==================================Tedhak Siti===============================
Tedhak Siti Tedhak siti yaiku slametan kanggo anak sing wis ngancik umur 7 wulan, sebab ing umur semono mau bocah wiwit bisa ngadeg lan tuntunan sing rancag, malah wis ditetah utawa diajari mlaku. Saora-orane bocah mau wis bisa mbrangkang, mula banjur diajari kenal ing lemah. Supaya iku mau ora dadi kagete bocah marang alam sakiwa tengene klebu lemah sing kita idak-idak ing saben dinane. Budaya tedhak siti kang asring kita prangguli kapantha dadi pitung tataran, yaiku : 1. Bocah kang bakal diupacarai yaiku sing wis umur 7 wulan, sawise didusi nganti resik kanggo sekar setaman, mlathi, melur, kanthil gading, mawar kang kembang-kembang mau mengku teges mlathi melur, ing pangajab, mbesuke bocah supaya duwe tekan kang ora melar-melur. Dene kembang kanthil, supaya kasinungan candra wewujudan lan kaprigelan sing marakake sapa wae gampang kumanthil. Kembang mawar, para winasis wastani nduweni ganda arum lan uga marakake gawe kalise kulit, dadi sapa wae kang mirsani bakal ketaman trenyuh lan kaswaran karta gandrung. Sawise rampung adus banjur dienggoni sandhangan sing anyar gres, banjur diambahake ing siti sing diwenehi krikil, bisa langsung midak siti. Bubar midak siti banjur ditetah ing jadah saka ketan 7 warna, kawiwitan saka sing putih lan sateruse. Jadah sing bubar diidak-idak biasane dialab berkah dening para tamu kanggo oleh-oleh menyang omah, gunane ben putrane gampang antuk jodho lan antuk momongan, 2. Sawise pidakan jadah banjur diajari menek andha kang digawe saka tebu arjuna lan dilungguhake ana ing pucuking andha kang diwangun kaya palenggahan sang raja. Pangajab supaya mbesuk bisa dadi raja kang ngarajani bale wis jaya iku dadi pemimpin lan pangayom kang tanggung jawab ing urip lan panguripan, 3. Bubar dilungguhake ing singgasana banjur diudhunake ing gelaran kang wis cumawis lan dikandheni kurungan jago. 4. Ing palenggahan lan kurungan wau uga ana cepakan saka lir ubarampe wong urip, utamane kang kena kanggo wewarah lan wulang wuruk marang anak sing lagi kawisudha tedhak siti. Samubarang mau ana bokor kang isi beras kuning, duwit receh, jungkat, kaca, gunting, pari, potelot, kertas. Jare apa kang kapilih dening bocah mau sing dadi gegambarane apa kang bakal dumadi ing wektu diwasa. 5. Sawise purna pilihan barang, banjur beras lan dhuwit mau disebar ing ngarepe para tamu lan kanggo rayahan minangka tandha barang-barang mau minangka sedekah. 6. Ubarampe kang ora kena lali yaiku kembang setaman manca warna kanggo nini among kaki among uga kanggo nyepaki kakang kawah adhi ari-ari. Aja lali senthir kang disumet ing cedhake kembang setaman lan uga sapu gerangg kang diadegke malik pucuke ditancepi brambang, bawang, laos, kunir, sere lan bengle. Aja lali dom lan lawe saha kaca pengilon, 7. Kejaba kang wis diutarakake ing dhuwur mau aja lali kacawisaken sesaji kang dumadi saka tumpeng sega gurih. Aja lali bubur abang putih, bubur sungsum. Lan jenang baro-baro, sarta jajanan pasar. Kupat kanggo diiseni beras dicampur rajangan kunir dipasang ing dhuwur lawang lan sajroning sedina sewengi ing ngisor peturon diparingi seblak, Paripurna upacara tedhak siti bocah wis bebas dolanan lan ing ngendi wae. Upacara tedhak siti kang nduwe ancas perkenalan lingkungan kang bakal kanggo papane pijakan. Dene kang pitados wanggala nanging dhen during percaya ya mangga kersa sebab wung kapercayan linambaran dening budaya.
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
==============================Unggah-ungguh Basa============================
Ngoko andhap (alus)
Ngoko lugu • Ora ana tembung krama • Kanggone : • Marang sapadha-padha sing wis kulina • Wong tuwa marang anak • Yen pinuju ngunandika (ngudarasa)
• Ngoko kanthi tembung krama inggil • Kanggo : • Pasrawungan wong dewasa sing wis kulina • Wong tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate
Krama lugu
Krama alus
• Kramantara • Tembung krama tanpa krama inggil • Kanggo : • Pasrawungan wong sing ora kulina • Andharan, saresehan, khotbah
• Krama inggil • Kanggo : • Marang wong tuwa
==============================Pranatacara lan Sesorah=========================== A. Metode
Apalan
Impromtu
Maos teks
Ekstemporan
B. Olah Swara, Raga, Basa
Olah swara • • • •
Swara pung/gandem Pocapan cetha Intonasi membat mentul Membat mentuling swanten magepokaken kaliyan : • Intonasi : pungtuasi kadosta titik, koma • Pitch : acara • Tempo : rikat rindhiking swanten utawa rancaking swanten • Aksen : pundi ingkang ampang lan pundi ingkang lembat • Juncture : teba antawis tembung, ukara • Kajiwa : swara ingkang kawedhar kedah saged kajiwa dening pamedhar sabda
Olah raga
• • • • • • •
Magatra Malaksana Mawastha Maraga Malaghawa Matanggap Mawrat
: bleger wujudipun, rupa, adining sarira lan busana trep : tindakipun sapecak sejangkah, tinata runtut : jumeneng jejeg, boten kendho, boten dhoyong : boten rongeh/edheg/gumeter : trengginas, trampil, cag-ceg gancar sembada ing karya, enthengan : tanggap swasana, saged mrabawa karya ngengrenging swasana : anteb, manteb, ngentasi purwa, madya, wasananing karya
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
Olah basa lan sastra • Mangertosi paramasastra : kawruh/paugeran panyerat lan tataning tembung ing basa • Ndhapuk tembung, ukara, utawi wacana kanthi laras lan leres • Laras : ngayahi jejibahan trep kaliyan kawontenan • Leres : ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra • Ngginakaken basa rinengga • Ampun ngginakaken basa ingkang para tamu boten mangertos maknanipun jalaran nguyak susastranipun • Saged ngginakaken purwakanthi utawa wangsalan
C. Cengkorongan Sesorah
Pambuka
Isi
Panutup
Uluk salam
Atur pangapunten
Atur pakurmatan
Pangarep-arep
Pamuji syukur
Salam panutup
==================================Artikel================================== A. Bregada Wirabraja Prajurit Wirabraja salajeng wonten ing barisan paling ngajeng. Prajurit Wirabraja rumiyin dipunpanggenaken wonten ing sisih njawi kilen benteng Keraton Kasultanan Yogyakarta supados nyadangi ugi ngukuhi saking tempuhan mengsah ingkang rawuh saking sisih kilen keraton. Ngantos saniki, panggen kesebat dados setunggal dhusun ingkang kawastan Wirobrajan.
B.
Bregada Dhaeng
Bregada ingkang rawuhipun saking Sulawesi. Bregada menika ngaggem busana jas pethak, lancingan panjang pethak kanthi garis abrit, sabuk satin werni biru, tutup sirah ingkang bentukipun segitiga ugi ngaggem sepatu. Bregada punika kagungan dwaja ingkang naminipun Bahmingsari ugi kagungan lagon ondang-anding.
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
C.
Bregada Patangpuluh
Bregada ingkang mbeta senjata bedil. Bregada menika ngaggem busana jas bikak kanthi klambi pethak ing saklebetipung jas, tutup sirah ingkang kasebat songkok, sepatu lars panjang. Bregada punika ugi dijangkepi piranti musik arupi terompet lan suling. Dwajanipun kanthi nami Cokrogoro. D.
Bregada Jagakarya
Bregada ingkang mbeta senjata bedil. Bregada menika ngaggem busana jas bikak saking kain lurik kanthi klambi warni jene saklebetipun jas, sabuk satin werni abrit, panutup sirah songkok ingkang wonten sayapipun, kaos kaki panjang saha sepatu. Bregada punika ugi dijangkepi piranti musik arupi terompet lan seruling. Dwajanipun kanthi nama Papasan.
E.
Bregada Prawiratama
Bregada ingkang mbeta senjata bedil saha keris. Bregada menika kanthi busana jas bikak cemeng kanthi klambi pethak saklebetipun, lancingan pethak, sabuk satin werni pethak, panutup sirah kados songkok kanthi ngagem sepatu lars panjang. Bregada punika kagungan dwaja ingkang naminipun Geniraga utawi Banteng Ketaton.
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
F.
Bregada Ketanggung
Bregada ingkang mbeta senjata bedil kanthi bayonet ugi keris wonten ing pinggang. Bregada Ketanggung ngaggem busana jas bikak lurik kanthi klambi pethak saklebeting jas, udheng werni ingkang cemeng saha tutup sirah ingkang bentukipun segitiga ugi sepaton lars panjang. Bregada punika kagungan lagon inggih menika Litrik Emas, Arjuna Mangsah. Dwajanipun kanthi nama Cokroswandono. G.
Bregada Mantrijero
Bregada punika kadadosan saking para mentri ingkang kagungan jejibahan dados hakim wonten ing kraton ugi gadah tugas njagi sultan. Bregada punika mbeta senjata bedil. Bregada punika ngagem busana jas bikak saking bahan lurik kanthi garis cemeng pethak, klambi pethak saklebetipun, lancingan lan kaos kaki panjang pethak, sepatu, udheng kanti werni cemeng lan tutup sirah kados songkok. Dwajanipun kagungan nami Purnamasidi. H.
Bregada Nyutra
Bregada ingkang kaunggulanipun beksan. Jejibahanipun njagi sultan ingkang nembe lenggah wonten ing Sitihinggil. Bregada punika kagungan kalih kelompok, ingkang setunggal ngaggem busana cemeng-jene lan kelompok setuggalipun kanthi pangaggem abrit-jene. I.
Bregada Bugis
Bregada ingkang kagungan jejibahan ngawal para patih ing kepatiahan. Bregada punika ngasta senjata tombak. Bregada Bugis ngagem busana jas tutup werni cemeng, lancingan panjang cemeng ugi ngaggem udheng cemeng kanthi tutup sirahipun ugi cemeng. Dwajanipun kagungan nami Tigawerna.
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
J.
Bregada Surakarsa
Bregada ingkang ngasta senjata tombak. Bregada punika ngagem busana kados klambi lengen panjang kanthi werni pethak saha lancingan panjang kanthi motif gebyar. Bregada Surakarsa ngagem tutup sirah arupi udeng kain cemeng kanthi warna pethak wonten ing tengah sarta garis alit pethak wonten ing sisih pinggiripun, udeng kain punika kasebat teleng kewengen. Bregada Surakarsa gadah jejibahan ngawal sesajian gunungan. Dwajanipun kanthi nami Trimurdo. =============================Upacara Adat Manten============================= A. Busana Manten Gagrak Ngayogyakarta
No.
Cakrik Manten
Diagem Nalika Ngunduh mantu
1.
Yogya Putri
2.
Paes Ageng
Panggih
3.
Paes Ageng Jangan Menir
Boyongan manten
4.
Kasatriyan
Midodareni
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
5.
Kasatriyan Ageng
Malem selikuran
B. Tumpeng
Tumpeng Robyong • Tumpeng, yaiku sekul ingkang kacithak mawi kukusan supados wujudipun saged kados gunungan • Dipunrenggani kuluban • Kapapanaken wonten ing satengahing tambir • Pucukipun dipunsukani tigan godhog, brambang, lombok abrit Tumpeng Gundhul • Kapapnaken ing satengahing tambir • Pinggiripun dipunsukani jajan pasar saha jenang warni pitu
Tumpeng Megana • Tumpeng ingkang dipunjangkepi kuluban • Bumbunipun pedhes
C. Filosofi
Pisang Raja Satundhun
Cengkir Gadhing
Tebu Wulung
• Pralambanginpun bilih manten menika pinindha raja • Mugi temanten nggadahi watak saha pakarti raja ingkang sae
• Salebeting cangkir isi toya ingkang suci lan wening • Mugi tresnanipun temanten linambaran tresna suci • Pamilihing garwa adhedhasar manah ingkang wening
• Pamilihing jodho kinantenan antebing kalbu sinartan teguh ing iman
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
Ron Kluwih
Ron Alang-alang
Ron Apa-apa
Pari Sawuli
• Mugi anggenipun mantu boten kekirangan syukur kepara malah kaparingan kalangkungan
• Sambekalaning (alagan) karsa saged ical satemah anggenipun mantu saged wilujeng tanpa alangan
• Amrih anggenipun mantu ora ana apa-apa kalis saking samukawis pepalang
• Amrih gesanginpun temanten saged kadya pantun, saya isi saya tumungkul • Kacekapan ing boga
Sekar saha Wohing Kapas
Ron Waringin
Pengaron Isi Sekar Setaman
Janur
• Kacekapan wastra/ sandhang
• Pikantuk pangayoman, kasembadan ingkang dados gegayuhanipun
• Manggih raos suka sumringah kadya sekar ingkang nedheng anjrah ing taman
• Jan : temen/sejati • Nur : sunar • Nur ingkang sejati ingkang mijil saking Gusti • Pikantuk pitedah lan wewarah saking Gusti
D. Panggih
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
Balangan Gantal • Gantal putri : gondhang kasih tegesipun maten putri kagungan rasa tresna asih dhateng kakung • Gantal kakung : gondhang tutur, maknanipun manten kakung saged dados guru lakinipun manten putri ingkang tansah paring wewarah saha pitutur dhumateng garwa
Minggah Pasangan Linambaran Ron Pisang • Pinindha raja lan prameswari minggah pasangan • Temanten sampun dados pasangan ingkang sejatos
Sinengepan Sindur • Tiyang sepuh taksih kersa paring wewarah saha pitedah lan paring dongan pangestu amrih gesangipun manten manggih kamulyan
Ngunjuk Toya Saking Kendhi Pratala • Sasampunipun pecah nalaripun sageda menggalih samukawis kanthi wening
Mecah Tigan
Nyuceni Suku
• Nalaripun manten kakung sampun pecah, samekta mengku saha dados suhing kulawarga
• Mugi ical salwiring sukerta kalis ing sambekala
=================================Uyon-uyon================================ A. Gamelan 1. Tebokan
Bedhug • Papan kangge nggantung bedhug arane jagra
Kendhang • Jinis : Bem, batangan, penunthung, ketipung, kosek, jaipong • Minangka pamurba wirama • Wenang nyuwuk
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
2. Wilahan
Gender • Cacah wilahan 14, saking laras 6 ageng lan laras 3 alit • Tabuhipun sinebat bendha Slenthem • Gender penembung/gender gantung • Tabuhipun sinebat bendha Gambang • Wilahan padatan dipundamel saking kajeng berlian utawi lengki • Rancakan ngiras resonator • 21 wilah
Demung • Wilahan sakin logam
Saron
• Memper demung namung ukuranipun langkug alit • Tabuhipun sinebat gandhen Peking • Balungan paling alit 3. Wilahan Pencon
Slentho • Kados saron namung wonten penconipun
Gong kemodhong • Wilahan mawi pencu
Kecer • Kadosdene piringan simbal nanging ukuranipun alit • 2 tangkep
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
4. Pencon
Bonang • Jinis : • Panembung • Barung • Penerus • Tabuhuhipun sinebat bindi • Dipuntuthuk Kethuk • Tandha ajeging wirama (pamengku wirama) • Nedahaken jinising gendhing Kempyang • Tandha ajeging wirama (pamengku wirama) • Nedahaken jinising gendhing Kenong • Tabuhipun sinebat bindi Kempul • Dipungantung dhateng gayor nginakaken pluntur • Peranganipun : pencu, praen, widhangan/bahu, gegesan Suwukan
• Gong suwukan
Gong Ageng • Ageng piyambak • Tabuhipun sinebat gembel 5. Kawatan
Rebab • Dipungesek mawi senggreng • Senggreng dipundamel saking kajeng lan bubat Siter • Saking kajeng lan kawat • Caranipun nglaras dipunpantheng Clempung • Gamelan jangkep dipuncawisaken 3 clempung : slendro, pelog bem, pelog barang
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
6. Pipa
Suling • Saking deling/pring • Wonten 2 : slendro lan pelog
Kemanak ==================================Layang================================= A. Wujuding Layang
Resmi
Boten resmi Kitir • Isinipun cekak aos • Basanipun mardika • Tuladha : telegram, memo
Ulem • Serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanes, amargi badhe kagungan hajat/kersa • Tuladha : tanggap warsa, tasyakuran, supitan, serat ulem mantu
Iber-iber • Isinipun kabar pribadi • Bab ingkang dipunandharaken saged menapa kemawon • Peranganipun komplit (9)
Lelayu • Menehi kabar lelayu, identitas layon • Kabar sedanipun tiyang Dhawuh • Tuladha : serat tugas Prajanjen • Tuladha : serat jual beli tanah B. Peranganipun Layang
Satata basa
Adangiyah
Purwaka
Surasa basa
• Serat katunjokaken
• Tembung pamuji rahayu
• Pawarta kaslametanipun ingkang ngintun serat
• Wosipun serat
Wasana basa • Pungkasanipun layang
Peprenahan Titi mangsa
• Asalipun serat saking sinten
Tapak asma
Asma terang
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_
==================================Macapat================================ A. Jinisipun Tembang Macapat lan Urutanipun Miturut Guritna (wong urip)
Mijil
Pangkur
Megatruh
• Lair saking kandhutanipun ibu
• Turune ungkurungkuran • Gadah putra
• Ruhipun dipunpegat kaliyan raganipun
Kinanthi
Dhandanggula
Dhurma
• Sasampunipun lair, bocah kedah dipunkanthi, awit rasa tresnanipun ibu lan bapak
• Nom-noman menika pengen urip bebarengan • Nyaguhi janji prasetyanipun
• Kondur dhateng ingkang Maka Kuwaos
Maskumambang • Pikiranipun tasih ngambang • Dereng saged mbedakke pundi ingkang ala utawa pundi ingkang sae
Asmarandana • Sampun ngrasakke raos tresna
Sinom
Gambuh
• Nom-noman • Saged mbedakke pundi ingkang ala utawa pundi ingkang sae
• "Gampang nambuh" : gampang srawung
Pocung • Raganipun dipunpocong
© INONG~ NUR AZIZAH~ GK, DIY | inurazzh.wordpress.com |Twitter : @sokyes_