SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA
BAB V KASUSASTRAN MODERN
OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum.
KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017
BAB V KASUSASTRAN MODERN KISI-KISI DAN BAHAN AJAR No .
A
Kompete nsi Utama B 1.Profesio nal
Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Pencapaian Kompetensi Inti Kompetensi Kompetensi Guru (KI) Guru Mata (IPK) Pelajaran (KD) C D E Menguasai Memahami a. Memak materi, struktur, teori dan genre nai kata konsep, dan sastra Jawa dalam pola pikir konteks keilmuan yang geguritan mendukung mata pelajaran yang diampu. b. Memakna dan unsur intrinsik prosa
Materi pokok
F Gegurita n
Prosa
A. GEGURITAN Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka tembung “gurit” sing tegese gubah, karang, sadur, kidung, tembang utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani guritan yaiku puisi Jawa. Yen ing kamus umum Bahasa Indonesia diterangake ’geguritan’ iku asale saka tembung gurit kang ateges sajak utawa syair (Poerwadarminta, 1986: 161). Miturut Hadiwijaya (1967 : 129), Geguritan yaiku golongane sastra kang edi (puisi) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kalair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora usah kecancang ing pathokan-pathokan, wilangan, dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipate tembang macapat lan sapanunggale. Wondene miturut Subalidinata (1999), geguritan yaiku : iketane basa kang memper syair, mula ana kang ngarani syair Jawa 1
gagrag anyar. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane (corojowo.blogspot.com/2010/12/geguritan.htm diakses tanggal 10 Juli 2016). Geguritan kaperang dadi loro (2) yaiku geguritan tradhisional lan geguritan modern. Geguritan tradhisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik saben pada (bait), cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara (persajakan). Kang kagolong geguritan tradhisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe. Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradhisional. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake cacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharake karep, bebas nemtokake jumlah lariklarik ukara ing saben pada, jumlahe pada, lan uga pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakanthi. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirungokake luwih kepenak (luwih nges). Geguritan modern uga diarani puisi Jawa gagrag anyar saiki lumrah diarani geguritan.Senajan panulise bebas, tegese ora kaiket dening aturan tartamtu. Ewa semono geguritan isih tetep ngugemi ananing rasa kaendahan. Endahe geguritan dumunung ana ing pilihan tembung pantes, mentes, lan mantesi. Geguritan ora padha karo tembang macapat kang isih kaiket guru lagu, guru wilangan lan guru gatra. Yen kababar bedane kaya tabel ngisor iki. Struktur teks geguritan 1.
Tanpa kaiket ing guru lagu, guru Kaiket ing guru gatra, guru wilangan, wilangan, lan guru gatra
2.
Struktur teks tembang macapat
lan guru lagu
Cakrike bebas, bisa wujud pada, bisa Cakrike miturut kaidah jinise tembang uga wujud carita.
Paugerane nulis geguritan: (1) Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. (2) Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik. (3) Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi utawa basa rinengga liyane sawetara bae. 2
(4) Isine maneka-warna, kayata: pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane. Amarga guritan kalebu kasusastran kang nggunakake basa kang endah, mula kanggo mahami isine prelu nggatekake langkah-langkah iki: (1) Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan-baleni. (2) Gatekna sesambungane larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//). (3) Golekna teges tembung-tembung kang kokanggep angel, kanthi terus dielingeling. Tembun- tembung sajarone geguritan bisa nduweni teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran. (4) Perlu digatekake menawa saben karangan mesthi nduweni pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca. (5) Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi prasaja (sederhana) lan gampang dingerteni. Sawijining geguritan nduwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka tema, suasana, nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang ora bisa dipisahake. a. Nada Nada ing geguritan yaiku sikap batine panganggit/ panggurit sing arep diekspresekake marang pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane. b. Swasana Swasana kang dikarepake ini swasana batine pamaca sawise maca geguritan. c. Irama Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine unsu kang ana gandheng-cenenge karo bab-bab kang sarwa tumata (teratur) d. Pilihan Tembung Pilihan tembung uga diarani dhiksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Tembung-tembung 3
kang digunakake ana kang nduweni teges lugu utawa apa anane (denotatif), lan tembung kang nduweni teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang. Cara kanggo nggampangake nganggit/nulis geguritan, yaiku: (1) Temtokna luwih dhisik underaning gagasan (tema) kangarepdirembug. (2) Yen underaning gagasan wis ditemtokake banjur dimligekake (spesifikasi) dadi tema. (3) Tema kang wis dimligi mau gawenen cengkorongane (kerangka). (4) Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembunglan tatanen ing lariklarik. (5) Kanggo nambahi endahe geguritan, gunakna purwakanthi, baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara nggolek ing kamus. Tuladhane mengkene: Bocah-bocah arep nggawe geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam kuwi rupa-rupa, bisa banjir, gunung mbledhos, lindhu. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik. Umpamane mengkene: 1. Apa sing nyebabake banjir? 2. Kepriye kedadeane? 3. Kepriye akibate? 4. Apa hikmah kang bisa disinau saka kedadean banjir? Cengkorongan banjur diwedharake, dijlentrehake sarana tembung-tembung kang ditata ing larik-larik mangkene. Manungsa ora bisa nyegah kekarepane Negor wit-witan sasenenge dhewe Alas-alas entek wit-witane Mung kari suket-suket sing dadi kanca lawase Udan sawengi natas Nyirep hawa panas Banyu terus mili ngebaki kali-kali Ora ana sing bisa nyegah Tanggul-tanggul padha bedhah Banyu wiwit mlebu omah
4
Kejaba tatacara panulise, geguritan iku uga diripta kanggo diwaca. Geguritan minangka rakitan basa kang endah uga kudu diwaca kanthi endah. Tatacara maca maca geguritan kang becik lan endah paling sethithik ngugemi 4 paugeran, yaiku: Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga. Andharane: (1) Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora kena ragu - ragu, pocapan lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas. (2) Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudhune intonasi kudu dilarasake karo isine sesorah. (3) Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu, seneng, ngenyek, getun lan liya liyane). (4) Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku ora ketok digawe - gawe.(https://brainly.co.id/tugas/6190924) B. CRITA CEKAK (CERKAK) Crita cekak iku carita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh
alur
critane.
Ing
basa
(https://jv.wikipedia.org/wiki/
Indonesia
diarani
cerita
pendek
Crita_cekak). Crita cekak mujudake
(cerpen) sawijining
karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-ciri cerkak, yaiku: (1) critane ringkes, (2) cerkak sawijininng karya kang direka-reka (fiksi), lan dudu tuturan prastawa kang nyatanyata kadadeyan kayadene warta (berita, (3) gegayutan karo lelakone manungsa, (4) sifate tuturan utawa naratif. lan (3) alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, lan ngrampungake prakara. Cerkak akeh dipublikasekake lumantar medhia massa, kayata: kalawarti (majalah), ariwarti utawa koran tabloid, utawa diwacakake ing pasamuan sastra, uga ing radhio-televisi ing ruang apresiasi sastra. Cerkak nduweni unsur intrinsik utawa unsur-unsur kang mbangun crita kasebut kang dumadi saka: 1)
Tema : gagasan penting sajroning carita.
2)
Alur/plot : yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkasan.
3)
Pamaragan (penokohan) : yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga.
4)
Latar/setting : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning crita.
5)
Amanat : yaiku piwelinge panganggit marang kang maca crita.
6)
Gegebengane pangarange (point of view); lan 5
7)
Gaya pangarange (style).
Amarga winatese ruangan, umum pangarang mung mentingake salah siji unsur ing cerkak garapane. Ana cerkak kang mentingake alur utawa karakter wae, nanging ana uga kang nengenake gegebengane pangarang, lan sapanunggalane. Senajan kaya ngono ora mbuwang unsur-unsur cerkak liyane. Jelase, cerkak kudu lengkap lan wutuh, ngemot unsur-unsur cerkak ing ndhuwur. Mung wae sang pangripta munjerake cerkake ing salah sijine unsur kang nguwasani cerkake. Dadi saka unsur 7 mau, pangripta miwiti gawe critane, yaiku: (1) Pangripta nggambarake sawijining kahanan; (2 Pecahe sawijine tukar padu (masalah); (3) Kahanan tambah ndadi; (4) Kadadean wis tekan pucuke crita; 5) Pangripta miwiti mecahake masalah lan aweh pungkasaning crita. Kanggo nggambarake paraga-paraga critane, pangripta migunakake rong cara, yaiku cara langsung lan cara ora langsung Kanthi cara langsung, tegese pangripta langsung wae nggambarake wanda laire sawijining paraga. Umpamane wujud fisike (rai, irung, mata, lsp) arane manganggo busana, lan solah-bawane, lagayene, lan sapanunggalane. Kanthi cara ara langsung, tegese
pangripta ora langsung
nggambarake para paraga critane, nanging kanthi samar utawa sinamudana sajrone nggambarake dalan pikirane lan rasane atine paraga; reaksine karo paraga liyane; kahanan sakiwa-tengene; saengga para maos bisa ngonceki dhewe karaktere sawijining paraga (rajin, sopan, kurang ajar, brutal, soleh , lsp.). Kaloro cara kasebut bisa dianggo selang-seling.
C. DRAMA Drama iku salah sawijine karya sastra sing nduweni bageyan kanggo diperanake dening paraga utawa aktor (https://jv.wikipedia.org/wiki/Drama). Tembung drama asring sesambungan karo sandiwara utawi teater. Sandiwara saka tembung basa Jawa ‘sandi’ kang ateges rahasia lan tembung warah ateges ajaran. Sandiwara iku piwulang utawa wewarah kang diwedharake kanthi rahasia utawa ora terangterangan. Ewadene teater nduweni teges kang luwih amba amarga bisa nelakake
6
teges gedhung pagelaran, panggung, group pamain drama, uga bisa ateges sakabehe wujud tontonan kang dipentasake ing ngarepe wong akeh. Seni drama utawi teater punika seni pagelaran audhio visual amarga bisa ditonton lan bisa dirungokake. Drama lumrahe kaya karya sastra liyane isine minangka potret panguripane manungsa. Ing jaman saiki drama bisa diwujudake mawa maneka warna medhia, yaiku bisa ing ndhuwur panggung, filem, lan utawa televisi. Drama uga kadhangkala dikombinasi karo musik lan tari, kayadene jroning sawijine opera (mangga dipirsani melodrama). Ing Indonésia, tontonan sajinis drama nduweni istilah sing werna-werna, kayata: wayang wong, kethoprak, ludruk (ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan), lenong (Betawi), randai (minang), reog (Jawa Kulon), rangda (Bali) lan sapanunggalane. Katilik saka isine, drama kaperang dadi rong jinis, yaiku: (1) Drama Tragedi Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan sing nrenyuhake ati (sedhih). (2) Drama Komedi Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon sing lucu. Kaya karya sastra liyane, drama uga nduweni unsur pambangun, yaiku: (1) Unsur Intrinsik Naskah utawa skenario drama sing ngemot kedadeyan sing bakal dimainake dening para paraga. Sing kalebu unsur intrinsik, yaiku: a. Paraga Wong sing bakal meragakake drama. b. Setting/ latar Latar utawa kahanan panggonan, wektu, lan lingkungan sosial dumadine crita. c. Alur Rantaman utawa urutan prastawa kang mbangun lakone crita. d. Dhialog Pacelathon antarane paraga siji karo paraga liyane. Pamilahe pacelathon ing pentas drama yaiku : (1) Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih. (2) Monolog : pacelathon dhewean. (3) Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama. (4) Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama.
(2) Unsur Ekstrinsik Sing kalebu unsur ekstrinsik, yaiku: a. Busana/ kostum lan rias 7
b. Panggung/ papan pentas c. Gamelan Pagelaran drama mbutuhake anane sutradara. Sutradara iku salah sijining pawongan kang ngendalekake pamentasan drama lan uga ngendhalekake paraga sajrone crita. Sing kudu ditindakake dening paraga sadurunge meragakake drama, yaiku : (1) (2) (3) (4) (5) (6) (7)
Maca naskah drama kanthi mangerteni isine. Ngerteni watake paraga jumbuh karo naskah kang arep diperagakake. Nyiapake papan panggonan (setting). Milih lan nemtokake paraga. Akting (carane paraga berekspresi). Bloking : tata posisi paraga ing panggung. Tata artistik : tata rias, tata musik, tata busana, lan pangaturane lampu.
8
DAFTAR PUSTAKA Hutomo, Suripan Sadi. 1990. Kesastraan Jawa. FPBS IKIP Surabaya. Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa : Kanggo Para Siswa Sekolah Guru B Lan Sadjadjare (K.G.B., K.L.P.S.G.B., S.M.P.) Jogjakarta : Soejadi. _________, 1955, Ngengrengan Kasusastran Djawa, Vols. I-I I. Jogjakarta: Hie Hoo Sing. Paget, R. K., Subalidinata, RS. 1974. Sarining Kasusastran Jawa. Yogyakarta. FSK UGM. Subalidinata, RS. 1991. Seluk Beluk sastra Jawa. Yogyakarta. FSK UGM. Tirtawirya, Putu Arya. 1980. Apresiasi Puisi dan Prosa. Bandung: Nusa Indah.
Sumber Internet: (1) (corojowo.blogspot.com/2010/12/geguritan.htm diakses tanggal 10 Juli 2016). (2) (https://jv.wikipedia.org/wiki/ Crita_cekak).
9