ANALISIS TINDAK TUTUR IKLAN KOMERSIAL BAHASA JAWA WONTEN RRI SEMARANG WARSA 2010
SKRIPSI
NETTY FAJARWATI NPM 06430170
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010
ANALISIS TINDAK TUTUR IKLAN KOMERSIAL BAHASA JAWA WONTEN RRI SEMARANG WARSA 2010
SKRIPSI
Kaaturaken kangge njangkepi salah satunggaling syarat nggayuh gelar Sarjana Pendidikan ing IKIP PGRI Semarang
Dening NETTY FAJARWATI NPM 06430170
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010
i
ABSTRAK Netty Fajarwati. NPM: 06430170. Analisis Tindak Tutur Iklan Komersial Basa Jawa Ing RRI Semarang Warsa 2010. Skripsi. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. Tahun 2010. Pembimbing I, Dra. H.R. Utami, M.Hum, Pembimbing II Totok Yasmiran,S.S. Kata kunci: Analisis Tindak Tutur, Iklan komersial Rumusan masalah ini adalah bagaimana tindak tutur iklan komersial bahasa Jawa di RRI Semarang Taun 2010. Tujuan yang akan dicapai penulisan skripsi ini adalah untuk mengetahui tindak tutur dari iklan komersial yang terdapat pada RRI Semarang. Metode yang digunakan yaitu metode kualitatif, pendekatan yang digunakan yaitu pendekatan kualitatif, jadi data yang dikumpulkan berupa narasi, tidak ada sempel. Lalu penggunaan metode deskriptif yaitu menjabarkan data yang ada, diobjek penelitian melalui teknik analisis yang dugunakan untuk menganalisis tindak tutur iklan. Metode selanjutnya yaitu metode studi pustaka yaitu pencarian data atau semua informasi menyangkut penulisan skripsi ini dari semua peralatan yang ada di perpustakaan, yaitu buku, petikan iklan, dan lain-lain. Tidak hanya itu saja penulis juga menggunakan metode analisis tindak tutur iklan, seperti yang terlihat di judul skripsi ini, adapun pembagian tindak tutur ada 3 macam, yaitu lokusi,ilokusi dan perlokusi. Sumber data dari penelitian ini ialah dari iklan komersial yang di siarkan di PRO2 fm RRI Semarang, dan data-data yang dibutuhkan yaitu kalimat-kalimat yang mengandung unsur-unsur analisis tindak tutur iklan komersial. Teknik pengumpulan data yang digunakan pada penelitian ini yaitu melalui metode mendengarkan atau simak dan catat, metode simak yaitu peneliti mengumpulkan data dengan cara mendengarkan iklan komersial yang ada di PRO2 fm, lalu metode catat yaitu mencatat data yang mengandung unsur tindak tutur iklan komersial. Data yang sudah terkumpul dianalisa menggunakan analisis kualitatif yang bersifat menggambarkan keterangan data dari petikan iklan komersial tersebut, kemudian data yang sudah terkumpulkan dan sudah dianalisis dilaporkan dalam wujud transkip data.
ii
SARIPATI Netty Fajarwati. NPM: 06430170. Analisis Tindak Tutur Iklan Komersial Basa Jawa ing RRI Semarang Warsa 2010. Skripsi. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. Tahun 2010. Pembimbing I, Dra. H.R. Utami, M.Hum. Pembimbing II, Totok Yasmitan, S.S . Tembung Wos : : Analisis atindak tutur, Iklan Komersial Rumusan perkawis inggih punika kados pundi tindak tutur iklan komersial basa jawa di RRI Semarang. Ancas ingkang dipun capai ing panyeratan skripsi menika kangge mangertosi tindak tutur iklan komersial wonten RRI Semarang. Metodhe ingkang dipunginakaken inggih punika metode kualitatif, pendekatan ingkang dipun ginakaken inggih punika pendekatan kualitatif, dados data ingkang dipun kempalaken arupi narasi, boten wonten sempel. Lajeng pengginaan metode deskriftif inggih punika jabaraken data ingkang wonten, ing objek paneliten punika lewat teknik analisis ingkang diginakaken kangge nganalisis tindak tutur iklan. Metode salajengipun inggih punika metodhe stadi pustaka inggih punika madhosi data utawi sedaya data informasi gegayutan kaliyan panyeratan skripsi punika saking sedaya piranti ingkang wonten ing perpustakaan, inggih punika buku, petikan iklan,lan sapanungalipun. Boten arupi metodhe punika mawon , panyerat skripsi ugi ginakaken metodhe analisis tindak tutur iklan, kadosta ingkang katingal ing judul punika, pembagian tindak tutur punika dipun pantha dados 3 werni, inggih punika lokusi, ilokusi, lan perlokusi. Sumber data saking paneliten punika saking pethikan iklan komersial ingkang wonten ing PRO2 fm RRI Semarang, lan data- data ingkang dibetahaken inggih punika tembung – tembung ingkang ngandhut unsur-unsur analisis tindak tutur iklan komersial. Teknik pengempalan data ingkang dipun ginakaken kangge paneliten inggih punika lumantar metodhe mirengaken utawi simak lan catat, metodhe simak inggih punika paneliti ngempalaken data kaliyan cara mirengaken pethikan iklan komersial. Data ingkang sampun dipun kempalken lan dipunanalisis ginakaken analisis kualitatif ingkang sifatipun gambaraken keterangan data saking petikan iklan komersial kasebat, lajeng data ingkang sampun kempal lan sampundipun analisis dipun laporaken arupi wujud transkip data.
iii
PASARUJUKAN
Kula minangka pambimbing I lan pembimbing II
mahasiswa Progdi
Pendidikan dan sastra Jawa IKIP PGRI Semarang : Nama
: Nety Fajarwati
NPM
: 06430170
Fakultas
: Fakultas Pendidikan Bahasa Seni/Pendidikan Bahasa Sastra Jawa
Mratelakaken bilih Skripsi mahasiswa kasebat sampun dipunsarujuki lan sampun saged kalangsungaken pendadaran skripsi.
Semarang,
Juni 2010
Pembimbing I,
Pembimbing II,
Dra. HR.Utami, M.Hum
Totok Yasmiran,S.S
NPP.906301071
NPP.
Nguningani, Ketua Program Studi Baea Jawa
Dra. HR. Utami, M.Hum NPP. 906301071
iv
PENGESAHAN
Skripsi irah- irahan “ Analisis Tindak Tutur Iklan Komersial Basa Jawi warsa 2010 wonten RRI Semarang” dipun serat
dening
Netty Fajar Wati
sampun dipunajukaken wonten panitia ujian skripsi Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang, ing: Dinten
:
Titi Mangsa
: Panitia Ujian Panyitra
Dra.Sri Suciati, M.Hum.
Dra. HR. Utami, M. Hum.
NIP. 196503161990032002
NPP. 906301071
:
1. Dra.HR.Utami, M.Hum. NIP 906301071
(________________)
2. Totok Yasmiran, S.S NIP
(________________)
3. Kustri Sumiyardana, S.S NIP 197402262002121001
(________________)
v
SESANTI LAN PISUNGSUNG
Sesanti Sira aja mateni semangat jiwane Kanthi getir kang nlonkra Lan ugi nguripaken Khanthi pangarep- arep kosong Alon- alon waton kelakon Ajining Raga Saka Busana, Ajining diri saka lathi Pisungsung Bapak lan ibu ingkang kula tresnani, ingkang sampun maringi pitutur,makna gesang, tresna lan welas asih Pepujaning manah kula ingkang asring paring semangat lan motivasi
ingkang wonten papua {{mas sodik} Kanca- kanca kelas 8 D ingkang kula tresnani Diah kurnia wati ingkang tansah dados kanca sejati kula. vi
ATUR CECELA
Puji syukur Alhamdulillah konjuk wonten ngarsa Allah SWT ingkang sampun paring rahmat lan kanugrahan, saengga panyerat saged mungkasi skripsi punika kanthi sae. Ancas
panyerat
laporan
panaliten
punika
kangge
ngandharaken
babagan analisis iklan komersil basa Jawi wonten RRI Semarang Warsa 2010, skripsi punika kangge njangkepi salah satunggaling syarat mungkasi program sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, Institut Keguruan dan
Ilmu Pendidikan PGRI Semarang.
Skripsi punika kadhapuk awit saking pambiyantunipun sedaya pihak ing kalodhangan punika kula kapareng ngaturaken agunging panuwun, ingkang tanpa upami kaaturaken wonten ngarsanipun ingkang kinurmatan. 1. Ibu Dra. H.R Utami, M.Hum minangka Kaprodi Bahasa lan Sastra Jawa,Ugi pembimbing I ingkang sampun kersa paring ijin panyeratan skripsi. 2. Bp. Totok Yasmiran.S.S. minangka pembimbing II, ingkang sampun kersa paring piteda saha bimbingan pramila skripsi punika saged karampungaken. 3. Bpak saha ibu kula ingkang tansah kula tresani lan tansah menehi doa ingkang tulus. 4. Kanca- kanca Mahasiswa
Mahasiswa
Program
IKIP
Studi bahasa
PGRI Semarang
mliginipun
Jawa, inkang sampun paring
panjurung ngantos skripsi punika karampungaken. 5. Sedaya pihak ingkang sampun mbiyantu panyerat nalika ndamel skripsi punika, ingkang boten saged kasebataken setunggal mbaka setunggal. 6. Anca-kanca kelas Dhe ingkang tansah kula tresnani
vii
Wusana panyerat mangertosi bilih surasa ing skripsi punika taksih kathah kekiranganipun. Panyerat ngajeng- ngajeng panyaruwenipun kangge sampurnaning skripsi punika lan supados dados perkawis ingkang saged wonten mupangatipun kangge panyerat lan sedaya ingkang maos skripsi punika.
Semarang,
Panyerat
viii
Juni 2010
DAFTAR ISI
IRAH-IRAHAN .............................................................................................
i
ABTRAKSI....................................................................................................
ii
SARIPATHI...................................................................................................
iii
PASARUJUKAN...........................................................................................
iv
PENGESAHAN ............................................................................................
v
SESANTI LAN PISUNGSUNG....................................................................
vi
ATUR CECELA ............................................................................................
vii
DAFTAR ISI..................................................................................................
ix
BAB I PURWAKA ........................................................................................
1
A. Landhesan Pamilihing Irah- irahan ...............................................
1
B. Momotaning Prekawis ...................................................................
3
C. Ancas ing Panaliten .......................................................................
4
D. Mupangating Panaliten..................................................................
4
E. Panegesing Tembung.....................................................................
4
F. Tatarakiting Panyeratan .................................................................
6
BAB II LANDHESAN TEORI......................................................................
8
A. Pragmatik.......................................................................................
8
B. Tindak Tutur ..................................................................................
14
C. Iklan ..............................................................................................
16
D. Tindak Tutur Selebeting Iklan.......................................................
19
E. Radio .............................................................................................
20
F. Jinis-jinis Tindak Tutur .................................................................
21
G. Basa ..............................................................................................
21
H. Ragam Basa ...................................................................................
22
I. Iklan Komersial .............................................................................
22
BAB III METODHE PANALITEN...............................................................
24
1. Pendhekatan Panaliten...................................................................
25
2. Sasaran Panaliten...........................................................................
25
3. Objek Panaliten .............................................................................
25
4. Sumber Dhata .................................................................................
26
ix
5. Teknik Pengempuling Data ...........................................................
26
6. Teknik Analisa Data.......................................................................
26
BAB IV ANALISIS IKLAN KOMERSIAL BASA JAWA ING RRI SEMARANG WARSA 2010 ........................................................
28
A. Tindak Tutur Iklan Komersial Basa Jawi ing RRI Pro 2 FM Semarang ................................................................................
28
1. Srongpas kapsul ...............................................................
28
2. Piring Lombok ................................................................
28
3. Strongpas Kapsul vs Nyalip ............................................
29
4. Bodrek Flu Batuk ............................................................
30
5. Procol ..............................................................................
30
6. The Ratu ..........................................................................
31
7. Konidin ............................................................................
31
8. Teh Gopek .......................................................................
31
9. Vitamin IPI ......................................................................
32
10. Suzuki Spin ...................................................................
33
11. Marina ...........................................................................
33
12. Biocel ...........................................................................
33
B. Tindak Tutur Iklan Komersial Ingkang Ngandut Implikatur Pacelathon Ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM ..
34
1. Direktif ............................................................................
34
2. Deklaratif .........................................................................
40
C. Faktor Ingkang Ndadosaken Penganggining Implikatur ing Salebeting Basa Iklan Produk ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM .....................................................................
43
D. Faktor Efektivitas Produk ......................................................
45
BAB V PANUTUP ........................................................................................
48
A.Dudutan ...................................................................................
48
B. Pamrayogi...............................................................................
49
DAFTAR PUSTAKA LAMPIRAN
x
BAB I PURWAKA
A. Landhesan Pamilihing Irah-Irahan Basa minangka sarana ingkang wigati lan utami ing pagesangan amargi boten gampil kita pahami tegesipun lan maksud saking pratelanipun tiyang sanes, mila satunggaling prabedan baku, pepenginganing basa menika kedah jumbuh sedaya aspek bidang pagesangan kaliyan sedaya babagan ingkang menghayati, mengagumi, lan ngraosaken lan pemikiran kaliyan tiyang saged mengertosi tiyang sanes menawi sampun nelakaken mawi basa, punapa punika lisan utawi seratan. Basa inggih punika system symbol ungel utawi wicara minangka piranti segolonganing manusia kangge nelakaken raos lan pikir (Wibowo, 2000:3) Awit saking pikajengan murih lumampahing sesambetan kaliyan tiyang sanes, menika ingkang njalari basa boten saged dipunpisahaken ing pagesanganipun manungsa. Kanthi mekaten manungsa boten saged uwal saking basa, amargi wigati fungsi ing salebeting pagesangan katingal saking media utawi sarana ingkang dipunginakaken
kangge ngasilaken basa.
Ngginakaken basa saged salebeting kalih werni ragam basa inggih punika ragam basa lisan lan basa seratan. Jinis basa lisan inggih punika basa ingkang ngasilaken pretelan ingkang dipun lafalaken kanthi piranti ucap (organ of speech) minangka unsur kangge unsur dasar. Ugi jinis basa seratan inggih
1
2
punika basa ingkang ngasilaken manfaat seratan ugi aksara kangge unsur dasar (Sugono, 2002:114). Kangge piranti komunikasi, basa kedhah saged ngewrat pengraos lan pikiring panutur, kaliyan saged mujudaken wontenipun pangertosan antawis panutur utawi panyerat kaliyan pamireng utawi pamaos, Manungsa saged sesambetan sae ing salah satunggaling basa, menawi tiyang kasebat nguwaosi sistem basa menika. Sampurna utawi mboten, basa ingkang dipun ginakaken kangge piranti komunikasi umum, kedah dipun tamtokaken kanthi sampurnaning sistem utawi pranatan basa saking bebrayan (Santoso, 1990:1). Salah
satunggaling
kadadosan
kebahasaan
ingkang
asring
kita
mirengaken inggih punika iklan wonten ing radio. Iklan ing radio nggadhahi ancas informasi. Sistem giyaran, ing radio benten kaliyan sistem giyaran wonten ing TV, amargi ing radio namung suwanten, boten gambar ingkang saged ningali pundi kemawon.
Babagan menika giyaran iklan mboten
namung gegayutan kaliyan pemberian informasi,sahingga kedah dipun damel kados mekaten arupi kekhasan lan persuasive, Faktor sosial ingkang katingal saking perangan iklan makili para penyiar RRI Semarang. Profesi penyiar kedah kangge saged nguwaosi multi bahasa ingkang sae kanthi pasif lan aktif. Pramila mekaten, penyiar kedah nggadhahi dwibahasawan, amargi bebrayan pamireng RRI Semarang kathah ingkang ngginakaken basa Jawi, mila babagan cultural dados tetimbangan menawi damel iklan, sahingga wonten salah satunggaling ingkang rumaos langkung jumbuh. Kangge nelakaken perkawis ing salebeting iklan ing RRI Semarang
3
gadhahi faktor situasional, iklan menika ngandharaken pamireng radio kaliyan sasaran inggih punika para iklan dadosaken iklan kasebat sae amargi dhasaripun bebrayan pamireng radio kasebat ugi ginakaken basa Jawi kangge komunikikasi saben dinten. Faktor sosiokultural lan situasional kasebat tumrap pengiklan kangge ginakaken informasi, kadosta wonten ing pemisahan tembung ingkang jumbuh kaliyan kaidah gramatikal. Pragmatik wiwitanipun dipunginakaken dening filosof kawentar Morris ( 1938). Miturut Morris ing salebeting Rustono ( 1999 : 4) menawi istilah pragmatik menika kalebet ilmu semiotik. Morris merang cabang ilmu semiotik dados tiga konsep dasar, inggih punika Sintaksis, Smantik, lan Pragmatik. Simantik nyinaoni gegeyutan formal antawis tanda, Semantik nyinaoni gegayutan antawis tanda lan objek. Prakmatik naliti gegayutan antawis tanda lan penafsiran.
B. Momotaning Perkawis Saking landhesan pamilihing irah-irahan, mila saged dipunrakit momotan perkawisipun paneliten inggih punika kados pundi tindak tutur
iklan
komersial basa Jawi wonten ing RRI Semarang. 1. Kados menapa ingkang dipun wastani tindak tutur iklan komersial basa Jawi ing RRI Semarang? 2. Punapa ingkang Semarang?
saged katitik saking basa iklan komersial ing RRI
4
C. Ancasing Panaliten Ancasipun panaliten inggih punika saged ngandharaken lan mangertosi tindak tutur iklan komersil basa Jawi ing RRI Semarang.
D. Mupangating Panaliten Mupangating panaliten saged maringi tambahan teoritis punapadene praktis. 1. Mupangat Teoretis Mewahi kawruh lan babagan iklan komersial wonten ing RRI semarang, mila paneliti ngadhahi kekarepan mangertosi wawasan lan pangertosan ingkang langkung kangge pamaos perkawis kode etik iklan ingkang saged dipun tampi tuwin saged urun kangge pangrembanganing linguistik mliginipun perkawis tindak tutur. 2. Mupangat Praktis Kangge mewuhi khasanah wujud iklan komersial abasa jawa. saha kangge pamaos perkawis seluk beluk campur kode salebeting iklan komersial wonten ing RRI Semarang.
E. Panandhesing Tembung Supados pamaos saged mangertosi kanthi cetha lan boten kedadosan pangertosan ingkang benten saking irah-irahan skripsi punika, lajang badhe dipunjlentrehaken pangertosan ingkang gegayutan kaliyan irah-irahan skripsi, inggih punika :
5
a. Iklan Ingkang dipunwastani iklan inggih punika sedaya sarana komunikasi ingkang ngginakaken lan nyebar luasaken pesen-pesen iklan. Kaliyan prinsip jenisipun media iklan ing salebeting wujud fisik kaperang dados kalih katagori inggih punika media iklan cetak lan media iklan elektronik. Media cetak inggih punika media statis lan pesen visual ingkang ngasilaken saking proses percetaan. Media cetak inggih punika salah satunggiling dokumen
sedaya babagan perkawis rekaman kedadosan
ingkang ngewahi tembung, gambar foto lan kangge tuladha layang pawartos, majalah tabloid, brosur, pamflet, poster. Media elektronik inggih punika media ingkang proses kerjanipun adhedhasar prinsip elektronik lan elektromagnetis. Tuladhanipun televisi, radio, internet. Media punika wonten kategori kalih inggih punika media luar ruangan (papan iklan utawi billboard). Iklan inggih punika wujud komunikasi ingkang dipun kajengaken kangge paring panjurung pumrap tiyang ingkang badhe tumbas lan nawakaken
satunggaling produk utawi jasa, kangge merbawanitiyang
kahah, mimpangaken panyengkuyunging bebrayan kangge mikir utawi tumindak, jumbuh kaliyan pepinginanipun tiyang ingkang masang iklan (Pattis,1993:3).
b. Basa Chear ( 2004:1) mretelakaken bilih basa mujudaken piranti kangge komunikasi lan piranti interaksi ingkang namung dipungadhahi manungsa,
6
mila punika, saged dipun pretelakaken bilih titah ingkang gesang sanesipun boten gadhahi basa kangge piranti komunikasinipun.
c. Iklan Komersial Iklan komersial inggih punika iklan ingkang ngadhahi ancas paring bebatehen, iklan komersial limprahipun ngginakaken basa persuasif, supados bebrayan ketarik lan keprebawan dening iklan ingkang dipun pitontonaken
utawi
dipun
mirengaken.
Pemasang
iklan
gadhahi
pikajenaken barang utawi jasa ingkang dipun tawekaken kedah dipun tumbas utawi dipun manfaataken dening bebrayan, sahingga pemasang iklan angsal asil utawi bebathen.
F. Tatarakiting Paneliten Tatarakiting panyeratan skripsi punika kaperang dados tiga, inggih punika perangan wiwitan, perangan isi lan perangan pungkasan. Perangan wiwitan ngewrat babagan irah-irahan, kaca pasarujukan, wonten ing Bab I landhesan anggenipun milih irah-irahan, kalajengaken momotaning
prekawis,
ancasing
panaliten,
mupangating
panaliten,
panandhesing tembung lan tatarakiting panyerating skripsi. Bab I purwaka ngantos pawadan pamilihing irah-irahan, kalajengaken momotan prekawis, ancas panaliten, mupangat panaliten, panandhesing tembung. Kawruh ingkang dipunanut dening panaliti kangge mbedhah momotan. Pramila wonten ing Bab II badhe kababaraken teori ingkang
7
nyakup tindak tutur salebeting iklan komersial basa Jawi ing Radio Republik Indonesia (RRI) Semarang. Kados pundi anggenipun badhe nglampahi panaliten, punapa kemawon racikanipun ingkang badhe kaandharaken ing Bab III, inggih punika methodologi panaliten. Andharanipun nyakup metode panaliten, pendekatan paneliten,sasaran paneliten,objek paneliten,sumber data, teknik pangempalan data,lan analisis data. Asil panaliten inggih punika kababaraken ing Bab IV, inggih punika kanthi nyakup analisis tindak tutur salebeting iklan komersial basa jawi ing Radio Republik Indonesia (RRI) Semarang. Bab V Panutup minangka purnaning panaliten ingkang andharan nyakup dudutan, pamrayogi lan kapustakan saking panaliten punika. Perangan pungkasan ngemot babagan kapustakan lan lampiran-lampiran.
BAB II LANDHESAN TEORI
A. Pragmatik Pragmatik inggih punika linguistik sesambetan antawis bahasa lan konteks. Istilah Pragmatik awalipun diginakaken kangge filosof kenamaan Endaswara (2008: 116) menawi istilah pragmatik menika berwawasan bilih karya sastra kangge produk ingkang nawekaken paninggalan,panyarwe kekarepan lan langkah- langkah kangge mencapai bebrayan ingkang sae. Miturut Nurgiyantoro (2009: 312) pragmatik asring dipun sebat sebage factor penentu ingkang justru luwih namtokaken wujud pacelathon. Faktorfaktor
menika
antawisipun
wujudipun
situasi
pacelathon
ingkang
kalampahan,tiyang-tiyang ingkang terlibat perkawis punika ingkang dipun rembag,papan panggenan pacelathon lan sakpanunggalipun. Morris ( 1938). Miturut Morris ing salebeting Rustono ( 1999 : 4) menawi istilah pragmatik menika kalebet ilmu semiotik. Morris bagi cabang ilmu semiotik
dados tiga konsep dasar, inggih punika Sintaksis, Smantik, lan
Pragmati. Simantik nyinaoni gegeyutan formal antawis tandha, Semantik nyinaoni gegayutan antawis tanda lan objek, Prakmatik mengkaji gegayutan antawis tanda lan penafsiran. Levinson ing salebeting Tarigan ( 1990: 33) neranggaken pragmatik inggih punika telaah mengeti relasi antawis basa lan konteks ingkang dasar kangge salah satunggaling cathetan utawi laporan pemahaman basa, menawi telaah ngenggingi kajagedan
pangangening 8
basa nggayutaken kanthi
9
nyelarasaken ukara-ukara
lan konteks-konteks kedah jumbuh lan leres.
Kajian ingkang wigati ing salebeting pragmatik inggih punika tindak tutur. Perkawis punika sami kaliyan pemanggihing Rustono (1999-31-32) tindak tutur utawi ungel mujudaken entitas ingkang sifatipun sentral ing salebeting prakmatik. Parker (1986)
nggadhahi wawasan bilih pragmatik inggih punika
kajian ngengingi kadospundi basa dipun ginakaken kangge komunikasi. Teori prakmatik sampun kathah dipun ginakaken dening para ahli basa kangge naliti perkawis konteks, mila jumbuh kaliyan tema ingkang dipun pendhet ing peniliten punika ,inggih punika ngengingi prakmatik mliginipun tindak tutur iklan komersial. Mey ( 1993 : 5 ) bilih pragmatik inggih punika ilmu ingkang nyinaoni basa ing salebeting gegayutan kaliyan penutur langkung jelas batesan bidang punika, ugi menehi pangertosan bilih pragmatik nyinaoni basa kangge pagesangan bebrayan kangge kebetahan lan kemampuanipun, pragmatik boten saget uwal saking penganggining basa ing salebing pagesangan bebrayan saben dinten. Basa lan pengangginipun dadosaken ciri utami telaah pragmatik. Miturut Leech ing salebeting Rustono ( 1999 :1 ) Prakmatik inggih punika studi gegeyutan kaliyan makna ujaran ing salebeting situasi-situasi tartamtu babagan makna ing salebeting lingkunganipun kangge situasi ujar. Miturut Gumawarman ing Rustono ( 1999 :2 ) Pragmatik anyakup 4 pangertosan, ingkang (1) Pragmatik inggih punika kajian ingkang sesambetan antawis tanda ( lambang) lan penafsiran, (2) Pragmatik inggih punika kajian
10
gegayutan hubungan kaliyan basa lan konteks,(3) Pragmatik inggih punika kajian ingkang gegayutan ing salebeting basa lan konteks ingkang dados dhasar saking pangertosan babagan pemahaman basa, (4) Pragmatik inggih punika kajian ingkang gegayutan kesagedan ngginakaken basa kangge jumbuhaken ukara kaliyan konteks sahingga ukarapunika leres dipun ucapaken utawi dipunlafalaken. Saking pemanggih ing nginggil punika saged kadudut bilih Pragmatik inggih punika ilmu basa ingkang nyinaoni kagunaanipun basa utawi ujaran iklan kosmetik ,iklan obat, iklan minuman, lan sapanunggalipun. Gegayutan kaliyan paneliten punika, panelitn nganalisis salah satunggaling jinis iklan inggh punika iklan komersial. Menawi iklan layanan masyarakat iklan nonkomersial inggih punika iklan ingkang boten madosi bebathen tumrap pemasang iklan, Ingkang gadhahi ancas inggih punika nyukani informasi, panerangan, pendidikan, kangge bebrayan ing salebeting lelados lan nggadhahi sifat mbujuk dhumateng bebrayan kangge ndherek berpartisipasi tumprap iklan ingkang dipun andharaken. Miturut Kasali ( 1993: 123 ) mila media penyampaian lan ancasipun, saged dipun kajlentrehaken kados ing ngandhap menika. a. Iklan Adhedhasar Media Penyampaian 1) Iklan audio Iklan ingkang lumantar media audio inggih punika iklan ingkang sifatipun auditif, tuladhdanipun iklan ing salebeting radio. Radio
11
nggadhahi jangkauan selektif dhumateng segmen pasar tartamtu. Ing salebeting bebrayan agraris, ingkang nggadhahi jangkauan ingkang wiyar, radio saged mangsuli kebetahan bebrayan lumantar iklan. Kangge media komunikasi,radio ngadhahi pinten-pinten kakiyatan antawisipun (1) njangkau khalayak ing wekdal ingkang sami, (2) terpencil,(3) langkung
rikat
anggenipun
ndumugekaken
pesen
sahingga nyukani informasi ingkang mutakhir, (4) saged ngawekani pepalang geografis, ingkang dereng dipun gadhahi bebrayan ( Kasali, 1993 :123 ) Iklan ing Radio ngalami kamajengan ingkang sae, amargi radio salah satunggaling piranti komunikasi ingkang langkung kathah dipun gadhahi tiyang, tiyang nganggep bilih iklan langkung kathah dipun mirengaken dening
para konsumen. Kemajengan iklan ing radio
menika njalari saben acara mesthi dipun selingi iklan 2) Iklan Visual Iklan Visual inggih punika iklan ingkang saged dipun tinggali lumantar paningal. Tuladhanipun inggih punika iklan ingkang dipun tayangaken ing televisi utawi ingkang wonten ing media cetak ingkang saged dipuntinggali lan dipun waos, mila iklan visual punika bilih saged dipun wicantenaken ing tabloid, kalawarti lan ariwarti. 3) Iklan Audio Visual Iklan Audio Visual inggih punika iklan ingkang dipun pitontonaken ing televisi lan bioskop. Iklan jinis punika langkung sae
12
lan narik kawigatosan
amergi anggenipun mitentremake
sae lan
gesang. Iklan menika dados gesang amergi dipunsarengi kaliyan swanten lan gambar, sahengga cetha dipun tinggali. Iklan ing televisi swasta mujudaken sunber wragad baku, bilih mekaten televisi swasta asring mitontonaken iklan ing setiap adicaranipun, anangging kathah ugi iklan ingkang kirang
ndidhik
bebrayan amergi merbawani bebrayan nggadhahi penggalih konsumtif. 4) Iklan Media Cetak Ingkang dipunwastani medi cetak inggih punika media massa, tuladhanipun media cetak ingkang mligi dipunterbitaken dening humas perusahaan, Iklan ing salebeting media cetak pemasangganipun kedhah dipun jumbuhaken kaliyan ruang ingkang dipun sedhiyakaken ing salebeting media cetak kasebat,ing media cetak penempatanipun iklan dipun terapaken ing 7 faktor inggih punka: a) Milimeter perkolom b) Larik c) Kacanipun d) Werna utawi petahak cemenggipun e) Display utawi Biyasa f) Bisnis utwi keluarga g) Iklan layanan masyarakat b. Iklan Adhedhasar ancasipun Iklan menika dipun bentenaken dados iklan ingkng sipatipun komersial utawi iklan non komersial ( Liliweri, 1992: 44).
13
1) Iklan Komersial Iklan komersial inggih punika iklan ingkang gadhahi ancas supados angsal bebathen. Iklan komersial limprahipun ginakaken basa persuasive supados bebrayan kapilut lan kaprebawan kaliyan iklan ingkang dipun tayangaken. 2) Ikalan non komersial Iklan non komersial inggih punika iklan ingkang gadhahi ancas boten kangge madosi bebathen Iklan non komersial punika saged dipunsebat iklan layanan masyarakat. Kados iklan pendidikan, iklan kesehatan, ikalan lingkungan, polotik pemerintahan, penghematan listrik, KB Mandiri, lan Sosial. Ing salebeting iklan umum lan kangge iklan mini, inggih punika iklan ingkang limrahipun nggadhahi judul “ pangertosan”. 3. Ikalan Adhedhasar Media Ingkang DipunGinakaken Media inggih punika wujud komunikasi ingkang dipun ginakaken kangge nyampekaken pesen sponsor utawi iklan ( Pattis, 1993 : 19 ). Iklan menika miturut Pettis dipun pontho dados kalih, inggih punika iklan ingkang ginakaken media cetak lan iklan ingkang ginakaken media elektronik. Iklan ingkang ginakaken media cetak ginakaken asas penyewaan “Ruang” kangge nyaluraken pesen produkipun, media cetak ingkang limprahipun ginakaken kangge sarana penyampaian iklan, inggih punika kalawarti, majalah, iklan luar (Outdoor advertising).
14
B. Tindak Tutur Penutur bahasa Jawi kedah tiyang Jawi ingkang tegesipun sak saenipun para penutur basa Jawi inggih punika suku bangsa ingkang wonten ing Indonesia ing nyatoaken kaliyan semangat “nation state” salah satunggaling gambaran imajinatif ngagem basa Indonesia, tiyang sunda wicanten ngagem basa Indonesia, tiyang Madura wicanten ngagem basa Indonesia, basa Melayu kangge lingual franca lan semangat nasionalisme ngadhepi
Endarswara
(2008: 116) Tindak tutur inggih punika samukawis ingkang nyata dipun lampahi nalika tiyang wicanten runtut ingkang saged mertelakake kangge ngusung fungsi tertamtu (Seaarle, 1969; Edmonson. 1981) tindak damel tuturan kangge pamireng utawi pamaos ing salebeting konteks tertamtu (Allan, 1998; Austin 1975: 109). Tindak tutur menika dipun bentenaken dados tiga inggih punika tindak lokusi,ilokusi lan per lokusi. Tindak tutur lokusi inggih punika tindak tutur ingkang mratelakake ing salebeting ujaran, tindak tutur perlokusi arupi tindak tutur ingkang ngasilaken kajian menika fokus kaliyan tindak ilokusi pemanggihipun (Searle, 1979) ingkang momot gangsal werni inggih punika tindak asertif, merektif, ekspresif, lan deklaratif (Allan, 1998) saben tindak ilokusi luwih selang satunggal daya ilokusi basa Indonesia ing salebeting tata kebudayaan Indonesia, inggih punika sumber satunggaling wawasan ingkang dadosaken tiyang nampi gejala ontologis bebrayan penutur nampi kesadaran berbahasa nasional dipun lampahi kanthi sadar ing katentuan lan
15
kebermaknaan (kosmologis), kanthi menika minangka ing salebeting pasinaon basa Jawi kaliyan realitas (system of reality lan sistim makna system of meaning). Kalih sistem menika ingkang saged ngrujuk ing pemahaman pendekatan kita bahasa Jawa wakdal menika sampun arupi agen perubah social dados perubahan cara kerja (Tuladhanipun saking pertanian dhateng industri, ngewahi caranipun gesang piyambakipun). Tindak tutur saged kapendhet dudutanipun ingggih punika wicanten kaliyan tiyang sanes, tuladhanipun sami-sami siswa lingkungan bahasa Jawi tamtunipun otomatis ginakaken bahasa Jawi, amargi njumbuhaken kaliyan lingkungan, minimal saking tigang stratifikasi basa inggih punika basa ngoko, basa krama, lan karma inggil kaliyan staf kasebat boten saged timbul alih kode lan campur kode salebeting proses pitutur ing salebeting basa jawi. Tindak tutur ngrupakaken dasar kangge analisis topik-topik prakmatik sanes, kayata peranggapan,perikutan, implikatur pacelaton, prinsip-prinsip kerjasama, prinsip kesantunan lan sakpiturutipun.( Rustana,1999 :3). Tindak tutur utawi ujar ugi dipun defisinikan miturut fungsi psikologi lan sosial ing sak jabanipun wacana ingkang kadadosan, tindak tutur punika nyakup (1) ekspresi situasi psikologi ( tuladhanipun : ngucapaken matur nuwun, nyuwun pangapunten) lan tindak sosial kadosta ngarui prilaku tiyang sanes( tuladhanipun ngemotaken, mrentah ), utawi damel kontrak ( kayata: janji, nyukani asma) ( Ibrahim, 1993:109). Gegeyutan teori-teori ingkang dipun andharaken kaliyan para ahli , saged dipun simpulaken bilih tindak tutur ing salebeting panelitian inggih punika
16
tuturan ingkang dhuweni ancas menehi informasi, arupi gagasan, ide/pendapat kangge nyiptakaken salah satunggaling kesepakatan ing salebeting bertutur kangge nyapai ancas sesarengan antawis penutur lan mitra tutur.
C. Iklan Ingkang dipun wastani iklan inggih punika sedaya sarana komunikasi ingkang ginakaken lan nyebar luasaken pesen-pesen iklan. Kaliyan prinsip jenisipun media iklan ing salebeting bentuk fisik di poro mlebu kalih katagori inggih punika media iklan cetak lan media iklan elektronik, media cetak inggih punika media statis lan pesen visual ingkang ngasilaken saking proses perceta, media cetak inggih punika salah satunggiling dokumen nginggil sedaya babagan perkawis rekaman kedadosan ingkang ngewahi tembung, gambar foto lan kangge tuladha layang pawartos, majalah tabloid, brosur, pamflet, poster. media elektronik inggih punika media ingkang proses kerjanipun adhedhasar prinsip elektronik lan elektromagnetis. Tuladhanipun televisi, radio, internet. Media punika wonten kategori kalih inggih punika media luar ruangan (papan iklan utawi billboard). Dharmanesta lan Irawan (2001:349) Iklan inggih punika arus informasi utawi persuasi salah satunggaling arah ingkang di ginakaken kangge ngajak tiyang utawi organisasi kangge mujudaken pertukaran ing salebeting pemasaran. Ancasipun ingkang utami iklan inggih punika menei informasi, kaprebawan lan mbujuk pelanggan sasaran perkawis pemasaran lan bauran pemasaran. Ugi migatosaken persiapan utawi sarana iklan supados menapa
17
ingkang dipun karepaken perusahaan saged jumbuh kaliyan sasaranipun lan efisien. Teori komunikasi kasebat dados landhesan amrih kasiling strategi iklan ingkang dipunlampahi industri punapa kemawon, teori punika gamblang sinten ingkang ngirim pesen kanthi cara menapa lan kangge sinten iklan punika, kadospundi kasilipun komunikator inggih punika perusahaan eceran ingkang ngirim pesen ingkang piyambaipun kepengin badhhe nampi konsumen sasaran ingkang sae, pesen ingkang ngajeng-ajeng nampi konsumen saged arupi sekedar program iklan ingkang langsung saking periode tertamtu kanthi hadiah tertamtu utawi arupi pesen ingkang langkung alus. Media ingkang dados target inggih punika konsumen ingkang dados sasaran program pemasaran saking perusahaan menika, umpan balik inggih punika respon saking konsumen kaliyan pesen ingkang nawekaken. Kejawi menika, iklan ugi saged dikagolongaken saking bauran promosi inggih punika saking pemasaran. Miturut
Suprayoga (2006: 18) periklanan boten gegayutan kaliyan
pangertosan informasi. Periklanan kedhah kadamel sae supados narik minat bebrayan, orisional, ugi gadhahi karakteristik tartamtu lan persuasif sahingga konsumen utawi bebrayan secara sukarela dhuweni pikajengan kangge nglampahi salah satunggaling tindakan jumbuh kaliyan punapa ingkang dipun pikajengaken. American Marketing Association, (2001:199) Iklan inggih punika perangan saking promosi asalipun tembung iklan saking basa latin inggih
18
punika adverte (advertising) inggih punika to run toward. Sasaran promosi saged dipun tindaaken saking pembelian. Promosi mboten kemawon mung diasmani produsen lan konsumen ananging kosok wangsulipun lewat media kadosta media massa (Koran, majalah, radio lan televise). Iklan inggih punika saben wujud komunikasi ingkang dipun maksudaken kangge menehi motivasi tiyang
pembeli potensial lan mempromosikan
penjual salah satunggaling produk utawi jasa, kangge menehi pengaruh kangge publik lan memenangkan dukungan publik kangge berfikir utawi bertindak
sesuai
kaliyan
kekerepan
tiyang
ingkang
masang
iklan
(Pattis,1993:1). Iklan inggih punika salah satunggaling proses komunikasi ingkang isinipun pesen-pesen penawaran produk lan jasa ingkang dipun sampekaken produsen lewat media tartamtu ing wujud informasi ingkang persuasive (Liliveri, 1992:20). Ing salebeting Kamus Besar Bahasa Indonesia ( 1993: 322), Iklan gadhahi 2 werni pangertosan inggihpunika: a) Berita Pesanan ( kangge dorong membujuk) kaliyan khalayak perkawis benda lan jasa ingkang dipun tawaraken. b) Pangertosan kaliyan khalayak perkawis barang utawi jasa ingkang dipun sade. Dipun pasan wonten ing media masa ( kadosta kalawarti lan majalah) lan media elektronik. Gegayutan
pangertosan
punika kasimpulaken dene iklan salah
satunggaling sarana ingkang mpromosikaken kangge tiyang, perusahaan,
19
kelompok, utawi lembaga pemerintahan kangge nyampekaken pesen-pesen ingkang gadhahi sifat persuasif kangge bebrayan lan gadhahi ancas madosi keuntungan lan ginakaken media masa kadosta televisi, radio,Koran lan majalah. Iklan inggih punika saking bahasa arab I’lan ingkang tegesipun menginformasikan. Iklan inggih punika salah satunggaling wujud komunikasi ingkng dumados saking informasi lan gagasan perkawis salah satunggaling produk kanthi sesarengan supados angsal tanggapan ingkang sae ( Sudiana, 1986:1) Iklan miturut bahasa Inggris inggih punika Advertisment arupi wujud komunikasi massa komersial ingkang
karancang kangge mromosekaken
barang utawi jasa utawi pesen saking salah satunggaling lembaga, organisasi, ugi saged saking tiyang kandidat ing salebeting kampanye politik, menawi periklanan ing salebeting basa inggris inggih punika tiyang pemasang iklan (pengiklan ) ingkang bayar jasa ing salah satunggaling media massa utawi penyiar iklanipun ( Suhandang, 2005 :13). Periklanan miturut Kamus Istilah Periklanan Indonesia inggih punika Pesen ingkang dipun bayar lan gadhahi ancas mbujuk konsumen kangge nglampahi tumbas ing barang utawi jasa punika ( Naradi,1996:4).
D. Tindak Tutur Salebeting Iklan Tindak tutur inggih punika perkawis ingkang kanthi nyata dipunlampahi nalika tiyang wicanten urut ingkang saged mratelakaken kangge ngusung fungsi tertamtu (Seaarle, 1969; Edmonson. 1981) tindak damel tuturan kangge
20
pamireng utawi pemaos ing salebeting konteks tertamtu (allan, 1998; Austin 1975: 109). Dharmanesta lan Irawan (2001:349) Iklan inggih punika arus informasi utawi persuasi salah satunggaling arah ingkang di ginakaken kangge paring ajakan dhumateng tiyang utawi organisasi kangge ciptakaken pertukaran ingsalebeting
pemasaran. Ancasipun ingkang utami iklan inggih punika
paring informasi, menei merbawani lan mbujuk sarta ningkataken pelanggan sasaran perkawis pemasaran lan bauran pemasaran. Ugi migatosaken persiapan utawi sarana iklan supados menapa ingkang dipun kajengaken perusahaan saged jumbuh kaliyan sasaranipun lan efisien. Tindak tutur ing salebeting iklan inggih punika salah satunggaling cara wicanten ingkang dipunpitontonaken secara tartamtu lan menarik, dipun ginakaken kangge nepangaken salah satunggaling ingkang sipatipun nyade salah satunggaling barang utawi jasa , barang kasebat dipun karepaken saged dipun tepangaken sacara jumbuh lan detail, kaliyan pemireng utawi pemirsa. Bilih iklan menika sipatipun wiyar nanging iklan komersial ingkang dipun rembag inggih punika nyade barang utawi jasa lewat media elektrnik (radio ).
E. Radio Moelion ( 1995: 808) negesaken bilih radio punika giaran suwanten utawi bunyi lewat udara. Radio inggih punika media masa ingkang paling ageng antawesipun media sanes. Bilih sipatipun tasih lokal, kathah kalangan saking kinten-kinten daerah, lan paling kathah ingkang ngremeni wonten media elektronoik sanes.
21
Radio ingkang sepindah ing Indonesia, ( Wekdal punika naminipun Nederline indie – Hindia Belanda), wonten ing Batavia ( Jakarta wekdal kepengker) Zaman orde baru nganthi warsa 1966 RRI inggih punika satunggaling radio giyaran ing Indonesia ingkang dipun remeni dening pemerintah, peran fungsi radio dipun gatosaken dening pemerintah Indonesia, miturut kaum awam radio punika saran informasi ingkang gadhai fungsi ingkang kathah kangge bebrayan kangge menei informasi.
F. Jinis- jinis tindak tutur Mojaraken
salah satunggaling tembung saged
katingal kangge
nglaksanakaken tindakan ngucapaken utawi mojaraken tuturan kasebat (Gunarwan, 1994:43), gegayutan kaliyan ujaran, jenis tindak tutur ingkang dipun agem wonten ing paneliten menika teori ingkang dipun agem Austin lan Searle, Austin ( dalam leech terjemahan Oka,1993: 316) nyimpulaken 3 werni tindak tutur inggih punika :Tindak tutur lokusi, tindak tutur ilokusi lan tindak tutur perlokusi.
G. Basa Chear ( 2004:1) mretelakaken bilih basa mujudaken piranti kangge komunikasi lan piranti interaksi ingkang namung dipun ghadhahi manungsaa, mila punika, saged dipun pretelakaken bilih makhluk ingkang gesang sanesipun boten nggadhahi basa kangge piranti komunikasinipun.
22
Sumarsono ( 2007:18) mretelakaken bilih basa mujudaken system utawi lambang ingkang arupi bunyi ingkang ghadhahi sipat sewenang-wenang ( arbitr ) ingkang dipun ginakaken dening angota-angota bebrayan
kangge
ngawontenaken interaksi wonten bebrayan ageng. Wosipun ingkang dipun sampekake Sumarsono langkung gamblangaken sesrawungan manungsa dhateng manungsa sanesipun.
H. Ragam Basa Hudson ( 1980:4) Mretelaken salah satunggaling wujud saking ragam basa ingkang dipun ginakaken wekdal punika, bilih Suwito ( 1985:25) mretelaken regester inggih punika variasi
basa ingkang dipun sebabaken
amergi sifat-sifatipun khas kebutuhan ingkang dipun ginakaken . Holliday ( ing Pujo Sudarmo, 1984: 30) mretelakaken wonten 3 jenis ingkang saged dipun tamtoaken register inggih punika pemicara ( Field of discourse), media pemicara (mode of discourse),lan gaya pemicara ( Style discourse).
I. Iklan Komersial Iklan komersial inggih punika iklan ingkang gadhahi ancas menei keuntungan, iklan komersial biysanipun ginakaken basa persuasif, kedah bebrayan tertarik lan terpengaruh kaliyan iklan ingkang dipun tayangaken utawi dipun mirengaken. Kaliyan masang iklan pemasang iklan gadhahi kekarepan barang utawi jasa ingkang dipun tawaraken kedhah dipun tumbas
23
utawi dipun manfaataken kaliyan bebrayan, sahingga pemasang iklan angsal khasil utawi keuntungan. Iklan komersial inggih punika iklan ingkang gadhahi ancas kangge menei keuntungan. Iklan komersial limprahipun ginakaken bahasa persuasive supados bebrayan kapilut lan kaprebawan kaliyan iklan ingkang dipun pitontonaken. Iklan komersial punika iklan ingkang ngandharaken jinis produk ingkang ancasipun milut pamireng supados pamireng punika kapilut, lan tumbas produk punika, amergi iklan komersial punika gadhahi ancas nyade barang utawi jasa ingkang sekathah- kathahipun.
BAB III METODE PANELITEN
Wonten ing panaliten punika metode ingkang dipunginakaken inggih punika eksperimen ingkang dipun fokusaken tindak tutur iklan komersil ing RRI Semarang. Amargi dipun ginakaken tindak tutur saking panaliten inggih punika tindak tutur ingkang medal saking perkawis iklan komersil (Ricchiute, 1992) Metode punika saged dipunginakaken kangge mangertosi tindak tutur. wonten mriki panaliti minagka eksperimen kedah ngempalaken sedaya kemampuan, pengetauhuan, lan ketrampilan nalika ngempalaken data, nyerat sedaya fenomena ingkang dipun serat. Wonten ing penelitian punika penyerat ugi ginakaken metode kualitaif, pendekatan kualitatif inggih punika pendekatan ingkang gegayutan kaliyan datadata ingkang boten arupi angka-angka ananging gegayutan kaliyan kulitas wujudipun variabl ingkang wujudipun tuturan kangge data ingkang dipun khasilaken awujut tembung-tembung ingksng kaserat utawi lesan perkawis sipatsipat individu, kadadosan, gejala, saking kelompok tartamtu ingkang dipun amati (Moleong, 1994:4). Paneliti ginakaken pendekatan kualitatif amergi data panelitian arupi wujud-wujud verbal basa, inggih punika arupi tuturan ing salebeting wacana iklan basa Jawa ing Radio Republik Indonesia utawi rekaman potongan iklan komersial warsa 2010 wonten ing Pro2 FM RRI Semarang. Pratelan jenis tindak tutur ing salebeting paneliten dasaraken jenis tindak tutur ingkang dipun andharaken Austin lan Searle. Austin ( ing Leech terjemahan
24
25
Oka, 1993:316) montho jenis tindak tutur dados tiga inggih punika jenis tindak tutur lokusi, ilokusi, lan perlukusi. 1. Pendekatan panaliten Saderengipun nindakaken analisis kedah dipun temtokaken rumiyin pendekatanipun ingkang badhe dipun ginakaken supados gampil anggenipun naliti. Gegayutan kaliyan panaliten, pramila kahanan metode dipun anggep kangge pedoman utawi landhesan ingkang sae saking babagan ngempalaken data utawi saking nglamphi analisis data sahingga saged maringi arah ingkang sae. Wontenipun variabel ingkang dipunginakaken inggih punika ukara tindak tutur saklebeting iklan komersil. 2. Sasaran panaliten Sasaran panaliten inggih punika Tindak tutur inggih punika samukawis ingkang kanthi nyata dipunlampahi nalika tiyang wicanten urut ingkang saged mratelakaken kangge ngusung fungsi tertamtu (Seaarle, 1969; Edmonson. 1981) tindak damel tuturan kangge pamireng utawi pemaos ing salebeting konteks tertamtu (allan, 1998; Austin 1975: 109). 3. Objek panaliten Objek panaliten tegesipun babagan ingkang dipundadosaen pokok andharan wonten salebeting panaliten. Pramila objek panalitenipun inggih punika tindak tutur iklan komersil basa jawi ing Pro2 FM ing RRI Semarang warsa 2010 punika.
26
4. Sumber data Sumber data wonten panaliten inggih punika kempalan iklan komersial basa Jawi 2010 Datanipun inggih punika pethikan ing salebeting kempalan iklan komersial basa jawa ing RRI Semarang. 5. Teknik pengumpulan data Teknik ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggihpunika studi pustaka, amargi panaliten punika sumber datanipun saking seratan kadosta buku, kalawarti, lan kalawarti saengga dipunwastani teknik pustaka. Teknik pustaka panaliti kanthi langsung maos wangsal-wangul ing sumber data kangge maringi pangertosan babagan objek saengga pikantuk data-data ingkang akurat lan trep mahami tindak turur iklan komersial basa Jawi, lajeng sesampunipun
dipunkelompokaken
pethikan
ingkang
kakaandhut
ing
salebeting tindak tutur salebeting iklan. Wonten panaliten punika boten ngandharaken babagan unsurunsuripun ingkang wonten ing salebeting karya sastra, pramila wonten panaliten menika boten wonten pangandharan kadosta tema, tokoh lan penokohan, latar, alur, lan sudut pandang, ananging ngrembak babagan tindak tutur salebeting iklan ingkang wonten salebeting RRI. 6. Teknik analisa data Teknik analisa data inggih punika salah setunggaling cara ingkang dipun ginakaken kangge mangertosi sapinten variabel ingkang ngaruhi variabel ingkang sanes supados data ingkang dipun kempalaken kasebat saged
27
mupangat pramila kedah dipun olah utawi dipun analisis ingkang dipun rumiyinaken saengga saged dipun dadosaken saking mendhet kaputusan. Analisis ingkang dipun ginakaken salebeting panaliten inggih punika analisis kualitatif. Metode analisis ingkang asifat nggambaraken katerangankaterangan lan panjelasan saking asil koefisien ingkang dipun tampi lan saged dipun ginakaken kangge pedoman lan kangge nggambaraken panyarwe.
BAB IV ANALISIS IKLAN KOMERSIAL BAHASA JAWA ING RRI SEMARANG WARSA 2010
A. Tindak Tutur Iklan Komersil Basa Jawi ing RRI Pro 2 FM Semarang Data ingkang wonten ing panaliten punika data ingkang kualitatif. Sumber data panaliten inggih punika iklan komersil ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM awit wulan Mei – Juni 2010. Data ingkang kapendhet arupi tindak tutur iklan komersil wujudipun pacelathon ingkang ngandhut implikatur. Data ingkang dipun teliti antawisipun kados ing ngandhap punika 1. STRONGPAS KAPSUL
X
: “Wah, awan-awan kaya ngene, mempeng banget nyambut gawene, apa ora pasa kang ?”
Y
: “Awakmu kuwi su’udon, pasa ora kena kanggo alasan, kanggo njaga kondisi ben tetep seger lan ora ketunggon yen nyambut gawe, nyoh iki ombenen sakbubare buka utawa mangan sahur!”
X
: “O…iki to pring cagak radio sing wis terkenal kuwi, aku tak melu nyaba kang”.
2. PIRING LOMBOK
X
: “Ibuk –ibuk sasi ngarep arisan ning ndi ki ?”
Y,Q : “Ning omahe ibuk wae “ X
: “Ha…… ning omah ku meneh ?”
28
29
Y
: “He,eh masakane kui lo sing ngangeni. ya semure, ya oseng tempene, ayam bakare sedep kabeh, opo meneh sambele puedhes mantep”
X
: “Kui merga aku nganggo kecap lan sambel piring Lombok “
Y.Q : Ooooo X
; “Mulane kabeh masakan ku dijamin enak “
Y
: “Pantes Piring Lombok pancen wIs terkenal awit biyen”
X
: “Wahhhh, Yen ngono aku rugi yen nganggo kecap lan sambel liyane”
Y
: “Mulane toh nganggo kacap lan sambel Piring Lombok wae mesti cocok kanggo selerane dhewe”.
X
: “Yen ngono aku ape nganggo kecap lan sambel Piring Lombok wae”
Q
: “Ya wis sasi ngarep arisan ning gonaku wae ya aku arep nganggo sambel lan kecap Piring Lombok”.
Y,X : “Yaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa” 3. STRONGPAS KAPSUL VS NYALIP
X
: “Weh cung ngapa kok bungkuk- bungkuk ?”
Y
: “Iki loh kang, aku yen kerja separo dina wis loyo yen wengi kerjaku ya mung separo tur tanggi ku ya kangelan aku dadi isin karo ibune kuncunge”
X
: “ehhh, cung kaya aku iki loh senajan awan, bengi kerja ya mesti full tenaga ku ya tetep strong”
30
Y
: “Rahasiane apa kang?”
X
: “Aku teratur ngombe srongpas kapsul, ngko rak dadi bapak pucung nyekeli kadal, ngadek jejek langsung pancal. Pidale, senajan sak awan ngebut yen wengi ya tetep ngebut. Buktekna toh……..”
Y
: “Tenan, sak wene ngombe srongpas ngebot tenan. Mangkat disilk ya cung…..”
4. BODREK FLU BATUK
X
: “Aduhhhh. Kenek flu, ( gebres) watuk- watuk maneh”
Y
: “Loh, watuk’e kok ana grok-grok’e?”
Q
: “Nah…. Saiki sampean kudu ngerti obat flu biyasa iku gak cukup ngombeo obat flu lan watuk”
Y
: “Mangkane gejala flu isa padha tapi watuke beda”,
Y
: “Iyo, sakiki bodrek flu lan watuk ada dua macam”
Y,X,Q : “bungkus merah biru” Q
: “Bodrex flu dan batuk Bungkus merah biru kanggo ngobati watuk tidak berdahak”
Y,Q,X : “Bungkus merah hijau” Q
: “Bungkus merah hijau kanggo ngobati batuk yang berdahak sing enek grok- groke kui”
5. PROCOL
Y
: “Hallo…..Pagi?”
X
: “Hello, sayang sepurane ya mas ora isoa rana wengi iki”
31
Y
: “Heh, sapa iki main sayang-sayangan. Bok pikir aku pacar mu apa?”
X
: “Koe dak ora kenal swarane mas mu iki?”
Y
: “halah…... “
X
: “aku iki mas joko calon bojomu”
Y
: “E,e,e,e,e,e,e. rungakna ya aku ora sudi due calon bojo koyok kue iki, swaramu cempreng kayak gelas pecah ngaca dhisik.Mas joko iki swarane merdhu”
X
: “Alah,aduh Sri Mas Joko iki lagi kenek flu irunge mampet”
Y
: “Wis, lungga kana. Aku lagi nunggoni telfon saka Mas Jaka saiki”.
X
: “Ya Wis Sri, Mas tak ngombe Prokol disik, gen ilang flune tak buktekne aku Mas Joko”
6. TEH RATU
X
: “Bu, kuwi apa ta, aku entuk nyoba utawa ora?”
Z
: “Entuk wae, iki lho Green Tea sing marakake kondisi bisa fit. Teh Ratu uga diperkaya kalsium lan ana hadiahe bisa entuk mobil”.
7. KONIDIN
X
: Uhuk, uhuk, (watuk)
Y
: “Yen watuk aja lali, cepet ngombe Konidin, wis mesthi thokcer!”
8. Teh Gopek
X
: “Mas Kus……..”
Y
: “Apa?”
32
X
: “Njenengan pengin dadi seniman gopek apa ora?”
Y
: “Seniman gopek, Carane piye dhik drakula?”
X
: “hahaha. ( gemujeng ) Carane ya ngunjuk bareng-bareng teh gopek ngene iki mas, sedhap, nikmat, mantap dadi (Seniman)”
Y
: “Wah teh gopek, sedhap, nikmat, mantap.
seniman,waah…
Cocok, ning regane piye dhik?” X
: “O…Murah mas,rega-rega barang-barang liyane pada mundhak, ning teh gopek mboten mundhak dadi murah”.
Y
: “Wah-wah Ya yen ngono dadi seniman gopek wae, sedap, nikmat, mantap. teh gopek hareee”,
Q
: “Teh gopek sedhap, nikmat, mantap. Teh Gopek cocok kanggo panjenengan ingkang remen ngunjuk teh kanthi rasa sejatining teh, teh gopek sakmenika langkung murah”.
9. Vitamin IPI
X,Y,Q : “Satu botol isinya 50” X
: “Nah, sak botol isine 50 tabel, iku vitamin IPI”
Y
: “Sehat itu bukan mimpi”
X
: “Iya bener sehat itu bukan mimpi,mau sehat? Cukup minim vitamin IPI akeh maceme akeh manfaate ana vitamin A, B1, B 12 B kompleks lan vitamin C”
Q
: “Vitamin B komplek? Cek awake ora gampang kesel, awake seger, ngombe ae vitamin B Kompleks IPI”
X
: “Utawa perlu vitamin C gae nyegah sariawan ,panas dalam lan jaga daya tahan tubuh, mimun vitamin C IPI”
33
X,Y,Q : “Satu botol isinya 50” X
; “Iya, sak botol isine 50 tablet harganya terjangkau, mangkane betul kan sehat iku bukan mimpi, kwpengin sehat? Cukupm Minum vitamin merek nya IPI”.
10. SUZUKI SPIN
X
: “Ahh, haahh, (gemujeng ), motor kuwi di tumpaki, ora digandheng. Yen cewek kuwi, digandheng pantes! Ngapa kowe, mogok ?”
Y
: “Iya iki”.
X
: “Mulane ganti kaya motorkku iki , iki lho SUZUKI SPIN, luwih modis lan irit, lha wong wis ana Suzuki Spin kok motor kaya ngono isih di enggo, kudune wis mlebu museum, wah ndesa tenan”.
11. MARINA
X
: “Dadi ayu lan mukamu kuwi lho, kok dadi luwih putih ?”
Y
: “Iki amarga perawatan wajah MARINA UV White Face Care”
Y
: “Pancen Marina Uv White Face Care ampuh tenan, aku arep gnanggo Marina Uv White Face Care ah”.
12. BIOCEL
Z
: “Bu Erva, Bu Nanik !!”
X
: “Ssssstt, aja lali seven habit BIOCEL supaya kulit ketok luwih enom”
Y
: “Iya, seven habit BIOCEL awet enom aku”.
34
B. Tindak Tutur Iklan Komersil Ingkang ngandhut Implikatur pacelathon Ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM Peneliti ing salebting panyerat tindak tutur ingkang ngandhut implikatur pacelathon basa iklan ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM, tindak tutur dhasaraken ancas pangucapan (direktif, deklaratif, asertif, komisif, ekspresif). Saking data ingkang kapendhet saged dipun mangertosi menawi tindak tutur ingkang ngandhut implikatur percakapan saklebeting iklan ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM ngginakaken kalih tuturan, inggih punika direktif
lan deklaratif. Babagan menika saged
dipunpahami awit kaliyan wujud tuturan inggih punika tuturan direktif lan deklaratif iklan kangge menei informasi dumateng pamireng utawi konsumen keunggulanipn produk ingkang dipun tawekaken lan nyuwun pamireng kangge ngginakaken utawi tumbas produkipun. 1. Direktif Direktif inggih punika tuturan ingkang ancasipun inggih punika kangge
tanggapan
ingkang
arupi
tindakan
saking
mitra
tutur.
Tuladhanipun ngaken, nyuwun, mrintahaken, lan ngajab. Saking data ingkang wonten, dipun tingali 6 tuturan ingkang ngandhut implikatur pacelathon ingkang wujudipun tuturan direktif, antawisipun inggih punika a. KONIDIN X : Uhuk, uhuk, (watuk) Y : “Yen watuk ojo lali, cepet ngombe konidin, wis mesti tokhcer” Z : “Watuk ngunjuk KONIDIN dong?”.
35
Tindak tutur wonten ing nginggil dipun lampahi tiyang wonten pundi (Y) kados sampun nate mretelaken bilih obat ingkang efektif ngobati gerah watuk inggih punika KONIDIN. Bab kasebat saget dipun mangertosi saking tuturan (Y) ingkang kanthi langsung nanggepi (X) ingkang nembe watuk. Tuturan wonten ing nginggil inggih punika wujudipun tuturan direktif utawi panyuwunan. Tuturan kasebat dipuntandai penganggening tembung dong ing salebeting tuturan bilih watuk ngunjuk KONIDIN dong ! ingkang nandhesaken bilih penutur nyuwun mitra tutur ingkang nembe watuk kangge enggal ngunjuk KONIDIN. b. TEH RATU X : “Bu, kuwi apa to, aq entuk nyoba utawa ora?” Y : “Entuk wae, iki lho Green Tea sing maraake kondisi bisa fit. Teh Ratu uga diperkaya kalsium lan ana hadiae bisa entuk mobil”. pacelathon ing ngnginggil mawi ilustrasi suanten penyanyi dangdut terkenal Indonesia. Bab kasebat saged dipun tingali saking tuturan (Y) ingkang kanthi langsung nanggepi kadadosan (Y) ingkang menikmati teh ratu. Tuturan kasebat mengisyaratkan bilih (Y) nyuwun (X) kangge segera ngunjuk
teh ratu amergi ngertos (X) nembe
kemawon menikmati teh ratu. c. VITAMIN IPI X,Y,Q : “Satu botol isinya 50” X
: “Nah, sak botol isine 50 tabel, iku vitamin IPI”
36
Y
: “Sehat itu bukan mimpi”
X
: “Iya bener sehat itu bukan mimpi,mau sehat? Cukup minim vitamin IPI akeh maceme akeh manfaate ana vitamin A, B1, B 12 B kompleks lan vitamin C”
Q
: “Vitamin B komplek? Cek awake ora gampang kesel, awake seger, ngombe ae vitamin B Kompleks IPI”
X
: “Utawa perlu vitamin C gae nyegah sariawan ,panas dalam lan jaga daya tahan tubuh, mimun vitamin C IPI”
X,Y,Q : “Satu botol isinya 50” X
: “Iya, sak botol isine 50 tablet harganya terjangkau, mangkane betul kan sehat iku bukan mimpi, kwpengin sehat? Cukupm Minum vitamin merek nya IPI”.
Z
: “Ampun kesupen ngunjuk VITAMIN IPI……….” Pacelathon ing salebeting data punika dipunlampahi dening ibu
lan kalih putranipun. Pacelaton kasebat nedahaken bilih kekarepan ibu supados putra-putrinipun dados putra ingkang pinter lan saklajengipun ibu nyuwun putranipun ngunjuk Vitamin IPI. Data menika kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Perkawis kasebat saged katingal saking pengageman tuturan ampun kesupen ngunjuk Vitamin IPI. Tuturan kasebat mlebet tuturan direktif, inggih punika penutur nyuwun utawi menganjurkan mitra tutur supados kemotan ngunjuk Vitamin IPI.
37
d.
BODREK FLU BATUK X
: “Aduhhhh. Kenek flu, ( bersin ) watuk- watuk maneh”
Y
: “Loh, watuk’e kok ana grok-grok’e?”
Q
: “Nah…. Saiki sampean kudu ngerti obat flu biyasa iku gak cukup ngombeo obat flu lan watuk”
Y
: “Mangkane gejala flu isa padha tapi watuke bedha”,
Y
: “Iya, sak iki bodrek flu lan watuk ada dua macam”
Y,X,Q ; “bungkus merah biru” Q
: “Bodrex flu dan batuk
Bungkus merah biru
kanggo
ngobati watuk tidak berdahak” Y,Q,X : “Bungkus merah hijau” Q
: “Bungkus merah hijau kanggo ngobati batuk
yang
berdahak sing enek grok- groke kui” Z
: “Cepat minim Bodrex. Dapat di minum sebelum makan, sakit kepala hilang rijiki dating”. Pacelathon wonten data punka dipun lampahi dening 2 tiyang
ingkang salah satunggalipun gadhahi peran dados tukang ojek lan ingkang setunggalipun dados pelanggan. Pacelathon wonten nginggil punika nyariosaken bilih ing wekdal tukang ojek punika utawi (X) badhe ngaturaken
(Y) ananging
dumadakan piyambakipun ngrasa sakit sirahipun, saklajengipun (Y) sanalika anggepi kaliyan nyuwun (X) kangge ngunjuk BODREX. Data punika gadhahi tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Bab
38
kasebat saged katingal saking pengageman tembung cepat ing salebeting tuturan Cepet minum BODREX dapat diminum sebelum makan ,sakit kepala hilang rejeki datang. Tuturan kasebat dipun tuturaken dening penutur sasampunipun ningali mitra tutur ingkang nembe sakit sirahipun. penutur nyuwun mitra tutur supados enggalenggal ngunjuk BODREX. e. SUZUKI SHOGUN dan SUZUKI SMASH Y : “Wah edan tenan iki, ongkos transport sakwulan bisa kanggo ngangsur, lan isih ana maneh!” X : “Mulane ora usah diitung, tuku SUZUKI wis mesthi untung”. Z : “Makanya, nggak usah di hitung, beli SUZUKI pasti untung”. Pacelathon wonten nginggil punika dipun lampahi dening 2 tiyang. (Y) tasih binggung amargi dereng gadahi kendaraan piyambak sahingga namung ngandalaken angkot kangge mangkat nyambut damel, lajeng kancanipun utawi (X) nyuwu kaliyan
(Y) supados
tumbas motor SUZUKI amergi angsuranipun murah. Data 9 kapendhet wonten tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Bab kasebat saged katingal saking pangganggining tembung
makanya ing salebeting
tuturan Makanya nggak usah dihitung, beli SUZUKI pasti untung. Tuturan kasebat dipun tuturaken dineng X ingkang nyuwun Y kangge langsung tumbas motor SUZUKI boten sisah ngetang cicilanipun.
39
f. SUZUKI SPIN X : “Ahh, haahh, (ketawa), motor kuwi di tumpai, ora digandeng. Yen cewek kuwi, digandeng pantes! Ngapa kowe, mogok ?” Y : “Iya iki”. X : “Mulane ganti kaya motork ku iki , iki lho SUZUKI SPIN, luwih modis lan irit, lha wong wis ana Suzuki Spin kok motor kaya ngono isih di enggo, kudune wis mlebu museum, wah ndeso tena”. Pacelathon wonten nginggil punika dipun lampahi kaliyan kaleh tiyang. (Y) ingkang motoripun nembe mogok amergi sampun dangu dipunsuwun (X) kangge gantos motoripun kaliyan motor ingkang anyar. Data 10 kapendhet tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Bab kasebat saged katinggal saking pengganggening tembungipun makanya ing salebeting tuturan Makanya ganti kaya punyaku ni, liat ni SUZUKI SPIN, lebih gaya dan juga irit. Tuturan kasewbat dipun tuturaken dening X sasampunipun ningali motor Y ingkang asring mogok. Salajengipun X nyuwun Y supados nggantos motoripun kaliyan motor ingkang anyar. g. BIOCEL Z : “Bu Erva, Bu Nanik !!” X : “Ssssstt, ojo lali seven habit BIOCEL supaya kulit ketok luwih enom” Y : “Iya, seven habit BIOCEL awet enom aku.ingat”.
40
Pacelathon ing data punika wonten nginggil punika nyariosaken bilih (X) ingkang mangertosi katah babagan produk punika nyuwun (Y) supados ngangge BIOCEL lan mraktekaken supados mangertosi mupangatipun. Data punika wonten
tuturan ingkang wujudipun
tuturan direktif. Perkawis kasebat saged dipun tingali panganggening
saking
tembung ingat. Tuturan kasebat dipun tujturaken
kaliyan (X) kangge nyuwun (Y) asring ngrawat pasuryanipun kaliyan seven habit saking BIOCEL supados kulit pasuryanipun katon langkung enem.
2. Deklaratif Deklaratif inggih punika tuturan ingkang wujudipun kangge giyaraken informasi boten ngangge ngarepaken respon saking mitra tutur. Tuladhanipun mretelaken, martosaken, utawi saka pangertosan saking data ingkang wonten, ing ngriki dipunpanggihaken 3 tuturan ingkang wujudipun tuturan deklaratif, antawisipun inggih punika: a. STRONGPAS KAPSUL X : “Weh cung ngapa kok bungkuk- bungkuk?” Y : “Iki loh kang aku yen kerja separo dina wes loyo yen wengi kerja ku ya mung separo tur tanggi ku ya kangelan aku dadi isin karo ibune kuncunge” X : “ehhh, cung kaya aku iki loh senajan awan, bengi kerjo yo mesti full tenaga ku ya tetep strong”
41
Y : “Rahasiane apa kang?” X : “Aku
teratur ngombe srongpas
kapsul ko rak dadi bapak
pucung nyekeli kadal, ngadek jejek langsung pancal. Pidale, senajan sak awan ngebut yen wengi ya tetep ngebut. Buktekno toh…..” Y : “Tenan, sak wene ngombe srongpas ngebot tenan. Mangkat disilk ya cung…..” Z : “Kanggo njaga kondisi ben tetep seger lan ora ketunggon yen nyambut gawe, nya iki ombenen sakbubare buka utawa manggan sahur” Pacelathon ing data 1 dipun lampai kaliyan kalih tiyang wonten pundi salah satunggaling tiyang punika (Z) sampun mangertosi macam lan keunggulan produk punika. Data 1 wonten tuturan ingkang kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan direktif. Hal kasebat saged katingal saking tuturan (Z) ingkang swantenipun Kanggo njaga kondisi ben tetep seger lan ora ketunggon yen nyambut gawe, nyo iki ombenen sakbubare buka utawa mangan sahur ingkang menei pangertosan dateng pamireng bilih produk punika gadhahi mupangat kesehatan. Pachelaton wonten ing
nginggil dipun lampahi dening tiyang.
Salah satunggalipun tiyang wonten pacelathon
punika wonten
nginggil menehi pangertosan kaliyan kanca nipun bilih kehebatan strongpas kapsul. Saklajengipun kancanipun menehi informasi bilih
42
sedaya punika khasilipun saking srong pas kapsul. Data kasebat kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan deklaratif. Tuturan kasebat kalebet tuturan deklaratif amergi tuturan (Y) ingkang swantenipun yen kerjo separo dino mesti loyo, yen mbengi kerjane ming separo tur tangiku kangelan, aku dadi isin karo ibune kuncung, ingkang gadhai maksud kangge menei informasi utawi menehi pangertosan kaliyan (X) bilih ingkang damel (X) sehat, kuat inggih punika Strong Pas Kapsul. b. MARINA X : “Dadi ayu lan mukamu kuwi lho, kok dadi luwih putih ?” Y : “Iki amarga perawatan wajah MARINA UV White Face Care” Y : “Pancen Marina Uv White Face Care ampuh tenan, aku arep nanggo Marina UV White Face Care ah”. Pacelathon wonten data punika dipun lampahi dening 2 tiyang. Wonten pacelathon punika (Y) sampun buktekaken mupangat saking produk punika lan menehi informasi kaliyan (X) perkawis hal kasebat. Data punika kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan deklaratif. Tuturan Y kasebat mangertosi bilih menehi pangertosan kaliyan
Y menginformasikan utawi
X bilih ingkang ndamel kulit
pasuryananipun dadosaken luwih pethak inggih punika MARINA UV White Face Care. c. LIFEBUOY SHAMPO X : “Sapa sing ngerti, kenapa kutu kwi mati?”
43
X : “Ayo jawab!” Z : “Sumpah bu, sanes kula bu, sumpah. Menawi ingkang mateni kuman ketombe kula punapa ngertos bu, iku mesti Lifebuoy Shampo anti ketombe, punapa leres bu. Kula Wantun dados saksinipuhn. Iyo Lifebuoy Shampo anti ketombe”. Pachelathon wonten nginggil punika dipunlampahi dening dwija lan salah satunggaling muridipun. Ing salebeting pachelathon punika murid namung ngagem lan pitados ing produk punika,Data punika kakandhut tuturan ingkang wujudipun tuturan deklaratif. Tuturan kasebat kalebet tuturan deklaratif
amergi Z menginformasikan utawi menehi
pangertosan kaliyan X bilih LIFEBUOY inggih punika shampoo ingkang efektif kangge ngicali ketombe.
C. Faktor Ingking Ndadosaken Pengginaan Implikatur Ing Salebeting Basa Iklan Produk Ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro2 FM. Implikatur wonten ing iklan komersil ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM inggih punika strategi iklan ingkang nawekaken produkipun. pangganggining implikatur wonten iklan kaliyan pemasang iklan dipun landhesi kaliyan pinten-pinten faktor, antawisipun inggih punika: a. Faktor Ekonomi Faktor ekonomi dipungatosaken sanget
dening
pemasang iklan
kangge nawaraaken produkipun supados enggal pajeng. Pemasang iklan ing ginakaken tembung murah amergi mangertosi kawontenan ekonomi
44
bebrayan Indonesia ingkang nembe krisis lan sedaya barang ngalami indhak-indhakan regi.Penagsan tembung murah kasebat saged menehi pengaruh
pamireng supados tumbas produk ingkang dipun tawekaken.
Tembung murah ugi dipuntandhesaken kaliyan tembung bangget ingkang nedahaken bilih produk ingkang dipun tawekaken nggadhahi regi jual ingkang langkung murah dipunbandhingaken kaliyan produk sanes ingkang sajenis. Pemasang iklan ugi nyobi ingkang nengsemaken konsumen sekathahkathahipun kaliyan nawaraken hadiah menarik bilih tumbas produk punika, perkawis kasebat saged dipun tinggali saking tuturan murah. Tuturan kasebat dipunginakaken dening pemasang iklan supados dipunginakaken dening pemasang iklan, kayata kaliyan tumbas produk punika konsumen saged gampil angsal produk punika langkung gampil. Faktor ekonomi ingkang melatarbelakangi penganggining implikatur ing salebeting iklan produk di Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM ugi saged dipun tingali saking tuturan Makanya nggak usah dihitung (Data 9), pemasang iklan berusaha narik konsumen kangge boten ragu– ragu malih tumbas produk menika amergi pemasang iklan mangertosi bebrayan asring madosi motor ingkang cicilanipun ringan.
b. Faktor Kabetahan Bebrayan Pemasang iklan ing salebeting pemakaian implikatur ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM migatosaken sangget faktor kebetahan
45
bebrayan mliginipun ing zaman sapunika. Perkawis kasebat
saged
katingal saking tuturan lebih gaya dan juga irit. Ing zaman sapunika bebrayan menawi sampun bosen bentuk motor ingkang relatif sami kaliyan bentuk motor sanes ingkang sejenis, sapunika pemasang iklan ginakaken tuturan luwih gaya kangge nyakinaken
pamireng utawi
konsumen bilih produk punika nggadhahi inovasi wujud motor ingkang sanes kaliyan motor-motor sanesipun. Pemasang iklan ugi ginaaken tembung irit amergi mangertosi bilih saat bahan bakar kendaraan bermotor awis, bebrayan gadhahi pikajengan motor ingkang irit bahan bakaripun.
D. Faktor Efektivitas Produk Faktor punika gegayutan kaliyan kados pundi pemasang iklan menyajikan keefektifan produk ingkang dipun tawekaken lumantar implikatur wonten Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM. Perkawis kasebat saged dipun tingali saking tuturan: a. “Yen watuk aja lali, cepet ngombe konidin, wis mesthi thokcer” Pemasang iklan salebeting tuturan punika mbudidaya milut pamireng utawi konsumen bilih kados-kadoskakandhut obat ing salebeting produk punika menawi saget nyembuhaken gerah watuk. Ing salebeting perkawis punika pemasang iklan ngajab supados konsumen tumbas lan tansah kepengingan menawi watukipun enggal purna.
46
b. “Iya bener sehat itu bukan mimpi, vitamin IPI akeh maceme akeh manfaate ana vitamin A, B1, B 12 B, kompkes lan vitamin C” Tuturan wonten nginggil, pemasang iklan mbudidaya bujuk konsumen bilih salah satunggaling produk punika ingkang damel putra pinter, kanthi ngunjuk produk punika tamtunipun kaliyan kandung vitaminipun ingkang kados-kados sampun kabekten mupangatipun. Perkawis kasebat saged katinggal saking pengginaan tembung jangan lupa ingkang nedahaken bilih kados-kados produk punika sampun teruji lan kabakten khasiatipun. c. “saiki sampean kudu ngerti obat flu biasa iku gak cukup, ombeo bodrex flu dan batuk” Implikatur wonten nginggil punika nampilaken tuturan ingkang seolah-olah produk punika sanget efektif ngobati gerah ing sirahipun. Pemasang iklan ugi nampilaken tuturan dapat diminum sebelum makan ingkang dipun ginaaken pemasang iklan kangge narik konsumen amergi formula produk punika ingkang efektif meredakan gerah wonten sirahipun lan menawi dipun unjuk produk punika boten nyebabaken nganrtuk. d. “Pancen Marina Uv White Face Care ampuh tenan, aku arep nanggo Marina Uv White Face Care ah” Pemasang iklan ing salebeting tuturan wonten ing nginggil mbudidaya ngandharaken bilih produk punika sampun teruji lan efektif sanget dadosaken kulit pasuryanipun langkung pethak, perkawis kasebat ing gadhahi ancas supados konsumen percados lan lajeng kertarik tumbas produk punika..
47
e. “Ssssstt, ojo lali seven habit BIOCEL supaya kulit ketok luwih enom” Pemasang iklan wonten ing tuturan ing nginggil punika nyobi menehi infofmasi kaliyan konsumen keefektifanipun produk punika kangge produk ingkang saged damel kulit pasuryananipun dadosaken luwih pethak lan seger. Perkawis kasebat gadhahi ancas supados konsumen tertarik tumbas barang kasebat. Ing salebeting tuturan wonten nginggil punika nyobi menehi informasi dening konsumen f. “Sumpah bu, sanes kula bu, sumpah. Menawi ingkang mateni kuman ketombe kula punapa ngertos bu, iku mesti Lifebuoy Shampho anti ketombe, punapa leres bu. Kula Wantun dados saksinipuhn. Iyo Lifebuoy Shampo anti ketombe Tuturan
wonten
ing
nginggil
punika,
pemasang
iklan
nyobi
mempengaruhi konsumen kaliyan ngutaraaken keefektifanipun produk punika ingkang saged ngicali ketombe. Perkawis kasebat kautaraaken dening pemasang iklan, supados konsumen tumbas lan ginakaken produk punika.
BAB V PENUTUP
A. Dudutan Saking pembahasan pangrembag wonten ing bab sakderengipun, kadhapuk pinten-pinten perkawis ingkang saged kadudut saking analisis punika. Gamblangipun inggih punika 1. Tuturan ingkang ngandhut implikatur pachelathon ing salebeting produk di Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM dumados saking saking kalih wujud tuturan inggih punika tuturan ingkang wujudipun direktif cacahipun 8, implikatur lan tuturan wujudipun deklaratif cacahipun 5 implikatur. Tuturan direktif diginakaken dening
pemasang iklan kangge nyuwun
pamireng utawi konsumen kangge tumbas utawi ginakaken produk ingkang dipun tawekaken. Tuturan deklaratif ingkang dipun ginakaken kaliyan pemasang iklan wonten Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM kangge menehi pangertosan utawi menehi informasi kaluwihan produk ingkang dipun tawekaken. 2. Implikatur ingkang kadadosan wonten kadadosan saking bahasa iklan produk wonten Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM mliginipun nuwuhaken raosing kepingin pamireng lan kapingin kangge nyobi produk ingkang dipuntawekaken dening pemasang iklan.
48
49
3. Faktor ingkang nyebabaken kawontenan pemasangan iklan wonten ing Radio Republik Indonesia (RRI) Pro 2 FM antawisipun inggih punika: a) Faktor Ekonomi b) Faktor kebetahan bebrayan c ) Faktor Efektivitas Produk
B. Prayogi Saking paneliten punika lan pembahasan ing salebeting paneliten punika wonten pinten-pinten pramayogi ingkang saget dadosaken kemajengan kita sedaya.,ingkang gegayutan kaliyan paneliten punika : 1. Kangge Pamaos, basa ingkang dipun ginakaken ing salebeting giyaran iklan inggih punika basa ingkang sae lan sugih dening tembung-tembung ingkang ngandhut rayuan lan saget milut kangge tiyang sanes, pemaos kedah langkung selektif ing salebeting mahami iklan punika. Lan saged mendhet keputusan kangge tumbas produk punika. 2. Kangge pemasang iklan, basa ingkang sae lan milut langkung saenipun perwujudan saking pesen-pesen produk ingkang kedah dipun andharaken, kaliyan ngginakaken implikatur, ugi iklan produk ing radio RRI Semarang lan media informasi sanes mestine khasil milut tiyang ingkang badhe tumbas produk punika. 3.
Kangge paneliti sanes, Perkawis ingkang gegayutan kaliyan implikatur tasih kathah ingkang dereng dipun uji, mekaten kedah dipun timbang kawontenan paneliten saklajengipun perkawis ingkang gegayutan kaliyan paneliten punika.
50
4.
Kangge pemireng iklan basa jawi, supados mangertosi tindak tutur ingkang leres dipun ginakaken kalian pemasang iklan wonten radio punika. Kangge penyiar ikalan, supados anggene ngandharaken tuturan iklan punika supados luwih jelas lan gambling, sak sampuni maos skripsi ingkang kula saged andharaken punika.
DAFTAR PUSTAKA Chear, 2004. Pragmatics. Cambridge: Cambridge University Press. Dharmanesta lan Irawan, 2001 Analisis Dampak Service Performance dan Kepuasan Sebagai Moderating Variabel Terhadap Loyalitas Nasabah (Studi pada Nasabah Tabungan Bank Mandiri Cabang Surabaya), Jurnal Manajemen Pemasaran Vol. 1 No. 1 April 2006 Edmonson. 1981 Levinson, S. C. 1983. Pragmatics. Cambridge: Cambridge University Press. Gunarwan, 1994, Ilmu Pragmatik, Teori dan Penerapannya. Jakarta: Depdikbud Hudson, 1980. Pragmatik: Pandangan Mata Burung. Jakarta: Universitas Indonesia. Ibrahim, 1993 Tindak Tutur dalam Wacana Iklan Bentuk Berita pada Majalah Tempo Edisi 2001 (skripsi). Semarang: Unnes. Kasali, 1993 Pengajaran Wacana. Bandung: Angkasa Liliweri, 1992. Pragmatik: Dasar-Dasar dan Pengajarannya. Malang: YA3 Leech, 1993 Principle of Pragmatics. Terjemahan ke dalam Bahasa Indonesia dilakukan oleh M.D.D. Oka. 1993. Prinsip-prinsip Pragmatik. Jakarta: UI Press: London: Longman. Moleong, 1994. Metode Penelitian Kuantitatif. Bandung: Remaja Rosda. Moelion, 1995 . Dasar-dasar Pragmatik. Yogyakarta: Andi Offset. Naradi,1996. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta. Parker, 1996. Analisis Wacana. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama. Pattis, 1993. Proses Belajar Mengajar Pragmatik. Bandung: Angkasa. Rustono 1999. Pokok-pokok Pragmatik. Semarang: IKIP Semarang Press. Rustana,1999 “Dari Pragmatik ke Pengajaran Bahasa” (Makalah Seminar Bahasa dan Sastra Indonesia dan Daerah). IKIP Singaraja. Ricchiute, 1992, Pengembangan Penelitian Kualitatif dalam Bidang Bahasa dan Sastra. Malang: YA3.
Sugono, 2002. Fungsi Periklanan dalam Ekonomi Pembangunan.Jakarta: Fatma. Santoso, 1990. Dasar-dasar Pragmatik. Yogyakarta: Penerbit ANDI. Suhandang, 2005 Kevariasian Tindak Tutur Percakapan Tokoh Utama Wanita dalam Novel-novel Karya Pengarang Wanita (tesis). Semarang: Unnes. Wibowo, 2000. Analisis Wacana. Malang: IKIP Malang. Kamus Besar Bahasa Indonesia, 1993