BAMBANG KUMBAYANA SUMBER: BUKU BALUNGAN RINGGIT PURWA, SANGGITAN KI MARWATA P. W, CAPCAPAN,TAHUN 1975, KAWEDALKEN DENING: PENERBIT/TOKO BUKU ,,K.S” KIOS PASAR GEMBLENGAN NO 15 SALA. Kaserat malih dening: Puthut Santoso Nugroho, S.Sn
1.JEJER ING NEGARI NAGSTINA Prabu Dhestharastra, kaadhep ingkang putra Raden Kurupati, Patih Sengkuni, lan parekan. Pagedhonganipun kacariyos aken: Sang Nata sanget sungkawa awit kecalan lisah tala. Ing ngajeng pusakanipun Prabu Pandhu Dewanata. Sasedanipun Prabu Pandhu lisah tala kaasta Dewi Kunthi, lajeng kaapus karma dening Raden Harya Sengkuni. Wantuning wanita Dewi Kunthi Kurang weweka, mangka para putra Pandhawa saweg sami tinangkil.
Kondur saking paningkalian gya kaparingan uninga ingkang ibu yen lisah lisah tala kapundhut ingkang rama marasepuh Resi Abiyasa ingkang kautus Raden Harya Sangkuni. Temah Raden Harya Bratasena nututi lan sampun karebut nanging lajeng dipun krubut para Kurawa. Dening Raden Harya Sena kasawataken dhateng sumur Jalatundha, kabawah laladan Pancalaradya. Namung cumlorotipun katingal dhawah ing wana Jatirongeh. Ginem: Sang Nata dhawuh mring para putra kurawa kinen ngupaya kaliyan para kadang Pandhawa. Sinten ingkang manggihaken inggih punika ingkang pinasthi andarbe lisah tala. Raden Kurupati matur sendika, Sang Nata jengkar angedhaton. 2. ADEGING KENYA PURI Prameswari nata Dewi Gendari kaadhep ingkang putra Dewi Dursilawati lan cethi pawongan. Konduring Nata samya amethuk gya lenggah satata. Ginem: Prameswari matur karananing dangu siniwaka, Sang Nata sajarwa wigatosing pasewakan. Sang prameswari dhahat ngungun. Sang nata arsa memuja ing sanggar pamelengan. 3.ADEGING PAGELARAN Raden Kurupati, Raden Harya Sengkuni, Raden Dursasana, Raden Kartamarma. Ginem: Ngundhangaken dhawuhe Nata. Raden Harya Sengkuni dhawuh dhateng para Kurawa kinen mulat lan nastiti anggenipun madosi lisah tala, sampun ngantos kacepeng para Pandhawa. Kinen angebang-ebang para kawula alit-alit sinten ingkang manggihaken arsa kaganjar rajabrana lan kaparingan pangkat punggawa. Raden Kartamarma medal ing njawi dhawuh sawega ing damel.
4. ADEGING GAJAH OYA Raden Puntadewa, lan para kadang pepak saha repat punakwan. Ginem: Anggenipun tampi dhawuhipun ingkan uwa Prabu Dhestharastra kinen madosi sirnanning lisah tala dhateng wana ing jati rongeh, nusul para kadang Kurawa. Mila amrih mboten kantun Raden Bratasena ambekta lampahe para kadang: Raden Puntadewa dinekek ing kancing garudha mungkur, Raden Permadi, Raden Pinten, lan Raden Tangsen dinekek ing porong kencana, repat punakwan sami gondhelan kunca. Bidhal lumpadan. 5. ADEGING NAGARI ATAS ANGIN Resi Baratwaja kaadhep ingkang putra Bambang Kumbayana. Ginem: Bambang Kumbayana arsa pinikramakaken kaliyan putranipun raja pandhita ing Madhendha Bagawan Brahmanaresi. Bambang Kumbayana matur mopo purun pinikramakaken nanging nyuwun widadari. Ingkang rama paring warah lan wuruk murih mituhuwa, parandene Bambang Kumbayana puguh boten kengguh ing pangluluh, temah ingkang rama duka-duka kadi arsa anyirnakaken ingkang putra sanalika. Bambang Kumbayana lolos saking ngarsane kang rama. Resi Baratwaja ngunandika dene makate pikajenganiun ingkang putra. Dhwahaken upata: mugi-mugi ingkang putra manggiha cuwa ing salampah-lampahipun. Gya jengkar. Bambang Kumbayana dhahat nalangsa, merang sanget dene kadukan dene kang rama. Derenging penggalih nedya dhateng Tanah Jawi ngiras madosi mitra sinarawedi name Raden Sucitra ingkang sampun angejawi. Bambang Kumbayana lumampah, kandheg kepalang samodra.
Kacariosaken: sanget sungkawa lan wiring lamun wangsul dhateng prajanipun. Sareng serenging karsa nunten patembaya: sinten ingkang saged nyebrangaken sariranipun, yen jaler kaken sedherek sinarawedi yen putri kagarwa. Boten antawis dangu wonten kuda sembrani estri saking gegna mendhak-mendhak ing ngarsa nyuwun tinumpakan. Saking adrenging karsa gya tinumpakan. Sadangunipun Bambang Kumbayana nitih ing gigiring kuda wonten sanginggiling samodra kraos carem penggalihipun, katampen careming kuda sembrani, wekasan kuda sembrani mbobot. Kuda wau panjalming widodari. Dumugi gisik Bambang Kumbayana mandhap saking kuda. Kuda sembrani wau tansah ngadhangi lampahe Bambang Kumbayana semu nagih janji. Saking lingseme kuda arsa kasirnaake. Bambang Kumbayana anjemparing kuda sembrani badhar Bathari Wilutama kaliyan jabang bayi. Bambang Kumbayana kagiwang dhateng sulestyaning warni sang Bathari. Gya mrepegi sarwi angiket karma nanging Sang Bathari ngoncati. Bamabang Kumbayana ngrerintih manuhara kersaa lulus dadi garwa, Sang Bathari mopo. Namung paring name dhateng ingkang putra: Bambang Haswatama. Yen putra mular age kadhawuhan tumenga manginggil tamtu lajeng kendel. 6. ADEGING TENGAH WANA Raden Permadi lan punakawan ngupadi lisah tala. Ginem: Semar ngaturi wangsul ing pasanggrahan mindhak damel sangga rungginipun para Kurawa. Raden Permadi tan arsa tindakipun. 7. ADEGING RASEKSA-RASEKSI
Ginem: Raseksi nyidam kaworan daginging manungsa, raseksa bidhalan. Ing margi kapapag Raden Permadi dados perang (sekar). Sirnaning raseksa raseksi babar Sang Hyang Bathara Kamajaya lan Bathari Ratih. Wusnya paring weca bilih badhe wonten ingkang saged manggihaken lisah tala, gya Sang Hyang Kamajaya lan Bathari Ratih makayangan. 8. ADEGING TENGAHING WANA Resi Krepa kautus ingkang rama Prabu Prungguaji ing negara Timpuru, ngupadi morcaning kadang sepuh name Dewi Krepi. Katungka dhatenging Naga. Ginem: Naga minta karuwat. Raden boten karsa gya lumajeng binujung dening Naga. Kasumurupan Bamabang Kumbayana, gya tinulungan. Naga jinemparing babar dados Dewi Krepi. Ginem: Resi Krepa nungkemi padane Dewi Krepi, Bambang Kumbayana ngungun.(Pagedhonganipun kacariosaken: murcanipun Dewi Krepi awit saking supena astralungiyan kaliyan Bambang Kumbayana. Sareng wungu nulya gandrung kasmaran nanging ajrih matur ing rama, dados naming pinarsudi ing budi minta pitulunganing jawata. Temah katedhakan Sang Hyang Narada. Dewi Krepi kamalihaken dados Naga gya ngumbara ngupadi). Saluwaring sungkawa sami sajarwa lelampahanipun sowing-sowang. Katungka rawuhipun Sang Hyang Narada nganthi widadari name Bathari Janapadi. Sang Hyang Narada nyerp-nyerepaken dhateng Bambang Kumbayana, Resi Krepa lan Dewi Krepi bilih Dewi Janapati punika ibunipun Resi Krepa lan Dewi Krepi, mila kadhawuhan sami nguswa pada. Sang Hyang Narada paring dhawuh mring Bambang Kumbayana bilih karsane Sang Hyang Girinata Dewi Krepi pinasthi dados jatukramanipun Bambang Kumbayana. Mila kadhawuhan nampekaken ingkang putra Bambang Haswautama dhateng Dewi Krepi
karengkuha dadi yogane priyangga. Wusing Bambang Haswatama tinampen Dewi Krepi, Sang Hyang Narada makayangan. Bambang Kumbayana, Resi Krepa, Dewi Krepi, Bambang Haswatama gya kondur mring Nagari Timpura dipun jurungi Dewi Janapati. 9.ADEGING NAGARI TIMPURA Prabu Prungguaji kaadhep Patih Saraba. Ginem: Ngajeng-ajeng lampahing putra. Katungka praptane Raden Krepa, Dewi Krepi, Bambang Kumbayana, Bambang Haswatama kinodhol ingkang ibu Dewi Janapati. Ginem: Dinangu matur purwa madya wasana. Sang Prabu karenan ing penggalih. Dewi Krepi kadhaupaken lan Bambang Kumbayana, ingkang ibu Dewi Janapati makayangan. 10.ADEGING KAPUTREN KRATON TIMPURU Bambang Kumbayana lenggah satata kaliyan ingkang garwa. Ginem: Dewi Krepi anggubel nyuwun putra wontena rencangingipun Bambang Haswatama. Bambang Kumbayana sungkawa awit dereng kadumugen sedyanipun pinanggih mitranipun Raden Sucitra ingkang sampun angejawi. Ingkang garwa sinambut ingarih-arih temah lajeng sare. Bambang Kumbayana terus medal terus lolos mring tanah Jawi, anggana kewala. Sareng wung Dewi Krepi karuna kecalan garwa, tur uninga mring rama, samya sungkawa. Mantunipun Prabu Prungguaji agarwa widadari, ing riku Dewi Janapati karawuhaken. Ginem: Dinangu matur bilih Bambang Kumbayana kesah dhateng tanah jawi lan sampun mboten wangsul. Parmaning dewa badhe dados pepundhen lan paranpara nata binathara ing tanah Jawi. Dewi Krepi matur nedya sumusul wus jinurungan. Raden
Krepa tinuding ngetraken mbakayunipun lan Bambang Haswatama. Gya bidhalan. 11. ADEGIN PANDHAPI PANCALARADYA. Raden Harya Gandamana tuwin Patih Dhresthakethu. Ginem: Midahnget wartos para putra Pandhawa lan Kurawa sami masanggrah wonten ing wana Jatirongeh, dene tanpa paliwara. Katungka dhatengipun Bambang Kumbayana. Ginem: Dinangu ing sangkan paran lan asma. Anggone mangsuli tanpa karma ngaken saking Nagari Timpura, prelu ngulari kadang tunggil pruwitan tur wus atunggal budi name Raden Sucitra ing Pancala tanah sabrang. Raden Harya Gandamana sareng miring cariyosipun Bambang Kumbayana ingkang kaduk purun songar amurang tata karma wau duka salebeting galih. Nadyan ingkang dipun padosi menika ingkang raka kaipe, ewadene mangsuli tembung sugal tanpa riringa bilih tan ana name Rdaen Sucitra. Sulayaning wiraos dados pancakara, rame silih kaprawiran. Wekasan Bambang Kumbayana kasoran gya pinisakit meh kantaka labet tatu arang kranjang. Kauningan ing Prabu Drupada, boten samar yen menika putra raja pandhita ing Atasangin. Mila gya kaspih, temah Bambang Kumbayana binucal tebih, dhawah ing padhukuhan Sokalima. Dhawahing Bambang Kumbayana ing Sokalima dipun panggih bubuyuting Sokalima name buyut Purocana. Wekasan Bambang Kumbayana ingupakara engga waluya among sariranipun kalajeng ciri sedaya. Buyut Purocana lan Bambang lan Bambang Kumbayana dados mitra sinarwedi. Ginem: Buyut Purocana sajarwa wigatosing para putra Pandhawa lan Kurawa sami mesanggrah wonten ing wana Jatirongeh. Bambang Kumbayana rumaos antuk kaladesa mila lajeng sagah
manggiahken. Buyut Purocana kinen ngurud Bamabang Kumbayana dhateng pasanggrahan. Sami bidhalan. 13.ADEGING PASANGGRAHAN JATIRONGEH Para Kurawa lan Pandhawa Pepakan. Ginem: Pangupayaning lisah tala sampun ndungkap sacandra dereng angsal. Katungka dhatengipun Bambang Kumbayana lan Buyut Purocana. Ginem: Waleh sedya suka pitulung mangggehaken lisah tala. Sadaya samya suka pirena, Bambang Kumbayana nglepasaken jemparing Sarutama, wangsuling Sarotama mbekta lisah tala, nanging Bambang Kumbayana akarya pasanggiri: Wonten wit jambet uwoh manca warni. Sinten ingkang saged ngundhuh sak dhompol ingkang warni gangsal: cemeng, abrit, jene, pethak, lan ijem, inggih punika ingkang andarbeni lisah tala. Para Kurawa sami ngundhuh rumiyin, sami kinging sanglad sumaput sedaya. Sareng Pandhawa saged sangsal damel. Lisah tala badhe kaparingaken Pandhawa nanging para Kurawa mambengi. Bambang Kumbayana nyipta traju gumantung wonten epanging jambet, kinarya nimbang awrating Kurawa lan Pandhawa. Kaelokaning jawata, nadyan Kurawa kathah lan Pandhawa naming gangsal, ingemot sesarengan ewadene awrat Pandhawa. Lisah tala badhe kaparingaken Pandhawa nanging para Kurawa mambengi malih. Bambang Kumbayana pasanggiri malih: sinten ingkang saged damel lepen saknalika, punika ingkang andarbe lisah tala. Para Kurawa anggejeg para kawula ing pedhusunan, dene para Pandhawa gya mesu semedi, antuk marmaning dewa Raden Harya Bratasena madg jaya, purusanira kawawa medal toya tanpa kendhat. Raden Premadi gya nglepasaken jemparing dhumawah siti terus lumampah kadi angluku tinut ing toya, temah dados benawi ageng anjog ing saganten. Bambang Kumbayana karenan, amaringi nama bengawan serayu. Ananging para Kurawa taksih mambengi yen lisah
tala kaparingaken Pandhawa, suka lila leleburan kewala. Bambang Kumbayana karya sayembara pupungkasan: Sinten ingkang saged nyepeng Raden Harya Gandamana kaladosaken ngarsane, punika ingkang andarbeni lisah tala. Gya sami budhal. 14. ADEGING GANDAMANA
PRABU
DURPADA
KAADHEP
RADEN
HARYA
Ginem: Ngraosi Bambang Kumbayana dennya kasangsara. Katungka labetipun Patih Dhresthakethu, matur yen para Kurawa arsa pinanggih Raden Harya Gandamana. Sang nata nglilani manggihi. Panangkilan wedeling Raden Harya Gandamana manggihi para Kurawa. Wusnya lenggah satata para Kurawa sajarwa minta pejah gesangipun Raden Harya Gandamana, damel kageting Raden Harya Gandamana temah kroda kinrotok Kurawa. Kurawa kasoran lumajeng sar-saran. Sapengkeripun Kurawa gya praptane para Pndhawa semu anawung prihatos. Mila sanadyang taksih duka sareng sumerep para Pandhawa gya lilih sami ingawe. Dinangu matur prasaja waleh ing sdya. Raden Harya Gandamana miturut kinalungan cindhe gya binekta. Ing wuri patih Dhresthaketu matur sang nata. Nulya Prabu Drupada lan patih gita bidhal nituti. 15.ADEGING WANA JATI RONGEH Bambang Kumbayana manggihi Raden Krepa lan Dewi Krepi anggendhong Bambang Haswatama. Ginem: Sami sajarwa lelampahan. Katungka praptane para Kurawa. Ginem: Matur tan angsal damel nanging kedah nhyuwun lisah tala. Katungka praptane Pra Pandhawa mbekta Raden Harya Gandamana. Ginem: Bambang Kumbayana sakelangkung duka, nulya ngerang erang. Wekasan arsa males mrawasa
Raden Harya Gandamana, katungka rawuhnya Prabu durpada. Ginem: Mundhutaken aksama sadaya kalepatanipun ingkang rayi. Bam bang Kumbayana marengaken nanging nyuwun tetebusan bumi ing Sokalima. Prabu Durpada nyagahi. Raden Harya Gandamana linuwaran saking kalung cindhe. Lisah tala kaparingaken para Pandhawa. Jambet pancawarna punika yektinipun musthikaning retna lan kathah kagunganipun. Prabu Drupada lan Raden Harya Gandamana kondur mring kraton. Ing wuri para Kurawa bramantya, angrebat lisah tala, linawan Raden Bratasena sakadang. Para Kurawa kasoran lumajeng sarsaran. Tayungan. 16.ADEGING NAGARI NGASTINA Dhestharastra kasowan Raden Harya Sengkuni, Raden Kurupati sakadang. Dinangu matur tiwasing dinuta, lisah tala kadarbe para Pandhawa. Sang Prabu anyapih, katimbang kadarbe asanes luwung kadarbe para putra Pandhawa. TANCEP KAYON Wayang ingkang kangge: Resi Baratwaja Prabu Prungguaji R. Krepa Dewi Krepi Dewi Janapadi Buyut Porancana Bambang Haswautama
: ngangge Resi Kanwa : ngangge ratu sabrang wok : Haswatama wanda ngurawa : ngangge estren luruh : ngangge estren luruh slendhangan : ngangge jagal welakas : wayang bayi alit