UKBM BHS JAWA-3.1/4.1/1/1-1
BAHASA JAWA
PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG
BJW-3.1/4.1/1/1-1
1. Identitas a. Nama Mata Pelajaran b. Semester c. Kompetensi Dasar
: Mulok Bahasa Jawa :1 :
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis. 4.1 Menginterpretasikan, menanggapi, dan mengekspresikan teks nonsastra sesuai kaidah secara lisan dan tulis.
d. Materi Pokok
: Teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) e. Alokasi Waktu : 2 JP x 4 Pertemuan f. Tujuan Pembelajaran : Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik dapat mengidentifikasi, memahami, menganalisis, menginterpretasikan, menanggapi, dan mengekspresikan teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) sesuai kaidah secara lisan dan tulis, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi(4C).
g. Materi Pembelajaran UKB BJW-3.1/4.1/1/1-1 Bahasa Daerah-Jawa
2. Peta Konsep Mengidentifikasi Struktur Teks Nonsastra
Menganalisis Teks Nonsastra
Memahami Jenis Teks Nonsastra Menganalisis Karakteristik Teks Nonsastra
Teks Nonsastra
Meringkas Teks Nonsastra
Mengekspresikan Teks Nonsastra
Menulis ulang Teks Nonsastra Membaca Ekspresif Teks Nonsastra
3. Kegiatan Pembelajaran a. Pambuka Coba gatekna gambar ing ngisor iki!
Sawise nggatekake gambar ing sisih tengen, apa awakmu tau maca buku, majalah, koran kang nganggo basa Jawa? Apa jeneng buku, majalah, koran iku? Ing era iki, generasi mudha saya suwi saya lali karo basa daerah. Basa daerah dianggep basa sing ora gaul amarga dianggep kuna. Sakliyane iku, media-media tulis lan lisan uga jarang kang gawe basa jawa. Amarga iku, kita generasi muda kudu nglestarekake basa jawa supaya ora luntur. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis! 1. Coba jlentrehna penyebabe generasi muda ora iso patitis ngomong gawe basa jawa? 2. Kena apa kita kudu nglestarikake basa jawa? 3. Kepriye carane nglestarikake basa jawa? 4. Coba jlentrehna kahanane basa kang digawe ing lingkungan daerahmu?
5. Ing papan panggonanmu, apa ana wong kang gawe basa jawa? basa jawa apa kang digawe, ngoko napa krama?
b. Kagiyatan Inti 1. Pituduh Pasinaon iki: 1) Sadurunge miwiti nyinaoni UKB, awakmu amrih kudu ngaturake dunga supaya diwenehi mupangat kang maksimal. 2) UKB iki disinaoni kanggo mangerteni jinise teks nonsastra kang kalebu teks artikel utawa berita. Pasinaon iki supaya bias mengerteni, jinise teks artikel, cara nganalisis struktur artikel, ngringkes artikel, lan carane nulis artikel. 3) Sajrone nyonaoni saben kagiatan pasinaon, awakmu kudu nggarap gladhen/ Gladhen sing wis disediakake kanggo mangerteni sepira siswa wis nguasai isi sing kinandhut ing njerone kagiatan kasebut. 4) Nalika awakmu maca UKB iki, awakmu bakal dinilai ngenani pamahaman sajrone ngidenifikasi, ngerteni, nganalisis struktur, ngringkes artikel lan nulis artikel., sing kaperang dadi jinise artikel, struktur artikel, cara ngringkes artikel, lan cara nulis artikel. 2. Kagiyatan-kagiyatan Sinau Teks Nonsastra
Kagiyatan 1
Definisi Artikel yaiku tulisan kang isine penggalih penulis kang ngandharake sawijining prakara tartamtu. Prakara-prakara iku aktual lan kadangkala kontroversial. Artikel nduweni tujuwan kanggo menehi warta (informasi), pangajak (persuasif), panyaruwe (argumentatif), lan panglipur kanggo pamaca. Artikel disabarake lumantar ariwati (koran), kalawarti (majalah), bulletin, lan sapiturute.
Nyemak Teks Artikel Bab Lingkungan Hidup Semaken kanthi premati, teks artikel kang diwaca dening kancamu! Rusake Lingkungan Hidup Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange sumberdaya bumi, banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake lingkungan bisa mujudake salah sijine bebaya tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening ―High Level Threat Panel PBB. Rusake lingkungan amarga saka maneka warna sebab, sing paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa.
Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening faktor alam lan uga manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan. Kamangka menawa kita bisa njaga lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi sabanjure. Kosok baline, yen kita bisa njaga, agawe kestarine alam, kaendahan lan mumpangate bisa kanggo anak putu. Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa. Lingkungan kalebu lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari ekosistem darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam sing rusak nyebabake panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah panggonan golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global ndadekake negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe. Sumber : http://www.konsultankolesterol.com/kerusakan-lingkungan-hidup.html
Gladhen 1. Bausastra/ Kamus cilik 1. curese = ......................................................................... 2. karaharjane = ......................................................................... 3. dhahuru = ......................................................................... 4. gunung njeblug = ......................................................................... 5. illegal logging = ......................................................................... 6. kapitunan = .........................................................................
Upama wis ngerjakake Gladhen 1 , awakmu bisa nerusake Kagiyatan 2.
Kagiyatan 2
Kagiyatan 2 iki, awakmu bakal dikenalake struktur-struktur kang ana ing sajroning artikel. Artikel kaperang dadi struktur-struktur supaya kepenak yen arep mangerteni. 1. Struktur Artikel Struktur Artikel
Irah-irahan
Isi
Pambuka
Panutup
Katrangan : Irah-irahan yaiku inti tulisan kang bakal diandharake ing isi artikel. Pambuka yaiku gagasan pokok kang utama kanggo nyiapake isi artikel. isi yaiku inti artikel kang isine andharan gagasan-gagasan penunjang kang nduweni asipat wektu (kronologis), papan panggonan (spasial), sebab akibat (kausalitas). Panutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andaharan sing ana ing isi teks artikel. 2. Jinise Artikel Jinise artikel miturut isine yaiku ana 5.
Jinise Artikel
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Argumentasi
Persuasi
Katrangan : Artikel narasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara tartamtu kang kaudi prastawa lan paraga kang ngadhepi sawijining konflik. Artikel deskripsi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara tartamtu kang gambarake ngenani sawijining kahanan saengga pamaos kaya sumerep, mireng, utawa ngrasakake kahanan kasebut. Artikel eksposisi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara tartamtu kanggo tambahan informasi tumrap pamaos. Artikel argumentasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara tartamtu kang nduwe ancas mbutekake salah benere sawijining fakta utawa bukti. Artikel persuasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara tartamtu kang nduwe ancas pangajak pamaos supaya numindakake.
Gladhen 2. Nganalisis Struktur Teks Artikel Sakwise nyinaoni struktur artikel, coba awakmu nganalisis teks artikel kang judule Rusake Lingkungan Hidup ing kagiyatan 1 banjur tulisen bukti(gagasan pokok) saben stuktur kanthi ringkes. No Strukt Bukti . ur 1 Pambuk ...................................................................................................................... a ................ ...................................................................................................................... ................ ...................................................................................................................... ................ 2 Isi Andharan 1 ............................................................................................................. ...................................................................................................................... ................. Andharan 2 ............................................................................................................. ...................................................................................................................... ................. Andharan 3 ............................................................................................................. ...................................................................................................................... ................. Andharan 4 ............................................................................................................. ...................................................................................................................... ................. Lsp 3 Panutup ...................................................................................................................... ................ ...................................................................................................................... ................ ...................................................................................................................... ................ (*) Yen ora cukup anggenmu nulis, bias katulis ing sak mburine lemaran. Miturut panemumu, teks artikel kang judule Rusake Lingkungan Hidup kalebu ing jinis artikel ........................................... Andharna buktine ................................................................................................................................................ .... ................................................................................................................................................ ........................................... Sawise ngerjakake gladhen 1-2, awakmu ana TUGAS!! 1. Golek artikel ing majalah Panjebar Semangat utawa Jayabaya! 2. Yen wis oleh, pilih salah siji artikel kang ana ing majalah! 3. Golekana strukture banjur andharna buktine padha karo tabel gladhen 2 sadurunge! 4. Kumpulna supaya dibiji karo Gurumu!
Upama wis ngerjakake Gladhen 2 , awakmu bisa nerusake Kagiyatan 3. Kagiyatan 3
1. Maos Wacan Artikel Semaken kanthi premati teks artikel ing ngisor iki! Paedahe Sampah ing Lingkungan Ing panguripan, manungsa ora bisa owal saka sampah. Saben dino manungsa trus ngasilake sampah sing saya suwe saya akeh gunggunge. Sampah ing kuta wis dadi masalah kang cukup rumit sahingga angel diatasi. Sampah yaiku sisa-sisa barang sing wis ora dianggo sabanjure dibuwang. Sampah ing negara kita gunggunge akeh banget lan nyebabake masalah ing pambuangane. Biyen tau ana kuta sing ngadepi masalah ngenani sampah nganti ing saben pojok kuta ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk kang anggawe kita gumun kanthi sampah sing ana. Sahingga kuta kasebut sempat dijuluki kutha sampah. Bab iku dumadi amarga winatese papan kanggo mbuwang sampah lan ora ana alternatif liya kanggo manfaatake sampah seng ana. Sampah sing numpuk nyebabake ganda kang ora sedhep lan nuwuhake lara sing nular kang mbebayani tumrap manungsa. ing panggonan liya pawongan mbuwang sampah sakarepe dhewe ing got utawa kali sing tundane dadekake salah sijine dumadi banjir. Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah an organik. Sampah organik yaiku sampah seng bisa diolah dene sampah anorganik yaiku sampah sing bisa kadhaur ulang. Sampah organik bisa kaolah dadi pupuk lan sumber energi. Sampah paling akeh diasilake saka paomahan lan sampah organik (sampah teles) tuladha sampah saka pawon, sisa sayuran, kulet woh-wohan lan godhong. Dene sampah anorganik tuladha botol kaca, botol plastik, omplong lan dluwang. Jumlah warga kang mludhak lan gaya hidup wargane duweni pengaruh gedhe tumrap sampah seng diasilake. Yen bab iki ora cepet ditanggulangi bisa saya tambah masalah sing disebabake amarga sampah. Sampah mbutuhake penanganan saka sakabehe pihak ora mung pamarintah wae ananging kita kudu aktif nangani masalah kasebut. Paling ora kita bisa manfaatake sampah asil rumah tangga kita dhewe. Cara sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih luwih dhisik sampah organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik bisa dimanfaatake kanthi cara ngumpulake sampah anorganik sabanjure diolah kanthi cara gawe kompos. Upaya pangolahan iki bakal ngasilake pupuk minangka panyubur lemah kanthi minggunakake aktivitas mikroorganisme, kayata bakteri, Jamur, nyamuk/serangga lan cacing. Yen kita nduweni lahan/tegalan sing amba sampah organik bisa kapendem ing pekarangan utawa lahan kosong. Ananging yen lahan kita winates, lebokna sampah sisa rumah tangga arupa sisa sayuran utawa godhong-godhong ing sajrone kotak. Kotak iki bisa kita gawe kanthi ukuran 60 x 60 x 20 cm3. Banjur isi kotak karo godhong, sisa sayuran terus isi cacing abang/lemah sacukupe katambah lemah rong gegem. Tindakna iki saben dina, suwe-suwe sampah kasebut owah dadi kompos sing bisa digunakake kanggo nyuburake tanduran kita.
Sampah organik liya sing bisa dimanfaatake yaiku sampah organik kacampur banyu sabanjure dileboke ing panggonan kang kedap udara lan dijarake sasuwene kurang luwih rong minggu sahingga dadi biogas. Biogas iki bisa dimanfaatake kanggo masak sing tingkat polusi luwih sithik. Sampah anorganik arupa omplong bekas bisa dimanfaatake maneh tuladhone kanggo pot kembang utawa diwenehake marang pemulung kanggo diolah maneh ing Pabrik/industri daur ulang semono uga botol bekas omben. Kanggo sampah dluwang/koran bisa diproses dadi kertas daur ulang. Ancurna kertas karo banyu kanthi alat blender sabanjure disaring terus dideleh ana cetakan kanggo digaringake. Produk kertas iki bisa digunakake kanggo maneka warna kerajinan tangan (handycraft) Manawa kita aktif ngerteni lan nikelake manfaate sampah, ora sethithik kang bisa kita rasakake pigunane tilas sampah mau, lan wusanane nduweni dampak positif ing lingkunggan kita Sing uga wigati, kita wis ngirit, ngirit dhuwit yan ngirit energi Sumber : http://green.kompasiana.com/penghijauan/2013/12/13/artikel-lingkungan-hidup618054.htmlb 2. Tembung Panggandheng (Kata Sambung) Tembung panggandeng, yaiku tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo nggandheng ukara. Kalebu tembung panggandheng, kayata: 1. Saha, lan, miwah nyatakake tambah utawa gabungan. 2. Utawa nyatakake pilihan. 3. Ananging nyatakake kosok balen. 4. Nalika nyatakake wayah utawa wektu. 5. Saupama, upama nyatakake angen-angen. 6. Supaya nyatakake tujuwan, ancasan. 7. Sanadyan nyatakake konsesif. 8. Amarga nyatakake sebab. 9. Saengga, mula nyatakake akbibat. 10. kamangka, mangka, yaiku nyatakake panyetha. 3. Ngringkes Artikel Bab-bab kang kudu digatekake supaya bisa ngringkes saka sawijine wacan, yaiku: 1. Wacan diwaca kanthi premati supaya oleh gambaran isine wacan. 2. Nyatet babagan kang wigati ing wacan. 3. Bisa nggathukake babagan kang wigati saka wiwitan nganti pungkasan. 4. Babagan kang wigati ditulis maneh kanggo basane dhewe. Gladhen 3. Gladhen ngringkes artikel ! Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki! 1. Siswa mau wis waca wacan artikel kang judule Paedahe Sampah ing Lingkungan, banjur wacanen maneh kanthi patitis! 2. Catheten babagan kang wigati ing wacan! 3. Ringkesen migunakake basamu dhewe! 4. Awakmu ngringkes ngginakaken basa Jawa Krama ! 5. Gunakna tembung panggandheng kanggo ngraket babagan wigati kang wis dicathet!
Upama uwis ngerjakake Gladhen 3, awakmu bisa nerusake Kagiyatan 4.
Kegiyatan 4
Ing kagiyatan sabanjure, ana materi tatacara nulis artikel dhewe. Supaya awakmu bisa nulis artikel kanthi bener. Ayo padha nggatekake !! Ing ngisor iki kalebu cara kanggo nulis artikel, yaiku : 1. Nemtokake topik kang bakal ditulis. 2. Nulis babagan-babagan kang wigati. 3. Golek data kang ana hubungane karo topik kang bakal ditulis. 4. Nulis alenia kapisan, alenia kapisan isine babagan kang isih umum. 5. Babagan-babagan kang wigati iku dijlentrehne maneh kanthi ukara kang cetha. 6. Ing paragraf pungkasan uga nyimpulake utawa nyatakake dudutan kang ana ing artikel sing wis koktulis. Gladhen 4. Nulis Artikel Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki! 1. Gawea artikel kang wis ditentokna temane karo gurumu. 2. Sawise gawe artikel, banjur publikasikna marang media online kang kok nduweni. 3. Artikel diwenehi gambar (asli saka olehmu). Tuladhane instagram. 4. Sabanjure matur karo gurumu supaya garapanmu dibiji lan bisa nerusake tes formatif UKB BJW-3.1/4.1/1/1-1!