Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik) BASA HUMOR SAJRONE KAOS CAK CUK SURABAYA (Tintingan Pragmatik) Putri Novita Sari Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya
[email protected]
Dr. Surana, S.S, M.Hum Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya Abstrak Basa humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya kalebu sawijining panliten kang nggunakake kajian pragmatik. Kaos bisa dadi sawijining medhia kanggo ngandharake pesan kang asipat kritik kaya dene awujud sindiran marang pamarentah bab lokalisasi dolly, korupsi, lan saperangan organisasi Nasional. Panliten iki nggunakake panliten dheskriptif.Dhata sajrone panliten iki arupa wacana kaos Cak Cuk kang ngandhut unsur humor. Cara ngumpulake dhata ing panliten iki yaiku kanthi nggunakake metodhe nyemak, sawise kuwi kanthi cara nyatet. Dhata sing wis dikumpulake banjur diperang maneh dadi rumusan masalah, sawise kuwi dianalisis. Adhedasar andharan asile panliten ngenani basa humor kaos Cak Cuk Surabaya bisa kadudhut: (1) unsur pambangun humor adhedasar aspek kabasan diperang dadi telu yaiku aspek fonologis, aspek morfologis, lan aspek semantik, (2) penyimpangan prinsip kesopanan tumrap basa humor kaos Cak Cuk Surabaya kaperang dadi penyimpangan maksim kebijaksanaan, penyimpangan maksim kemurahan, penyimpangan maksim penerimaan, penyimpangan maksim kerendahan hati, penyimpangan maksim kecocokan, penyimpangan maksim kesimpatian, lan (3) fungsi humor kaos Cak Cuk Surabaya kang kaperang dadi fungsi komunikatif, fungsi hiburan, fungsi kritik sosial, fungsi kreatif, fungsi eufimisme, lan fungsi estetis. Tembung wigati: basa, humor, kaos Cak Cuk nduweni ciri khas nengenake permainan tembung lan nduweni karateristik dhewe. Kaos Soak Ngalam salah sawijine kaos kang nduweni ciri khas basa walikan kang dinduweni dening kutha Malang. Kaos kang ana ing ndhuwur kuwi kabeh nduweni efek humor utawa ngandharake maksud tartamtu kanthi pilihan tembung kang arupa plesetan, campuran basa, situasi lan kondisi saben dhaerah, teka-teki, lsp. Panganggo basa tumrap kaos Cak Cuk Surabaya asipat unik amarga ngandhut aspek penciptaan humor yaiku saka unsur fonologine kang luwih cundhuk marang tembung plesetan yaiku mempere wujud tembung kang asli karo tembung sing diplesetake lan nduweni makna kang bedha. Pambangun humor ngamot aspek-aspek basa kang perlu dijlentrehake. Pajlentrehan unsur humor bakal nambah cara ngecakake bab ngenani tindak tutur utawa pragmatik kaya ta prinsip kesopanan, lan fenomena pragmatik sing liya. Tumrap tintingan pragmatik, unsur humor iki nliti mligine awujud ragam nonformal. Tulisan humor ing kaos Cak Cuk njalari pawongan luwih tartarik kanggo maca. Kaos diarani medhia kang bisa narik konsumen lan bisa dadi trend. Unsur humor kang dikandhut tumrap panganggone basa ing kaos Cak Cuk Surabaya narik kawigaten kanggo
PURWAKA Lelandhesane panliten Adhedasar sarana kang digunakake, basa kaperang dadi lisan lan tulis. Saklorone nduweni titikan khusus kang bedha-bedha. Chaer (2007:47) ngandharake menawa basa lisan diandharake kanthi cara lisan lan disengkuyung dening unsur-unsur suprasegmental kaya ta eskpresi wajah lan gestur, dene basa tulis ora ngandhut unsur suprasegmental. Produksi basa dening panuture kerep ngalami fenomena-fenomena kang narik kawigaten kanggo dijingglengi, salah sijine yaiku ngenani wacana humor. Medhia basa tulis akeh jinise tuladhane kanthi medhia majalah, koran, internet, spanduk, baliho, banner, lan medhia kang unik yaiku kaos. Mula subjek kang bakal dirembag ing panliten iki yaiku kaos Cak Cuk Surabaya. Kaos Cak Cuk Surabaya salah sawijine kaos kang nduweni karakter ciri khas Surabaya bisa dideleng saka basane khas dialek Surabaya, lan ngandhut unsur ciri khas Surabaya liyane kaya ta Dolly, Bonek, Misuh, lsp. Ana saperangan toko kaos ing Indonesia kang nduweni ciri khas dhewe-dhewe saben dhaerah kang dadi panggon produksi kaos kasebut. Tuladhane yaiku kaos Dagadu kang manggon ana ing Yogyakarta kanthi ciri khas karakter ikon visual kutha Yogyakarta lan basa plesetan. Kaos Joger kang manggon ana ing Bali kang
1
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
ditliti minangka perangan kang ora bisa dipisahake saka bab lucu lan analisis basa iku dhewe. Adhedasar andharan ing ndhuwur, basa kaos Cak Cuk Surabaya perlu ditliti kanthi luwih gambling supaya bisa dingerteni luwih cetha bab basa humor sing ana sajrone kaos Cak Cuk Surabaya kasebut.
kaos Cak Cuk yaiku Dwita Roesmika wong Surabaya asli, kelairan tahun 1977. Outlet kaos Cak Cuk papan panggonane ana ing Jl. Mayjend Sungkono 35, Jl Raya Dharmawangsa 35, Jl Raya Ahmad Yani 263, Jl Merr Rungkutl, Jl Golf 1 No 60, lan ing Jl Kedung Cowek No. 36. (4) Pragmatik yaiku kajian bab sesambungan antar basa banjur pangerten tumrap konteks kang wigati supaya bisa nggunakake basa kanthi trep uga nemtokake makna kanthi trep. Konsep lan teori pragmatik kaperang dadi teori tindak tutur, teori implikatur, teori relevansi, lan deiksis. (Cummings, 1999:19) (5) Penyimpangan prinsip kesopanan yaiku cara-cara peserta tindak tutur tumrap upaya ora ngregani utawa ngurmati mitra tuture. Kaperang dadi penyimpangan maksim kebijaksanaan, penyimpangan maksim kemurahan hati, penyimpangan maksim penerimaan, penyimpangan maksim kerendahan hati, penyimpangan maksim kecocokan, penyimpangan maksim kesimpatian. (Leech, 1993:206) (6) Unsur pambangun humor yaiku unsur pembentuk kang ana sajrone wacana kang nuwuhake rasa pepenginan kanggo ngguyu tumrap pamaca. (Wijana,2004:37)
Underane Panliten Supaya panliten iki kalaksanan miturut kang dikarepake lan sambung marang basane mula perlu njlentrehake bab undherane panliten kang bakal ditintingi kaya ing ngisor iki: (1) Kepriye unsur pambangun humor sajrone BHSKCCS? (2) Kepriye penyimpangan prinsip kesopanan sajrone BHSKCCS ? (3) Kepriye fungsi basa humor sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya? Ancase Panliten Wondene ancas saka dianakake panliten ngenani basa sandi sajrone BHSKCCS yaiku: (1) Ngandharake unsur pambangun humor sajrone BHSKCCS. (2) Ngandharake penyimpangan prinsip kesopanan sajrone BHSKCCS. (3) Ngandharake fungsi basa humor sarjone kaos Cak Cuk Surabaya.
TINTINGAN KAPUSTAKAN Basa Basa yaiku reroncening tembung-tembung utawa reroncening morfem. Ing sajroning sistem hirarki basa, sistem tembung (morfologi) yaiku tingkat hierarki tata basa utawa gramatikal urutan ngisor dhewe sadurunge tataran sintaksis utawa tata ukara, lan tata wacana (Verhaar,1984:7-8). Basa nduweni kalungguhan kang wigati tumrape manungsa, utamane minangka alat komunikasi lan sesambungane manungsa. Kanthi komunikasi, manungsa bisa ngandharake ide-ide, kawruh, gagasan, lan ngandharake apa kang ana ing pikirane. Andharan iki padha karo panemune Keraf (1997:4) “Kanthi komunikasi kita bisa ngandharake kabeh apa sing dirasakake, pikirake, lan kita mangeteni tujuan marang wong liya”. Chaer (2007:32) ngandharake “Basa yaiku sistem lambang swara kang arbitrer lan digunakake dening anggota klompok sosial kanggo kerja sama, komunikasi lan mbeberake dhiri.” Basa yaiku asil saka kagiyatan manungsa, saka basa bakal kajlentrehake apa kang dikarepake arupa informasi lisan utawa tulisan. Pragmatik Adhedasar tegese pragmatik, konsep lan teori pragmatik bisa diperang maneh. Cruse sajrone Cummings (1999:10) ngandharake pragmatik nduweni sesambungan karo informasi, kode, konveksi, konteks, lan panganggo. Adhedasar panemune Cummings (2007:5) ngandharake
Paedah Panliten Asiling panliten iki arupa andharan bab BHSKCCS minangka panyengkuyung ilmu Linguistik. Saliyane kuwi, panliten iki uga nduweni paedah kang ora sathithik. Wondene paedah saka panliten iki yaiku: (1) Kanggo panliti utawa pamaca liyane supaya bisa nambah kawruhe ngenani bab basa humor utawa bab pragmatik tumrap basa Jawa. (2) Kanggo bebrayan supaya bisa meruhi BHSKCCS. (3) Kanggo bidang pendidikan supaya bisa migunani ing piwulangan basa Jawa. Panjlentrehane Tembung (1) Basa yaiku piranti komunikasi sosial kanggo kabutuhan manungsa (Basir,2010:1). (2) Humor yaiku samubarang kang njalari wong ngguyu kang punjere saka tetembungan utawa liyane kang ora awujud tetembungan kayata tumindak (KBBI, 2007:412). (3) Kaos Cak Cuk Surabaya pabrik tetembungan kang diandharake mawa kaos. Wujud tetembungan ing kaos iki yaiku anane pesan-pesan kang arep diandharake, kaya dene awujud sindiran kanggo pamrentah bab lokalisasi Dolly lan Bonek. Produsen 2
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
yen definisi pragmatik kang jangkep ora bakal jangkep menawa konteks-e ora disebutake. Mula pragmatik yaiku kajian bab sesambungan antar basa banjur pangerten tumrap konteks dadi wigati supaya bisa nggunakake basa kanthi trep uga nemtokake makna kanthi trep. Cummings (1999:19) ngandharake yen ta konsep lan teori pragmatik kaperang dadi teori tindak tutur, teori implikatur, teori relevansi, lan deiksis. Saemper karo panemune Mulyana (2005: 78-81) ngandharake tegese pragmatik yaiku kajian bab carane panutur uga mitra tutur bisa nggawe tuturan uga negesi tuturan adhedhasar konteks kahanan kang trep. Ing bab pragmatik ana papat bab kang dirembag yaiku (1) deiksis, (2) tindak ujar utawa tindak tutur, (3) praanggapan, (4) implikatur. Pragmatik yaiku syarat-syarat kang njalari trep orane panganggone basa sajrone komunikasi; pragmatik uga nduweni teges aspek-aspek panganggone basa utawa konteks kajaba basa kang menehi sesambungan tumrap makna caturan (Kridalaksana, 1984:36). Leech (1993:8), ngandharake yen pragmatik yaiku studi ngenani makna tumrap sesambungane karo kahanan-kahanan bab ujar. Kahanan ujar kasebut yaiku panutur lan mitra tutur, konteks tuturan, tujuwan tuturan, tuturan minangka wujud tumindak, lan tuturan minangka prodhuk tumindak verbal. Sabanjure manut panemune Alwasilah (2005:19), pragmatik yaiku cabang lingiustik kang nyinaoni proses komunikasi kanthi focus tumrap kepriye makna utawa pesan komunikasi diandharake dening panutur lan panganggep tutur. Tegese Humor Humor nduweni teges kang akeh banget saka panemu kang beda-beda antara siji lan liyane. Nanging sacara umum, humor minangka sakabehing bab kang nuwuhake kesan aneh lan lucu saengga wpng liya kanthi spontan bakal ngguyu nalika ndelok, maca, lan ngrungokake. Bab-bab sing nuwuhake kalucon kasebut pancen disengaja nyimpang saka wijud asline kanggo ngupaya nuwuhake kesan lucu kaya objek kang dikaji. Saka wewatesan kasebut ora nutup anane panemu ngenani humor. Yen gelem ngrunut tegese humor luwih wigati, tembung humor utawa humour sacara etimologis asale saka basa Latin yaiku humor utawa umor kang tegese (The New Encyclopedia Bitannica VI, 1989:145). Saka istilah ing ndhuwur tuwuh wujud istilah sing nganti saiki arupa wujud komunikasi kang komis yaiku sawijining rangsangan mental kang kompleks saengga nuwuhake pepenginan ngguyu (Ensiklopedia Nasional Indonesia jilid VI, 1989:497). Sajrone New Encyclopedia Britanica jilid VI (1989:145) diandharake yen humor yaiku sekabehing wujud rangsangan kang spontan uga nuwuhake esem lan guyu dening wong sing ngrungokake utawa sing maca. Rangsangan kasebut kaperang dadi loro yaiku kaping
pisan arupa ide/masalah sing lucu lan kaping pindo wujud kabasan sing sengaja dikreasikake dening panuture saengga nuwuhake kalucon. Tegese humor ing kamus Webster (1976:1102) dijlentrehake minangka sawijining wujud komik sing nuwuhake rasa pepenginan ngguyu lan hiburan. Saemper karo teges ing ndhuwur, Dananjhaya menehi panemu ngenani humor yaiku minangka wujud folklor sing bisa nuwuhake rasa lucu saengga bisa ndadekake ngguyu tumrap pamacane (Ensiklopedia Nasional Indonesia jilid VI, (1989:498). Humor kasebut arupa dongeng sing lucu, teka-teki sing wangsulane lucu, puis rakyat sing lucu utawa nyanyian rakyat sing lucu. Fungsi Humor Panganggo tulisan tumrap kaos Cak Cuk Surabaya nduweni saperangan fungsi humor, ing kene yaiku (1)minangka sarana hiburan, humor bisa nuwuhake kalucon lan njalari kahanan luwih santai, (2) minangka sarana kritik sosial, kritik ditujokake marang golongan tartamtu awujud sindiran, (3) minangka proses pendidikan tumrap bocah, manut panemune Wijana (2004,2-3) humor yaiku dolanan, tumrap bocah dolanan yaiku proses tuwuhe kreativitas, mula dolanan bisa njalari bocah supaya nuwuhake samubarang kang anyar lan nduweni sipat kreatif. Mula saka kuwi saka humor, bocah luwih siyap dadi anggota masyarakat. Miturut Sujoko (1992:57) humor nduweni fungsi: (1) nglakoni sakabehing pepenginan lan tujuwan gagasan utawa pesen; (2) nyadarake manungsa yen dheweke ora mesthi bener lan pener; (3) ndadekake manungsa njlimeti masalah saka saperangan pandulu; (4) ngibur; (5) nglancarake piker; (6) njalari manungsa luwih toleransi marang samubarang; (7) njalari manungsa ngerteni ngenani bab “pelik”. Aspek Fonologis Penciptaan Humor Humor ora uwal saka unsur panciptane kang manfaatake potensi basa minangka sumber kalucon. Salah sawijine kreativitas kang dilakoake yaiku manfaatake saperangan aspek kabasan, kaya aspek fonologis lan ketaksaan (Wijana, 2003:131-135). Aspek fonologis sajrone humor bisa ditintingi kanthi teknik substitusi, permutasi, penyisipan, penambahan bunyi, lan pelepasan bunyi. 1. Substitusi bunyi Substitusi bunyi yaiku proses owahe unsur tumrap basa dening unsur basa liyane ing satuan kang luwih gedhe kanggo njlentrehake perangan unsur tartamtu (Kridalaksana, 1982:159) Bab iki dilakoni supaya nuwuhake efek lucu tumrap sawijining konteks. 2. Permutasi bunyi Permutasi bunyi yaiku owahe deret unsur-unsur tumrap tembung kang asipat disengaja utawa ora disengaja lan kerep nuwuhake efek lucu marang sing
3
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
ngrungokake utawa maca (appreciator). Sacara psikologis gejala arupa salah pocapan iki ana sesambungan karo proses mental kang kompleks (Hudson sajrone Wijana, 2004:133). Tuladhane kaya wong sing nakokake 3. Penyisipan bunyi Penyisipan bunyi yaiku penambahan utawa pengurangan sa-fonem utawa luwih ing tengah, ing ngarep utawa ing pungkasane tembung. Gejala penggabungan utawa pengurangan wujud basa kuwi tumuju objek kang mesthine wis bener nanging sengaja disalahake utawa diseseli (Kridalaksana 1982:93). 4. Penambahan bunyi Anane unsur penambahan bunyi tumrap sawijining tembung uga bisa ngasilake efek lucu marang sawijining cecaturan. Wijana (2004: 138) ngandharake menawa gejala penambahan bunyi bisa kedadean ana ing ngarep utawa mburine tembung. 5 Pelesapan bunyi Pelesapan bunyi yaiku owahe sak fonem utawa luwih nanging unine kang diasilake meh padha karo unine kang dimaksud asipat disengaja utawa ora disengaja. Ketaksaan Penciptaan Humor Ana saperangan ketaksaan kang nduweni manfaat minangka sarana penciptaan kalucon tumrap wacana humor desain kaos. Ketaksaan yaiku wujud sawijining tembung, frase, lan ukara ana saperangan antarane asipat ambiguitas marang wujud basa liyane (Chaer, 2002:104). Ketaksaan tumrap basa nduweni tataran lingual kang padha. Ing ngisor iki bakal diandharake ngenani teges lan perangan ketaksaan. Ketaksaan dhewe diperang dadi loro yaiku ketaksaan leksikal lan ketaksaan gramatikal. 1. Ketaksaan Leksikal Wijana (2004: 140) ngandharake wujud kabasan, tembung, frasa, utawa ukara yen owal saka konteks panganggone, sabanjure bakal ana saperangan unsur basa kang ngalami potensi sacara aksidental asipat taksa (ambiguous) tumrap wujud basa liyane. Ketaksaan leksikal yaiku ketaksaan kang kabentuk amarga anane sawijining wujude tembung kang nduweni rong makna utawa luwih. Makna kang bedha tumrap satembung kasebut bisa ana sesambungan uga ora 2. Ketaksaan Gramatikal Ketaksaan ora mung kedadean saka leksem kang nduweni rong makna utawa teges nanging uga kedadean saka penggabungan leksem-leksem liyane Ketaksaan gramatikal yaiku ketaksaan kang kedadean saka gabungan loro utawa saperangan leksem (Wijana, 2004: 181). Penyimpangan Prinsip Kesopanan
Penyimpangan prinsip kesopanan yaiku caracara peserta tindak tutur interaksi tumrap upaya ora ngregani lan ngurmati mitra tuture. Miturut Leech (1993:67) prinsip kesopanan diperang dadi 6 maksim. Penyimpangan prinsip kesopanan diperang dadi penyimpangan maksim kebijaksanaan, penyimpangan maksim kemurahan, penyimpangan maksim penerimaan, penyimpangan maksim kerendahan hati, penyimpangan maksim kecocokan, lan penyimpangan maksim kesimpatian. Gegayutane karo humor yaiku sajroning pambangun humor kaperang dadi penyimpangan prinsip kesopanan tumrap wacana lan cecaturan. 1. Penyimpangan maksim Kebijaksanaan Penyimpangan maksim kebijaksanaan yaiku ora isin nalika ngandharake tuturan kang ngrugekake wong liya. 2. Penyimpangan maksim kemurahan Penyimpangan maksim kemurahan yaiku ngupaya ndhisikake keuntungan lan nyampingake kerugian tumrap awake dhewe. 3. Penyimpangan maksim penerimaan Penyimpangan maksim penerimaan yaiku ngluwihi sipat ora kurmat marang wong liya. 4. Penyimpangan maksim kerendahan hati Penyimpangan maksim kerendahan hati yaiku nyundhukake utawa ngluwihake kemampuan kang dinduweni awake dhewe. 5. Penyimpangan maksim kecocokan Penyimpangan maksim kecocokan yaiku ora cocoge mitra tutur, ditujokake kanggo ngandharake panemu lan ekspresif. Maksim iki ngluwihake panemu kang ora setuju lan meminimalkan panemu kang ora setuju marang wong liya. 6. Penyimpangan maksim kesimpatian Penyimpangan maksim kesimpatian yaiku meminimalkan simpati marang wong liya lan ngluwihi antipati marang wong liya. Kaos Cak Cuk Surabaya Kaos Cak Cuk Surabaya yaiku pabrik kanga sale saka Surabaya. Perusahaan iki diwiwiti 10 November 2005. Wiwit tahun 2005, Cak Cuk wis nduweni papat outlet yaiku ing Jl. Mayjend Sungkono 35, Jl Raya Dharmawangsa 35, Jl Raya Ahmad Yani 263, Jl Merr Rungkutl, Jl Golf 1 No 60, lan ing Jl Kedung Cowek No. 36. Arane Cak Cuk saka tetembungan kang makili kutha Surabaya. Tembung kaping pisan yaiku Cak kang tegese tembung aran kanggo wong lanang sing luwih tuwa. Tembung kaping pindo yaiku cuk kang arane tembung misuh khas Surabaya. Produsen kaos Cak Cuk yaiku Dwita Roesmika wong Surabaya asli, kelairan tahun 1977.
4
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
kanggo ngandharake asiling panliten kang awujud dhatadhata tanpa ngowah-owahi dhata. Sumber Dhata lan Dhata Sumber dhata yaiku subjek kang bisa ditentukake. Sumber dhata iki minangka sumber papan dhata kang dibutuhake panliti. Sumber dhata iki bisa nuwuhake sawijining bakal minangka objek panliten. Arikunto (2006:129) ngandharake menawa sumber dhata iku saka wong kang njawab pitakonan utawa responden, bisa arupa tulisan utawa pangucapan Dhata minangka objek panliten yaiku basa kaos Cak Cuk Surabaya. Dene sumbering dhata minangka subjek panliten yaiku arupa print out desaign kaos Cak Cuk Surabaya kang ngamot tembung, frase, klausa, ukara, wacana. Instrumen Panliten Instumen panliten yaiku piranti utawa cara kanggo njaring dhata kang dibutuhake ing pangumpule dhata panliten. Sesambungan saka sipat dhata lan jinis panliten, mula instumen ing panliten iki diperang dadi rong jinis, yaiku instrumen utama lan instrumen panyengkuyung. Panliten kualitatif sing mirunggan ngrembag bab polaning basa lan cakriking basa tulis, panliti tumindak minangka instrumen utama sebab panliten iki minangka pawongan kang nggolek lan ngolah dhata. Dene piranti panyengkuyung kang digunakake tumrap panliten iki, antarane: (1) kamera kang digunakake kanggo motret objek panliten, yaiku basa humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya, (2) alat tulis (buku&bolpen) kang digunakake kanggo pengkodean, nggawe kertu dhata, lan nglompokake dhata, lan (3) laptop kanggo mindah foto saka kamera. Tata Cara Pangumpulane Dhata Ing panliten iki, panliti ngumpulake dhata saakeh-akehe saka sumbering panliten. Metodhe pangumpulan dhata sajrone panliten iki nggunakake metodhe nyemak. Diarani metodhe nyemak utawa penyemakan, yaiku nyemak nggunakake basa kang ngandhut humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya kanthi tintingan pragmatik. Miturut Sudaryanto (1988:2) ngandharake menawa metodhe nyemak utawa nyemak amarga satenane arupa penyemakan; dilakokae kanthi nyemak, yaiku nyemak nggunakake basa. Teknik nyemak tegese panliti minangka kunci inti kanggo nglakokake teknik nyemak kanthi njingglengi sumber dhata yaiku sasaran panliten arupa wacana kang wujude desain kaos oblong prodhuk Cak Cuk. Saliyane kuwi teknik nyemak iki dikarepake supaya wacana desain kaos Cak Cuk Surabaya trep karo sing ditinting yaiku ngenani unsur kang ana ing BHSKCCS. Metodhe sabanjure yaiku awujud teknik nyatet. Dhata saka panliten iki dijupuk saka katalog desain kaos
Lelandhesan Teori Sajrone panliten iki ditulis ngenani pirangpirang kerangka teoritik ing njerone. Teori-teori kang cocog karo undherane panliten kang digunakake kanggo dhasar nganalisis dhata ing panliten iki. Kanggo nganalisis basa humor kang ana sajrone kaos Cak Cuk Surabaya yaiku : Teori kang digunakake yaiku teori ngenani deiksis. Cummings (2007:31) ngandharake yen deiksis ngandhut andharan-andharan saka kategori gramatikal lan nduweni jinis saemper karo tembung kriya lan tembung sesulih, ngandharake saperangan entitas tumrap konteks sosial, lungistik, utawa caturan kang luwih amba. Implikatur yaiku kedadean saka tembung imply (basa latin: plicare) kang tegese to fold yaiku melipat. Kanggo ngerteni apa kang dilempit utawa disimpen kudu nglakoni kanthi cara mbukak. Supaya meruhi maksud panutur, mitra tutur kudu nglakokake interpretasi tuturan (Mey, 1999:99). Grice (1975:56) sajrone artikel Logic and Conversation ngandharake yen tuturan bisa ngalami implikasi proposisi kang ora kalebu wujud saka tuturan kasebut. . METODHE PANLITEN Rancangan Panliten Metodhe panliten yaiku minangka tahapan kang paling penting sajrone panliten, amarga metodhe panliten minangka sarana, prosedur, teknik kang dipilih sajroning nglaksanakake panliten utawa sajroning pangumpulan dhata Djajasudarma (1993:3). Panliten ngenani BHSKCCS kalebu jinis panaliten kualitatif. Jinis panaliten kualitatif yaiku tata cara panaliten kang ngasilake dhata deskriptif, kang dijupuk kanthi cara holistik utawa wutuh, Bodgan lan Taylor (ing Moleong, 2001: 3). Titikan jinis panliten dheskriptif yaiku dhata kang akeh diwedharake apa anane utawa sabisane kaya wujud asline dhata (Moleong, 2001: 6). Andharan iki nduweni sesambungan karo andharan karo Nawawi uga Martini (1996: 174) yen dhata saka panliten kualitatif kuwi diwedharake kanthi limrah, apa anane uga ora diowahi dadi wujud simbol-simbol. Panliten ngenani BHSKCCS iki nggunakake panliten kualitatif amarga jinis panliten iki nduweni ancas kanggo ngandharake dhata kanthi apa anane. Andharan iki diandharake karo Arikunto (2006: 15-16) bab karakteristik panliten kualitatif yaiku panliten kang sipate gumantung ing dhata, anggone panliti interaksi karo responden ana ing konteks kang alami, validitas panliten adhedhasar kang ana ing kaprigelan panliti, ingkang wigati yaiku ana ing proses tinimbang asiling panliten. Panliten iki arep nliti BHSKCCS kanthi tintingan Pragmatik , awit saka kuwi, panliten iki nduweni ancas
5
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
oblong Cak-Cuk kang ana ing sakliwere kutha Surabaya. Dhata kasebut sabanjure dicatet manut karo apa kang arep dirembag. Teknik nyatet kelakon kanthi cara nyatet wacana kang wis dianalisis lan ditandani ana ing kertu dhata. Iki nduweni tujuan kanggo nggampangake anggone nganalisis dhata. Teknik kertu dhata migunani banget kanggo panliten kualitatif sajrone pangumpulan dhata ing lapangan. . Kertu dhata iki arupa catetan ngenani apa wae kang wis kasil diolehake ing lapangan lan diklasifikasi manut underaning panliten. Kertu dhata iki sipate mung formalitas kanggo njangkepi teknikteknik liyane. Tata Cara Njlentrehake Dhata Analisis dhata yaiku proses njlentrehake dhata kang tujuane kanggo mangsuli perkara-perkara sing ana sajrone panliten lan supaya luwih gamblang anggone nliti perkara. Sajrone proses analisis dhata iki ana perangan prosedur, yaiku : (1) Ngumpulake dhata sing ana. (2) Nyeleksi dhata, asil catetan, panliti nyeleksi dhata sing ngemot BHSKCCS kanthi tliti lan disambungake karo underaning panliten. Iki mono supaya prakara kang bakal diudhari bisa kawedhar kanthi cetha tumrap pamaca. (3) Klasifikasi lan Kondifikasi Dhata Klasifikasi dhata minangka upaya nggolongake adhedasar kategori tartamtu sing dienggo panliti. Tahapan iki wigati banget anggone ditindakake sabab supaya proses klasifikasi dhata bisa cetha antarane dibutuhake klawan ora dibutuhake. Dene kodifikasi dhata yaiku menehi kode-kode ing dhata panliten kang adhedasar saka jinis-jinise prakara sajrone panliten. Pengkodean iki dianakake supaya nggampangake panulisan tumrap asile panliten. Kode-kode kang ditulis kajupuk saka aksara kawitan saka tembung kang diwakili. Tembung kang diwenehi kode mung tembung kang ana sesambungane karo bab panliten. (4)Penganalisisan Dhata Sawise diklarifikasi dhata diperang miturut tataran utawa prakara kang ana, banjur dhata dianalisis, kanggo njawab instrumen sajroning panliten iki. Panliti nyoba ngungkapake, menehi tuladha, sarta ndudutake. Tata Cara Nyuguhake Asil Panliten Asile nintingi dhata sing arupa temuan panliten sing minangka jawaban saka underane panliten sing arep diwudhari, kudu disuguhake kanthi wujud teori. Sajrone nyuguhake asile panliten kasebut, ana rong metodhe sing bisa digunakake. Metodhe kasebut yaiku metodhe formal lan metodhe informal (Mahsun, 2005:255). Metodhe informal yaiku tatacara panyuguhe dhata kanthi ngrumusake asile panliten nggunakake tembung-tembung biasa, kalebu panganggone
terminologi sing asipat teknis. Dene metodhe formal yaiku tatacara panyuguhe dhata kanthi ngrumusake asile panliten nggunakake tandha-tandha utawa lambanglambang (Sudaryanto, 1993:145). Pada dasarnya bagian ini menjelaskan bagaimana penelitian itu dilakukan. Materi pokok bagian ini adalah: (1) rancangan penelitian; (2) populasi dan sampel (sasaran penelitian); (3) teknik pengumpulan data dan pengembangan instrumen; (4) dan teknik analisis data. Untuk penelitian yang menggunakan alat dan bahan, perlu dituliskan spesifikasi alat dan bahannya. Spesifikasi alat menggambarkan kecanggihan alat yang digunakan sedangkan spesifikasi bahan menggambarkan macam bahan yang digunakan. Untuk penelitian kualitatif seperti penelitian tindakan kelas, etnografi, fenomenologi, studi kasus, dan lain-lain, perlu ditambahkan kehadiran peneliti, subyek penelitian, informan yang ikut membantu beserta caracara menggali data-data penelitian, lokasi dan lama penelitian serta uraian mengenai pengecekan keabsahan hasil penelitian. Sebaiknya dihindari pengorganisasian penulisan ke dalam “anak sub-judul” pada bagian ini. Namun, jika tidak bisa dihindari, cara penulisannya dapat dilihat pada bagian “Hasil dan Pembahasan”. ANDHARAN ASILE PANLITEN 4.1 Aspek Kabasan Basa Humor Kaos Cak Cuk Surabaya Penyimpangan sajrone kaidah kabasan tumrap humor wis diarani bab sing wajar. Kaidah kabasan kang isih ditengenake malah ora nuwuhake kesan humor. Kaidah-kaidah kang nyengkuyung sengaja disimpangake kanggo ngruwetake pikirane mitra tutur saengga dheweke mikir luwih jeru apa maksud kang diandharake panuture. Bab kang disimpangake uga nuwuhake teges kang ambigu. Aspek basa kang dimaksud yaiku ana ing ngisor iki. 4.1.1 Aspek Fonologis Aspek kang njingglengi uni-uni basa tartamtu manut fungsine kanggo mbedakake makna leksikal basa kasebut. Ing basa humor, unen kang dituwuhake sengaja disimpangake saka kebakuan basa. Bab iki disengaja dilakokake kanggo nggayuh tujuwan lan maksud kang arep diandharake. Humor diarepake bisa njalari pamaca mesem lan gumuyu. Kaya mangkene andharan kang luwih cetha bab aspek fonologi sajrone wacana kaos Cak Cuk Surabaya 4.1.1.1 Substitusi Bunyi Substitusi bunyi bisa diarani minangka proses owahe sawijine uni saengga tuwuh tembung liyane. Substitusi diarani proses utawa asil owahe unsur basa
6
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
saka unsur liyane ing satuan kang luwih gedhe kanggo oleh unsur pambeda utawa ngandharake unsur tartamtu. Supaya ngasilake efek kang lucu, tukang desain kaos oblong ora arang nggunakake kekreatifitasan tumrap nggunakake basa. Salah sawijine nggunakake fenomena substitusi bunyi marang sawijine tembung supaya nduweni makna kang beda. (1) BASMAN LEGENDS OF THE LUDRUK LEGENDA LUDRUK SURABAYA “Yu Painten Ketiban cendelo, cekap semanten atur kawulo” “Yu Painten Kejatuhan Jendela, cukup sekian penampilan saya” (dhata 48, 120) Wacana ing ndhuwur (1) nuduhake anane proses subtitusi bunyi marang tokoh fiksi kang misuwur yaiku marang subjek Batman. Batman yaiku pahlawan super kang nggawe kostum lawa. Adhedasar wacana ing ndhuwur tembung Batman dipermutasi dadi Basman yaiku tokoh utawa paraga ludrug sa-tren karo Cak Kartolo, Sapari, lsp, paraga kang misuwur ing kutha Surabaya. Anane subtitusi bunyi kabukten saka owahe tembung huruf /t/ ing tembung Batman dadi /s/ ing tembung Basman. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake menawa Basman yaiku paraga ludrug kang dadi legenda ing kutha Surabaya. 4.1.1.2 Permutasi Bunyi Sajrone basa plesetan kerep kedadean prastawa owah-owahan fonem tumrap wacana utawa tuturan utawa kerep diarani slip of tongue. Ing kahuripan saben dina lumrahe ana tuturan kang ngalami permutasi bunyi kang disengaja utawa ora disengaja. Anane permutasi bunyi kang kanthi langsung iki uga njalari tuwuhe kalucon utawa unsur humor sajrone tuturan utawa sawijine wacana tumrap pamaca (5) DOLLY’ DONNUTS Roti berlubang paling terkenal di Surabaya Bisa dimakan di tempat atau dibawa keluar (dhata 12, 116) Wacana (5) uga kalebu aspek kabasan permutasi bunyi kabukten saka tembung dunkin kang arane papan panggonan adol panganan mligine donat sing sengaja dipermutasi dadi dolly kang arane papan panggone prostitusi kang misuwur ing kutha Surabaya. Konteks wacana ng dhuwur yaiku tegese donat sing asli dipermutasi dadi wanita kang adol awake utawa diarani PSK diduduhake saka wacana Roti berlubang paling terkenal di Surabaya Bisa dimakan di tempat atau dibawa keluar. Pratelan ing ndhuwur kuwi nduweni makna PSK sing manggon ana ing dolly (panggon prosititusi misuwur ing Surabaya) bisa dijak ‘main’ ing
panggon (dolly) utawa ing njaba manut marang sing tuku ‘donat’ utawa PSK. 4.1.1.3 Penambahan Bunyi Penambahan bunyi bisa disisipake ana ing mburi utawa ngarepe tembung. Bab iki uga bisa njalari anane penambahan bunyi ing tengah utawa pungkasane tembung. Anane unsur penambahan bunyi tumrap salah sawijine tembung uga bisa nyengkuyung anane kalucon marang sawijining wacana kang digunakake dening tukang desain kaos. (16) Anatomisuh Matamu picek Untumu krewak Gegermu mlocot Dengkulmu anjlog Ndasmu pethal Bathukmu sempal Cangkemmu bosok Kakikmu tumpes (dhata 34, 118) Wacana ing ndhuwur nuduhake fenomena penambahan bunyi. Gejala penambahan bunyi kang ditemokake yaiku ana ing pungkasane tembung. Proses penambahan bunyi ditujokake marang tembung anatomi kang tegese arane perangan awak manungsa kang ngalami penambahan bunyi dadi anatomisuh kang tegese arane misuh sing nyambungake bab awak manungsa. Uni anatomi ditambah huruf /s/, /u/, /h/ saengga dadi anatomisuh. Penambahan bunyi marang desain kaos iki mbuktekake kekreatifan tukang desain kaos saengga dadi wacana kang lucu lan unik. Konteks wacana ing ndhuwur yaiku ngandharake aran-arane misuh kang sesambungan karo perangan awake manungsa, yaiku matamu picek, untumu krewak, gegermu mlocot ,dengkulmu anjlog, ndasmu pethal, bathukmu sempal, cangkemmu bosok, kakikmu tumpes. 4.1.1.4 Penyisipan Bunyi Penyisipan bunyi bisa dilakokake ing madyaning tembung. Saka anane unsur penyisipan bunyi tumrap sawijine tembung mula tuwuh efek humor utawa rasa pepenginan kanggo ngguyu marang pamaca. (19) Kencing aja bayar seribu rupiah SURABIAYA Di Surabaya gak ada yang gratis Semua butuh biaya di Surabiaya (dhata 04, 115) Wacana ing ndhuwur nduweni subjek yaiku salah sawijine kutha kang misuwur diarani kutha pahlawan ora liya yaiku kutha Surabaya. Sinebut kutha pahlawan amarga sejarahe kang wigati, akeh pahlawan kang nglakoake perjuwangan ngrebut kamardikan bangsa Indonesia saka penjajah kang kedadean ing kutha Surabaya. Tembung Surabaya ngalami proses penyisipan
7
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
bunyi dadi tembung Surabiaya, kang kaseselan huruf /i/ mula tegese dadi beda. Konteks wacana ing ndhuwur yaiku nuduhake ragad urip ing Surabaya kuwi ora ana sing gratis kamangka nguyuh wae kudu ngetokake dhuwit sewu rupiah. Mulane sinebut Surabiaya amarga kabeh butuh ‘biaya’ kanggo urip ing Surabaya. 4.1.1.5 Kemiripan Bunyi Kanggo ngasilake sawijine wacana kang kreatif, tukang desain kaos medharake sakabehing idhe lan kreatifitas kanthi cara ngowah-ngowahi unsur-unsur basa supaya nggayuh tujuwan kang dipengeni. Fenomena kabasan mligine kemiripan bunyi minangka salah sawijine cara kang dicakake dening tukang desain kaos supaya ngasilake efek kang lucu kanggo pamaca. (24) Miyabi Ozawa Miyati Pesek Menculik Miyabi Miyati (produk luar? Nggak, ah! Ayo kita cintai produk dalam negeri) (dhata 09, 115) Wacana (24) ing ndhuwur sengaja dianakake fenomena kemiripan bunyi supaya ngasilake efek lucu marang pamaca. Bab iki dibuktekake ana ing tembung Miyabi lan Miyati. Ing tembung Miyabi lan Miyati menawa diucapkake bakal mirip amarga nduweni wiwitan tembung kang padha yaiku Miya. Konteks wacana ing ndhuwur ngandut ukara pangajak marang pamaca supaya cintai utawa nggawe prodhuk saka Negara dhewe yaiku Indonesia diduhake saka wacana ‘Menculik Miyabi (Ozawa)’ diplesetake dadi ‘Menculik Miyati (Pesek)”. Miyati dhewe yaiku nuduhake jenenge wong Indonesia kang nduweni ciri khas Pesek. Dene Miyabi yaiku bintang paraga film dhiwasa saka Jepang. 4.1.1.6 Parikan Parikan mujudake salah sawijine unen-unen kang nduweni paugran kayata kedadeyan saka rong ukara, saben saukara kedadeyan saka rong gatra, gatra kapindho cacahe papat utawa wolu, dene gatra kang kapisan ajeg patang wanda, dong-dinge swara (Padmosoekotjo, 1953:64). Kanggo ngasilake wacana kang lucu, tukang desain kaos uga ngandharake idhene liwat parikan utawa pantun minangka sumber humor.
Jula-Juli kalebu parikan khas Jawa Timur kang lumrahe ditembangake ing penthas Ludrug. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake Basman arep mungkasi dhagelane utawa penthase kanthi jula-juli adhedasar wacana (28) ing ndhuwur. Gatra kapisan ‘Yu Painten Ketiban cendelo’ minangka purwaka kanggo narik kawigatene penonton, banjur isine parikan kang ana ing gatra kapindo ’cekap semanten atur kawulo’ negesake wacana ing ndhuwur kalebu jinise parikan. 4.1.2 Aspek Morfologis Morfologi yaiku salah sawijine ilmu basa kamg nyinaoni utawa ngonceki ngenani bab tembung. Sajrone ngasilake basa humor kang unik, tukang desain kaos ngolah lan molak-malik tembung supaya narik kawigatene pamaca, sarta njalari tulisan-tulisan marang kaos dadi aneh saengga nambah kesan humor tumrap wacana. Ing ngisor iki bakal diandharake penyimpangan morfologi kang dicakake kanggo ngasilake wacana humor. 4.1.2.1 Ortografis Sajrone basa humor kaos kerep nggunakake aspek ortografis kanggo nambah keunikan sarta kalucon tumrap wacana. Pemanfaatan aspek ortografis iki sesambungan karo huruf lan cara-cara panulisan huruf. Ing ngisor iki bakal diandharake wacana kang ngalami proses ortografis. (31)
(dhata 15,116) Wacana (31) ing ndhuwur kalebu wacana kang nuduhake anane penyimpangan aspek ortografis. Bab iki dijalari amarga cara panulisane manut konvensi panulisan huruf Arab kang diwiwiti saka tengen ing kiwa utawa cara panulisane kwalik. Konteks wacana ing ndhuwur ngenalake panganan khas Surabaya awujud sega goreng kang pedhes banget banjur digambarake kaya tembung ‘jancuk’ kang manthep mula pas kanggo nggambarake pedhese sego goreng khas Surabaya kasebut dene ora jangkep yen ana ing Surabaya ora nyoba sega goreng Jancuk. Konteks bab sego goreng khas Surabaya sing pedhes ing wacana (31) ditambahi gambar Lombok abang supaya luwih teges maknane. 4.1.2.2 Akronim (Kereta Basa) Kerata basa mujudake basa utawa tembung kang dikeratane, yaiku ditegesi kanthi kapilih saka wancahe (Padmosoekotjo,1953:29). Penyimpangan aspek morfologis awujud kerata basa uga bisa nambahi efek
(28) BASMAN LEGENDS OF THE LUDRUK LEGENDA LUDRUK SURABAYA “Yu Painten Ketiban cendelo, cekap semanten atur kawulo” “Yu Painten Kejatuhan Jendela, cukup sekian penampilan saya” (dhata 48, 120) Wacana ing ndhuwur nuduhake anane tembang jula-juli. Jula-juli kuwi uga sawijining perangan parikan. 8
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
lucu sajrone wacana kaos. Tetembungan kang ngandhut kerata basa bisa narik kawigatene pamaca. Senajan tetembungan kang dikeratake minangka tetembungan kang umum nanging nduweni style kang beda. (32) PERSEBUAYA SURABAYA Persatuan Sepak Bola Kota Buaya (dhata 14, 116) Kreasi humor tumrap wacana (32) ing ndhuwur dicakake liwat tembung Persebuaya kang dijupuk saka tembung Persatuan Sepak Bola Kota Buaya. Wacana ing ndhuwur njupuk subjek Persebaya kang tegese Persatuan Sepak Bola Kota Surabaya yaiku tim sepak bola dhaerah kang makili kutha Surabaya. Kamangka dening tukang desain kaos diplesetake dadi Persebuaya supaya nuwuhake efek lucu utawa unsur humor marang pamaca. Kajaba tukang desain kaos ngasilake wacana kang manfaatake unsur humor , tembung Surabaya dhewe bisa diarani kutha Baya amarga Surabaya kedadean saka rong tembung yaiku Sura lan Baya mula dening panulis diplesetake dadi Kota Buaya. 4.1.2.3 Singkatan Singkatan yaiku wujud kang dicekakake lan diperang dadi sa-huruf utawa luwih. Adhedasar KBBI (2008: 355) singkatan yaiku asil saka menyingkat (nyekakake), arupa huruf utawa wandha. (PMI,PLN,lsp,lan lst), cekakan utawa ringkasan. (36) DTC DOLLY TRADE CENTER Pusat Jual Beli/ Tukar Tambah “anu” Baru & Bekas Terlengkap dan Terbesar se-Asia Tenggara (dhata 26, 117) Ing wacana (36) ana proses penyingkatan ing DTC kang kepanjangan saka Darmo Trade Center. DTC yaiku papan panggonan kanggo wong belanja sandhangan kang manggon ana ing dalan Jagir Wonokromo. Nanging dening tukang desain kaos sengaja diplesetake dadi Dolly Trade Centre kang tegese pusat panggonan kanggo prostitusi. Bab penyelewengan disengaja supaya nuwuhake efek lucu marang pamaca. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake Dolly yaiku papan panggonan transaksi prostitusi kang paling gedhe ing ASEAN. Wiwit PSK isih prawan nganti wis ora prawan kabeh ana ing Dolly. 4.1.2.4 Dwilingga Dwilingga kalebu jinise tembung rangkep (reduplikasi) yaiku proses morfemis kang ngambali wujud dhasar utawa perangane wujud dhasar kasebut. Dwilingga dhewe nduweni teges tembung lingga kang dirangkep. Parangkepe tembung lingga iki ana karangkep wutuh lan ana karangkep mawa owah-owahan swara. Ing ngisor iki bakal diandharake ngenani bab wacana kang ngecakake tembung dwilingga wutuh.
(42) Di Surabaya kupu-kupu keluar dari sarangnya justru pada waktu malam hari. Night Buterfly City. Kota Kupu-kupu Malam. (dhata 07, 115) Wacana (42) ing ndhuwur nuduhake anane proses reduplikasi utawa diarani tembung dwilingga, kabukten saka tembung kupu-kupu. Kupu-kupu ing konteks asline yaiku arane kewan iber-iberan asal saka enthunging uler. Bedha karo konteks ing wacana ndhuwur (42), kupu-kupu tegese wong wadon tuna susila (PSK) Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake ing Surabaya yen wayah bengi para wanita tuna susila padha methu, lan njalani tugase minangka wanita penghibur ing bab kuwi digambarake saka tetembungan kupu-kupu malam. 4.1.2.5 Jeneng Miturut Wijana (2004: 222) ngandharake yen kabeh tebung umume kalebu tembung nonreferensial, kaya lan, nanging, banjur, lsp nduweni makna (sense). Miturut Alwi (2002: 773) jeneng yaiku tembung kanggo nyebut utawa nyeluk wong (papan panggonan, samubarang, kewan). Plesetan tumrap jeneng bisa dikreasi supaya wacana nuwuhake unsur humor. (43) The Legend Of Soccer Supporter James Bonek Bondho Nekat Dihormati Kawan Disegani Lawan (dhata 63, 121) Pemanfaatan tumrap jeneng ana ing wacana (43) kabukten ana ing tembung James Bonek. Ing kene saliyane ana proses pemanfaatan jeneng minangka wujud kreasi saka tukang desain kaos uga ana proses permutasi bunyi yaiku ing tembung Bond dadi Bonek. Ing konteks asli James Bond yaiku paraga fiksi kang ndhapuk dadi agen FBI utawa agen 007. Jeneng ing konteks asli diplesetake dadi James Bonek. Bonek akronim saka Bondho Nekat yaiku supporter Tim Persebaya, tim Balbalan dhaerah kang makili kutha Surabaya. Bonek dicap supporter kang nekat lan wani mula diarani Bonek (Bondo Nekat). Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake menawa Bonek kuwi supporter bal-balan kang misuwur ing kalangan supporter liyane minangka supporter kang dikurmati marang kanca padha bonek lan diajeni marang musuhe. 4.1.3 Aspek Semantis Semantik yaiku ilmu kang ngrembag bab makna tumrap tembung lan ukara. Ing bab iki semantik uga ndhapuk kanggo nuwuhake unsur humor sajrone wacana. Ing ngisor iki bakal dijlentrehake kanthi cetha bab aspek semantik sajrone BHSKCCS
9
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
4.1.3.1 Paribasan Tukang desain kaos ngandharake kabeh idhe lan kreatifitas kanggo ngasilake unsur humor utawa efek lucu marang konsumen (pamaca). Semono uga tukang desain kaos uga ngecakake bab paribasan kanggo nggayuh tujuwan kang dikarepakake. Paribasan yaiku Yaiku unenunen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. (44) Witing tresno jalaran soko kuliner Yu Tumi Nasi rawon dan nasi pecel Yu Tumi, Mbak Tumi, Ning Tumi, Lik Tumi, Dhe Tumi, Mbok Tumi, Mak Tumi, Mbah Tumi, atau apapun sebutanmu, yang jelas karena rawon dan pecelmu, You To Me are everything, lah! (dhata 44,119) Paribasan uga sawijine aspek basa kang kerep dicakake minangka sarana kanggo ngasilake unsur humor marang pamaca. Wacana (44) ing ndhuwur kalebu paribasan amarga nduweni teges entar. Konteks asli paribasan ing ndhuwur yaiku Witing Tresna Jalaran Saka Kulina kang tegese rasa tresna bisa tuwuh amarga kerep ketemu utawa bebarengan. Dene ing wacana (44) diplesetake dadi Witing tresno jalaran saka kuliner kang tegese rasa tresna bisa tuwuh amarga bab panganan/kuliner. Saliyane unsur paribasan kang dicakake ing wacana (44) uga ana proses permutasi bunyi, yaiku ing tembung Yu Tumi. Konteks asli ing tembung Yu Tumi yaiku oleh gambaran utawa orientasi saka You Tube, You Tube yaiku program internet kang fungsine kanggo ndelok video. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake jenenge wong Yu Tumi yaiku tukang adol sega rawon lan sega pecel. Merga masakane kang enak wong-wong padha marem lan keblinger marang masakane Tumi kabukten saka wacana Yu Tumi, Mbak Tumi, Ning Tumi, Lik Tumi, Dhe Tumi, Mbok Tumi, Mak Tumi, Mbah Tumi, atau apapun sebutanmu, yang jelas karena rawon dan pecelmu, You To Me are everything, lah!. 4.1.3.2 Metonimi Metonimi yaiku sawijining pratelan arupa panganggo jeneng tumrap barang liya kang dadi merek, ciri khas, utawa atribut kang dadi gabungan saka sawijining tembung. Kanggo ngasilake basa humor tumrap desain kaos oblong, para tukang desain kaos sengaja ngecakake majas-majas, salah sawijine yaiku metonimi. (46)
(dhata 01,115) Ing wacana (46) ngecakake bab metonimi. Metonimi ana ing lambang baya lan frase Jan.Cok Lugas dan Tegas. Frase ing konteks asli yaiku J.Co. J.Co yaiku merek restoran khusus dodolan donat, yogurt, lan kopi. J.Co perusahaan kang dinduweni dening Johny Andrean Group ngadeg ing taun 2005. Supaya tuwuh unsur humor, tukang desain kaos sengaja mlesetake dadi Jan.Cok. Jancok yaiku arane tembung pisuhan utawa tembung kang saru khas Surabaya. Sacara umum tembung Jancok kerep dinggo nalika wong lagi ngamuk utawa mangkel. Nanging ing Surabaya tembung Jancok dadi idhentitas tumrap komunitas panuture uga kerep dadi tembung panyeru kang fungsine kanggo ngraketake paseduluran lan kekancan. Ing wacana ndhuwur nggunakake simbol kewan sura lan baya. Nduweni slogan Jan.Cok Lugas dan Tegas, Jan.Cok makian dan umpatan asli dari Kota Buaya. Wacana (46) wujud penyimpangan saka logo J.Co simbole merak lan slogane Donuts and Coffe, Sharing the J.Co Way. 4.1.3.3 Homonimi Saemper karo polisemi, homonimi yaiku perangan saka rong tembung utawa luwih kang nduweni pocapan kang padha nanging tegese beda. Ora jarang masarakat nggunakake fenomena hominimi kanggo komunikasi lan nuwuhake kalucon. (49) Di Surabaya, anak-anak dilarang keras bermain dengan balon. Ensiklopedi: dalam bahasa Surabaya balon berarti perempuan nakal. (dhata 08, 115) Wacana (49) nggunakake homonimi tumrap tembung balon. Balon ing tembung kaping pisan tegese bal kang wujdue saka karet banjur diiseni gas utawa angina. Balon ing tembung kaping pindo yaiku basa Surabaya-an kang tegese wanita nakal utawa tuna susila. Saka rong tembung ing wacana (28) kagolong gejala homonimi amarga nduweni pocapan kang padha nanging ngemu teges beda. 4.2 Penyimpangan Prinsip Kesopanan Basa Humor Kaos Cak Cuk Surabaya Penyimpangan prinsip kesopanan kang dicakake minangka sarana penciptaan humor sajrone wacana kaos Cak Cuk Surabaya diperang ana nem jinis yaiku maksim kebijaksanaan, maksim kemurahan, maksim penerimaan, maksim kerendahan hati, maksim kecocokan, lan maksim kesimpatian. Ing ngisor iki bakal diandharake ngenani jinise penyimpangan prinsip kesopanan kasebut. 4.2.1 Penyimpangan Maksim Kebijaksanaan Maksim kebijaksanaan ngewajibake panutur ngurangi rugine wong liya utawa ningkatake bathine wong liya. Ateges mitra tutur rumangsa oleh wangsulan 10
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
kang nglegakake ati utawa padha karo sing dikarepake. Beda karo sing ana ing sajrone wacana kaos Cak Cuk Surabaya, maksim kebijakan ora dicakake supaya nuwuhake unsur lucu kang ningkatake rugine wong liya arupa tuturan prentah, ngancem, mbingungake, lan pemutarbalikan fakta. (50) Be-Mo Raja Jalanan Surabaya Awas, Jaga Jarak! Kami Sering Berhenti Tiba-Tiba!!! (dhata 13, 116) Wacana kasebut nuduhake anane pelanggaran maksim kebijaksanaan, amarga tuturan saka creator kang ora nyenengake. Wacana (50) uga padha anggone ngandhut surasa ora nyenengake kanggo mitra tutur. Surasa kang njalari wedi amarga diancem dening panutur. Konteks wacana ing ndhuwur ngenani sopir bemo kang ngelingake marang liya menawa dheweke kerep mandeg kang dumadakan, mula luwih becike jaga jarak saka bemo kuwi. Wacana ing ndhuwur ningkatake rugine wong liya amarga ngancam mitra tutur supaya jaga jarak lan ora ditubruk. 4.2.2 Penyimpangan Maksim Kemurahan Maksim kemurahan ngewajibake panutur nyithikake kauntungan lan ningkatake rugi marang awake dhewe. Nanging ing wacana kaos Cak Cuk Surabaya maksim kemurahan sengaja ora digatekake supaya nuwuhake efek kalucon marang pamaca utawa mitra tutur, disengkuyung kanthi gedhene kauntungan marang awake dhewe, lan rugi marang wong liya. Penyimpangan maksim kemurahan awujud pemanfaatan ketidaktahuan mitra tutur lan panjaluk marang mitra tutur (55) AMAN TA? Tentu saja aman, buat ikan di sepanjang kalimas Brownies Kakus Sepanjang tepi sungai Kalimas Surabaya Buka pukul 06.00 WIB – 07.00 WIB Fresh From The Oven (dhata 43, 119) Wacana (55) ing ndhuwur nuduhake anane pelanggaran maksim kemurahan, amarga andharan saka panutur ngrugekake pamaca. Wacana ing ndhuwur memanfaatkan ketidaktahuan pamaca kang posisine ora weruh apa kang dimaksud dening panutur saengga bisa ngandharake apa kang dikarepake lan ningkatake kauntungan marang awake dhewe kamangka mitra tutur ngemu kahanan kang ngrugikake awake dhewe. Anane wacana kang memanfaatkan ketidaktahuan mitra tutur bisa dicakake supaya nuwuhake unsur humor. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake menawa bebuwange manungsa kang digambarake dadi brownies kakus wis biyasa dipangan iwak ing kali (Kalimas Surabaya).
4.2.3 Penyimpangan Maksim Penerimaan Maksim penerimaan ngewajibake panutur supaya ningkatake rugi marang awake dhewe lan ngurangi kauntungan marang awake dhewe. Nanging ing wacana kaos Cak Cuk Surabaya, maksim penerimaan ora dicakake supaya ngasilake efek lucu mula disengkuyung gedhene rasa ora kurmat marang wong liya arupa andharan dening mitra tutur ora bisa ditampa kanthi sabab nyinggung surasane mitra tutur, menehi pujian kang ora iklhas, lan ngrendahake mitra tutur. Penyimpangan maksim penerimaan sajrone wacana kaos Cak Cuk Surabaya uga nengenake babagan ora kasurujukan tumrap apa kang diandharake dening mitra tutur. (57) Semua Manusia Bersaudara Semua Bonek Bersaudara Makan di warung gak bayar, naik angkot gak bayar, masuk stadion gak bayar kan semuanya saudara? (dhata 29, 117) Wacana ing ndhuwur kalebu pelanggaran maksim penerimaan kabukten saka andharan panutur kang maksimalake ekpresi ora sarujuk marang wong liya lan ora kurmat marang mitra tutur. Ing wacana (57) uga nuduhake menawa panutur mbombong mitra tutur kanthi ora ikhlas amarga ora tenanan anggone menehi pujian. Anane pujian kang ora tulus utawa ora ikhlas bisa ngasilake unsur humor. Konteks wacana ing ndhuwur mbombong bonek kang pasedulurane apik marang sapadha nanging ora ikhlas anggone mbombong amarga pungkasane ngarani menawa bonek kerep ora mbayar menawa mangan, numpak bemo, lan melbu stadion. Bab iki nuduhake anane surasa ora kurmat tumrap mitra tutur mula ngrugekake lan mbuktekake anane penyimpangan maksim penerimaan. 4.2.4 Penyimpangan Maksim Kerendahan hati Penyimpangan maksim kerendahan hati sajrone wacana kaos Cak Cuk Surabaya mujudake ragam basa cecaturan kang punjere manggon ana ing awake dhewe. Sajrone pelanggaran maksim iki panutur luwih gedhe endhase lan sakerepe dhewe amarga ndhisikake kabisan pribadhi kang panthes dibombong. Maksim iki kudu nggedhekake rasa kurnat marang awake dhewe lan nyitikake rasa kurmat marang wong liya. Ing bab iki nuduhake menawa anane penyimpangan maksim kerendahan hati bisa dicakake supaya nuwuhake efek lucu. (60) Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck JANCUK Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck Fuck
11
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
kacingkrangan utawa kasripahan, panutur wajib melu bela sungkawa minangka tanda ngemu surasa simpati. Nanging sajrone wacana kaos Cak Cuk Surabaya, maksim kesimpatian sengaja ora dicakake supaya tuwuh unsur lucu tumrap wacana kaos. Pelanggaran maksim kesimpatian sajrone wacana kaos Cak Cuk Surabaya mududake ragam basa pacaturan kang ora nuduhake surasa simpati. Ateges sawijine paraga ora ngurus apa kang dirasakake dening mitra tutur. (69) Visit Porong-Sidoarjo Pipa Lapindo Bocor-Banjir Lumpur KUALA LUMPUR yang sebenar-benarnya (dhata 27, 117) Wacana ing ndhuwur nuduhake yen panutur ora menehi surasa simpati marang mitra tutur mula bisa diarani pelanggaran maksim kesimpatian. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake menawa Kuala Lumpur arane Ibu Kota Negara Malaysia kang dianggep dadi papan wisata kawentar banjur diplesetake dadi dhaerah Porong yaiku salah sawijine kelurahan ing kecamatan Porong, Kabupaten Sidoarjo Jawa Timur wiwit taun 2006 wis nyemburake lumpur panas banjur diarani lumpur lapindo. Andharan ing ndhuwur luwih nggedekake rasa antipati tinimbang simpati amarga mlesetake papan panggonan bencana dadi papan panggonan wisata. Samesthine panutur nuduhake surasa simpati ora malah ngejak mitra tutur marani porong minangka papan panggonan bencana lumpur lapindo. Wacana ing ndhuwur kalebu penyimpangan maksim kesimpatian supaya nuwuhake unsur humor. 4.3 Fungsi Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya Saperangan fungsi basa humor sajrone wacana desain kaos oblong Cak Cuk Surabaya yaiku fungsi komunikatif, humor, kritik sosial, kreatif, eufimisme, lan estetis. Ing ngisor iki bakal dijlentrehake bab fungsifungsi basa humor kang ana sajrone wacana desain kaos oblong prodhuk Cak Cuk Surabaya. 4.3.1 Fungsi Komunikatif Fungsi iki arupa wacana kang ngandharake informasi sacara ora langsung marang masarakat lan pamaca. Sacara umum basa humor sakjrone kaos Cak Cuk kerep dicakake minangka sarana komunikasi informal. Komunikasi informal dhewe dititiki kanthi cara tuwuhe kahanan kang santai lan dudu ing acara resmi. (72) Djembatan Merah Sungguh gagah berpagar gedung indah SEMUA GARA-GARA BONEK (dhata 99, 125) Wacana ing ndhuwur ngandhut fungsi komunikasi amarga ana upaya saka creator ngandharake informasi ngenani sejarah ing Surabaya, yaiku ngenani Jembatan Merah. Jembatan merah yaiku salah sawijine monumen sejarah kang ana ing Surabaya, digawe ing
SAYA BEDA, BOLEH KAN? (dhata 02, 115) Wacana ing ndhuwur nuduhake anane pelanggaran maksim kerendahan hati, amarga cecaturan kang ditindakake surasa ngurmati awake dhewe lan nyithikake Ing bab iki panutur surasa gumedhe amarga ana kabisan kang panthes dionjokake lan dibanggakake. Kamangka panutur mesthine ora ngapik-ngapikake awake dhewe utawa ngurmati lan nggedhekake rasa kurmat marang awake dhewe. Bisa diarani yen panutur nduweni andharan kang surasane nggedekake awake dhewe ora malah mitra tuture sing digedhekake. Mula bisa kadudut yen anane pelanggaran maksim kerendahan hati kang manggon ana ing isi wacana lan tata cara panutur medharake kekarepane. Konteks wacana wacana ing ndhuwur nuduhake bedhane pisuhan antarane ing Surabaya yaiku jancuk kang tegese yaiku tembung panyeru kang kerep digunakake dening masarakat Surabaya lan sakliwere uga nduweni fungsi kanggo ngraketake kekancan utawa paseduluran karo ing manca, dene pisuhan ing manca yaiku fuck kang tegese tembung kang nuduhake samubarang kang ala luwih saka liyane uga kanggo ngelekake samubarang. (64) Balonku Ada Lima Rupa-rupa Warnanya Di Surabaya Balon Tidak Cuma Lima Tetapi Lima Ribu Lebih Ensiklopedi: Balon dalam bahasa Suroboyo berarti wanita nakal (dhata 11, 116) Wacana ing ndhuwur kalebu sajrone penyimpangan maksim kecocokan amarga anane informasi kang bertolak belakang karo satenane lan kerep dicakake supaya nuwuhake unsur humor tumrap wacana kaos. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake menawa balon yaiku gambaran saka PSK utawa wanita tuna susila kang ora mung limangewu (regane) nanging limangewu luwih (cacahe). Balon sing dimaksud dening mitra tutur yaiku balon sing bisa diiseni angin kanthi cara disebul lan kerep dinggo bocah dolanan, beda karo maksud balon sing dikarepake dening panutur yaiku gambaran saka PSK utawa wanita tuna susila. Kahanan kaya mangkono nuduhake yen sajrone pacaturan antarane panutur lan mitra tutur padha ora cocog kanthi dasar kang beda-beda. Mula bisa kadudut menawa antarane maksud kang dikarepake dening panutur ora cocog karo sing dimaksud karo mitra tutur banjur kalebu penyimpangan maksim kecocokan. 4.2.6 Penyimpangan Maksim Kesimpatian Maksim kesimpatian ngewajibake panutur supaya nggedhekake surasa simpati lan nyithikake rasa antipati marang mitra tutur. Dene mitra tutur ngalami kabagyan lan kasuksesan, panutur wajib melu bagya lan menehi ucapan selamat. Menawa mitra tutur ngalami 12
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
ndhuwure perjanjian antarane Pakubuwana II saka Mataram lan VOC ing 11 November 1743. Nalika jaman VOC, jembatan iki kalebu wigati amarga dadi sarana perhubungan nglewati kalmias tumuju ing Gedung Karesidenan Surabaya, ing wayah saiki wis ora ana kaanane. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake menawa Jembatan Merah dadi saksi urip saka tentara Indonesia, mligine pahlawan-pahlawan Surabaya kang ngupayakake nglawan kolonialisme Belanda. Tembung sungguh gagah berpagar gedung indah nduweni makna yaiku amarga umure jembatan kuwi tuwa mula jembatan merah dadi pager utawa saksi nalika gedung-gedung tuwa wiwit dibangun nganti saiki isih ngadeg lan apik. Gedung-gedung kuwi yaiku gedung Internationale Crediet en Verening Rotterdam utawa luwih dikenal Internatio isih ngadeg ing kulone Jembatan Merah. Kantor Nederlandsche Indische Escompto Maatschappij ngadeg ana ing etane jembatan lan manggon ing dalan Kembang Jepun. 4.3.2 Fungsi Hiburan BHSKCCS nduweni fungsi kanggo hiburan, amarga wacana kaos nduweni kesan lucu kan bisa nuwuhake rangsangan ngguyu marang pamaca. Basa humor dititiki kanthi anane unsure kalucon lan kanggo ngasilake kahanan seneng utawa bungah. Creator ngudhalake kabeh kekreatifitasan kanggo narik konsumen utawa pawongan supaya maca banjur tuku kaose. (74) UGD 24 Jam Unit Gairah Darurat ALL OPEN 24 HOURS IN SURABAYA (dhata 93,124) Ana ing wacana (74) nduweni fungsi hiburan. Wacana ing ndhuwur njalari pamaca ngguyu amarga anane plesetan ing cekakan saka Unit Gawat Darurat (UGD) kang tegese salah sawijine bagian ing rumah sakit kang menehi pelayanan marang pasien kang nandhang lara lan ngalami kaanan kang darurat mula mesthi didhisikake penanganane. UGD teges kang samesthine ana ing ndhuwur diplesetake dadi Unit Gairah Darurat kang manggon ana ing saperangan panggon maksiyat utawa mesum ing Surabaya yaiku Dolly, Moroseneng, Jarak, Kremil, Bangunsari, Seng-seng, Ban Sepur Wonokromo, Kenjeran, Diponegoro, Bambu Runcing, Rolak Gunung Sari, Irba, lan Dolly. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake menawa panggon-panggon kasebut bisa dadi penanganan pertama kanggo pawongan kanga arep tumindak maksiyat lan buka 24 jam amarga ora ana wayah-wayahe. 4.3.3 Fungsi Kritik Sosial Humor nduweni fungsi minangka kritik sosial. Kanthi kagiyatan humor bisa nuwuhake kaanan supaya luwih santai tumrap sawijining kondisi tartamtu. Kanthi humor kita bisa ngandharake panemu utawa sawijine kritik sacara santai lan ora langsung maksud kita bakal
kaandharake marang pawongan kang bakal kita kritiki. Ing bab iki asipat caturan kang ora langsung saengga njalari mitra tutur kang pangkate luwih dhuwur utawa luwih kuwat ora langsung kena efek kritik kang kita andharake. (76) KORUPSSI(?) Didadaku korupsi kebanggaanku “kalo terus begini, kapan bisa jadi juara asia” (apalagi jadi juara dunia) (dhata 73, 123) Ing wacana (76) mratelakake basa humor kang nduweni fungsi kritik. Kritik ing wacana ndhuwur ditujokake sacara ora langung tumrap organisasi PSSI kanthi cara humor. Kritikan iki diandharake ing ukara didadaku korupsi kebanggaanku “kalo terus begini, kapan bisa jadi juara asia”(apalagi jadi juara dunia). PSSI yaiku cekakan saka Persatuan Sepak Bola Seluruh Indonesia. PSSI yaiku organisasi induk kang nduweni tugas ngatur kagiyatan olahraga bal-balan ing Indonesia. Ngadeg ing 19 April 1930 kanthi jeneng Persatuan Sepak Raga Seluruh Indonesia. Ketua umum nalika wiwitan ngadeg yaiku Ir. Soeratin Sosrosoegondo. PSSI udakara taun 2007 kena masalah korupsi yaiku dilakokae dening ketua umume dhewe yaiku Nurdin Halid. Dheweke divonis rong taun dikunjara amarga tindhak pidana korupsi kasus pengadaan minyak goreng. Konteks wacana ing ndhuwur asipat nyindir utawa ngritik marang organisasi nasional PSSI perkara korupsi sing tau ditindakake dening Ketua Umum Nurdin Halid. Supaya ora nuwuhake pangrasa ora kepenak marang mitra tutur, creator mlesetake kanthi wujud lagu garuda di dadaku dadi didadaku korupsi kebanggaanku. Yen korupsi kerep ditindakake lan ora dibrantas kapan organisasi sepak bola Indonesia bisa dadi juara Asia, apa maneh juara dunia. 4.3.4 Fungsi Kreatif Supaya ngasilake lan nyiptakake sawijining wacana kang lucu, creator diwajibake nduweni pamikiran kang kreatif. Kang diarani kreatif yaiku nduweni dhaya cipta lan bisa nyiptakake sawijing karya anyar lan unik. (78)
(dhata85, 124) Kekreatifan dening creator kabukten ana ing gambar ndhuwur yaiku mlesetake kutha Surabaya
13
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
minangka kutha pahlawan dadi pakumpulane pahlawan ing Hollywod kaya ta Superman, Batman, Wonder Woman, lsp kang ana ng ngarepe tugu Pahlawan. Sacara umum kutha Surabaya yaiku Ibu Kota Provinsi Jawa Timur kang kalebu kutha gedhe angka loro sawise kutha Jakarta. Surabaya uga diarani kutha Pahlawan merga sejarahe kang misuwur tumrap perjuwangane arek-arek Surabaya kanggo mertahanake kamardikan bangsa Indonesia saka penjajah. Dening creator. Konteks wacana ing ndhuwur ora pati cundhuk amarga luwih nengenake makna gambar utawa ilustrasi gambar yaiku mlesetake kutha pahlawan karo pahlawan kang ana ing Hollywood. 4.3.5 Fungsi Eufimisme Humor kerep dicakake kanggo ngandharake samubarang sacara ora langsung supaya nuwuhake kaanan luwih santai. Fungsi eufimisme iki nduweni fungsi kanggo ngowahi cecaturan kang kasar dadi alus lan sopan supaya ora njalari mitra tutur ngrasakake ora kepenak. Saliyane kuwi eufimisme nduweni tujuwan ngandharake sawijining ekspresii tumrap dhiri tanpa nglarani lan nyinggung pangrasane mitra tutur. (80) Bodo Banyak bermain lupa belajar Banyak belajar….banyak lupa Sedikit belajar…sedikit lupa Tidak belajar….ya tidak lupa (dhata 103, 125) Wacana (80) ing ndhuwur nggunakake subjek majalah anak-anak yaiku majalan Bobo. Majalah Bobo yaiku wacana popular bocah Indonesia kang terbit wiwit 14 April 1973. Majalah iki wujud versi Indonesia kamangka versi sadurunge versi Belanda. Edisi Basa Indonesia terbit kaping pisan ing saminggu, diterbitake dening Kelompok Kompas Gramedia. Ing Belanda, majalah Bobo diterbitake sesasi pisan dening penerbit Malmberg. Konteks wacana ing ndhuwur nuduhake menawa bocah sing akeh dolan nanging lali sinau bakale dadi bocah sing kurang pinter utawa bodo. Panutur nggunakake basa humor supaya mitra tutur ora kena langsung apa sing dikarepake dening panutur utawa creator kanthi mlesetake ‘bobo’ dadi ‘bodo’ lan disengkuyung karo wacana banyak bermain lupa belajar Banyak belajar….banyak lupa Sedikit belajar…sedikit lupa Tidak belajar….ya tidak lupa . Pitutur kang dikarepake dening panutur yaiku supaya bocah-bocah luwih akeh sinau tinimbang dolan supaya dadi bocah sing pinter banjur dadi generasi enom sing berkarakter. 4.3.6 Fungsi Estetis Kanggo nuwuhake sawijining wacana humor, lucu, unik, lan konyol perlu nggunakake unsur estetis tumrap sawijing basa humor. Kang dimaksud estetis
yaiku ngenani kaendahan nalika nyiptakake sawijining karya. (82) INDbONEkSIA Indonesia BONEKKA TUNGGAL IKA (dhata 90, 124) Tumrap basa humor uga diperlokake fungsi estetis supaya karya nduweni kaendahan dhewe marang panulisan lan pangocapane. Ing wacana (82) ndhuwur nduweni rong subjek kang sengaja diplesetake supaya tuwuh fungsi kreatif banjur ngasilake efek humor yaiku Indonesia lan Bhinekka. Nilai estetis sajrone wacana (82) dibuktekake ana proses penambahan bunyi tumrap huruf /b/ lan /k/ing tembung Inboneksia lan proses permutasi bunyi marang tembung bhinneka dadi bonekka. Fungsi kreatif diduduhake dening creator supaya bisa ngasilake makna anyar saka tembung Indonesia lan Bhinneka. Konteks wacana ing ndhuwur yaiku nuduhake menawa organisasi bonek kuwi organisasi kang gedhe lan nduweni sesambungan kang raket antara supporter bonek liyane kang ana ing saubenge Indonesia. Mula diarani Indboneksia lan bonekka tunggal ika. PANUTUP Dudhutan Adhedasar asile panliten bab basa humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya sing wis dirembag ana ing bab IV, bisa dijupuk dudhutan kang diandharake ana ing ngisor iki. Aspek basa kang dicakake minangka unsur pambangun humor sajrone basa humor kaos Cak Cuk Surabaya kaperang dadi papat yaiku : aspek fonologis, morfologis, lan semantis. Aspek fonologis dionceki maneh lan ngasilake pitu perangan, yaiku (1) subtitusi bunyi, (2) permutasi bunyi, (3) penambahan bunyi, (4) penyisipan bunyi, (5) kemiripan bunyi, lan (6) parikan. Aspek morfologis ngasilake lima, yaiku (1) ortografis, (2) akronim (kerata basa), (3) singkatan, (4) dwilingga, lan (5) jeneng. Ing aspek pungkasan yaiku semantis ngasilake telu, yaiku (1) paribasan, (2) metonimi, lan (3) homonimi. Panliten saka basa humor kaos Cak Cuk Surabaya kang cacahe ana 49 desain kaos iki total ana telu aspek basa kang dicakake kanggo ngasilake basa humor. Penyimpangan prinsip kesopanan kang dicakake minangka sarana penciptaan humor sajrone basa kaos Cak Cuk Surabaya ngasilake enem perangan, yaiku (1) penyimpangan maksim kebijaksanaan, (2) maksim kemurahan, (3) maksim penerimaan, (4) maksim kerendahan hati, (5) maksim kecocokan, lan (6) maksim kesimpatian. Sajrone bab iki iki sing kerep dicakake nalika ngasilake basa humor yaiku penyimpangan
14
Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)
Chaer, Abdul. 2007. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta. Cummings, Louise. 1999. Pragmatics, A Mutidiciplinary Perspective. New York: Oxford University Press. Terjemahan. Ibrahim, Abdul Syukur (editor). 2007. Pragmatik: Sebuah Prespektif Multidispliner. Yogyakarta: Pustaka Pelajar Cummings, Louise. 2007. Pragmatik: Sebuah Perspektif Multidisipliner. Yogyakarta: Pustaka Belajar. Djajasudarma, Fatimah. 1993. Metode Linguistik. Bandung: PT ERESCO Grice, H.Paul. 1975. Logic and Conversation dalam Davis S; Pragmatics: A Reader. New York: Oxford University Press Keraf, Gorrys. 1997. Komposisi, Sebuah Pengantar Kemahiran Bahasa. Jakarta: Nusa Indah Kridalaksana, Harimurti. 1982. Fungsi Bahasa dan Sikap Bahasa: Struktur Sosial dan Variasi Bahasa. Flores: Nusa Indah. _______. 1984. Kamus Linguistik. Jakarta: Gramedia Leech, Geoffrey. 1993. Prinsip-prinsip Pragmatik. (Terj) M. D. D. Oka. Jakarta: Universitas Indonesia. Mahsun. 2005. Metode Penelitian Bahasa. Jakarta: PT. Rajagrafindo Persada Mey, Jacob L. 1994. Pragmatics: An Introduction. Oxford UK & Cambridge USA: Blackwell Moleong, Lexy J. 2001. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Remaja Rosdakarya. Sudaryanto. 1988. Metode Linguistik (Bagian Pertama: Ke Arah Memahami Metode Linguistik). Cetakan ke 2. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Sudaryanto. 1993. Metode dan Teknik Analisis Bahasa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press. Sujoko. 1982. Perilaku Manusia dalam Humor. Jakarta: Karya Pustaka. Verhaar, J.W.M. 1984. Pengantar Linguistik. Yogyakarta: Gajah Mada University Press. Wijana, I Dewa Putu. 1996. Dasar-dasar Pragmatik. Yogyakarta: Andi Offset. 105 _______. 2003a. Permainan Bahasa dalam Rangka Meningkatkan Mutu Pengajaran Ilmu Bahasa Indonesia: Yogyakarta. _______. 2003b. Wacana Dagadu, Permainan Bahasa, dan Ilmu Bahasa. Pidato Pengukuhan Jabatan Guru Besar Pada Fakultas Ilmu Budaya: Universitas Gajah Mada. _______. 2004. Kartun: Studi Tentang Permainan Bahasa. Yogyakarta: Ombak.
prinsip kebijaksanaan lan penyimpangan maksim kecocokan. Fungsi basa humor kang dicakake supaya nduweni dhapuk dhewe-dhewe sajrone kaos Cak Cuk Surabaya ngasilake enem perangan, yaiku (1) fungsi komunikatif, (2) fungsi hiburan, (3) fungsi kritik sosial, (4) fungsi kreatif, (5) fungsi eufumisme, (6) fungsi estetis. Sajrone basa humor kaos Cak Cuk Surabaya kang nduweni saperangan fungsi kang kerep dicakake yaiku fungsi kreatif kang luwih ngonjokake bab kekreatifan supaya tuwuh basa humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya. Pamrayoga Saka panliten kang wis ditindakake bab basa humor iki, mula panliten ngewenehi pamrayoga ngenani saperangan bab ing ngisor iki. Basa humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya minangka salah sawinine piranthi kanggo ngandharake panemu utawa sawijine ktitikan. Jalaran saka kuwi kanthi wacana humor bisa ngadohake saka konflik sajrone kagiyatan komunikasi. Mula basa humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya bisa dicakake minangka sarana humor uga sarana ngandharake kritik marang wong liya. Luwih akeh tintingan basa kang nliti ngenani wacana humor sajrone kaos supaya bisa ndudut saperangan andharan bab basa humor. Basa humor minangka salah waijine fenomena kabasan kang akeh dimaremi dening masarakat, salah sawijine basa kang ngandhut humor yaiku basa sajrone kaos oblong prodhuk Cak Cuk Surabaya. Senajan wis aba tulisan kang nggunakake basa humor sajrone kaos oblong lan sticker, nanging isih durung sanggup kanggo medharake fenomena kanthi luwih rinci maneh. Mula, panliti menehi pamrayoga supaya dianakake materi kuliyah ngenani analisis basa humor kanthi tintingan liyane sambung. KAPUSTAKAN Alwasilah, A. Chaedar. 2005. Pokoknya Menulis. Cetakan Pertama. Bandung: PT. Kiblat Buku Utama Alwi Hasan, dkk. 2002. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta : Departemen Pendidikan Nasional Balai Pustaka. Alwi, Hasan. 2007. KBBI, edisi ketiga. Jakarta: Balai Pustaka. Arikunto S, 2006. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik, Ed Revisi VI, Penerbit PT Rineka Cipta, Jakarta. Basir, Udjang Pr. M. 2010. Sosiolinguistik pengantar Tintingan tindak Berbahasa (konsep, teori, model pendekatan, dan fakta berbahasa), Surabaya: Press UNESA. Chaer, Abdul. 2002. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.
15