NOVEL IBU ANGGITANE POERWADHIE ATMODIHARDJO (TINTINGAN SEMIOTIK) Ria Mahmudah Pendidikan Bahasa Dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya
[email protected] Dosen Pembimbing: Drs. Sugeng Wiyadi
Abstrak Panliten iki nggunakake objek novel Ibu karyane Poerwadhie Atmodihardjo. Novel iki ditliti jalaran isine nuduhake bab priyayi. Panliten ngenani novel Ibu kanthi tintingan semiotik andharane Peirce iki dipunjerake tumrap telung prakara kang dadi underane panliten. Telung prakara kasebut yaiku kepriye wujude struktur naratif novel Ibu, kepriye wujude perlambang sajrone novel Ibu, lan kepriye paedahe novel Ibu. Ancase panliten iki yaiku nggambarake wujude struktur naratif novel Ibu, ngandharake wujude perlambang, sarta ngandharake paedahe novel Ibu. Panliten iki nggunakake pendhekatan intrinsik, metode analisis teks, teori struktural, lan tintingan semiotik. Tema jroning novel kasebut yaiku ibu tansah paring pangapura tumrap kaluputane anake. Paraga baku jroning novel Ibu iku Prawita lan crita kasebut dumadi ing Paron, Ngawi. Novel kasebut ngandhut perlambang-perlambang kapriyayen ning babagan ekonomi, pasrawungan, modhel panguripan, kapribadhen, lan liyaliyane. Paedah sing kinandhut jroning novel kasebut yaiku menehi hiburan, menehi gegambaran mobilisasi sosial, menehi gambaran degradasi status, lan menehi pituduh pasrawungan. Kata kunci: struktur naratif, perlambang, priyayi Abstrak Penelitian ini menggunakan objek novel Ibu karya Poerwadhie Atmodihardjo. Novel ini diteliti karena isinya menunjukkan bab tentang priyayi. Penelitian mengenai novel Ibu dengan kajian semiotik penjelasan dari Peirce ini dipusatkan pada tiga masalah yang menjadi rumusan masalah. Tiga masalah tersebut yaitu bagaimanakah wujud srtuktur naratif novel Ibu, bagaimanakah wujud perlambang dalam novel Ibu, dan bagaimanakah manfaat novel Ibu. Tujuan penelitian ini yaitu memberi gambaran wujud struktur naratif novel Ibu, menjelaskan wujud perlambang, serta menejelaskan manfaat novel Ibu. Penelitian ini menggunakan pendekatan intrinsik, metode analisis teks, teori struktural, dan kajian semiotik. Tema dalam novel tersebut yaitu ibu selalu memberikan maaf terhadap kesalahan anak. Tokoh utama dalam novel Ibu itu Prawita dan terjadi di Paron, Ngawi. Novel tersebut mengandung perlambangperlambang kepriyayian dalam bidang ekonomi, pergaulan, model kehidupan, kepribadian, dan lain-lainnya. Manfaat yang terkandung dalam novel tersebut yaitu memberikan hiburan, memberikan gamaran mobilisasi sosial, memberikan gambaran degradasi status, dan memberikan petunjuk bermasyarakat. Kata kunci: struktur naratif, perlambang, priyayi
PURWAKA Novel Ibu anggitane Poerwadhie Atmodihardjo (sing asring katuran Mbah Poer) nggunakake latar panggonan ing Paron, Ngawi lan sakupengane sing mujudake asal saka pengarang. Poerwadhie crita ing novel Ibu nggunakake basa Jawa umum, uga nggunakake basa-basa kang mligi, yaiku basa dhialek. Pangroncene tetembungan sing digunakake dening pengarang dadi perangan kang wigati saka novel Ibu. Tetembungan kang digunakake bisa mawujud frasa lan ukara. Tembung, frasa, lan ukara nuwuhake makna kang ndadekake crita sajrone novel bisa lumaku kanthi becik. Makna sajrone novel kasebut bisa dadi perlambang utawa simbol kang satemene menehi daya pangaribawa marang pamaca uga bisa menehi paedah kanggo urip bebrayan. Tintingan perlambang sajrone karya sastra ora bisa uwal saka unsur panyengkuyunge yaiku struktur naratif sing perangane ana telu, yaiku tema, fakta crita, lan sarana crita (Nurgiyantoro, 2010: 25). Saliyane iku, perangan saka unsur intrinsik kasebut nduweni perlambang kang bisa nyambungake antara siji lan sijine. Mula saka iku, perlambang bisa menehi daya pangaribawa sajrone karya sastra. Uwis diandharake, sajrone novel Ibu nduweni perlambang kang bisa nuwuhake makna kang wigati tumrap pamaos. Perlambang kasebut bisa ditliti kanthi migunakake teori semiotik. Semiotik yaiku sawijining ilmu, kaweruh kang nyinanoni babagan perlambang. Wigatine saka tintingan semiotik utawa sistem perlambang yaiku pangerten ngenani perlambang kasebut (Pradopo, 1993:121). Prinsip ngenani perlambang ana loro yaiku penandha (signifier) utawa sing menehi perlambang (nengeri) sing mujudake wujud perlambang, lan petandha (signified) utawa sing diperlambangake (sing ditengeri) sing mujudake teges saka perlambang. Adhedhasar sesambungan antara penandha lan petandha, ana telung jinis perlambang kang baku miturut sesambungan antara perlambang lan denotatume, yaiku ikon, indeks, lan simbol. Novel Ibu bakal ditliti kanthi teori semiotika digunakake kanggo ngerteni makna sing kinandhut. Teori semiotika sing digunakake yaiku teori semiotika Charles Sanders Peirce amarga luwih trep dicakake ing karya sastra tinimbang semiologine de Saussure. Teori semiotika Saussure luwih cundhuk marang sistem perlambang-perlambang artifisial sing wis dikonvensekake, kayata sinyal militer, kaidah moral, lan abjad visual (Sudjiman & van Zoest, 1996:43). Dene teori semiotika Peirce (sajrone van Zoest, 1993) lan Nöth (2006) diandharake kanthi cetha yen trikotomi Peirce mujudake teks sastra.
Novel Ibu nyritakake kahanan priyayi. Miturut Kartodirdjo, dkk. (1987: 3), priyayi iku saka tembung para yayi (para adhi), sing dimaksud yaiku adhine raja. Sacara umum, priyayi iku nduweni nilai-nilai kultural kang tinimbang masarakat umume. Novel Ibu ngandharake kalungguhan sosial saka masarakat golongan mangisor lan masarakat golongan mandhuwur. Status sosial saka masarakat golongan mangisor sacara umum makarya ing pasar, kayata dadi tukang jait lan pedhagang. Dene status sosial saka masarakat golongan mandhuwur sacara umum makarya ing kantor, kayata dadi pamimpin wilayah dhistrik, dhirektur utawa sapadhane. Saka crita sing dironce dening pengarang kasebut ana perlambang-perlambang sing nuwuhake makna lan nduweni guna kanggo pamaos. Panliten novel Ibu dipunjerake telung prakara, yaiku wujude struktur naratif, wujude perlambang kayata ikon, indeks, lan simbol, sarta paedahe novel. Kanthi mangkono, underane panliten yaiku: 1. Kepriye wujude struktur naratif novel Ibu? 2. Kepriye wujude perlambang sing arupa ikon, indeks, lan simbol sajrone novel Ibu? 3. Apa paedahe novel Ibu? Adhedhasar underane panliten ing ndhuwur, panliten iki nduweni tujuwan: 1. Nggambarake wujude struktur naratif novel Ibu. 2. Ngandharake wujude perlambang sing arupa ikon, indeks, lan simbol sajrone novel Ibu. 3. Ngandharake paedahe novel Ibu. Panliten iki diajab bisa dadi referensi panliten sabanjure sing ana sesambungane karo perangan kang saemper yaiku semiotik lan diajab bisa dadi tambahing kaweruh kanggo pamaos ngenani priyayi utawa kalungguhan jroning masarakat. METODHE PANLITEN Pendhekatan sing digunakake kanggo panliten iki yaiku pendhekatan intrinsik. Pendhekatan intrinsik digunakake kanggo ngandharake unsur bentuk lan isi saka novel. Wellek & Warren (1989:159) ngandharake yen perangan saka struktur karya sastra yaiku isi lan bentuk. Bentuk saka karya sastra yaiku wujude karya satra kasebut (struktur naratif). Dene isine yaiku bab-bab wigati sajrone crita. Metodhe kang digunakake kanggo panliten iki yaiku metodhe analisis teks. Damono (1978:2) ngandharake yen analisis teks diwiwiti ngandharake unsur strukturale kanggo ngerteni gejala sosial ing sanjabane sastra. Panliten iki nggunakake sumber dhata novel Ibu karyane Poerwadhie Atmodihardjo. Novel kasebut diterbitake dening Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ) taun 2013, sasi April cetakan sing sepisanan.
Novel Ibu kandele ana viii + 102 kaca kanthi ukuran 14,5 x 21 cm. Dhata panliten iki dijumbuhake karo undherane panliten yaiku ngenani wujude struktur naratif lan wujude perlambang sajrone novel Ibu. Mula saka iku, dhata kang dimaksud arupa pethikan tembung, frasa, lan ukara ing sajrone dhialog utawa narasi crita sing nuduhake perlambang ikon, indeks, lan symbol. Instrumen panliten iki yaiku panliti sing nindakake pangumpuling dhata-dhata lan nganalisis dhata. Anggone nindakake panliten, panliti nggunakake piranti-piranti kayata polpen, buku, lan laptop.
kowe kahananmu kaya ngana. Wong kuwi, nek ora bandha akal, mesthine kudu bandha okol. Kamangka kowe ora akal, ora okol, njur na paran uripmu arep kepriye? O, Ta, nek aku kelingan, wong kowe kuwi biyen lair pitu. Upamane lairmu kuwi ora kagege, mbokmanawa pikiranmu ya encer, oraa padha karo masmu, ya ora banget-banget lehmu kendho. Mula ora kendhat lehku nenuwun, muga-muga kowe kuwat slamet, bisaa gampang olehmu golek panguripan, embuh kepriye saakal-akalmu, waton ndalan.” (Atmodihardjo, 2013:70-71) Raden Ayu ngandharake yen Prawita biyen laire pitu, tegese laire bayi isih umur pitung sasi utawa bisa diarani bayi prematur. Mula ora mokal yen kapinterane Prawita ora maju-maju lan ora bisa nyambut gawe abot Minangka ibu, Raden Ayu Brata tresnane marang putra-putrane ora dibedak-bedakake, yen tumindake luput dibenerake lan dibecikake supaya sabanjure ora kebacut kliru. Pramana sing ngurak-urak Prawita kaya nggugah pitik nalika nekani ibune, dening Raden Ayu Brata dianggep luput. Ing kahanan kasebut Raden Ayu uga nuduhake kedadeyan satemene sing disandhang dening Prawita marang Pramana supaya prakarane bisa enggal rampung. “Pramana, wiwit dhek jaman kowe ngurakurak lan nggusah Prawita kaya nggugah pitik biyen, nalikane Prawita tekan mrene sapisanan ing sawise ana kelodatan kae, nganti tekan saiki aku tansah ngarep-ngarep anane kedadeyan sing kaya saiki iki. Aku kepengin nyipati kahanan ing kalane kowe tempuk karo adhimu ana ing ngarsane ibu, jalaran ya awit saka kahanan sing kaya ngene iki, aku sing dadi biyung, bakal bisa nata kapriye murih becike lan kapriye benere. Becik kowe, becik Prawita, bener kowe lan ya bener adhimu. Mumpung ibu isih sugeng. Semono mau yen kowe gelem takbecikake lan takbenerake, jalaran manut panemuku, kowe iku ora becik lan ora bener. Dene bab Prawita, ora susah dibuka, wong wis katon lupute, katon alane. (...). (Atmodihardjo, 2013:82) Saakehe andharan ing ndhuwur bisa dingerteni yen temane novel Ibu yaiku ibu tansah paring pangapura marang putra kang sakawit dianggep mbalela, ora manut pituture wong tuwa. Sanajan paraga bakune Prawita lan nyritakake lelakon uripe, nanging pengarang kanthi wicaksana nglungguhake prekara kasebut saka wawasan lan rasa-pangrasane wanita minangka ibu. Mula, ora aneh yen pengarang menehi irah-irahan Ibu kanggo karyane kasebut.
TINTINGAN NGENANI WUJUD, PERLAMBANG, LAN PAEDAHE NOVEL IBU 1. Wujude Novel Ibu Kanggo nggambarake wujude novel Ibu kanthi nggunakake tintingan struktur naratif. Struktur naratif kabangun saka unsur-unsur kang ana ing sajrone novel, kayata tema, fakta crita, lan sarana crita. a. Katresnane Ibu Novel Ibu nyritakake lelakone Prawita sing urip kacingkrangan sawise dheweke ditundhung lunga dening Raden Bratapranata bapake, amarga Prawita milih Minarni minangka bojone tinimbang Sri Hastari wanita pilihane bapake. Miturut Raden Bratapranata, wong tuwane Minarni yaiku Marta Ranti sing makarya minangka tukang jait dianggep ora sadrajad kalungguhane karo kulawargane Raden Bratapranata minangka priyayi Pangreh Praja. Raden Bratapranata banjur nerangake marang Prawita yen eyange mujudake patih Nganjuk lan eyang buyute mujudake bupati. Prawita nekad mangun balewisma karo Minarni lan manggon ing Paron nganti duwe anak papat. Wiwit omah-omah karo Minarni, Prawita ora dikeparengake sowan wong tuwane ing Ngawi. Nanging, Raden Ayu Bratapranata (Raden Kusnapsiyah) minangka ibu tansah tresna lan paring pangapura marang kaluputane Prawita. Sawise Raden Bratapranata seda, Raden Ayu Bratapranata ngarep-ngarep supaya Prawita tetep sowan menyang Ngawi. Beda karo Raden Brata kang mikirake prekara drajad ngenani calon mantu lan calon besan, Raden Ayu Bratapranata luwih migatekake sesambungan antarane wong tuwa lan putra. Nalika Prawita mutusake omahomah karo Minarni, banjur pamit marang ibune kanthi ninggal layang kagem ibune. layang kasebut tansah disimpen dening Raden Ayu Brata. “O, upama kowe biyen ora ninggali layang, rasaning atiku rak wis entek. Layangmu sing biyen kae ya isih taksimpen. Priye ta, Ta, wong jenenge biyung, ditinggal anak mesthine rak ya pikiran. Gek
3
b.
Crita Mung Sedina Novel Ibu kawiwitan ngenani paraga Prawita kang nglilir tengah wengi, banjur lungguh legog-legog ing amben, sateruse nggugah Minarni sisihane sing lagi turu nglepus. “Na apa, ta, Pak? Wong sih peteng ngene, lho!” ujare Minarni nyendhu sing lanang. Isih rumangsa durung tuwuk anggone turu. Sanajan wis kulina tangi esuk umun-umun, nanging nalika iku wis bisa nduga yen wayahe isih durung tekan titimangsane kudu tangi. (Atmodihardo, 2013:1) Crita lelakone Prawita ing novel Ibu dumadi mung sedina, nggunakake alur bakune maju yaiku awit Prawita nglilir tangi esuk banjur budhal menyang wong tuwane ing Ngawi nganti bali maneh menyang omahe wayah wis peteng. Sanajan mangkono, ing tengah-tengah crita ngrembug prastawa ing wektu-wektu kepungkur (flash back), kayata crita sesambungane Prawita lan Minarni, crita lelakone Raden Brata, lan crita lelakone Mbok Jiami. Raden Brata kawitane aran Raden Mas Drajad, mantri-kabupaten ing kantor Ngawi, banjur omah-omah karo Raden Kusnapsiyah Sindupranata beskal pensiunan. (...) Marengi karo tumibaning pulung Raden Mas Drajad entuk gegandhengan urip kenya saka Mediyun, putrine beskal pensiyun, Raden Ajeng Kusnapsiyah sing weton Huischhoud-School. Sing baut ngrampad Europeesch gerecht kaya kang dadi kudangane Raden Mas Drajad wiwit iku Raden Drajad banjur nganggo sebutan Raden Mas Bratapranata. Jamboran asmane bapa lan asmane maratuwa, Bratakusuma lan Sindupranata. (Atmodihardjo, 2013:51-52) Raden Bratapranata dadi mantri-kabupaten ora suwe, banjur ditetepake ana ing kalangane Pangreh Praja didadekake mantri polisi, dielih maneh dadi asisten wedana lan kalungguhane sing pungkasan didadekake wedana ing Ngawi. Nalika jaman Walanda ngadhepi pangamuke Jepang, Raden Brata pangkate wedana dielih sebutane dadi Guncok. Dene putrane sing nomer loro yaiku Prasaja, dicritakake jaman biyene diringkus dening kenpetai, banjur diremuk lan dikirim bali menyang kawedanan Ngawi kanthi wujud mayit sing wis ora karuwan gatrane. Sabubare kedadeyan kuwi, Raden Brata dilereni dadi wedana lan wekasane omah-omah ana ing kampung Kluncing. Lelakone Prawita sing kepungkur dicritakake kerep pindhah sekolah jalaran dheweke ora bisa ngimbangi pamikire kanca-kancane. Uga dicritakake nalika Prawita antuk tepungan anyar bocah wadon aran Minarni ing sepur.
Minarni iku anake Marta Ranti tukang jait, omahe Paron. Jalaran asring budhal mulih sekolah bareng nuwuhake rasa tresna antarane Prawita lan Minarni. Sawise Prawita lulus sekolahe, lan wis ora ana ing Paron, sesambungane Prawita karo Minarni tetep lumaku. Prawita uga isih nglegakake teka ing omahe Pak Marta Ranti wong tuwane Minarni. Nanging, sesambungane kasebut kawiyak dening asisten wedana, banjur dilapurake menyang Raden Brata. Pelapurane asisten wedana ndadekake Raden Brata banjur ndangu Prawita, lan yen gelem Prawita arep dijodhohake dijodhohake karo Sri Hastari sing wong tuwane sadrajad karo Raden Brata. Awit kedadeyan kasebut, Prawita ditudhung lunga dening Raden Brata Wiwit kedadeyan kasebut Prawita urip ing Paron. Dheweke omah-omah karo Minarni nganti duwe anak cacahe papat, yaiku Rahayu, Lestari, Subekti, lan Lukita. Sanajan ing Paron, uripe Prawita karo kulawargane sarwa kacingkrangan, nanging dheweke tansah narima lan iklas jalaran anggone jejodhowan karo Minarni diniyati kanthi iklas. Pungkasaning crita, Pramana sing sakawit gething marang Prawita bisa aweh pangapura adhine iku awit saka ngendikane Raden Ayu Brata. Wusanane, Pramana lan Rustiningsih bojone melu ndherekake Raden Ayu Brata tindak menyang Paron saperlu sanja ing omahe Marta Ranti minangka besane. Sakabehane andharan kasebut bisa didudut yen alure novel Ibu iku alur majemuk. Tegese sanajan alur bakune novel Ibu alur maju (progresif), nanging dijangkepi kanthi dimenehii alur sorot balik (flash back). Anane alur majemuk kasebut ndadekake novel luwih dinamis lan ora mboseni. c.
Anak Ragil Prawita, putra ragile Raden Bratapranata wedana Ngawi, iku bocah kendho, pikirane angel maju, sanajan wis digulawenthah tetep angel maju. Kahanane beda adoh yen dibandhingake karo kanca-kancane sing pamikire luwih maju. Nganti tamat sekolah Taman Dewasa, Prawita ora prigel nyambut gawe. Nanging, amarga Prawita anake wedana, dheweke bisa magang nyambutgawe ing kantor kabupaten. Prawita bisa magang ing kantor kabupaten Ngawi kasebut ora mawa layang sing ditandhatangani dening bupati, sing tegese dudu pegawai resmi pamarentah. Ing kantor kasebut, Prawita ora jelas apa pangkat lan pegaweyane. Dheweke ora ngerti bab apa sing kudu dilakoni. Saben dina mung ngadhep meja lan buku, nanging ora nate nulis. Bisane Prawita nganti ditampa ing kantor kabupaten kasebut yaiku amarga Raden Ayu Brata nyuwun palilah marang gusti kangjeng bupati amrih Prawita bisa ditampa magang ing kono.
(...) Saben dina ngadhep meja lan buku, ananging ora nate nulis. Kajaba mung maca isine sing wola-wali mung iku-iku wae. Sing arep padha mrentah padha rumangsa rikuh, sing arep padha menehi garapan padha ngrasa sanggarunggi. Ora padha ngerti marang kalungguhane, nanging padha nyumurupi yen anggone ana ing kono Prawita iku ora mawa layang kakancingan sing ditandhatangani dening bupati lan karana iku ora wenang melu tandhatangan ana ing dhaftar gajih. Sanajan saben sasi nampa dhuwit. (Atmodihardjo, 2013:63) Prawita anggone magang ana ing kantor kabupaten Ngawi ora dibacutake jalaran ana prakara antarane dheweke lan Raden Bratapranata. Prawita ditundhung lunga dening Raden Brata amarga ora manut nalika dijodhohake karo Sri Hastari anake Sinder Panularan. Prawita ngukuhi wanita pilihane dhewe yaiku Minarni anake penjait Marta Ranti sing kalebu golongan “wong rucah”. Amarga Prawita ngrumangsani wis gawe kuceme wong tuwane, mula banjur ninggalake dalem kawedanan Ngawi sawise nulis layang kagem ibune. Sawise Prawita mangun balewisma karo Minarni anake Marta Ranti tukang njait saka Paron, dheweke leren saka anggone magang ing kantor kabupaten Ngawi. Sateruse, Prawita nindakake pakaryan dadi tukang jait ana ing pasar Paron. Prawita dadi wong biyasa, uripe kacingkrangan. Sanajan mangkono, wong-wong ing Paron akeh sing tepung yen Prawita iku mantune Marta Ranti. Saliyane ditepangi dening wong-wong Paron minangka mantune Marta Ranti tukang njait, Prawita uga wis ditepungi minangka putrane Raden Brata sing mujudake wedana. Wong-wong Paron kasebut padha ngajeni Prawita, jalaran patrape sing lembah manah lan mesthi mbasani sapa wae. Prawita ninggalake dalem kawedanan jalaran ditundhung dening Raden Brata, banjur nglakoni urip kacingkrangan ana ing Paron, nanging ora ndadekake Prawita ninggalake patrape minangka priyayi sing tegese isih ngugemi tata krama lan mbasani sapa wae. Sawise Prawita ora manggon ing kawedanan lan Raden Brata wis kapundhut dening Gusti, dalem kawedanan dikuwasani dening Pramana. Pramana mesthi nggurak-urak Prawita nalika adhine iku sowan ibune. ngaweruhi kedadeyan mangkono, Raden Ayu Brata nyoba nengahi lan ngleremake atine Pramana. Minangka ibu, Raden Ayu Brata nduweni kuwajiban menehi panggulawenthah marang putra-putrane. Dene kaya Pramana ana sing nindakake kliru, uga banjur dielingake. Dene ana sing ora rukun kepriye carane dirukunake. Kabeh mau diwulangake tumrap putra-putrane supaya ing tembe bisa dadi wong becik.
Sanajan Pramana minangka putra mbarep sing uripe tumata tinimbang Prawita, Raden Ayu Brata ora wigih-wigih ndukani tumindake putrane sing ora netepi tata krama. Raden Ayu Brata sing katone ora akeh ngendikane iku jebul dadi wanita kang nduweni pangaribawa. d.
Kulawarga Priyayi Raden Bratapranata utawa Raden Mas Drajad iku bapake Prawita, putrane patih ing Nganjuk, Nalika lulus saka OSVIA, Raden Mas Drajad diangkat dadi mantrikabupaten ana ing kantor kabupaten Ngawi. Sawise iku, Raden Mas Drajad antuk gegandhengan putrine beskal pensiyun, Raden Ajeng Kusnapsiyah, banjur salin jeneng saka Raden Mas Drajad dadi Raden Bratapranata sing mujudake jeneng camboran asmane bapa lan asmane maratuwa, Bratakusuma lan Sindupranata. Jalaran sesambungane Prawita lan Minarni sing ora disarujuki dening Raden Brata kasebut, watak kakune Raden Brata katon. Raden Brata yen nduweni kersa kudu ditindakake dening sing didhawuhi. Watak kaku lan tegelan kasebut ndadekake Raden Ayu Brata lan putraputrane ora wani mbadal dhawuhe Raden Brata jalaran mesti ngerti akibate ing tembe. Nanging, nalika prawita mbadal dhawuhe bapake kasebut, Raden Brata ora milahmilih apa ukuman sing bakal dimenehiake marang Prawita, sanajan dheweke iku putrane dhewe. Saliyane nundhung Prawita lunga saka dalem kawedanan, Raden Brata uga nglarang Prawita sowan menyang kawedanan. Watake Raden Brata sing kaku, tegelan, ora bisa dibadal dhawuhe, lan gampang nesu nuduhake yen panjenengane satemene nduweni kersa sing becik tumrap putra-putrane, mung carane wae bisa nuwuhake prakara anyar, kaya sing dilakoni dening Prawita. Nanging, sanajan mangkono panjenengane nduweni kaprawiran lan teges. Paraga liyane yaiku Pramana iku kangmase Prawita, putra mbarepe Raden Brata lan Raden Ayu Bratapranata. Pramana mujudake anak sing bisa diarani sukses kaya sing dikarepake dening wong tuwane, jalaran dheweke bisa dadi dhirektur lan bisa tetep urip mulya ing kawedanan kaya sing dikarepake wong tuwane. Nalika Prawita milih Minarni tinimbang dijodhohake wong tuwane karo Sri Hastari, Pramana ora nyarujuki tumindake Prawita kasebut. Pramana nurut dhawuhe Raden Brata. Sanajan Raden Brata wis seda, Pramana isih tetep nurut dhawuhe bapake sing ora ngeparengake Prawita sowan menyang dalem kawedanan. Ora mung Raden Bratapranata wae sing watake kaku, nanging Pramana mono uga marisi watak kakune bapake kasebut. Prawita yen nduweni kekarepan kudu keturutan lan dituruti. Kahanan kasebut trep kaya sing dirasakake dening Prawita adhine Pramana sing
5
asring disikang-sikang, diusir lan didunung-dunung supaya ora sowan ibune menyang dalem kawedanan. Sanajan nduweni watak kaku, nanging Pramana uga isih ngurmati ibune, Raden Ayu Bratapranata. Pramana isih nduweni sipat nurut marang dhawuhe ibune. Nalika Pramana ngerteni yen Prawita wis wani teka ing kawedanan, Pramana nesu banget. Pramana malangkerik ing ngarepe ibune, jalaran ibune ngidini Prawita teka ing kawedanan Ngawi. “Dalem mboten malangkeriki Nandalem, kok, Bu! Sumaure Pramana karo ngudhunake epek-epeke saka bangkekane kiwa-tengen. (Atmodihardjo, 2013:80) Watake Pramana iku kaku kaya Raden Brata bapake, nanging satemene dheweke ora nduweni panemu dhewe lan bisane manut dhawuhe bapake sing ora dipikir akibate ing tembe. Isih ana sawetara sawetara paraga liyane kang dicritakake lan dadi kembangan jroning Ibu, yaiku Rustiningsih (bojone Pramana), Mbok Jiami (pembantu), Mbok Marta Ranti, lan paraga-paraga sing kesempar-kesandhang. e.
Antarane Paron-Ngawi Kelir jroning novel Ibu kaperang dadi telu, yaiku kelir panggonan, kelir wektu, lan kelir sosial. Gegambarane kelir jroning novel Ibu bakal ditintingi ing perangan ngisor iki. Kelir panggonan kang digunakake ini novel Ibu sacara umum yaiku kutha Ngawi. Dene sacara khusus yaiku sakiwa tengene kecamatan Paron (omahe Prawita) lan dalem kawedanan Ngawi. Manut aluring crita, kelir wektu ing novel Ibu sejatine mung sedina, yaiku nalika Prawita nglilir tengah wengi banjur mlaku udakara jam 5 menyang Ngawi saperlu nyambangi ibune nganti bali maneh menyang Paron wayah surup. Crita ing novel Ibu ora mung ngandharake crita sing nuduhake wektu angka, nanging uga ngandharake kelir wektu kanthi nggambarake prastawa tartamtu sing bisa dikira-kira kapan kedadeyane jroning novel kasebut yaiku minangka wong ndesa, Prawita lan kulawargane nduweni pikiran lan patrap nyambut gawe sabendina kanggo nyukupi kabutuwan sandhang lan pangan. Bisa nyukupi kabutuwan kasebut wae kulawargane wis seneng, apa maneh bisa nganti nduwe wragad kanggo nyekolahake anake paling dhuwur bisa lulus sekolah dhasar rasane wis seneng banget. Pamikirane mung samana wae, bisa mangan lan nyandhang, yen ana wragad diterusake sekolah. Mula ora mokal yen wong ndesa uripe akeh sing kacingkrangan. Beda maneh karo kahanane wong kutha sing akeh bandha donyane. Minangka wong kutha pamikirane
luwih pinter lan luwih dipikir nalar tinimbang wong ndesa. Apamaneh yen nduweni status sing maton, mesthi bakal nduweni pamikiran bakal nguber sing luwih saka status sing dilungguhi nalika kuwi. f. Jodho kang Pinasthi Novel Ibu nyritakake konflik kang dumadi jroning kulawarga. Konflik jroning novel kasebut kaperang dadi loro, yaiku konflik internal lan konflik eksternal. Konflik internal dumadi ing batine para paraga, kayata prakara ing dalem kawedanan, dene konflik eksternal dumadi antarane paraga siji lan paraga liyane, yaiku dilakoni antarane kulawargane Prawita lan kulawargane Raden Ayu Brata. Bakune prakara dumadi ing kulawarga kawedanan Raden Brata nalika ngrembug sesambungane Prawita lan Minarni anake tukang njait sing ora disarujuki dening Raden Brata. Sawise Prawita ditundhung lunga dening Raden Brata, prakara kasebut dibacutake dadi konflik antarane kulawargane Prawita lan Pramana. Konflik jroning kulawarga priyayi kasebut kawitane antarane Raden Bratapranata lan Prawita, nanging sawise Raden Brata tilar ndonya konflik dumadi antarane Prawita lan Pramana. Nalika Prawita lagi sowan marang ibune ing papilyun. Ing kahanan sing lagi padha ngudal rasane kangen, dumadakan Pramana lan Rustiningsih kangmas lan mbakyu ipene teka saka lelungan. Sakala Pramana muntap nesune marang Prawita jalaran wis wani teka ing kawedanan. Kahanan kasebut nuduhake klimkase prakara antarane Prawita lan kulawargane, mligine Pramana. Alur crita jroning novel Ibu kasebut tumata kanthi wasana bagya, amarga Prawita bisa dadi bageyan kulawarga kawedanan maneh minangka putra dening Raden Ayu Brata lan ditampa dening Pramana minangka adhine. Uga semono Minarni sing ditampa dening Raden Ayu Brata minangka putra mantu. Minarni ngiyani. Mbok Marta Ranti meneng wae, sanajan ing batin ngrasa lega, dene anak wadon sing ontang-anting wis kalakon entuk papan becik ana ing atine biyung maratuwa dalah krandhane kabeh. Rasane mula pancen kaya bakda temenan, jalaran ing sela-selaning jarik tinemu ana slepidaning dhuwit rong ewu rupiyah. (Atmodihardjo, 2013: 98) Pungkasane crita nuduhake kabagyan amarga Pramana bisa aweh pangapura marang Prawita. mula, pungkasane Pramana lan Rustiningsih ndherekake Raden Ayu Brata menyang omahe Marta Ranti ing Paron. g. Basa kang Mentes Kaya kang wis diandharake ing tintingan kapustakan ngenani teori struktural, sarana crita kaperang dadi loro, yaiku basa lan tokohisasi/point of view (sudhut
pandhang). Mula, ing perangan iki bakal nintingi bab kasebut. Novel Ibu diandharake dening pengarang nggunakake basa kang mentes lan teges. Basa kang mentes nduweni sesambungan karo tembung-tembung pilihan sing digunakake kanggo nuduhake wirama jroning ukara sing cundhuk karo kahanan, kayata duka, sedhih, utawa seneng. Kayata nguber pangan saemplokan lan sandhang sarapetan sing nuduhake kahanan kulawargane Prawita sing kacingkrangan. Tokohisasi jroning novel Ibu kasebut yaiku narator sarwa ana iku tegese narator sarwa ngerti ngenani apa wae sing ditindakake dening paraga-paraga sajrone crita. Sudhut pandhang kasebut nuduhake yen narator ora mragakake apa-apa sajrone crita (dudu paraga). Paraga sing dicritakake wong liya. Sajrone crita novel Ibu kasebut nyebutake jenenge paraga, kayata Prawita, Minarni, Raden Ayu Brata, lan paraga-paraga liyane. Ing kahanan kasebut bisa ditegesi yen sudhut pandhang utawa point of view jroning novel yaiku purusa katelu. Point of view sing digunakake dening pengarang kasebut ndadekake crita luwih dinamis, wiwit tembung sesulihe nganti basane.
wong cilik, uripe sangisore prasaja, utawa rekasa. Beda maneh karo kahanan dalem kawedanan sing amba, ana pavilyune, garasi, pawon, lan bagean omahe Pramana iku nuduhake representasi saka kahanan kulawargane Raden Ayu sing kacukupan, kosok baline kahanan kulawargane Prawita. Bab kasebut kalebu perlambang indeks amarga nuduhake representasi lan interpretasi sebab akibat. d.
Titihan Representasi saka kahanane kulawargane Prawita lan kulawarga Raden Ayu Brata nuwuhake interpretasi yen kahanan saka kulawarga anggone mbiji sugih opa ora iku saka tumpakan sing diduweni, kayata motor, sepedha, mobil, utawa transportasi umum. Saka representasi perlambang transportasi kasebut nuwuhake pamikiran yen tumpakane mobil kaya kulawargane kawedanan iku uripe mesthi kepenak, dene kaya Prawita mesthi uripe susah. Sacara umum uripe Prawita iku rekasa, nanging amarga nrima apa sing diduweni iku ndadekake dheweke ora sepiraa ngrasakake rekasa. Beda kaya kulawarga kawedanan, sanajan uripe kacukupan, nanging sing dirasakake karo Pramana ora bisa seneng sawutuhe jalaran dheweke ora diparingi anak dening Gusti. Perlambang titihan kasebut mujudake perlambang simbol amarga nuduhake tumrap piranti kanggo nyulihi kahanan saka golongan tartamtu.
2. a.
Perlambang-perlambang jroning Novel Ibu Irah-irahan lan gambar samak Tembung “ibu” sing digunakake minangka irahirahan dening pengarang kasebut nduweni representasi tumrap crita. Mula, bab kasebut kalebu perlambang indeks jalaran paraga ibu nduweni sesambungan kausal (sabab-akibat) tumrap crita. Kejaba irah-irahan gambar samak mujudake perlambang kang nduweni teges tinamtu. Representasi gambar samak ngarep novel Ibu kasebut bisa nuduhake gegambaran sacara umum ngenani crita jroning novel kasebut. Wiwit gegambarane wanita kang mujudake priyayi nganti piranti-piranti liyane sing ana ing gambar samak kasebut. Interpretasi saka perlambang kasebut yaiku yen gambar ing samak iku nduweni maksud tartamtu lan bab kasebut kalebu perlambang ikon. b. Jeneng Asmane Raden Bratapranata sing ganti saka kawitane Raden Mas Drajat dadi Raden Bratapranata mujudake mobilitas sosial. Mobilitas sosial iku owahing kalungguhane masarakat kelas sosial siji menyang kelas sosial liyane. Perlambang mobilitas sosial kasebut mujudake perlambang ikon diagramatik amarga nggambarake kamemperan struktur utawa relasioanal saka bab kalungguhan kulawargane lan perlambang simbol mobilisasi sosial. c. Omah lan Isen-isene Representasi saka kahanan omahe Prawita ngasilake interpretasi yen kulawargane Prawita kagolong
e.
Panganan Thiwul, gethuk, lan grontol mujudake representasi saka kulawargane Prawita, dene roti mujudake representasi saka kahanane kulawargane Raden Ayu Bratapranata. Interpretasi saka perlambang panganan kasebut bisa nuduhake yen kulawargane Prawita uripe kacingkrangan, dene kulawargane Raden Ayu Brata kagolong kacukupan. Sacara umum wong cilik nganggep yen roti iku ora bisa maregi weteng kaya mangan sega, sanajan lawuhe gereh peda. Apa maneh roti itu dikonsumsi dening kulawargane Raden Ayu minangka makanan instan siap saji, sanajan sacara umum regane rada larang. Perlambang panganan kasebut mujudake simbol saka kahanan wong cilik lan priyayi. f.
Sandhangan Sandhangan-sandhangan kasebut digunakake kanggo luwih nyethakake kepriye kahanan lan panguripan sabendinane paraga sing kalebu sarwa cingkrang kasebut. dene kemejan cekak lan kupluk sing wis kakean umur tetep digunakake dening Prawita jalaran sing diduweni lan sing pantes digawe mung kuwi ora ana liyane, mula apa anane bakal digawe sanajan wis ora anyar lan wangi ambune sing penting resik.
7
Sing diarani dandan mono tumrape Prawita mung salin panganggo resik, ora nganggo sing pademen. Sarung gembaya sing wis luwas lurike, kemejan cekak lan kupluk sing wis kakean umur. . (Atmodihardjo, 2013:6) Representasi sing dituduhake lumantar sandhangan kulawargane Prawita nuwuhake interpretasi yen kulawargane Prawita sandhangane biyasa, ora apik sing penting resik. Perlambang kasebut nuduhake perlambang simbol, anane sesambungane antarane representasi lan interpretasine. g.
Jejuluk Panganggon tembung sesulih kanggo ngudang simbah jroning novel kasebut ana loro yaiku eyang lan mbah. Representasi tembung sesulih eyang nuduhake marang kalungguhane Raden Ayu Brata minangka priyayi sing nuwuhake interpretasi Raden Ayu iku kalungguhane beda karo simbahe Lukita ing Paron. Dene representasi tumrap tembung sesulih embah nuduhake yen simbahe iku wong biyasa. Awit saka iku, perlambang kasebut mujudake perlambang indeks amarga nduweni sesambungan sebab akibat. h.
Tata Trapsila Sawijining jejuluk njenengan, raden asring digunakake dening masyarakat biyasa kanggo ngurmati wong sing nduweni kalungguhan sandhuwure, kayata Minarni marang Prawita. Sanajan Prawita iku mujudake bojone Minarni, nanging minangka pawongan sing mbiyene mujudake anake priyayi, Prawita tansah diurmati dening Minarni. “Njenengan ki kok ra nggalih rasapangrasane wong wedok,” ujare Minarni karo nyawangake sing lanang. (Amodihardjo, 2013:3) Anane panggunaane unggah-ungguh sajrone cecaturan sajrone novel kasebut mujudake pangkurmatan tumrap wong liya. Tembung njenengan, panjenengan miturut Sapala Basa Jawa (1987) kalebu krama inggil. Sajrone novel kasebut masyarakat cilik isih ngugemi sing jenenge unggah-ungguh. Minarni nggunakake sesulih njenengan nalika omong-omongan karo Prawita amarga wujud pangajen lan pangkurmatan. Sanajan isih nggunakake basa campuran (ana ngoko lan kramane), nanging tembung sesulih kasebut digunakake kanggo wong sing kawitane dudu sapa-sapa ing kulawargane banjur dadi kulawargane minangka wujud sopan lan santun karo sisihane sing isih ana katurunane priyayi kasebut. Perlambang kasebut kalebu indeks, amarga ana sesambungan sebab akibat ngenani sesulih njenengan, raden ayu, nandalem, utawa sampeyan nduweni alesan tartamtu .
i.
Tradisi Representasi perlambang adat jagong kasebut mujudake pakulinan sing dilakoni dening masayarakat kanggo ngramekake acara utawa ngurmati sing nduweni acara. Dene interpretasi saka perlambang kasebut yaiku anane adat jagong jroning acara nuduhake kalungguhan saka pawongan kasebut. Mula, yen adate jagong diramekake kanthi nanggap wayang kulit, ateges wong kasebut kagolong wong nduweni bandha lan kalungguhan, dene jagonge namung mainan remi, domino, lan sapanunggalane banjur asile digunakake kanggo nyumbang sing duwe acara nuduhake yen wong kasebut kagolong wong cilik cupet bandhane. Perlambang kasebut kalebu indeks, amarga bab sing dilakoni dening golongan priyayi utawa wong cilik iku nduweni titikan dhewe-dhewe jroning nindakake acara tartamtu. j.
Pakulinan Sacara umum, wong tuwa mesthi menehi pambiyantu marang anak-anake, bisa wujud panganan utawa sandhangan. Sanajan becik lan pantese iku wong enom menehi pambiyantu tumrap wong tuwa, nanging nyatane sing luwih asring wong tuwa menehi pambiyantu tumrap wong enom. Mbok Marta Ranti banjur nyendhal udhete, mbukak bundhelane lan putu-putune banjur didundumi dhuwit nyeringgit. (Atmodihardjo, 2013: 26) Representasi perlambang kasebut nuduhake yen kahanane wong tuwa luwih kepenak tinimbang anake. Menehi sandhang lan pangan, sanajan saithik dikarepake bisa mbiyantu kabutuwane anake. Mula, interpretasi saka perlambang kasebut yaiku wujud tresnane wong tuwa tumrap anake ing kahanan kaya apa wae. Perlambang kasebut kalebu simbol, amarga nuduhake bab sing dadi pakulinan sacara umum saka golongan priyayi lan wong cilik. k.
Kulawarga Priyayi Lelakone Prawita sing owah saka kawitane minangka anake wedana dadi mantune tukang njait mujudake degradasi status (penurunan status). Mudhune status kasebut jalaran Prawita ora nurut dhawuhe Raden Bratapranata lan tetep ngukuhi Minarni minangka wanita pilihane. Awit saka iku, Raden Bratapranata ora kersa cawe-cawe tumrap lelakone Prawita, sanajan rekasane kaya apa. Bab iku mujudake ikon diagramatik amarga perlambang kasebut nuduhake kamemperan saka struktur utawa sesambungan drajade Prawita sing bisa nganti mudhun karo lelakon uripe.
Kartodirdjo, Sartono, dkk. 1987. Perkembangan Peradaban Priyayi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Nöth, Winfried. Abd. Syukur Ibrahim (Ed.). 2006. Semiotik. Surabaya: Airlangga University Press. Nurgiyantoro, Burhan. 2010. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Sudjiman, Panuti dan Art Van Zoest 1996. Serba-serbi Semiotika. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama. Van Zoest, Aart. 1993. Semiotika: Tentang Tanda, Cara Kerjanya, Dan Apa Yang Kita Lakukan Dengannya (Terjemahan). Jakarta: Yayasan Sumber Agung.
3.
Paedahe Novel Ibu Sajrone novel kasebut kinandhut perlambangperlambang sing nduweni makna lan paedah tumrap pamaos lan masyarakat sacara umum. Paedah sing kinandhut jroning novel kasebut yaiku menehi hiburan, menehi gegambaran mobilisasi sosial, degradasi status, menehi panggulawenthah, lan mobilisasi sosial kang durung rampung. PANUTUP 1. Dudutan Novel Ibu nuduhake yen ibu tansah paring pangapura marang putra kang s akawit dianggep mbalela ora manut pituture wong tuwa. Crita jroning novel nuduhake yen alure iku alur majemuk yaiku alur maju, dijangkepi kanthi dimenehii alur sorot balik sing bisa ndadekake crita luwih dinamis. Crita novel kasebut dumadine mung sedina, ana ing Paron lan dalem kawedanan Ngawi. Novel Ibu nyritakake lelakone Prawita minangka putrane priyayi, Raden Bratapranata lan Raden Ayu Bratapranata. Dheweke ditundhung lunga dening Raden Brata jalaran ora manut dhawuhe wong tuwa sing ora disarujuki nduweni sesambungan karo Minarni anake Marta Ranti tukang njait lan nulak dijodhohake karo Sri Hastari. Banjur, Prawita mangun omah-omah karo Minarni ing Paron. Dene babagan basa kang digunakake dening pengarang yaiku basa kang mentes lan purusa katelu. Perlambang-perlambang jroning novel Ibu yaiku irah-irahan lan gambar samak, jenenge paraga, omahomah lan isen-isene, titihan, panganan, jejuluk, tata trapsila, tradhisi, pakulinan, lan mobilisasi sosial. Dene paedah sing kinandhut jroning novel kasebut yaiku menehi hiburan, menehi gegambaran mobilisasi sosial, degradasi status, menehi panggulawenthah, lan mobilisasi sosial kang durung rampung. 2.
Pamrayoga Novel Ibu karyane Poerwadhie Atmodihardjo mujudake novel kang njlimet ing bebrayan budaya Jawa. Kajaba ing bebrayan basa, uga babagan struktur sosial. Sarehne panliti ing kalodhangan iki mung bisa nliti babagan perlambang, prayoga banget yen ana panliti liya kang kersa nliti babagan sosiologis. KAPUSTAKAN Atmodihardjo, Poerwadhie. 2013. Ibu. Semarang: Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ). Damono, Djoko Sapardi. 1978. Sosiologi Sastra: sebuah pengantar ringkas. Jakarta: Pusat Pembinaan Dan Pengembangan Bahasa Departemen Pandidikan Dan Kebudayaan.
9