. Aja grusa-grusu ben ora getun ing tembe. Prayoga dipenggalih ala lan becik utawa (untung dan rugi), sadurunge tumindak. Watara, ngira-ira utawa menggalih apa sing arep ditindakake, lan reringa tegese kudu ngatiati ngadhepi samubarang kang durung mesthi. Intine sadurunge tumindak kudu waspada, aja nganti getun tiba mburi. Miturut Sri Pakubuwana IV, kabeh mau awujud prabot kanggo srawung ing alam bebrayan. Minangka prabot, mesthine aja nganti dilirwakake lan kudu tetep diugemi.
18
DAFTAR PUSTAKA Hardjasoebrata, R.C., 1951a. Ayo Padha Nembang 1. Jakarta: Noordhoff-Kolff N.V. -------------------------, 1951b. Surat Tuntunan Aku Bisa Nembang 1. Jakarta: Kementerian Pendidikan, Pengajaran, dan Kebudayaan -------------------------, 1951c. Surat Tuntunan Aku Bisa Nembang 2. Jakarta: Kementerian Pendidikan, Pengajaran, dan Kebudayaan ------------------, 1994b. Kumpulan Gendhing-Gendhing lan Lagon Dolanan Jilid 2 (pangimpun Gatot Sasminto). Sukaharja: Cenrawasih Hardjowirogo, R. 1980. Pathokaning Nyekaraken (jarwan Sulistyo HS). Jakarta: Departemen Pendidikan dan kebudayaan, Bagian Penerbitan Buku Bacaan dan Sastra Indonesia dan daerah Jumiran. A.Al. 1996. Inovasi Tembang Jawa. Malang. Konggres Bahasa Jawa II. Nartasabda, Ki, 1994a. Kumpulan Gendhing-Gendhing lan Lagon Dolanan Jilid 1 (pangimpun Sri Widodo Biman Putro). Sukaharja: Cenrawasih Padmoseokotjo, S., tt. Limpad Nembang Macapat. Surabaya: Trimurti Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa : Kanggo Para Siswa Sekolah Guru B Lan Sadjadjare (K.G.B., K.L.P.S.G.B., S.M.P.) Jogjakarta : Soejadi Padmosoekotjo, S., 1955, Ngengrengan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: Hie Hoo Sing. Subalidinata, RS. 1991. Seluk Beluk sastra Jawa. Yogyakarta. FSK UGM. Sudjarwadi, IC. 1996. Bahasa Jawa Pada Tembang Dolanan Anak-anak. Malang: Konggres Bahasa Jawa II. Sunarto, Ki, tt. Kempalan Macapat. Surakarta: Cendrawasih
19